Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (30) Kaca 261 – 273

 

( Sêrat Waduaji bab wadya punggawa
tuwin prajuriting nata )
Sèh Matyasta ngandika bilih ing janturan wayang gêdhog, kathah para waduaji ingkang sami ngabyantara nata, nanging botên kasêbut. Lajêng katêrangakên isinipun Sêrat Waduaji utawi Raja Kapa-kapa bab wadya punggawa tuwin prajuriting nata, sêsêbutanipun tuwin kêwajibanipun piyambak-piyambak. Mas Cêbolang tuwin para santrinipun kadhawuhan nglajêngakên lampah dhatêng Wirasaba
Kaca 261 - 273

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 261

316 Gambuh

16.
Cêbolang lon umatur |
sawêg nêmbe ing pamyarsaulun |
pangandika kang winastan waduaji |
pancèn waduaji iku |
sagotrah pra wadya katong ||

17.
Ing jamannira dangu |
nganggo winardèn lir kang kasêbut |
layang Raja Kapa-kapa arannèki |
Mas Cêbolang nêmbah matur |
prayogi bilih kawiyos ||

18.
Pantèn ing pamintamu |
atut anging mung saelingingsun |
blêjat-blêjat lungguh lan wêrdinirèki |
lothung kanggo cagak lungguh |
timbang nyatur alaning wong ||

19.
Patih ingkang karuhun |
wêrdi parentah iya puniku |
ingkang wênang parentah pra wadya tuwin |
ingkang kapasrahan tuhu |
pangawasa ing sang katong ||

20.
Nyampurnakakên dhawuh |
saolahing pranata prajèku |
mangkya adipati wêrdi panggêdhening |
parentah iya puniku |
kang winênang ing sang katong ||

21.
Tampi dhawuhing ratu |
utawa kang kasèrènan iku |
panguwasaning patih parentahkên yêkti |
patraping satuhunipun |
bêbênêran kang sayêktos ||

22.
Senapati winuwus |
wêrdi amangku parentah tuhu |
ingkang wênang anggadhuh pangwasa aji |
pinasrahan angrèh wadu |
para prajuriting katong ||

23.
Mariksani wira nung |
ingêr gêlaring kang aprang pupuh |
anganglangi pringgabayaning ajurit |
wênang lawan mokalipun |
mangkya bupati rinaos ||

24.
Dene ta wêrdinipun |
bawahaning parentah puniku |
iya iku kang winênang marentahi |
bawahing pribadinipun |
lawan kang bênêr sayêktos ||

25.
Nampani prentahipun |
saking papatihnya sang aprabu |
mangkya adipati kupu wêrdinèki |
adipati mardikèku |
madanani wadu katong ||

Jilid 4 - Kaca : 262

26.
Pradikan para wiku |
pan winênang marentahkên tuhu |
saolahing pranata ingkang agami |
dene ta pakaryanipun |
anglakoni kudu jegos ||

27.
Sakridhaning puniku |
laki-rabi apa mêsthinipun |
lan bêcike têkèng sampunaning jisim |
wasis mutusi pamandum |
têtinggalaning kang layon ||

28.
Waskithèng karya rampung |
ing prakara talak wasiatu |
rukun waris wah trap tutulak sêsakit |
amumulang amumuruk |
lakuning agamaningong ||

29.
Nupiksa sakèhipun |
papan kamuksan sakaliripun |
patilasan atanapi candhi-candhi |
dene kawajibanipun |
kudu mangêrti gumathok ||

30.
Lumastarining wadu |
angèstokkên ring agamanipun |
istijrating nagara kudu mêruhi |
sakèh agama kawêngku |
bangkit nêgêsi nyuraos ||

31.
Sakridhaning kang têmbung |
ekal-ekal ing sajuru-juru |
tinartamtu singid wardining narpati |
de tumênggung wêrdinipun |
dhênggung twin tatindhih yêktos ||

32.
Ingkang winênang tuhu |
mariksani samubarangipun |
ing lêlakon ayahaning narapati |
miwah kabubuhan iku |
olah gagaman kang dados ||

33.
Agêming sang aprabu |
lawan winajiban tinartamtu |
nanggung ala ambêke kancanirèki |
wadana mangkya winuwus |
wêrdining kang winiraos ||

