Puspåwarnå - ᭙

55 Kearifan Lokal

Ana sub topik sing dipilih ing Kongres Basa Jawa (KBJ) IV taun 2006, yakuwi ‘kearifan lokal’. Ana ing ranah kabudayan, kearifan lokal dadi perangan wigati amarga  caket lan raket karo babagan nilai (values) sing adi (luhur, luhung). Sinebut kearifan lokal amarga duweni sipat unik, apik, onja lan unggul. Tembunge manca sinebut local genius. Jenenge wae kearifan lokal mula akeh tinemu ana ing tataran ‘lokal’. Munggahe, bisa tinemu ana ing tataran utawa kawasan regional. Kearifan lokal bisa tinemu ana ing tataran kabupaten utawa provinsi. Tebane jembar, tinemu akeh,  lan bisa dadi gujengan  kanggo ngudhari prekara (persoalan) sing ana. Kearifan lokal bisa dadi ‘sikap kandel’ ngadhepi kaanan sing lagi kasandhang. Kajaba saka iku kearifan lokal bisa dadi sangu kanggo ngadhepi kesusahan. Malah bisa kanggo mulihake kaanan (kajiwan) tumrap sing lagi susah, umpamane bancana alam sing matumpa-tumpa.

Kearifan lokal bisa dadi sarana ngudhari prekara sing sepele. Nanging uga ana kearifan lokal sing bisa dadi pancatan kanggo ngudhari prekara gedhe, umpamane prekara utawa persoalan nagara. Ana ing KBJ IV topik ngenani kearifan lokal dideleng lan dipandeng karo substansi (sesanti) ‘bhineka-tunggalika’. Pitakonan sing prelu diusung yakuwi: apa ana kearifan lokal sing bisa njurung semangat bhinekatunggalika?.  Akeh banget babagan sing nuduhake prelune kearifan lokal didhudhah lan didayakake kanggo ngudhari prekara bangsa lan nagara wektu iki. Menawa wektu iki akeh dredah ing babagan politik, apa ana kearifan lokal sing bisa dicakake kanggo ngudhari lan ndadani kaanan politik, ekonomi, sosial lan kemasyarakatan. Apa ana kearifan lokal sing bisa dadi gujengan kanggo ngadhepi akehing bancana ing taun-taun kepungkur iki?. Karana iku, putusan KBJ IV Taun 2006 mrayogakake prelune kearifan lokal diinventarisasi lan diidentifikasi.

Sumber kearifan lokal

Kearian lokal duweni sumber, yakuwi tradhisi sing diuri-uri. Kejaba saka iku kearifan lokal uga tinemu ana ing adat istiadat. Ana ing bebrayan Jawa, antarane tradhisi lan adat istiadat dianggep padha. Adat ngemot babagan aturan, paugeran utawa pranatan sing ora tinulis. Mula banjur ana sing diarani hukum adat. Ana ing bebrayan, tradhisi ditegesi padha karo adat istiadat sing lumaku run temurun. Ana tradhisi lisan ana tradhisi sing tinulis. Ki Juru Martani II ana ing bukune ‘Tradhisi Sosial’ njlentrehake bab tradhisi komplit banget. Tembung tradhisi dumadi saka tembung ing basa Latin yakuwi tradere. utawa saka tembung basa Inggris tradition, transmit, handing down, sing tegese ‘sing diparingake’. Bab wigati sing diparingake saka ndhuwur mengisor. Sapa sing maringake? Sing maringake yakuwi  Gusti Allah Sing Maha Luhur.  Apa sing diparingake? Manut andarane Ki Jurumartani, babagan sing diparingake rupa wisdom. Dudu human wisdom saka obahing pakarti manungsa, nanging  wisdom divine in origin , Prinsip Yang Tertinggi (Supreme Principle) sing sipat kudus (Hagia Sophia). Prinsip-prinsip sing diparingake yakuwi doktrin  sing isine ajaran, wulangan, pangawikan, utawa tuntunan.

Babagan sing diparingake bisa dipilah dadi loro yakuwi doktrin religi lan doktrin metapisika. Tebane akeh banget amarga nyakup tradhisi sing dituntun dening agama-agama sing ana ing donya. Akeh banget tradhisi sing ngemot wulangan, ajaran, wewaler, utawa tuntunan sing dibiwarakake, lan diprenahake dening para Nabi lan para Wali. Kajaba saka iku ana tradisi sing dituntun dening ajaran metapisika. Karana iku tradhisi nyakup samubarang  sing wigati, duweni njilai sing sakral, adi lan luhung amarga paringane Gusti Allah Sing Maha Luhur. Karana iku tebane jembar lan nyakup bab-bab sing sambung karo panguripan. Panguripan ana ing alam donya sing bisa nuntun kaanan ana ing akherat. Wewaton sejarah kabudayan ing pulo Jawa tinemu tradhisi sing akeh. Ana sing rupa tradhisi lisan sing lumaku run temurun. Tradhisi lisan sing lumaku banjur ngrembaka amarga ana tutur sing tinular. Ya amarga obahing kaanan ana tradhisi lisan sing owah utawa ilang. Nanging uga ana tradhisi lisan sing diuri-uri lan dilestarekake. Kejaba tradhisi lisan uga ana tradhisi tulis. Akeh tradhisi sing tinemu ana ing manuskrip-manuskrip, naskah-naskah kuno, sastra-sastra (Jawa) kuno. Isine akeh sing ngemot wulangan sing sakral, adi (luhur, luhung) sing dibiwarakake utawa ditulis dening para mpu lan pujangga. Tradhisi sing dituntun dening ajaran agama utawa ajaran metapisika dadi tuk utawa sumber kearifan lokal sing migunani panguripan. Bisa dadi landhesan utawa gujengan kanggo ngadhepi kaanan.

Komisi Kearifan Lokal

Ana sepuluh makalah sing diandharake ana ing komisi Kearifan Lokal rikala KBJ IV Taun 2006.  Bapa Soetomo WE njlentrehake bab Kearifan Bangsa sing ana ing tuturan Basa Jawa. Akeh banget tuturan basa Jawa sing wujude sanepa, wangsalan, wulangan, wewaler, janji utawa prasetya, lan liya-liyane sing duwe surasa utawa nilai sing adi luhur (luhung). Menawa dijinggleng ana wos sing sipat spiritual lan babagan ana ing alam donya. Ana sing bisa dicakake ana ing ranah pendidikan, pemerintahan lan kemasyarakatan. Ana ing ranah pendhidhikan tinemu wulangan saka Suwardi Suryaningrat yakuwi ‘ing ngarsasung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani’. Sesanti saka Ki Hajar Dewantara iki dadi kawentar ora mung ana ing pasinaon nanging cocok menawa dicakake ana ing pemerintahan. Para pemimpin pemerintahan diprayogakake bisa ngecakake kanthi becik. Menawa lagi ana ngarep sing bisa  menehi tuladha sing becik. Menawa ana ing tengahing bebrayan sing bisa nyurung lan nggugah semangat. Menawa kepeneran lagi ana mburi sing bisa mrebawani utawa ndayani sing dipimpin.

Ana aneh tuturan kanggo para pemimpin sing prelu duwe watak teguh ing janji, sing sinebut ‘berbudi bawa laksana’. Pemimpin prelu netepi sing dadi ujare. Aja duwe ujar sing banjur ditembungi mencla mencle, esuk dhele sore tempe, sore dhele esuk tempe. Wos utawa nilai ana ing tuturan ‘berbudi bawa laksana’ menawa ora dicakake bisa ngrubuhake kawibawan.  Ana maneh tuturan utawa wulangan saka Raden Mas Panji Sosrokartono yakuwi: ‘nglurug tanpa bala, sekti tanpa aji, menang tanpa ngasorake, lan sugih tanpa bandha’.

Manawa ditaliti bisa dadi landhesan ana ing politik utawa ayahan diplomasi. Ana ing ranah politik, sesanti menang tanpa ngasorake bisa ditembungi nganggo bsa manca, yakuwi ‘win-win solution’ . Bapa Soetomo WE uga methik wulangan saka Serat Wedhatama  anggitane Sri Mangkunagara IV  yakuwi ‘ilmu iku kalakone kanthi laku/ lekase lawan kas/tegese kas nyantosani/satya budya pangekese dur angkara//.  Ana wulangan yakuwi ilmu sing bisa dadi pawitan utawa piranti kanggo mujudake gegayuhan. Kanggo mujudake gegayuhan prelu laku sing taberi lan atul. Syair anggitane Sri Mangkunagara IV duwe perspektif ora mung lahiriyah nanging uga batiniyah. Lair lan batin dadi babagan sing ora bisa dipisahake. Laku batiniyah sing diwulangake yakuwi supaya bisa mbudidaya ngekes dur angkara. Watak dur angkara kudu disingkiri. Tembunge liya sing bisa ngendhaleni hawa nepsu. Sing bisa meper hawa nepsu. Aja malah ngumbar nepsu.

Ana ing komisi Kearifan Lokal uga diandharake tulisane Bapa Puji Santosa sing sesirah ‘Estetika Kasunyatan’ ana ing Serat Warisan langgeng karyane R.Sunarto Mertowardoyo. Isine ngenani pendhidhikan kajiwan sing ngusung semangat bhinekatunggalika. Sawijining referensi kearifan lokal sing khas Jawa kanggo nggayuh kaanan kasunyatan munggahe tekan ‘kasunyatan jati’. Sabanjure Ki Purwadi ngandharake makalah sing irah-irahane ‘Kearifan Lokal Basa dan Sastra Jawa dalam rangka Kehidupan Berbangsa yang Berbhinekatunggalika’.  Ana ing kene Ki Purwadi miwiti saka sejarah kasusastran Jawa wiwit saka jaman Mataram kuno nganti tekan politik kabangsan Majapahit.

Akeh banget bab  utawa prinsip-prinsip sing didhudhah saka serat-serat sing ana jaman iku. Sesanti Bhinekatunggalika karyane Mpu Tantular dadi artakaya kabudayan sing duweni nilai sing adi luhur (luhung) lan ngedab-edabi. Akeh banget prinsip lan nilai-nilai ana ing kabudayan Jawa sing bisa dadi gujengan utawa pawitan ngadhepi alam global. Ayahan dokumentasi lan inventarisasi ngenani kearifan lokal saka tuk Jawa  bisa nyumbang utawa menehi kontribusi tumrap peradaban donya. Isih nyambung karo bab local genius, Bapa Ayu Sutarto ngandharake ana makalah sing asesirah ‘Kearifan Lokal, Kebhinekaan, dan Rekonsiliasi Nasional’. Mandeng omah gedhe sing diarani Indonesia ora pas manawa nganggo wawasan tunggal amarga kaanane maneka warna. Dumadine Indonesia amarga kaanan sing ora homogin nanging  heterogin. Tekan wektu iki Indonesia isih ngadhepi prekara (persoalan) bangsa sing ora cilik malah kapara rumit. Akehing prekara, konflik, lan pepenginan arep misah saka tlatah Indonesia amarga kurang konsisten ngecakake nilai-nilai sing ana ing sesanti bhinekatunggalika. arana iku  anane  bhinekatunggalika prelu disyukuri  minangka berkah paringane Gusti Allah. Roh bhinekatunggalika sing wis ana wiwit jaman majapahit tekan wektu saiki iki prelu diyakini bisa dadi daya kabudayan sing ngrukunake lan ngraketake suku-suku bangsa ing Indonesia. Bhineka tunggalika manut Bapa Ayu Sutarto minangka sawijining kearifan lokal sing migunani, murakabi, lan gedhe paedahe tumrap bangsa Indonesia. Akeh banget kearifan lokal sing bisa didhudhah ana ing kabudayan Jawa  sing bisa didayakake kanggo kepentingan bangsa.

Masyarakat  Jawa prelu dadi pelopor sing bisa nyumbang lan ngecakake nilai-nilai utawa kearifan lokal kanggo kepentingan persatuan lan kesatuan bangsa.

Bhineka Tunggal Ika

Bhinekatunggalika bisa dipandeng saka  pirang-pirang bab. Wiwit saka kanyatan rikala Mpu Tantular mandeng lan nanggapi kaanan wektu iku nganti tekan kaanan wektu iki. Rikala jaman Mpu Tantular wong-wong sing ngrungkebi ‘agama’ Siwa lan Buda pada urip bebarengan, guyub rukun, samad sinamadan, malah ana sing padha bebesanan. Ana ing sesrawungan tinemu kaanan sing bisa dikandhakake nyawiji pada mangun brayan sing laras. Anggone padha ngibadah linambaran ‘agama’ Siwa lan Buda tinemu apik ora ana cecongkrahan. Wewaton kaanan iku banjur lair sesanti ‘Bhinekatunggalika tan hana darma mangrwa’.

