Cêrita Cêkak -  

33. Judheg

Esúk wiwít tangi turu, Kang Soma dhêlêg-dhêlêg ånå lincak ngèmpèr omah. Sirahé kråså mumêt mikiraké uripé síng tambah ruwêt.
Atiné judhêg gawéyan mandhêg, butuhé tambah suwé tambah sêabrêg.
Élíng-élíng urípé yå múng dadi wóng cilík, dadi burúh ånå pabrík kanthi blånjå dinan waé yå kêrêp mandhêg, alias ora ajêg, nangíng kabutuhané kanggo kalumrahan dadi sêabrêg akèh bangêt.
Prasasat sabên ndinå ånå wóng nduwé gawé. Arêp ora ditêkani rasané kók yå isín lan pêkéwúh, mêngko ndhak diarani ora rukún karo tånggå.
Yèn ditêkani, kabèh mau mbutúhaké dhuwít kanggo nyumbang.
Malah kêrêp waé prêkara siji kuwi kadhang kålå ndadèkaké sulåyå rêmbúg karo bojoné.
"Kók kåyå wóng sugíh mbrèwu, dinå-dinå ngêdúm dhuwít".
Sawijiníng dinå Kang Somå kawêtu rêmbúg marang bojoné.
"Nyumbang yå nyumbang, jagóng yå jagóng, nangíng piyé upamané rådå dipilíh-pilíh?"
Krungu swårå síng lanang gêmrêngêng kåyå swarané tawón, Miyêm, bojoné Kang Somå, ora kuwat ngampêt håwå banjúr wangsulan,
"Piyé Kang? Aku mbók kón milíh-milíh? Ora biså Kang, coba tlitinên dhéwé, síng ngulêmi mantu, Pakdhé Arjo karo Mas Partó kaé isíh sêdulúr dhéwé, Kang Slamêt, Kang Parmín kuwi isíh kêcêr-kêcêr adhimu tunggal båpå biyúng, déné Nartó karo Pak Darmó tånggå adu pagêr, sabên ndinå gabrusan kêtêmu, åpå yå ora isín yèn kêtêmu?"
Njagani supåyå åjå nganti tukaran, síng lanang banjúr nylingkêr mênyang mburi omah, ngramban gódhóng waru kanggo makani wêdhusé.
Karo makani wêdhús, Kang Somå dhêlêg-dhêlêg manèh, kèlingan palapurané anaké síng isíh sêkolah ånå SMP, njalúk bayaran sêkolah kang nunggak têlúng sasi. Banjúr såkå kopêrasi ngélíngaké angsurané utang síng durúng kêbayar, katambah sumbangan síng pirang-pirang mau.
Ngélingi sêsanggêman kang akèh mau, Kang Somå banjúr alón-alón bali mênyang ngarêpan nêmóni bojoné.
"Mbókné...." kåndhå mangkono kanthi alón lan sarèh,
"Gandhèng butuhê dhéwé akèh, lan sêsanggêman ya pirang-pirang, piyé yèn wêdhusé didól?"
Síng lanang banjúr ngandhakaké mênåwå kudu mbayar utang mênyang kopêrasi lan SPP kanggo anaké.
"Yå ora prêlu kabèh, didól loro waé tak kirå cukúp kanggo nutúp butúh kang tumpúk-tumpúk iki".
Krungu kandhané síng lanang kang katón sarèh mau, Miyêm mikír sêdhélå.
"Wêdhusé diêdól? Yå yèn pancèn wís mbókkarêpaké lan ora ånå dalam liyané aku yå mathúk Kang, têrús kapan síng arêp ngêdól?" pitakóné bojoné marang síng lanang.
"Lha yèn kowé wís mathúk, sésúk tak gawané mênyang pasar, sésúk rak Kliwón pas tibå pasaran, dadi rådå ramé."
Têmênan. Ésuké, byar padhang, Kang Soma wús ngêtókaké wêdhusé såkå kandhang, dipilíh biangé siji karo anakané síng gêdhé siji.
Lagi njêdhúl såkå kampúng wús diaruh-aruhi déníng tånggå têparoné, yå múng diwangsuli yèn arêp digåwå mênyang kliwónan saprêlu dilêmpít didadèkaké dhuwít.
Wêdhusé têrus dituntún, sêdhélå-sêdhélå kêprungu swarané mbak-mbèk mbak-mbèk, saut sautan, mbókmênawa kråså yèn arêp didól.
Durúng têkan pasar, kêtêmu tanggané manèh íng têngah ndalan,
"Arêp digåwå mênyang kliwónan tå, Dhi?" pitakóné Kang Partó, tanggané cêdhak.
"Inggíh, Kang, ajêng kula dadèkké dhuwít, nggé nyaúr utang," wangsulané blåkå Kang Somå.
"Kók yå nduwé utang barang tå, Dhi Soma?" pitakóné manèh, rådå nlêsíh marang Kang Somå.
Ora lêt suwé lakuné wís têkan pasar, lagi arêp mlêbu lawangan pasar wús ånå nóm-nóman loro, katón gagah-gagah síng nyêgat.
"Wêdhusé nåpå ajêng disadé, Pak?" pitakóné nóm-nóman mau.
"Inggíh.. lêrês, Nak, wêdhús kulå niki pancèn kulå sadé, lha månggå tå, mang tumbas," wangsulané Kang Somå,
"Gèk mang tåwå pintên, pókóké ndang dadi dhuwít." Panganyangé nóm-nóman iki mêngko kênå diênggo ancêr-ancêr, wóng dhèwèké ora ngêrti rêrêgan wêdhus.
"Dós pundi, Pak, yèn kula bayar Rp 700.000?" panganyangé.
"Wah...nggíh dèrèng angsal tå yèn sêmantên, niki nyåwå loro,
"wangsulan mangkono karo têtêp nuntún wêdhus digåwå mlêbu njêro pasar.
Sawisé mbayar rétribusi pasar, wêdhusé dituntún mênyang nggoné wóng-wóng kang pådhå dódól wêdhús liyané.
Ånå kånå akèh wóng kang pådhå nakókaké wêdhusé, síng akèh yå blantík-blantík wêdhús kang gawéyané pancèn dól tinuku wêdhús, malah ånå síng dadi lantaran nawakaké thók marang wóng liyå.
"Disadé pintên méndané Pak?" salah sijiné wóng mau ånå kang takón, déné liyané pådhå mèlu ngrubúng.
"Èntên jawi wau dipuntåwå Rp 700.000," wangsulané Kang Somå,
"Hla nggå sampéyan wantún mbayar pintên?"
"Nggíh pún yèn angsal kula bayar Rp 750.000," panganyangé,
"Wóng síng sêtunggal niku tasíh cêmpé ngatên."
Barêng wêktuné ndungkap awan, síng nganyang ånå njåbå mau mlêbu pasar nyêdhaki dhèwèké.
"Pripún Pak, dèrèng kêdadósan rêgané?"
"Dèrèng Mas, niki wau dinyang tiyang nikå," karo nudíng wóng síng ngênyang wêdhusé. "Rp 750.000, lha nggå tå mang undhaki rêgané mang buntu mawón."
"Inggíh pun kulå bayaré, buntu dadós Rp 800.000 tå?"
Salah sijiné nóm-nóman mau banjúr ngêtókaké dompèté, dhuwité sagêbúng didudút warnané biru akèh bangêt, túr anyar-anyar kabèh.
Sawisé diétúng gênêp, nóm-nóman loro mau banjúr gêgancangan ninggalaké Kang Somå nuntún wêdhusé síng dituku.
Déné síng nåmpå dhuwít bayaran wêdhús ugå énggal-énggal mêtu såkå pasar kang wús katón sêpi.
Mlakunê kåyå digêlak, dåyå-dåyå énggal kêtêmu bojoné butúh mamèraké dhuwít payón wêdhús síng anyar-anyar kuwi.
Íng têngahé lumaku, dumadakan wêtêngé klurúk kråså luwé, wóng sakésúk durúng klêbón åpå-åpå.
Mula barêng wêrúh warúng saté, banjúr mampír mlêbu warúng, åbå saté tóngsèng karo sêgané pisan.
Sawisé kråså warêg kèlingan bojoné banjúr njalúk diwungkusaké saté bakar, kanggo olèh-olèh ngomah.
"Sêdåyå kalíh dåså èwu rupiah Pak," kandhané bakúl saté.
"Inggíh...nggå artané," Kang Soma ngêlúngaké dhuwité saklêmbar.
"Pak...nyuwún ngapuntên dhuwít sampéyan niki mbótên payu, niki palsu," kawêtu kandhané bakúl saté marang Kang Somå.
"Pripún Pak....dhuwité palsu?" wangsulané kagèt,
"Wadhúh lha kojúr tênan iki. Kamångkå sêdåyå nêmbêlas lêmbar," karo ngêtókaké dhuwít såkå kanthóngané.
Kang Soma atiné tambah judhêg, pandêlêngé klêmun-klêmun lan nggêblag, sêmapút. Êmbúh kêpriyé mêngko anggóné biså critå marang bojoné.


::Dening: David Soediman::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Sberbankтубасайт отзывов

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1636
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3856
  Bulan ini   :  Bulan ini :57791
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang