Cêrita Cêkak -  

21. Si Sri

Mbah Suríp nyèlèhaké paculé banjúr lunggúh íng sangisóré wít trêmbêsi tuwa íng pójók tanggúl sawah.
Ambêgané isíh ngós-ngósan sauntara suwé anggóné macúl gawé pinihan. Ora krasa kêringêt tumètès siji mbaka sawiji saka pucúk-pucúk jénggóté dhawa kang wís putíh.
Wís kaya padatan, nalika pari kuníng, kadang-kadang tani kudu gawé pinihan.
Pinihan mangkono papan kang dicêpakaké kanggo ndhêdhêr winíh. Sapérangan pari diundhúh dhisík síng ambané dijumbúhaké cacah winíh síng bakal disêbar.
Sisa dami dibabat ngêpók, banjúr dipacúl lan dirata alús dadi lèr-lèran trús dipilah dadi pirang-pirang bèdhèngan.
Bèdhèngan iki síng mêngkoné disêbari winíh síng bakal tuwúh têkan umúr udakara sêlawé dina kang bakal didhaút lan ditandúr.
Mangkono síng ditindakaké kadang tani sabên-sabên mangsa panèn têka, ra béda síng dilakóni Mbah Suríp.
Mbah Suríp nyêrót rókók tíngwé síng dicêpakaké saka ngomah. Kala-kala capingé diobat-abitké ngiwa-nêngên kanggo nyêgêraké awak síng sumúk amarga katêrak panas.
Srêngéngé wís katón gumléwang.
Wít trêmbêsi tuwa íng pójók tanggúl sawah, dadi kancané Mbah Suríp sabêndinané.
Mbah Suríp nyawang tandurané kang wís padha kuníng.
Têtanduran pari katón mabit mangiwa mabit manêngên kasapút angín kang lumayu oyak-oyakan, kaya-kaya ndhudút pangrasané síng sambat ngadhêpi uríp kang samsaya kêjêpít déníng kahanan.
Panèn iki para tani kudu gêla manèh.
Sabab rêgan gabah panèn lagi anjlóg, béda bangêt nalika róng sasi kêpungkúr.
Bêras nêdhêng larang-larangé, satêmah akèh sêdulúr klimpungan nyukupi kêbutuhané pangan.
Anangíng pêmêríntah ngatónakê dêrmawané, kêpara srêgêp andúm bêras kanggo rakyaté.
Wóng-wóng nyêbút Raskín. Bêras kang ditujókaké marang sapérangan kadang kang kalêbu gólóngan mískín.
Apa iki síng njalaraké rêga gabah dadi anjlóg?
Apa iki asil pikólèhé réfórmasi kang diusúng para pintêr kala sêmana?
Durúng manèh rêga pupúk.
Ukarané ora mundhak manèh, anangíng wís ganti rêga.
Sarana baku kanggóné para tani ajêg ngilang saka pasaran, mênawa ana rêgané ora kêtulungan.
Kamangka, gêlêm ora gêlêm para tani kudu gunakaké pupúk kanggo pangolahé sawah. Pikirané Mbah Suríp tambah nglambrang.
Angín kang sumilír nibakaké gêgódhóngan wít trêmbêsi kang pada garíng.
Sumiliré angín ora bisa ngoncèki sapérangan tandha pitakón kang ngêbaki sajroníng pikirané.
Dumadakan lamunané Mbah Suríp pêdhót.
”Sayah mbah?” suarané pawóngan saka pinggír ndalan lumaku nyêraki Mbah Suríp kang kagèt banjúr tumolèh.
”Injíh Kisanak, mangga mampír!
”Matúr núwun.”
Pawóngan kang katón mriyayèni kuwi banjúr salaman lan lunggúh íng satêngêné Mbah Suríp.
”Pantunipun lédhúng-lédhúng kêtingal sampún sêpúh.
Lêmuné tanêman sinawang rata dumungklúk tartamtu bêcík pangupakaranipún,” mangkono aturé alus pawongan kang pakaryané dadi têbasan kuwi.
”Mbótên Kisanak, panjênêngan dalêmipún pundi?”
”Kula cêlak mawón”, candhakané cêkak ora walaka.
”Lha.... mangga pantún kula dipúntuwèni, mangké wóntênipún pintên?”, panjaluké Mbah Suríp.
Pawóngan kuwi banjúr ngubêngi sawah kanggo mangêrtèni kahanan pari kanti talêsíh lan sêpira ambané.
Sauntara suwé Mbah Suríp katón rêmbugan gayêng.
Dól tinuku pari saiki kasunyatané hamúng dilakóni antarané amóng tani lan têbasan.
Têbasan mangkono têmbúng liya saka têngkulak.
Pêtani aras-arasên ngêdól gabahé mênyang KUD utawa Bulóg.
Sabab, liyané ribêt lan saraté njlimêt, ngêdól gabah karo KUD utawa Bulóg mbutúhaké wêktu lan tênaga ora sêthithík.
Ora hamúng nyarataké rêsík anangíng, KUD utawa Bulóg ngudókaké gabah garíng kanti prosèntasê síng limit, lan liya-liyané.
Alêsan jlimêt lan ribêt kuwi kang ndhasari pêtani luwih sênêng ngêdól gabahé marang têngkulak.
”Injíh, mênawi makatên Mbah Suríp, kula hamúng sagêd ngrêgani têlúng yuta sêtêngah kagunganipun pantún”.
Mbah Surip hamúng manthúk-manthúk tandha gathúk karo rêga kang jumbúh karo rêga síng dikarêpaké.
Mbah Suríp kêpara ora pêrcaya, pawóngan iki kêndêl anggoné ngrêgani pariné.
Pawóngan kuwi banjur ngêbèl nganggo hapé.
Ora sauntara suwé sawijiníng trêk lan tênaga andhahané têka bakal mótóng pari kuwi mau.
Sinambi nunggóni anggoné mótóng, pawóngan kuwi banjúr ngêtókaké dhuwít cacah têlúng yuta sêtêngah, rêgané pari Mbah Suríp.
”Mangga dipún étang rumiyín Mbah”, mangkono panjaluké.
Mbah Suríp banjúr ngétúng siji mbaka sawiji dhuwit èkêtan èwón kang isíh katón anyar.
”Injíh sampún gênêp cacahipún Kisanak, mugi sanès wêkdal taksíh sagêt sambêtan malíh”, aturé Mbah Suríp banjúr tangané nyalami tandha pisahan sabab anggoné mótóng pari kang uga wís rampúng ditandangi. Trêk lan pawóngan kuwi banjur lumaku ninggalaké sawah.
Mbah Suríp nyaut paculé banjúr mulíh nggawa rasa bungah.
Pari síng dijagakaké pikolèhé pirang-pirang sasi diopèni, wuluwêtuné isa kanggo nyukupi butúh lan sapérangan isa kanggo nukókaké sêpédha Si Sri, putuné sing digulawênthah saka cilík.
Amarga rasa trêsnané kalawan putu, Mbah Suríp kêpéngín nukókaké sêpédha jèngki anyar.
Mêsakaké Si Sri kang sabêndinané hamúng nunút bóncèng kancané.
Ésúk kuwi Mbah Suríp mrupút mênyang kutha.
Sêdyané ora bisa dipambêg péngin-pénginé nyênêngaké putu.
Sêngaja Si Sri ora diajak, karêpé supaya kagèt mbahé kakúng bisa mujúdaké sêpéda kanggoné sêkolah.
Mbah Suríp milang-miling jèngki ijo ing toko sêpéda jumbúh karo síng dikarêpaké.
Batiné, sêpéda jèngki ijo iki mêsthi Si Sri bakal sênêng.
Sakwisé iku Mbah Surip banjúr nyêdhaki kasír.
”Cik... kula tumbas jèngkiné kang ijo”, têmbungé Mbah Suríp kalawan taciké sinambi ngrógóh kanthóngé lan nyêpakaké dhuwít wolúng atus èwu, asilé nêbaské pari kêpungkúr, jumbúh tulisan nota kang diwènèhaké.
Sapandurat taciké mandêng Mbah Suríp ora kêdhèp.
Kaya ora pêrcaya lan kêbak tanda pitakón.
Mbah Suríp dadi bingúng dhéwé.
Apa ana têmbúng kang salah, utawa dhuwité kurang.
Péngín mangêrtèni kasunyatané, dhèwèké banjúr nyêdhak marang bakúl pít iku.
”Mbah.... uangmu palsu”, têmbungé kang dódól sêpédha itu banjúr balèké duwité Mbah Surip.
Mbah Suríp kagèt prasasat disambêr blêdhèg.
Batiné sêlak kalawan kasunyatan kang diadhêpi.
Awaké gêmêtêr saya suwé saya lêmês ilang ótót bayuné, hamúng ngadêg jêgêgrêg tutuké ra isa ngêndika.
”Mbah..coba dilihat...dak ada bênang garisé.
Coba diraba mbah.....halús dak kasar kêrtasé, dan ditêrawang ......
dak ada gambar pahlawané”, taciké nêrócós nêrangaké ra béda iklan íng télévisi.
Kanthi ngindhít rasa wirang lan gêló, Mbah suríp lunga sêmprung tampa pamít.
Kaya-kaya ndoyané pêtêng. Isíh gawang-gawang anggóné macúl saka ésúk têkan soré, diréwangi adús kringêt gêlút lêndhút, kók kaya ngéné pungkasané.
Batiné muntap kalawan pawóngan wingi kang katón alús, anangíng sardula awêwujúd manungsa.
Pangandikané alús, jêbulé julík lan culika. Batiné péngín nêsu anangíng hamúng kandhêg íng sajroníng dhadha.
Dhèwèké mampír íng wít trêmbêsi tuwa íng pójók tanggúl sawah, dislónjóraké sikilé banjúr dhêlêg-dhêlêg. Dúh Gústi Pangéran kang gawé uríp, paringana kuwat. Wóng cilík óngklak-angklík kók têgêl-têgêlé diapusi. Wís bêjamu Sri aja dadi ati! Mbah Suríp sèlèh.


::Dening: Joko Priyono::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровые автоматы халксковорода с гранитным покрытием отзывыменю никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9928172
  Hari ini     :  Hari ini :909
  Kemarin     :  Kemarin :1640
  Minggu ini   :  Minggu ini :8318
  Bulan ini   :  Bulan ini :27797
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang