Cêrita Cêkak -  

37. Critaku Marang Angin

Mbókmênåwå aku pancèn wis lumrah yèn nandhang kåyå mangkéné. Sikil lumpúh ora biså mlaku, awakku sing sêparo têngên kåyå-kåyå yå wis arêp lumpúh. Panandhangku iki yå awit pokalku dhéwé. Lan Gústi banjúr ngukúm aku kanthi lêlårå iki. Mangkéné critané.
Jênêngku Limpat Sarwådorå, undang-undanganku Kang Limpat. Aku wis kawêntar wóng sing sarwå biså. Åpå-åpå daklakóni. Mêsthi waé sing nguntúngaké. Nyatané aku tansah biså éntúk bathi.
Wêktu kuwi sing nêmbé dadi rêmbúg bab Pilkada (Pêmilihan Kêpala Daérah). Sêdinå mupút aku golèk sisik mêlik ngênani Pilkada. Dhaérahku ånå calón loro.
Dudu Kang Limpat yèn orå biså mlêbu dadi parågå ånå ing pêmilihan iki. Ora tanggúng-tanggúng, aku dadi salah sawijining tim suksès. Aku dadi tim suksès jago loro-loroné, kanan kiri oké..
Dadi anggota tim suksès yå lumayan répót, nanging ora åpå-åpå, awit kabèh ånå sing ngragati. Rapat rana-réné, åpåmanèh wayahé kampanyê..., wah kåyå pêgawé anyaran.
Wêktu lumaku ajêg. Dinå sing ditêmtókaké kanggo pilihan bupati wis têkan. Kahanan ramé bangêt. Sabên TPS dikêbaki pêmilih lan bótóh. Mbókmênåwå ngabótóhan iki wis dadi kabudayan.
Lan aku ora prêduli sing mênang såpå, awit kabèh ngúntúngaké. Yå ngéné iki yèn wis mumpuni ngèlmu bunglón. Cêdhak ijo dadi ijo, cêdhak abang dadi abang. Sing pênting biså ngúntúngaké tumrap aku.
Cobå saiki ayo dipikir barêng, yèn ngéné iki såpå sing bodho lan såpå sing pintêr? Ngakuå biså njårå langit paribasané yèn ora bisa migunakaké kahanan iki, kåyå aku, atêgês wóng kuwi kalah pintêr yèn karo aku. Iki ora ngåyåwårå, nanging iki kasunyatan.
Pêmilihan bupati wis rampúng. Kabèh lumaku kanthi rancag. Kalêbu kabèh usahaku wis ngasilaké bathi sing lumayan. Iki durúng bathi såkå proposal sing mêngko bakal mudhún, yèn ora klèru ana proposal 14 sing liwat aku. Upåmå sabên proposal mêngko éntúk pêrsènan satus èwu, yèn 14 atêgês éntúk bathi Rp 1,4 yutå.
Aku krungu kabar yèn sawisé pêmilihan bupati bakal ånå sêlèksi pênêrimaan pêgawai nêgêri sipil (PNS). Dudu Kang Limpat yèn ora bisa nggunakaké kalodhangan apik. Sawisé éntúk wartå akurat, aku banjúr mubêng golèk mångså. Aku milih wóng sing duwé anak sarjana nanging durúng éntúk pêgawéyan. Aku kåndhå yèn biså nglantaraké anaké dari pêgawé nêgri. Aku ugå kåndhå yèn aku duwé wóng pênting ing papréntahan.
Aku éntúk bocah wolu. Lan sabên bocah dakåbå dhuwit Rp 70 yuta. Sêparo dibayar kèri nalikå wis gênah dadi pêgawé, déné sing sêparo kudu dibayar saiki.
“Kulå nuwún.”
Aku gragapan såkå anggónku ngumbar angin. Såpå iki wayah surúp ngéné kók ånå wóng mårå dhayóh.
“Månggå, tindak mlêbêt lajêng lênggah,” aku banjúr nyalami dhayóhku.
“Têkaku mréné múng arêp nanjihaké, åpå kowé pancèn biså nglantaraké anakku dadi pêgawé nêgri?” têmbungé Pak Brangas rådå rangu.