34.
Rai tuwin pangayun |
kang winênang dadi ulu-ulu |
patraping kang panggaweyan sarta wajib |
dadi pangayuning laku |
sadhengah pakaryèng katong ||

35.
Mangkya nayaka iku |
wêrdi pangirit tuwin panunggul |
dene dadi pangêdhene wadya aji |
winênang matah karyèku |
karèrèhannya pribados ||

Jilid 4 - Kaca : 263

36.
Punggawa wêrdinipun |
pangayap myang pangawinan(?) iku |
lawan têgêse manèh iku pangampil |
dumadi titindhihipun |
ngampil pacarèng kaprabon ||

37.
Myang ngampil prentahipun |
myang papatih warangkaning ratu |
mangkya pangkat ariya ingkang winarni |
wêrdi padhang miwah luhur |
yèku santananing katong ||

38.
Ingkang winênang campur |
panggaweyan lan pra wadanèki |
utawa pra wadana kang santana-ji |
wênang sinêbut aryèku |
Gurisa salinne pupoh ||

317 Girisa

1.
Sinang-arya wêrdinira |
sinêbut luhur sanyata |
iya iku punggawa kang |
winênang nunggal pakaryan |
kalawan para santana |
mangkya panji wêrdinira |
tutunggul yèku santana |
ingkang winênangkên dadya ||

2.
Pangarêpe kang prawira |
mangkya prameya wêrdinya |
bangsa linuwih sanyata |
iku bangsane kang para |
gêdhe kang winênang dadya |
susulih alumaksana |
panggaweane punggawa |
ngampil kapraboning nata ||

3.
Mangkya kaliwon wêrdinya |
kapiji dene winênang |
tampa prentahing bupatya |
utawa malih têgêsnya |
kalih ewon pan kagawa |
saka lungguhe duk kuna |
bumi loro-èwu karya |
gantya panèwu wêrdinya ||

4.
Golongan dènwinênang |
anampèni parentahan |
saking ing kaliwonnira |
dyan kadhawuhakên marang |
golonganne pribadya |
utawa maning têgêsnya |
panewon kagawa saka |
lungguh bumi sèwu karya ||

5.
De Mantri-wêrda wardinya |
mantri-tuwa iya ika |
kang winênang nyêntèg dadya |
panèwu kawajibannya |
anampèni dhawuh saka |
kapanewon samubarang |
prentah saking kabupatyan |
myang pakaryan panewonan ||

Jilid 4 - Kaca : 264

6.
Gantya mantri wardinira |
apan linuwih utawa |
sapocapan de winênang |
imbal wacana kalawan |
para luhur pra satriya |
sarta luwiha waskitha |
laku kang têlung prakara |
dhingin kang ingaran nistha ||

7.
Bisa anyinggahi patrap |
ing laku kang tibèng nistha |
de kang kapindhone madya |
bisa anêtêpi patrap |
ing laku kang tibèng madya |
kaping têlune utama |
bisa angantêpi patrap |
laku kang tiba utama ||

8.
Layang Raja Kapa-kapa |
mangkene wiwijangannya |
man luwih de tri têtiga |
linuwih têlung prakara |
ingkang dhingin iku sêtya |
de têmên pangawulanya |
alabuh lara pralaya |
arumêksa ing sungkawa ||

9.
Lawan wirange gustinya |
kapindho sadu de bisa |
nyarèhkên adrênging nala |
gêrètèhing kang wicara |
wêdi andhingini karsa |
jrih mêdhar kêkêran nata |
ping tri tau de uninga |
sakarêntêging gustinya ||

10.
Tan kasangsaya sadaya |
ing karsa lumuh manawa |
rumangsa andarbènana |
pangawasanya priyangga |
amung ngèsthi angantêpi |
kasaguhan lawan janji |
gumantya arya-papati |
wadana prentah kang wêrdi ||

11.
Yèku ingkang pinitaya |
anampani kang dhadhawah |
anglakokakên parentah |
de arya-tiron wêrdinya |
wadana pangulat yèka |
kang pinitayèng wuwulang |
laku utama utawa |
tinartamtu kabutuhan ||

12.
Matrapake sakathahnya |
pakaryan kang bênêr iku |
lawan kang winênang jaga |
ing panggawe mungsuh nata |
de arya-leka wêrdinya |
pan wadana pananggalan |
yèku ingkang pinitaya |
anglurahi para wadya ||

Jilid 4 - Kaca : 265

13.
Kang ahli petung myang palak |
pananggalan sasasinya |
de arya-jamba wêrdinya |
wadana pasucèn yèka |
pinitayèng (ng)lurahana |
pra wadya pangulu toya |
kang rêrêsik jroning pura |
ngrêsiki siraman nata ||

14.
Apadene pakaryanya |
(m)bêciki sajroning praja |
ngrawat ngrêrukti sabarang |
ing sajroning dhatulaya |
kang mangka kuwajibannya |
atabêri amariksa |
sarta tinartamtu bisa |
napsir (ng)gal lawasing karya ||

15.
Bisa ngrarakit ngrarêngga |
bangkit mrantèni sunggata |
wêruh aranne kang karsa |
lumadi kanggo sunggata |
kang tan tumpang-so urutnya |
amamardi maring rasa |
dhadharan sasaminira |
ywa nganti nguciwanana ||

16.
Arya-sanguri wêrdinya |
pan wadana pangudharan |
yèku ingkang pinitaya |
nglurahi kang wadya jaksa |
wênang ngudhari krampungan |
kang durung bênêr sanyata |
kuwajiban amrayoga |
ing lakune kang prakara ||

17.
Apadene amêmangkat |
patraping wisesèng praja |
de Arya-niti wêrdinya |
wadana sêtya yaika |
ingkang tuhu pinitaya |
anglurahi para wadya |
gêdhong myang winênangêna |
(ng)gêmèni kagungan nata ||

18.
Kalawan amamariksa |
panggaweyane kang para |
among tani sasaminya |
gawene nampani ika |
pamêtuning desa-desa |
pajêg kang dadya sanggannya |
lan ngrawati kang pramatya |
mêruhi lêbu mêtunya ||

19.
Pangrukti pandum lan tadhah |
dene ta kuwajibannya |
amurih ing undhakira |
pajêg pamêtuning desa |
kang nora lawan rêkasa |
tuwin tan gawe pituna |
ing parentah lan uninga |
cacah glaring bumi desa ||

20.
Apadene kang pratama |
panimbang etung widagda |
anggêmèni kang tan nistha |
de arya-kandha wêrdinya |
wadana dagang yaika |
ingkang kapitayèng praja |
anglurahi para wadya |
sudagar de wajibannya ||

Jilid 4 - Kaca : 266

21.
Amariksani kang samya |
anglakokkên gêgramènnya |
kang mêtu saka nagara |
utawa ing lêbunira |
gramèn saking manca praja |
de Patya-tandha winarni |
wêrdi amarintah tandha |
yèku ingkang pinitaya ||

22.
Madanani pra pabeyan |
-ning bandar dharat sadaya |
dene kawajibannira |
anyêkêl kang panguwasa |
pasar sapanunggalannya |
pêcat-tandha wêrdinira |
mêcat tandhaning baita |
yèku ingkang pinitaya ||

23.
Amadanani pabeyan |
ing bandar laut sadaya |
kawajibannya angasta |
panguwasaning muwara |
sagara sapanunggalannya |
tandha-mantri wêrdinira |
mantri tandha yèku ingkang |
pinitaya juru dadya ||

24.
Pamupu beyaning pasar |
de tandhamohi wêrdinya |
pangkating pangolah ika |
kabutuhan amêmangkat |
lakuning pakaryan ingkang |
pancèn olah ing pakaryan |
lêmbut utawa kang agal |
pinatah pakaryanira ||

25.
Mangkya jaksa kang winarna |
wêrdi jêjênêng yaika |
wadya ingkang binubuhan |
angrampungi bêbênêran |
samoaning kang prakara |
tartamtu iku karyanya |
mungguhing kuwajibannya |
ngèstokakên anggêr sarta ||

26.
Kiyajating kang nagara |
myang rumêksa pangadilan |
gandhènganne gunggungannya |
karya nampani prakara |
wajib mangèstokkên marang |
parentah kang wus tan owah |
lan murina marang praja |
tunggalanne marga-tama ||

27.
Gawene (m)bêciki marga |
krêtêg angkruk sasaminya |
kuwajibanne ywa ngantya |
kêsèta tabêri karya |
nahên gantya kang winarna |
jamba-leka wêrdinira |
padhang bulan iya ika |
ingkang kabubuhan dadya ||

28.
Juru mriksani sabarang |
myang abot mêngku wisesa |
marang prakaraning jalma |
olah wisaya (ng)gaota |
amisaya iwak toya |
mangkya pujangga wêrdinya |
mangolah mamêsu raga |
yèku ingkang kabubuhan ||

Jilid 4 - Kaca : 267

29.
Anganggit carita mawa |
tinêmbangkên kwajibannya |
mantês uruting ukara |
lawan amatrapkên tata |
-kramaning layang kiriman |
ingkang bisa ngrakêtêna |
ing arênggang sasaminya |
miluta nyês krasèng nala ||

30.
Mangrèh carik karyanira |
nulis etung kang palastha |
kuwajibane uninga |
unggah-ungguhing têmbung myang |
sumurup paramasastra |
sarta ngêkêr wadi ingkang |
tumrap ana ing mustaka |
padha anandhang supata ||

31.
Kalihe rêksa-pustaka |
karyane rawat rumêksa |
layang kang pêrlu sadaya |
kwajibane mèngêti myang |
nyêkêl radatan kang kanggya |
ana ing sajroning praja |
sarta mingit wadi samya |
Carik anandhang supata ||

32.
Katri aran among-siswa |
gawene mardi kagunan |
kasusastran sasaminya |
dene ta kuwajibannya |
amardi kawruh kang mawa |
cinorèk ing papan ika |
anggambar sasaminira |
sigêg gantya kang winarna ||

33.
Panjang-jiwa winardènan |
lidhah panjang yèka ingkang |
(n)dhawuhakên parentahan |
de ulubalang wêrdinya |
pangajênging kang pacalang |
yèku ingkang kabubuhan |
dadya juru (ng)lakokkên srat |
marang ing manca nagara ||

34.
Anggandhèk nyandhik wêrdinya |
yèku kang tinuduh ngêmban |
timbalanira sri nata |
utawa kang kabubuhan |
ngrukti pranti pagantènan |
mangkya kabayan wêrdinya |
lantaran yaiku ingkang |
andhawuhkên parentahan ||

35.
Dene ngabèi wêrdinya |
angimpuni dene nyata |
narambahi sakèh karya |
mangkya dêmang wêrdinira |
cêcêkêlan bêbundhêlan |
yèku ingkang kabubuhan |
nyêkêl bawah padesan |
utawèku kapitaya ||

36.
Myang winênang mêmantêsa |
panganggone para wadya |
mangkya rangga wêrdinira |
wawêngku tawa pangrêngga |
yèku ingkang kabubuhan |
(m)bêciki wêngkon bawahan |
ing praja miwah padesan |
wêwêngkonne sowang-sowang ||

Jilid 4 - Kaca : 268

37.
Amêmangun pan winênang |
sisikoning padamêlan |
ing sajêroning kadhatyan |
miwah ngrakit pasanggrahan |
gantya mangke kandhuruwan |
de wêrdine sasèrènan |
yèku ingkang kasèrènan |
dhawah nampurnakkên prentah ||

38.
Mangkya pasêpan wêrdinya |
têtêlik kang pinitaya |
dadi juru wowor ganda |
angingsêp-ingsêp sabarang |
gantya pamotan wêrdinya |
pangêmotan iya ika |
kang ingandêl pinitaya |
amingit wadining nata ||

39.
Karêrêngan wardinira |
kawingitan iya ika |
ingkang pinitaya dadya |
juru panganglang jro pura |
kajinêman wardinira |
kasidhêman iya ika |
ingkang kabubuhan dadya |
juru nganglang durmèng praja ||

318 Durma

1.
Mangkya gantya pandêlêgan wardinira |
panêngkêlan utawi |
panênungan ika |
kang kabubuhan dadya |
juru tênung miwah dadi |
juru nujuman |
myang bangsa petung bincil ||

2.
mangkya panglimpingan wêrdi pêrlambangan |
kang pinitaya dadi |
anjuru pralambang |
olah jangkaning praja |
pangsingsingan wêrdinèki |
pan sabarangan |
kang winênangkên yêkti ||

