Bharatayuddha -  

9. SUYUDÅNÅ PÊRANG KALIYAN WRÊKODÅRÅ.
PANDHÅWÅ LUMÊBÊT DHATÊNG NGASTINÅ.

Kacariyós Prabu Suyudånå, sabêdhahipún nagari íng Ngastinå, sakíng mirisipún asingidan wóntên sungapaníng sagantên, angêdhêm íng toyå. Anangíng katitík pasingidanipún déníng bålå Pandåwå. Lajêng kapratélakakên dhumatêng Prabu Yudístirå, såhå dhumatêng Prabu Krêsnå. Anuntên sami bidhal sabalanipún.
Sadhatêngipún wóntên sungapaníng sagantên, bålå Pandåwå sami sumêrêp íng solahipún Prabu Suyudånå angêdhêm salêbêtíng toyå. Wrêkodårå anyumbari sakíng íng dharatan, sartå anguwús uwús, awít bótên prayogi yên ratu kawón pêrangipún lajêng singidan ajríh manawi pêjah. Kapuríh mêntaså badhé kaajak pêrang tandhíng.
Prabu Suyudånå sarêng mirêng énggal mêntas sakíng toyå, réyab réyab sartå kalêbús, anjujúg íng ngarsané Prabu Krêsnå, Prabu Krêsnå anantún, punåpå purún kaabên pêrang tandhíng kaliyan Wrêkodårå. Wangsulanipún Suyudånå inggíh purún. Prabu Krêsnå paréntah dhatêng balanipún, kinèn anyukani busånå karajan dhatêng Prabu Suyudånå, sartå dêdamêl gådå.
prabu-baladewaNuntên kasaru rawúhipún Prabu Bålådéwå íng Mandurå, sakíng tåpå sangandhapíng grójógan toyå agêng. Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå sasêdhèrèkipún énggal sami amêthúk sartå ambagèkakên. Sartå apratélå, yèn Prabu Bålådéwå bótên amêningi pêrang Bråtåyudå, nangíng badhé amêningi pêrang tandhíngipún Wrêkodårå kaliyan Suyudånå. Prabu Bålådéwå kaaturan ngidinånå.
Wangsulanipún Prabu Bålådéwå : milå énggal kondúr sakíng pratapan awít dipún sanjangi dhatêng Sanghyang Narådå, yèn badhé bótên amêningi pêrang Bråtåyudå. Déné íng mangké inggíh sumêdyå angidini dhatêng íngkang badhé sami pêrang tandíng.
Wóndéné Prabu Suyudånå wau sarêng aningali rawuhipún Prabu Bålådéwå, sakalangkúng bingahíng galihipún, cíptå badhé wóntên íngkang mitulungi íng sariranipún. Awít nagari Mandura punikå kabawah ing nagari Ngastinå, sartå Prabu Bålådéwå kadamêl ratu andêl andêlíng pêrang.
raden-werkudaraSasampuníng Prabu Suyudånå angagêm busånå karajan, sartå angastå gådå agêng, lajêng wiwít perang tandhíng kaliyan Wrêkodårå. Arjuna maras íng galíh, bilíh íngkang råkå kasóran prangipún. Énggal matur pitakên dhatêng Prabu Krêsnå : sintên kang badhé kasóran pêrangipún.
Prabu Krêsnå anyêrêpakên, sartå Arjunå kadhawahan angêngêtnå dhatêng Wrêkodara, sakíng katêbihan kémawón, yén pangapêsipún Prabu Suyudånå wóntên pupunipún kang kiwa, Arjunå énggal anyakêti íng sawêtawís kang apêrang tandíng.
Arjuna angèjêpi sarwi anampèl wêntisipún kang kiwå. Wrêkodårå sakêdhap aningali pamangsítipún ingkang rayi, sampún anampèni, énggal ngangsêg pêrangipún sumêdyå ngrukêt. Suyudånå kéwêdan, sumêdya ngoncati amapan kang ombér, Lajêng milar, sinarêngan sinabêt íng gådå dhatêng Wrêkodårå, kéngíng wêntísipún kiwå. Suyudana ambrúk, lajêng pinupúh íng gådå, jinambak sartå dhinupakan dhatêng Wrêkodårå.
Prabu Bålådéwå sangêt muríng ing galíh, awít pamalanipún Wrêkodårå sawênang wênang, bótên anganggé caraníng pêrang ratu. Énggal anyandhak nênggålå, kaayatakên dhatêng Wrêkodårå, Prabu Krêsna sarêng aningali, gugúp íng galíh, énggal anyandak nanggalanipún Prabu Bålådéwa, sarwi matúr ngrarapu, sampún ngantós andahwèni íng solahipún Wrêkodårå. Mila amanggíh pêjah siyå siyå makatên, awít Prabu Suyudånå punika kéngíng ipat ipating Bagawan Méntriyå, kaliyan kéngíng panêdhanipún Déwi Drupadi. Sabab Dêwi Drupadi wau kålå rumiyín siniyå siyå, dadós Wrêkodårå punikå drêmi amalêsakên. Prabu Baladéwå sampún lilíh galíhípún, lajêng kaaturan angrumiyinånå lumêbêt dhatêng nagari Ngastinå. Prabu Bålådéwå inggíh lajêng amiturút íng aturipún ingkang rayi Prabu Krêsnå.
Sapêngkêripún Prabu Bålådéwå, Wrêkodårå andumugèkakên íng sakarsanipún nggêníng damêl sawênang wênang dhatêng Suyudånå. Sarêng Suyudånå sampún rêmuk badanipún lajêng anyuwårå bótên purún pêjah yèn dèrèng atapakan sirahíng Pandhåwå. Nangíng swårå wau bótên kapaèlu dhatêng Wrêkodårå.
Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå, Wrêkodårå sabalanipún nuntên sami wangsúl dhatêng íng pasanggrahan. Jisimipún Suyudånå katilar wóntên íng ngriku. Kålå samantên Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå dèrèng karså lumêbêt dhatêng nagari Ngastinå. Sabên íng wanci dalu sami midêr midêr íng tilas papan paprangan, tuwín íng wånå sartå ing rêdi.
***
aswatamaKacariyós wóntên putranipún jalêr pandhitå Drunå satunggíl, anåmå Aswåtåmå ; punikå kalanipún taksíh salêbêtíng pêrang Bråtåyudå, apadudón kaliyan Prabu Salyå, mèh dadós påncåkårå. Nangíng Prabu Suyudånå anglêrêsakên Prabu Salyå.
Aswåtåmå sakít manahipún, lajêng késah tåpå wóntên satêngahíng wånå. Bêdhahipún nagari íng Ngastinå Aswåtåmå bótên sumêrêp.
Kålå samantên Aswåtåmå sangêt kagèt kadhatêngan garwanipún Prabu Suyudånå, sartå santånå íng Ngastinå kêkalíh, anåmå Karpå kaliyan Kartåmarmå. Sami sanjang yèn íng Ngastinå sampún bêdhah, Prabu Suyudånå ical satêngahíng paprangan, bótên kantênan pêjah gêsangipún. Aswåtåmå ngêrês manahipún, awêlas datêng Prabu Suyudånå, cíptanipún badhé ambélani íng kasusahan. Lajêng mangkat sakíng wånå, alampah pandúng, sumêdya anyidrå pårå pangagêngíng Pandhåwå. Karpå, Kartåmarmå inggíh tumút.
Sadumuginipún íng pasanggrahan íng wanci dalu, Prabu Krêsnå pinuju késah midêr midêr. Prabu Yudhístirå sasêdulúripún gangsal inggíh sami andhèrèk.
Aswåtåmå wau lajêng anjujug pasanggrahanipún Drusåjumênå kaliyan dèwi Srikandhi. Kalíh pisan sampún sami katigas jangganipún. Íng pasanggrahan gègèr sartå tangís gumêrah. Aswåtåmå lajêng ngamúk angagêm jêmparíng latu, kathah angsalipún pêpêjah. Radèn Påncåwålå, putranipún jalêr Prabu Yudístirå, tumuntên wungu, amêthúkakên pangamúkipún Aswåtåmå, dangu sami alancaran jêmparíng. Påncåwålå kasóran, sampún pêjah amargi dipún jêmparíng. Aswåtåmå tuwín Karpå punåpå déné Kartåmarmå, tumuntên sami mundúr dhatêng íng wånå malíh.