“Kulå sampún matúr, Pak. Bilih kulå punikå namúng sakdêrmå badhé nulúng, awit anggèn kulå gadhah sêsambêtan kaliyan tiyang nginggil punikå mbótên wóntên ginanipún mênawi mbótên kulå mupangatakên. Kulå ugi sampún matúr mbókbilih putranipun Bapak mangké mbótên sagêt katút, sêdåyå wragat ingkang sampún kulå tampi badhé kula wangsulakên wutúh mbótên kirang sak sèn kémawón,” anggónku gunêman lirih, pamrihku biså nakyinaké marang Pak Brangas.
“Yå wis yèn mangkono. Têmbúngmu dakgondhèli tênan, yèn nganti kabèh têmbúngmu mbókblénjani, aku ora tanggúng jawab yèn ånå åpå-åpå,” têmbúngé nadyan alús nanging ngincim. Githókku dadi mrinding.
Dinå sabanjuré aku nêmóni bocah wolu sing bakal daklantaraké kuwi. Siji mbåkå siji dakkandhani, sanadyan wis nganggo dhuwit ora atêgês dadi pådhå sakpénaké dhéwé. Soal-soal sêlèksi kudu digarap sing sabêcik-bêcikê, awit sing nglantaraké ugå duwé råså pêkéwúh.
Móngsók bijiné waé èlèk-èlèk kók biså katút dadi pêgawé. Mula ora kétang sithik kudu biså gawé dalan dhéwé amrih ora bangêt kétók anggóné laku slinthutan. Pókóké aku manti-manti, soal-soal sêlèksi kudu digarap kanthi bêcik, lan wiwit saiki kudu sinau sing tênanan.
Sing mèlu tès pêgawé taún iki akèh bangêt, udakårå ånå wóng 8.000. Déné lówóngan sing ånå múng 224. Ing batin aku ndongå mugå-mugå kabèh jagoku bisa lulús anggóné sêlèksi.
Mulå nalikå dinå sing ditêmtókaké kanggo pêngumuman wis têkan, aku énggal nggolèki bakúl koran sing padatan dadi langgananku. Koran banjúr dakbukak, sêlak ora sråntå anggónku kêpéngin wêrúh asil sêlèksi. Aku unjal napas landhúng nalikå wis rampúng anggónku njlimêti jênêng-jênêng sing ditulis ing koran kuwi. Bocah wolu sing daklantaraké, sing ora katút múng bocah loro.
Donyå iki katón padhang njingglang. Kabèh sing daksawang katón éndah. Ésúk iki aku ngombé kópi susu, sarapanku sêgå angêt lan êmpal sapi, udútku yå sing larang. Mbókmênåwå dina iki dadi dinaku. Såkå bocah wolu sing daklantaraké, bocah ênêm katút dadi calón pêgawé. Dhuwit Rp 420 yutå kêlakón mlêbu kanthóngan.
Satêmêné aku babarpisan ora duwé sêsambungan karo pêjabat ndhuwúr. Pawitanku múng nékat. Sing dakcêdhaki utåwå mangsaku yå bocah sing dakanggêp mêngko biså klêbu. Lan sing gênah duwé modhal dhuwit. Sanadyan bocahé pintêr nanging yèn ora duwé dhuwit yå ora dakcêdhaki.
Wêktu kuwi ing batin aku ngalêm marang awakku dhéwé. Yèn kêpéngin pintêr mêrguruå marang aku, Kang Limpat, dakkirå lumantar critaku iki kabèh wis pådhå ngêrti satêmêné såpå sing pintêr lan såpå sing bodho.
Angin wêngi tumiyúp alón, kåyå-kåyå mèlu ngréwangi anggónku månthå-månthå dhuwit sing wis daktåmpå. Dhuwit sing satêmêné rêgêt, ngluwihi rêrêgêt sing paling rêgêt ing donyå iki.
Lan nyatané Gústi ora saré, aku diukúm ing donyå iki. Lan aku ugå ngêrti mbésúk aku isih kudu ngadhêpi pradatan agúng sing digêlar Panjênêngané.


::dening: Al Aris Purnomo::
Edisi : Kamis, 27 November 2008 , Hal.C
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Сбербанкникас ценыалександр лобановский харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1641
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3861
  Bulan ini   :  Bulan ini :57796
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 48

Kontak Admin.

email-kidemang