3.
Ambawahkên pra wadya kriya sadaya |
êmpu pandhe maranggi |
pangukir pakriyan |
kêmasan myang panatah |
tapêl sayang gêmblak gêndhing |
puntu iyaga |
tluk gêbyar wlantên gêrji ||

4.
Tukang corèk panyungging lan adiwarna |
mataya anung uni |
gamêl lan panêgar |
dene pakaryanira |
bangkit amrantèn-mrantèni |
sarta rumêksa |
lawan bangkit nandangi ||

5.
Kwajibanne wruh ing tangguh lan sikutan |
dhapur lan waja wêsi |
pamor bêcik ala |
wangunan kang sampurna |
maniti sakèhing kardi |
tan kaliwatan |
turanggan Rajanari ||

Jilid 4 - Kaca : 269

6.
Wruh ing ukur pratamèng agêndhing raras |
mataya amumpuni |
wasis têmbang-têmbang |
lêbda ing cacengkokan |
sakèhe kang analisir |
tan mawi wangwang |
mancèni apatitis ||

7.
Arumêksa gêmi mring wadi sadaya |
de salingsingan wardi |
apan salisiban |
utawa salisiran |
iku kang winênang nênggih |
(m)bawahkên wadya |
anon-anon sanagri ||

8.
De panunggul utawa ran pakuluban |
pamagangan kang wêrdi |
yèku kang winênang |
ngrèh wadya pamagangan |
pangalasan wêrdinèki |
juru wawanan |
yèku kang dènbubuhi ||

9.
Amundhuti kayu marang alas-alas |
tuwaburu winarni |
wêrdinira tukang |
(m)bêburu iya iku |
kabubuhan amèt rêndhi |
myang satowana |
gantya grêma winarni ||

10.
Wardi-gêni kawajiban (n)jupuk wrêksa |
obong myang mirantèni |
gêni nèng jro wana |
kirata wêrdinira |
pangêtêr kêwajibannèki |
ngêtêr jro wana |
madik kang bangsa singit ||

11.
Lawan madik anane kang satowana |
pragosa kang winarni |
kêthèk iya ika |
golongan abdi kalang |
de kalang-kamplong winarni |
wêrdine kalang |
anggantung manggonnèki ||

12.
Winajibkên ana ing wana kewala |
wisma rêranggon kadi |
gubug munggèng wrêksa |
kang agung singit nyata |
kwajibanne tuduh margi |
kang gampang miwah |
pancèn gawat myang sungil ||

13.
Iku kalang-kamplong kang asung katrangan |
wijanging têmbung iki |
kalang ubêng ika |
kamplong tela gumantung |
de kalangbrèt wêrdinèki |
kalang sênibrat |
tan dumunung (ng)gyannèki ||

14.
Sak (ng)gon-ênggon anunggal ing satowana |
kawajibannirèki |
kalamun sang nata |
yun numpu satowana |
kalangbrèt kang asung uning |
panggonannira |
kanang satowanadri ||

15.
Mangkya wuruk kusir pêdhati wêrdinya |
yèku kang dènbubuhi |
rumêksa titiyan |
pêdhati sasaminya |
yèn sri paparèng wanadri |
wuruk pinacak |
datan kaparêng kari ||

Jilid 4 - Kaca : 270

16.
Kanang mantri-manglima de wêrdinira |
mantri manca limèki |
yèku panggêdhenya |
mantri manca padesan |
alungguh panèwu-mantri |
tumbal winarna |
pupundhèn wardinèki ||

17.
Iya iku kang dadi wadananira |
wong padesan alinggih |
mantri-panatusnya |
de bubuyut jinarwa |
panuwa yèku kang dadi |
kamituwanya |
wong padedesan sami ||

18.
Lungguh mantri-panèkêt gantya winarna |
adèn-adèn jinarwi |
kaluwihan yèka |
kang dadya guru miwah |
pangulune uwong cilik |
ing padedesan |
lungguh panglawe-mantri ||

19.
Mangkya lurah wêrdi ulu-ulu lawan |
kapala wêrdi malih |
pangarêping unggyan |
yaiku kang winênang |
dadi sisirahing kuli |
lungguh paronya |
mantri-panglawe nênggih ||

20.
Kang partinggi wêrdi pamangkat yaiku |
kang winênangkên mamrih |
mamangkat pakaryan |
wong cilik padedesan |
lungguh saparonirèki |
apangkat lurah |
mangkya bêkêl winarni ||

21.
Wardi ancêr-ancêr tunggul miwah têngga |
kang winênangkên (m)bagi |
bêcik alanira |
jroning karang padesan |
lungguh saparo patinggi |
mangkya paragak |
wêrdi tunggu utawi ||

22.
Pakaryèku kabubuhan (m)bênêrana |
prakarane wong cilik |
sajroning padesan |
lungguhe saparonya |
bêkêl kang kasêbut ngarsi |
sikêp winarna |
parinti wêrdinèki ||

23.
Iya iku wong cilik kang nyangga karya |
lungguh mung saparone |
kalawan paragak |
de karaman wêrdinya |
janma arahan utawi |
anjrahan yèka |
wong cilik kang tan nyanggi ||

24.
Ing pakaryan mung ngandhung nyagak sakawan |
kararahan jinarwi |
wong rena yaiku |
tan manggon tanpa wisma |
myang tanpa canthèlan kardi |
uwuh basanya |
de nglambrang wêrdinèki ||

25.
Wong ngambara yèku jalma ingkang lunga |
saparan nyambutkardi |
de wong ngulandara |
wêrdi ngawulèng tawang |
tanpa canthèlan lawan nir |
tambang pranteyan |
myang dumunungirèki ||

Jilid 4 - Kaca : 271

26.
Kajabèku iya ana panunggalnya |
golongan wadu-aji |
pantèn aywa eram |
mring sasurupaningwang |
samono iku kalaning |
reyang duk bocah |
anèng nagri Mantawis ||

27.
Mèlu ipe suwita nèng Janapuran |
kaabdèkakên carik |
sabên ari sowan |
reyang sawuse bisa |
maca atanapi nulis |
kinèn rêrewang |
wijile kang pakarti ||

319 Mijil

1.
Têmah uning wacan warni-warni |
kang dadya tyasingong |
reyang nêdhak saana-anane |
wusing akil balèk reyang bali |
ma mring wutahrahmami |
wuwuh trêsnanipun ||

2.
Rinakêt ing risang adipati |
pinaringan jodho |
lamat-lamat isih sêntanane |
saya kandêl pangawulamami |
wah sang adipati |
wuwuh trêsnanipun ||

3.
Reyang aningali saking batin |
bangêt nora cocok |
ing sabarang kang dadi karsane |
reyang bèbèl matur malimpingi |
minangka palupi |
carita ing dangu ||

4.
Nistha madya utama dumadi |
nanging tan rinaos |
nora enak têmbe lêgêtane |
mula reyang banjur nyuwun pamit |
mahas ing asêpi |
anjurungi kayun ||

5.
Anyênyadhang apurane Widdhi |
kèhing dosaningong |
daklakoni anèng gunung kene |
Mas Cêbolang sawusira dêling |
nêmbah turira ris |
botên pisan (ng)gunggung ||

6.
Namung ngungun taksih tharik-tharik |
tan wontên kang mrojol |
sitingangkah sampun tan ginawe |
Sèh Matyasta mèsêm lingira ris |
palaling Hyang Widdhi |
sadêrma katèngsun ||

7.
Dènbanjurkên kang tumrap ing jilid |
ingkang kacariyos |
layang Raja Kapa-kapa rêke |
panji-handaka wêrdinirèki |
tungguling(n)jajawi |
yèku lurahipun ||

Jilid 4 - Kaca : 272

8.
Kang dadya sorsoran pangayuning |
prajuriting katong |
nahan wirancana de wêrdine |
pan prajurit anglingan sayêkti |
yèku mirawiji |
gantya kang winuwus ||

9.
Wirajaya dene wêrdinèki |
wirakrajan manggon |
iya iku prajurit (n)jêrone |
gantya wirasinga wêrdinèki |
pan iya prajurit |
pikuwat satuhu ||

10.
Iya iku parajurit (n)jawi |
gantya winiraos |
singasari dene ta wêrdine |
singabarong yaiku prajurit |
kang rumêksa putri |
biyadaning ratu ||

11.
Mangkya suratani kang winarni |
wêrdine rinaos |
de kakêndêlaning ati rêke |
kang prajurit desa kang pimilih |
Wirajanu sami |
lan wirancanèku ||

12.
Galèthèke amung iku kaki |
iya kawruhingngong |
lah wis wanci lingsire têngange |
sêdhêng banjur sêmbahyang Luhur-i |
nêmbah kang sinung ling |
alon aturipun ||

13.
Dhuh sang luhung amba atur jati |
barkahing kinaot |
raosing tyas ulun ing samangke |
wusing tampi ing pitutur jati |
sumèlèh ing pasthi |
narimèng tumuwuh ||

14.
Sèh Matyasta waspadèng pangèksi |
mèsêm lingira lon |
waktu iki apan wus sêdhênge |
pantèn maring Wirasaba nagri |
lèrèha wismaning |
Jamal ki pangulu ||

15.
Ewadene pantèn lamun maksih |
sênêng nèng wismèngong |
iya nora nana pakewuhe |
Mas Cêbolang nêmbah turira ris |
yèn parênga galih |
mangke bakda Subuh ||

16.
Ulun lajêng pangkat saking ngriki |
miturut sadhawoh |
muhung nyuwun pangèstu harjane |
Sèh Matyasta manthuk lingira ris |
Alkamdulilahi |
rabil ngalaminu ||

17.
Reyang jumurung myang sung pamuji |
ayuning lalakon |
kang sinung ling sru nuwun ature |
Mas Cêbolang miwah catur santri |
samya angabêkti |
wus linilan mundur ||

Jilid 4 - Kaca : 273

18.
Hèh Pangawe lan kancanirèki |
sesuk bubar Suboh |
lamun kang ana kang sarju atine |
ngatêrake reyang anglilali |
ngiras tuduh margi |
nanging yèn wus tutug ||

19.
Talatahing Cêpaka wanadri |
baliya ing kono |
apan uwis narênthêng dalanne |
nora gawe bingunging lumaris |
nêmbah para santri |
sandika turipun ||

20.
Pancèn badhe nyuwun lilah sami |
ngatêrkên praptèng (n)don |
wit katarik saking trêsna sihe |
rèhning wontên dhawuhe sang yogi |
klilan mung dumugi |
Capaka gya wangsul ||

21.
Tan cinatur siyang praptèng ratri |
sak bakdane Suboh |
para santri kang yun ngatêrake |
wus samakta nèng srambining masjid |
Nurwitri gya mijil |
lan tri rencangipun ||

22.
Asung tilaran mring para santri |
warata nyakêton |
lawan maring pawèstri kang ladèn |
winantu ring mamanis malatsih |
suka kang nampèni |
pujine gumrumung ||

23.
Mas Cêbolang sarencangirèki |
wusnya pamit bodhol |
gumarubyug lir ngarak pangantèn |
ing samargi-margi kang udani |
tumutur umiring |
èstri miwah jalu ||

24.
Yèn kadalon sinipêngkên maring |
dhusun tuwin dhukoh |
wus rinakit pondhok sugatane |
bakda Subuh gya lumaris malih |
laminya nèng margi |
nahan tan cinatur ||

25.
Praptaning kang Capaka wanadri |
ing wanci sadhawoh |
samya kèndêl angling Ki Pangawe |
punika (ng)gèr ingkang dènwastani |
Capaka wanadri |
ngalèr ngetan laju ||

26.
Dumugine Wirasaba nagri |
andum karahayon |
mugi-mugi ing têmbe Kemase |
kampir malih dhatêng ardi Wilis |
Cêbolang ling aris |
sakalangkung nuwun ||

27.
Pinarênga de Sang Amurbèng Sih |
sagêda kalakon |
botên langkung ulun sadayane |
sami atur salam pangabêkti |
kature sang yogi |
sumangga sakayun ||

28.
Ki Pangawe sarencangirèki |
sasalaman gupoh |
ganti-ganti tan ana kang cèwèt |
tandya mangkat mangidul kang mulih |
sigêg tan winarni |
nênggih kang cinatur ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (29) Kaca 250 – 260
  • (31) Kaca 274 – 278 >