Sesanti bhinekatunggalika sadurunge kamardikan dijinggleng dening Bung Karno. Kaanan sanyatane (das sein) ana ing bumi Nuswantara tinemu bhineka utawa warna-warna. Sabanjure kaanan Ika (nyawiji, manunggal) dening Bung Karno ditembungi utawa dipandeng minangka das sollen, utawa kaanan sing arep diwujudake. Sawijining kaanan sing endah sing arep dijangka, yaiku persatuan lan kesatuan bangsa. Karana iku, Bung Karno lan para paraga sing arep ngedegake kamardikan banjur mapanake bhinekatunggalika nyawiji karo lambang negara rupa manuk Garudha. Bhinekatunggalika dadi tenger utawa lambang sing tebane nembus jaman tekan jaman global wektu iki.  Kaanan multi etnic tinemu ana ing donya wektu iki. Sabanjure kaanan sing sinebut multi kulturalisme bisa diarani trep utawa jumbuh karo sesanti bhineka. Sawijining kaanan sing tinemu beda-beda sing banjur nglairake budaya sing beda-beda.

Sabanjure supaya bisa mujudake kaanan nyawiji utawa manunggal prayoga nyecep wulangane Mpu Tantular. Tantular-isme dening Ir Suyamto didhudhah amarga duweni nilai-nilai (values) sing sipate universal. Karana iku,   spirit utawa semangat bhinekatunggalika mujudake kearifan lokal (local genius) sing lair ana ing bumi Jawa karyane Mpu Tantular. Spirit bhinektunggalika uga bisa dadi landhesan utawa pancadan tumrap ayahan pemerintahan lan pembangunan. Menawa kaanane beda-beda luwih trep menawa nganggo strategi sing beda-beda. Sabanjure kanggo mujudake kaanan supaya ‘persatuan lan kesatuan’ bangsa bisa diwujudake prelu landhesan sesanti utawa semangat ‘tunggalika’.

Menawa bab iki dicakake ana ing pemerintahan, prinsip otonomi sing arep diwujudake kudu kawengku ana ing sajroning  nagara  sing nyawiji utawa manunggal. Bhineka ora bisa dipisahake karo tunggalika. Tunggalika ora bisa ninggalake kaanan sing bhineka. Pemandeng utawa wawasan sing sipat bhineka kudu diimbangi karo pemandeng utawa wawasan ketunggalikaan. Ana perangan kawicaksanan sing kudu seragam. Nanging uga prelu garis kawi-caksanan sing beda sing kudu dicakake ana tlatah  sing cirine beda-beda.

Ana ing babagan ndayakake basa lan sastra Jawa, sesanti lan semangat bhinekatunggalika prelu ditengenake. Ngenani bab iki, Ibu Kisyani Laksono njlentrehake ana ing makalahe sing sesirah ‘Pengembangan Bahasa dan Sastra Jawa Dalam Perspektif Kebhinekatunggalikaan’. Akeh banget andharane sing nyambungake basa lan sastra Jawa karo filsafat panguripan. Tembang Jawa duweni wos lan filosofi ana ing siklus panguripane wong Jawa, yakuwi ana ing tembang-tembang: Mijil, Maskumambang, Sinom, Asmaradana, Kinanthi, Dhan-dhanggula, Gambuh, Durma, Pangkur, Megatruh lan Pucung. Siklus panguripan wiwit lair tumeka ing pati digambarake ana tembang-tembang kasebut. Kaanan rasa-pangrasa, kaendahan, emosi lan ekspresi, watak utawa karakter dilambangi ana ing tembang-tembang mau. Ndhudhah  wulangan  lan kearifan lokal sing ana ing tembang Jawa tinemu akeh banget. Akeh banget wulangan Jawa sing bisa nuntun supaya tumindak sing becik, utama, arif lan wicaksana. Kearifan lokal ana ing tembang-tembang Jawa prelu di-inventarisasi, dipilah lan dipilih supaya dadi gujengan kanggo ngadhepi kaanan.  Wulangan basa Jawa prelu ditata lan disempurnakake  wiwit tataran SD, SMP, SMA/SMK/MA supaya potensi kearifan lokal sing ana ing basa lan sastra Jawa dingerteni ana ing pamulangan sekolahan.

Ibu Kisyani Laksono uga njlentrehake papan lan dununge basa Jawa lan basa Indonesia minangka basa nasional. Basa Indonesia prelu dingerteni minangka basa sing bisa nyawijekake bebrayan utawa masyarakat sing tinemu beda-beda kaanane. Ana ing swasana sing resmi kenegaraan prelu nganggo basa Indonesia. Nanging ana ing swasana sing ora resmi bisa wae migunakake basa Jawa utawa basa-basa daerah liyane. Lumakune basa-basa ana ing Indonesia prelu dipandeng wewaton papan lan kaanan. Basa Jawa lan basa dhaerah liyane prelu dipapanake ana tataran kawicaksanan sing padha. Aja embank cindhe embank siladan. Aja mung nengenake basa Indonesia lan nglalekake utawa minggirake basa Jawa lan basa Dhaerah liyane.

Bapa Arif Budi Wurianto uga ngandharake ana makalahe sing sesirah Pengembangan Potensi Lokal Sebagai dasar  Model Pembelajaran Multikultural Bahasa dan Sastra Jawa Pada Jenjang Pendidikan Dasar. Kearifan lokal sing ana ing basa lan sastra Jawa duweni kekuatan sosial sing gedhe banget. Kabeh mau nyambung karo potensi budaya Jawa sing prelu diwulangake ana sekolahan supaya dadi pondasi watak sing kukuh kanggo ngadhepi kaanan sing beda-beda. Multikulturalisme prelu dingerteni wiwit tataran sekolah dasar supaya mengkone murid-murid padha nyecep bab wawasan multikulutral, spirit utawa semangat bhinekatunggalika. Ana sambunge karo bab iku, wawasan bhinekatunggalika prelu ditengenake amarga ana ing tlatah Jawa wae tinemu varian-varian basa Jawa sing ora padha. Ana basa Banyumasan utawa panginyongan, ana basa Tegal, basa pesisiran (kulon lan wetan), basa Surakarta, Ngayogyakarta, Suroboyo, Medura, basa Using,  lan liya-liyane. Karana iku, ayahan lan program kanggo ndayakake basa Jawa prelu landhesan utawa lambaran anane varian-varian basa kasebut.

 

Daya Kekuatan

Kearifan lokal ana sing negesi ‘daya kekuatan’ kanggo nanggapi kaanan apa wae sing lagi lumaku sing sipat pribadhi, utawa kaanan masyarakat. Tebane bisa sipat mikro utawa makro supaya bisa mujudake kaanan sing apik ana tataran lokal, regional, lan nasional. Ngenani bab iki, Soetrisman ana ing KBJ njlentrehake makalahe sing sesirah ‘Kearifan Lokal yang Mengusung Semangat Bhinekatunggalika’. Wewaton sejarah akeh banget kearifan lokal sing bisa didhudhah. Sejarah kabudayaan sing lumaku ana ing Indonesia dadi sumber kearifan lokal. Cacahe akeh banget sing bisa dadi landhesan kanggo ngadhepi kaanan  sing rupa apa wae.

Ndhudhah kearifan lokal  ana ing Jawa Tengah, Dinas Pendidikan dan Kebudayaan wis tau nindakake ayahan inventarisasi lumantar proyek IDKD (Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah). Maca lan jinggleng laporan ngenani proyek iki akeh kearifan lokal sing wis kasil diinventarisasi. Kearifan lokal akeh tinemu ana ing tradisi, crita rakyat, sistem gotong royong, adat istiadat, ungkapan tradisional ngenani sila-sila ana ing Pancasila, unen-unen, pepiridan lan liya-liyane.

Ngenani kearifan lokal, Arif Budi Wurianto uga njlentrehake bab ‘Pengembangan Potensi Lokal Sebagai Dasar Model Pembelajaran Multi Kultural Bahasa dan Sastra Jawa’. Uga diikandhakake ana makalahe manawa kearifan lokal akeh tinemu ana ing tradisi lokal, basa lan sastra, sistem kepercayaan, norma, nilai, perilaku, lan tradhisi-tradhisi budaya sing lumaku. Potensi lokal sing ana prelu didhudhah, dipilah lan dipilih kanggo bahan ajar ana ing proses pembelajaran sing sipate multi kultural. Potensi sing ana ing basa, sastra, lan budaya prelu didayakake kanggo mbangun ketahanan budaya ngadhepi jaman global.

Sabanjure methik saka wawasane pakar Donny GahraL Adian, ana ing ranah bioregional tinemu basic values sing bisa dadi modhal sosial kanggo mujudake lestarine budaya. Potensi utawa kearifan lokal sing warna-warna wujude prelu dipandeng nganggo wawasan nasional. Wawasan lokal prelu diganepi nganggo wawasan nasional, amarga siji-sijine ora bisa dipisahake. Kearifan lokal sing ana mujudake identitas utawa jatidhiri budaya bangsa sing bhineka. Sabanjure amarga kearifan lokal mau duweni nilai-nilai filosofis sing sipate universal mula bisa dadi daya kekuatan kanggo ngadhepi globalisasi. Tembunge nganggo basa manca sing populer yakuwi ‘act locally, think globally’. Jumangkah (wewaton) kaanan lokal nanging mikir utawa mandeng alam global.

Bab kearifan lokal pancen ndudut ati amarga ora mung pakar saka bumi Nuswantara nanging akeh banget pakar saka manca nagara sing nyinau bab kearifan lokal. Kabeh mau wewaton kaanan sing saya maju lan kepara cepet lakune. Akeh banget andharane John Naisbit ana ing bukune ‘Global Paradox’.

Dikandhakake manawa kaanan ana ing donya wektu iki ora ana sing padha (homogin) nanging malah heterogin. Sipat multi etnik lan multi kultural tinemu akeh ana ing saben nagara. Ngadhepi globalisasi kaanan sing maneka warna bisa diarani wis dadi kanyatan sing ora bisa diilangi. Karana iku sesanti ‘act locally think globally’ dadi paradigma anyar sing bisa dadi gujengan kanggo nanggapi owah-owahan jaman.

Isih nyambung karo kearifan lokal, sadurunge KBJ digelar, Dewan Riset Daerah, ngadani diskusi sing temane ‘Sumbangan Kearifan Lokal Jawa untuk Kesehatan Mental Pasca Bencana Alam’. Sing rada ndudut ati andharane Ibu Endang Ekowarni, profesor doktor psikologi saka Universitas Gadjah Mada. Bu Endang  ngandharake bab Kearifan Lokal Jawa sing magepokan karo kaanan  sawise bancana lindhu nemah tlatah Bantul lan Klaten. Kaanan kajiwan sing nemah tlatah mau digambarake: geter, susah, bingung, temlawung, was, samar, judheg, sumpeg, lan kekes. Sawijining kaanan masyarakat sing nggrantes lan nyedhihake. Kajaba saka iku uga digambarake anane patrap sing: ikhlas, sabar, pasrah, sumarah, mupus, lan ana saperangan sing nglokro. Sawise iku tumuli ana krenteg: obah, polah, rukun, guyub, lan banjur saiyeg saeka praya ngadhepi kaanan.

Ngadhepi kaanan sing nemah mau ana motivasi utawa krenteg sing  rupa kearifan lokal Jawa, sing tembunge: (1) ‘sanadyan pasrah lan sumarah ning ya kudu obah lan polah’; (2) ‘kawontenan kedah dipun tampi amargi sadaya nglampahi  mboten miyambaki’. Dijlentrehaken dening Bu Endang, manawa akeh kearifan lokal Jawa sing bisa nuntun kanggo ngadhepi kaanan. Kearifan lokal sing rupa spiritualitas Jawa nduweni daya kekuwatan sing ngedab-edabi. Daya kekuwatane kasurung dening rasa, lan surasa supaya tansah eling marang Gusti Ingkang Maha Kawasa. Kabeh prelu ngelingi manawa mobah mosiking alam kawengku dening panguwasaning Gusti Ingkeng Murbeng Jagad.


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerbobbi brown кисти для макияжаотзыв

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7301972
  Hari ini     :  Hari ini :308
  Kemarin     :  Kemarin :1090
  Minggu ini   :  Minggu ini :8750
  Bulan ini   :  Bulan ini :29248
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 25

Kontak Admin.

email-kidemang