|
åndå Suwarnó watúk-watúk. Íng satêngahé wóng-wóng kang pådhå jêjogèdan iku, dhèwèké bangêt murinå. Anggóné ora murinå baé kêpriyé. Síng arané nóntón wayang kuduné yå wayangé síng digatèkaké. Dudu égólé bókóng pårå pênyanyi kåyå mangkono kuwi. Minångkå dhalang dhóngkól, dhèwèké duwé dudutan lamún pårå dhalang saiki sênêng aji mumpúng, nangíng ora migatèkaké anggóné mbabar critå. Supåyå pênóntóné mbludak, kudu mbóyóng pênyanyi síng akèh túr ayu-ayu. Sanadyan swarané múng pas-pasan nangíng yèn kêtèmplèkan rupå ayu lan wasís égól bókóng kåyå Inúl biså gawé kêmêcêré pårå pênóntón. Cêkaké dudu wayangé síng dadi tóntónan, nangíng kêpårå pårå pênyanyiné. "Iki janjané tóntónan åpå, tå?" pitakóné marang awaké dhéwé. Anggóné takón marga mêruhi kanyatan dhalang síng biyèné ngugêmi pakêm pakêliran yå wís mèlu-mèlu ambyúr íng pakêliran murahan. Contoné kåyå Ki Wasís Caritó kang wêngi iku ndhalang. Kamångkå, anggóné kêråyå-råyå nêkani jagóng disêngåjå bêngi awít sêkarêp bakal nóntón dhalangané Ki Wasís Caritó. Pranyåtå malah gawé ati gêlå. Awít, Ki Wasís Caritó ora múng mbadal såkå pakêm pakêliran kêpårå ugå ora ngugêmi pakêmé critå. Gawé lakón carangan mêsthiné olèh baé, níng yèn lakón mau mbabaraké crita yèn Citraksi duwé bojo Wårå Sêmbådrå iku jênêngé yå wís kêbablasan. Múng baé íng critå kuwi, pancèné Wårå Sêmbådrå kênyå wêtón Érómókó, dudu putri såkå Mandurå. Ki Wasís Caritó pancèn béda karo rikålå isíh mudhå. Biyèn, dhèwèké kondhang kaonang-onang minångkå dhalang síng larís margå pancèn apík têmênan, kajåbå swarané pancèn gandêm, sabêtan lan sanggité ugå brêgas. Dhèwèké ugå ora nyêmpal såkå pakêm pêdhalangan. Êmbúh margå åpå saikiné dhèwèké wís katút iliníng ombak síng kåyå-kåyå ora biså kabêndúng. Dhèwèké mèlu-mèlu nggêlar pakêliran síng bangêt nyêmpal såkå pakêm pakêliran. Gåndå Suwarnó isíh kèlingan jaman biyèn rikålå Ki Wasís Caritó síng jênêng asliné Paimín ajar ndhalang. Paimín pancèn rådå nékat supåyå biså dadi dhalang kang kondhang. Åpå baé ditêmpúh wêktu kuwi. Nadyan kêrêp tómbók nangíng ora kapók. Nadyan kêrêp buntúng têtêp baé manggúng. Wís dudu critå síng nggumúnaké lamún bubaran ndhalang dhèwèké kêrêp nuntún wêdhús mênyang pasar kanggo tómbók. Olèhé ora tómbók baé kêpriyé? Opah tanggapan múng róng yutå. Kamångkå pênabuhé ånå 22 wóng. Déné waranggana plus pênyanyiné ånå cacah limå. Kuwi durúng séwå gamêlan lan wayangé kang mbutúhaké dhuwít ora sêthithík. Kabèh mau pancèn ånå undhuhané. Paimín sidané dadi dhalang kondhang lan ganti jênêng Ki Wasís Caritó. Íng satêngahé pênóntón síng pådhå ngibíng, Gåndå Suwarnó tansåyå mumêt sirahé. Ora dikirå lamún dhalang síng dianggêp biså nêrúsaké pakêm pêdhalangan kåyå Ki Wasís Caritó kuwi saiki biså kêcêbúr íng pakêliran murahan. Pakêliran síng múng nyugúhaké hura-hura. "Hé, Gåndå Suwarnó, aku nuntút kêadilan marang kowé!" panggêtaké Butå Cakíl. "Nuntút bab åpå? Lha, salahku åpå?" "Kowé ora rumangsa salah? Salahmu wís ora kêpétúng...!" "Kowé golèk búkti? Ha, ha, ha...!" pambêngóké Butå Cakíl karo matané jêlalatan kåyå-kåyå arêp nguntal Gåndå Suwarnó. "Wís akèh búktiné. Aku sakåncå kuwi ugå titahíng Gústi. Íng antarané titah, satêmêné aku sakåncå kuwi pilíh tandhíng. Tandangku trêngginas, cêkatan. Níng kênå ngåpå aku sakåncå durúng tau mênang mungsúh wóng síng tandangé klêmar-klêmêr kaya Janåkå kaé?" "Pakêmé pancèn kudu ngono. Yèn kowé sakåncå síng dakmênangaké, biså-biså aku dibalangi pênóntón." "Atêgês uríp kuwi ora adíl. Ngêndi ånå wóng uríp múng kanggo tumbal liyan?!" "Yå kuwi adilé. Kuwi wís trêp...." "Kók biså?" "Yå, biså. Awít kowé butå síng èlèk rupané. Tumindakmu nasar lan adóh såkå pranatan. Mulå, kowé pantêsé yå kudu mati." "Yèn rupaku èlèk, kuduné síng salah kuwi ya síng natah wayang. Salahnå dhèwèké! Níng, yèn aku diarani tumindak nasar, aku ora trimå, awít aku durúng tau ndhêmêni bojoné liyan. Wís kapíng pirå kowé kêlónan karo pêsindhènmu?" Gåndå Suwarno kèlingan lêlakón nalikå isíh mudhå biyèn. Sabên-sabên ånå waranggånå ênóm túr ayu, mêsthi ora lupút dadi dhêmênané. "Ngåpå kók malah nglamún!?" panggêtaké Butå Cakíl manèh. "A..., aku njalúk ngapurå...!" "Njalúk ngapura? Kók gampang têmên...." "Banjúr aku kudu kêpriyé?" "Kowé kudu njawab pitakónku dhisík!" "Pitakónan bab åpå?" "Satêmêné síng nasar kuwi aku åpå Janåkå síng thúkmís lan sênêng ndhêmêni bojoníng liyan kuwi? Åpå margå klangênané Janåkå pådhå karo dhalangé, banjúr tansah dimênangké manåwå mungsúh aku?" "Hus, åjå ngrêmbúg bab kuwi manèh! Aku isín, margå wís tuwå...." "Kowé yå duwé isín, tå? Wóng kåyå kowé kuwi bêciké énggal tinjo akérat baé!" ujaré Butå Cakíl agahan polah pêncilatan ngubêr Gåndå Suwarnó. Ora ånå cårå liyå tumrap dhalang síng ambêgané wís nyênèn-kêmís kuwi kajåbå mlayu golèk slamêt. Anangíng éman, playuné Gåndå Suwarnó kêpapak déníng butå bajang. "Hé, Gåndå Suwarnó. Kowé isíh kèlingan aku?" "Ko, ko, ko...kowé Sukå Sarånå, tå?" sêmauré sajak kêwêdèn. "Hé, hé, hé...isíh tablang panyawangmu. Aku yå njalúk kêadilan kåyå Butå Cakíl!" "Kêadilan bab, åpå?" "Kowé isíh kèlingan tå, yèn aku mati siyå-siyå? Yèn dakråså tumindakku ora nasar kêpårå labúh-labêt marang sêdulúr síng daktrêsnani. Nangíng kêna ngåpå aku kudu nêmahi tiwas?" "Ko, ko...kowé yå kudu mati," sêmauré Gåndå Suwarnó sakêcêkêlé. "Kajåbå rupamu èlèk, anggónmu labuh-labêt margå kowé duwé mélík supåyå diaku sêdulúr déníng Bambang Sumantri." "Bab rupå èlèk kuwi jatah. Níng, tanpå labúh-labêt aku iki rak yå sêduluré ênóm Kakang Sumantri, tå?" "Bênêr, níng Sumantri rumångså isín duwé sêdulur kowé...." "Åpå laku síng kåyå mangkono malah dianggêp bênêr?' "Yå, pancèn pêsthiné kudu mangkono...." "Atêgês cêtha yèn kowé dhalang síng ora adíl. Mula, rasaknå landhêpé siyúngku iki!" Kapíng pindhóné Gåndå Suwarnó mlayu nunjang palang. Banjúr, makjadhúg! "Krompyang....!!!" Dhêngkulé natap sakaníng omah satêmah sêmpóyóngan nabrak méja kêbak gêlas lan jajanan. Wóng-wóng kang lagi ngêmasi gamêlan lan wayang banjúr ngróyóng-ngróyóng Gåndå Suwarnó margå sêmapút.
::Dening: Parno Parpal Poerwanto:: Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos http://www.solopos.co.id
|