Sarêng wanci byar Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå sasêdulúripún sami rawúh íng pasanggrahan. Kagét mirêng swaraníng tangís gumêrah. Lajêng kapratélan, yén Påncåwålå, kalíh Drusajumênå, tigå Dêwi Srikandi, sami pêjah, amargi dipún cidrå dhatêng Aswåtåmå.
Prabu Yudístirå sasêdulúripún lajêng sami muwún sartå sangêt prihatós. Prabu Krêsnå tansah amituturi supadós sampún ngantós sami sangêt prihatós, awít íngkang sami pêjah wau sampún kalêbêt íng pêpêstènipún piyambak.

begawan-abiyasa2Anuntên sami kagèt íng rawúhipún Bagawan Abiyåså, íngkang éyang Prabu Judhístirå. Bótên wóntên íngkang sumêrêp íng sangkanipún, awít Bagawan Abiyåså wau sampún gêntúr íng tapanipún, sampún prasasat déwå. Íngkang sami muwún lajêng sirêp. Énggal sami ngabêkti dhatêng íngkang sawêg rawúh.
Bagawan Abiyåså nuntên amituturi dhatêng pårå wayahipún kang sami prihatós, sami angicalnå íng prihatósipún, awít tanpå damêl yèn kagalihå, sartå sampún kalêbêt íng pêpêsthènipún. Kaliyan sami kapuríh angèstókna sartå anglampahanå sabarang paréntahipún Prabu Krêsnå, amêsthi baddhé amanggíh kamulyaníng pêjah. Balík íngkang bótên sami anglampahi, saèstu badhé manggíh sangsaraníng pêjah, sabab Prabu Krêsnå punikå titisipún Batårå Wísnu, milå prayógi yèn dipún ênutå. Sanadyan déwå íng Surålåyå inggíh ugi bótên wóntên purún ambadali íng paréntahipún Batårå Wísnu, Pårå wayah tuwín kang sami prihatós wau, íng sakålå sami ical íng kaprihatósipún. Bagawan Abiyåså lajêng pamít, músnå sakíng íng ngriku.
***
kartamarmaAnuntên wóntên bålå kang amratélakakên ing panggénanipún
Aswåtåmå, wóntên ing dukúh satêngahing wånå; Karpå kaliyan Kartåmarmå inggih tumút wóntên ing ngriku.
Prabu Krêsnå sartå Prabu Yudhistirå lajêng bidhalan sabalanipún, sumêdya anglurugi Aswåtåmå, Dukúh pratapanipún Aswåtåmå sampún kinêpang sarta sinurakan. Aswåtåmå, Karpå, Kartåmarmå sami mêdal amêthúkakên pêrang. Aswåtåmå angayatakên jêmparíng, anåmå Cundhåmaník, wasiyat sakíng bapakipún kang nåmå pandhitå Drunå. Sarêng kawawas mêdal latu agêng. Prabu Krêsnå énggal ngatag dhatêng Arjunå, anangkiså jêmparíng latu wau, Arjunå lajêng amawas jêmparíng Pasopati. Inggíh mêdal latu agêng, atêmpuh sami latu. Sakíng agênging latu urubipún sundhúl íng Surålåyå. Pårå déwå sami kagégéran.
Batårå Guru énggal angutús Sanghyang Narådå, andawahakên dêdukå dhatêng kang pêrang, awít purún purún amêdalakên jêmparíng latu. Sanghyang Narådå nuntên tumurún. Íngkang sami pêrang kadhawahan angracút jêmparíngipún latu, awít jêmparíng kêkalíh punikå sami dêdamêl íng Surålåyå, bótên kéngíng yèn kaanggéå wóntên íng marcåpådå, amêsthi badhé angrisakakên.
Arjunå sasampunipún angracút jêmparíngipún latu, nuntên matúr dhatêng Sanghyang Narådå : ”Milanipun purún anglêpasakên jêmparíng púnikå, awít sakíng paréntahipún Prabu Krêsnå, kinén nangkís. Sanghyang Narådå sarêng mirêng sangêt sukå íng galíh, sartå angapuntên dhatêng Arjunå.
Sanghyang Narådå lajêng andhawahakên dêdukå dhatêng Aswåtåmå, déné purún purún anglêpasakên jêmparíng Cundåmaník. Sabab punikå pêparíngipún Bathårå Guru dhatêng pandhitå Drunå, sartå sampún kawalêran, bótên anglilani yèn kaanggéå pêrang.
Atúr wangsulanipún Aswåtåmå : ”Milå purún anglêpasakên Cundåmaník, amúng kadamêl angajríh ajríhi kémawón, sabab sumêrêp yèn latuníng Cundhåmaník wau bótên purún ambêsmi íng tiyang kang bótên sumêdyå sikårå.”
Sanghyang Narådå inggíh lajêng angapuntên dhatêng Aswåtåma, nangíng jêmparíng Cundhåmaník kapundhút lajêng kaparíngakên dhatêng Arjunå, inggíh sampun katampén.
Anuntên prabu Krêsnå matúr dhatêng Sanghyang Narådå : Bótên parêng yèn angapuntêna dhatêng Aswåtåmå, sabab sampún anglampahi kadursilan anyidrå Déwi Srikandi, kalíh Pancåwålå, tigå Drustajumênå. Íngkang dadós karsanipún Prabu Krêsnå, bénjíng yítmanipún Aswåtåmå kalêbêtnå íng naråkå salaminipún. Íngkang mangké inggíh bótên kapêjahan, awít dèrèng mangsanipún. Bénjíng putranipun Abimanyu kang nåmå Prabu Parikêsít, punikå kang badhé amêjahi Aswåtåmå, nangíng samangké taksíh wóntên íng wawratan.
Déné yítmanipún Kartåmarmå katitísnå dhatêng sawarninipún kang asíh íng bêbangêr. Amúng Karpå kang dipún apuntên, awít bótên anggadhahi manah kadursilan piyambak, amíng kapêkså sakíng ajríhipún dhatêng Aswåtåmå. Íng mangké taksíh anglulúsakên nggènipún darbé lampah kapandhítan.
Sanghyang Narådå tuwín pårå déwa sådåya inggíh sami sami turút angéstókakên íng karsanipún Prabu Krêsnå, nuntên sami mumbúl wangsúl dhatêng Surålåyå.
***
Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå sabålå Pandhåwå tuwín pårå ratu sêsuruhan, lajêng sami bidhal lumêbêt íng nagari Ngastinå, sartå ambóyóng Déwi Banowati. Pasanggrahan íng Kurusétra sampún kabibarakên. Råjåbrånå íng nagari Ngastinå sampún sami kacacahakên. Arjunå lajêng kadhaúpakên kaliyan randhanipún Suyudånå kang nåmå Dèwi Banowati. Sarèhníng Arjunå sangêt asihipún íng tiyang èstri, dadós gêgadhúhanipún jêmparíng Cundamaník kapundhút íng Prabu Yudístirå,
Prabu Krêsnå nuntên anjumênêngakên nåtå Prabu Yudhístirå wóntên íng nagari Ngastinå, kaéstrénan déníng Prabu Bålådéwå sartå pårå ratu sêsuruhan, tuwín pårå jawåtå íng Surålåyå inggíh sami tumurún angidini jumênêngipún nåtå.prabu-suyudana
Kålå panjênênganipún Prabu Yúdhístirå, nagari íng Ngastinå sakalangkúng arjå, têtiyangipún sami sukå, bótên wóntên kang pinalang galíh, awít karêkså déníng Prabu Krêsnå kaliyan Arjunå. Bilíh wóntên íngkang alampah doråcårå énggal kapapas. Íngkang bodho kasêrêpakên, íngkang musakat kaparingan dånå lumintu, milå sangêt kaéringan déníng mêngsah.Sarêng sampún lêstantun jumênêngipún nåtå Prabu Yudhístirå, Prabu Bålådéwå kaliyan ratu íng Wiråtå, íng Cêmpålå tuwín pårå ratu sanèsipún, lajêng sami pamít mantúk dhatêng nagarinipún piyambak piyambak, amúng Prabu Krêsnå kang taksíh anênggani wóntên ing Ngastinå.


 kds penutup
wangsul-manginggil

игровой автомат resident играть бесплатно онлайнпосуда люминарк каталоглобановский харьков класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9924434
  Hari ini     :  Hari ini :355
  Kemarin     :  Kemarin :1471
  Minggu ini   :  Minggu ini :4580
  Bulan ini   :  Bulan ini :24059
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang