|
u Lêstari ora tau absèn olèhé mèlu Pósyandu Lansia íng kampungé. Anané pósyandu mau dirasakaké Bu Lêstari migunani bangêt tumrap dhèwèké. Amargå íng sabên patêmónan dhèwèké biså éntúk kawrúh babagan kêséhatan. Pêrkårå kêséhatan pancèn nyumêlangi tumrap wóng saumuré Bu Lêstari. Wís wolúng sasi Bu Tari pènsiún såkå kantór Pêmda. Mulå kêgiyatan pósyandu mau bisa dadi sêsulíh ngisi wêktuné. Kêjåbå pósyandu, dhèwèké ugå aktif íng kêgiyatan dåså wisma, PKK, lan pêngajian. Íng sasêlané kêgiayan órganisasi, Bu Tari ugå isíh nåmpå pêsênan panganan. Kabèh mau dilakóni supåyå dinå-dinå pènsiuné ora kråså nglangut. “Bu, súk Minggu ngrawuhi póra?” pitakóné Bu Yoga. “Pósyandu på, Bu?” Bu Tari bali takón. “Ora, pêngajian nang Mêsjíd Agúng iku, lho!” “O… iku ta. Rak acarané Muludan awan, tå?” “Lha yå awan, njúr njênêngan arêp ndhèrèk pósyandu dhisík, på ra?” “Yå mèlu sík tå, Bu? Aku rak pêngurús, pêkéwúh nèk ora têkå! Palíng mêngko jam sêpuluhan pósyanduné rak wís rampúng!” Nadyan anggóné mèlu pósyandu nêmbé waé, nangíng Bu Tari wís didadèkaké pêngurús. Mbókmênåwå mêrgå dhèwèké pènsiunan pêgawé mulå njúr dipêrcåyå dadi pêngurús. Bu Tari pêngurús síng sêmbådå. Minggu ésúk sadurungé anggota pådhå têkå, dhèwèké wís têkå dhisík nyiapaké ubå rampéné kêgiyatan. “Wah … jan, gasík tênan Bu Tari!” panyapané Bu Bandi kêtuané pósyandu. “Yå tå, yå! Yå bèn dadi patuladhané pêngurús liyané tå, Bu!” ”Kitå pancèn kudu nyontoni kók, Bu. Bèn pårå anggota ora cuwå karo pêlayanané dhéwé, rak ngono tå, Bu?” Pósyandu Lansia íng kampúng kono, pancèn migunakaké sistém pêlayanan méjå têlu. Méjå kapisan kanggo pêndhaftaran lansia, pêngukuran tinggi badan, lan bêrat badan. Méjå kapindho kanggo nyathêt bêrat badan, tinggi badan lan indèks massa tubuh, sartå kanggo pêlayanan kêséhatan sêdêrhana. Lan biså ugå nggawèkaké rujukan kanggo anggota kang mbutúhaké. Méjå katêlu digunakaké kanggo kêgiyatan pênyuluhan lan kónsêlíng. Bu Tari dipêrcåyå nyêkêl méjå nómêr siji. Dhèwèké ndhaftari anggota siji mbåkå siji. “Wís gèk ndhaftara dhisík Pak Adi, mumpúng sêlå!” kandhané Pak Utåmå. Síng diajak ngómóng malah gragapan, amargå Pak Adi lagi nyawang solah bawané Bu Tari. Dhèwèké banjúr dadi kèlingan nalikå ibuné bocah-bocah isíh uríp. Pancèn Pak Adi wís ditinggal mati bojoné limang taún kêpungkúr nalikå dhèwèké isíh dhinês íng Jakarta. Pak Adi maju marani méja pêndhaftaran, nangíng dhèwèké malah dadi tambah gugúp. “Nuwún sèwu, asmanipún sintên nggíh, Pak!” “Kulå … kulå Adi!” “Asmå jangkêpipún!” “É … Adi Wibisónó.” Pak Adi dadi rådå salah tingkah. Bu Tari amúng mésam-mèsêm baé nyawang solah bawané Pak Adi síng kåyå mangkono mau. Sawisé mbèrèsi ubå rampé síng kanggo pósyandu, pårå pêngurusé banjúr pådhå bali nyang omahé dhéwé-dhéwé. Kåyå padatan Bu Tari bali barêng karo Norma lan Ida. Pêmudhi-pêmudhi mau sing mbiyantu kêgiatan pósyandu íng kampungé. Kayané Bu Tari ugå duwé råså sêngsêm marang Pak Adi sanajan nêmbé kêpêtuk kapíng sêpisan. “Då, wêrúh på ra kowé mau ånå wóng síng kåyå Cók Simbara?” takóné Bu Tari. “Cók Simbara såpå tå, Bu?” Ida balês takón. “O …nèk awakmu yå ra ngêrti, wóng cah wingi soré,” panyaruwéné Norma. “Kuwi lho Cók Simbara artis sinêtrón!” kandhané Bu Tari. “Êndi ånå wóng kampungé dhéwé síng kåyå artis? Síng ånå malah kåyå pêlawak Komar. Lha kaé, Pak Gun kaé!” Ida clêmóngan. “Åjå kurang ajar kowé Da, mêngko anaké nêsu lho bapakné mbók padhakké Komar!” panyauté Bu Tari. “O … aku ngêrti. Síng asmané Pak Adi kaé på, Bu?” “Lha iyå, déné kowé ngêrti Nor!” “Wah … Bu Tari naksír nih,yé … !” Norma banjúr móyóki. “Naksír piyé, múng takón baé, kók! Lha aku iki wís simbah-simbah, jaré!” “Yå ra på på, pubêr kêtiga kók yå, Bu?” pangécéné Ida. Wóng têlu gêr-gêran krungu ómónganê Ida. Barêng têkan ngarêp omah, Bu Tari banjúr nawani bocah loro mau,”Yo dhå mampír på ra! Aku duwé jajan énak lho!” “Ora Bu, matúr nuwún!” kandhané cah loro mèh barêng. Såkå bocah loro mau Bu Tari ora kasíl éntúk sisík mêlík ngênani såpå sabênêré Pak Adi iku. Malah dhèwèké diécé karo bocah loro kuwi. Kanggo njågå kasarasan, sabên lêbar sholat Shubuh Bu Tari mêsthi mèlu sênam Tai Chi. Yèn pinuju ora sênam, dhèwèké nglêgakaké mlaku-mlaku karo golèk sarapan. Nalikå mlaku-mlaku kuwi mau ndilalah dhèwèké mrangguli Pak Adi kang lagi rêsík-rêsík pêkarangan omahé. “Lho iku rak dalêmé Pak Hardi! Njúr såpå yå sakbênêré Pak Adi iku?” pitakóné Bu Tari ing njêro ati. Diwanèk-wanèkaké Bu Tari nyåpå arúh Pak Adi síng lagi madhahi uwúh. “Sugêng énjíng, Pak!” Síng disåpå ora krungu, isíh têtêp ndhingklúk ithúk madhahi uwúh. Banjúr Bu Tari nyåpå manèh. “Sugêng énjíng, Pak Adi!” “O … é … énjíng, Bu! Tindak-tindak?” “Inggíh, Pak! Bapak dalêmipún ngriki tå?” “Lha månggå mbók pinarak, månggå lho saèstu! “Inggíh matúr nuwún! Mbénjang mênawi wóntên wêkdal!” “O… inggíh, Bu! Mbénjang dintên Minggu wóntên kêmpalan pósyandu malíh mbótên nggíh, Bu?” “Wóntên, Pak! Kêmpalan pósyandu kampúng ngriki wóntên têrús kók, Pak! Mbénjang rawúh nggíh, Pak!” “Inggíh, inggíh Insya Allah!” Sawisé ngómóng sapêrlu Bu Tari banjúr pamitan, “Kula nyuwún pamít, parêng rumiyín!” “Inggíh … inggíh månggå, ndhèrèkakên sugêng tindak!”
Bu Tari banjúr nêrusaké laku. Bu Tari isíh pênasaran, durúng mangêrtèni sawutuhé såpå sakbênêré Pak Adi kuwi. Arêp takón luwíh akèh dirasak-rasakaké kók yå saru, wóng lagi kêtêmu píng pindho. Minggu ésúk, Pak Adi wís mangkat mênyang kumpulan pósyandu. Dhèwèké duwèni karêp mangkat gasík bèn biså kêtêmu manèh karo Bu Tari nganti dhèwèké lali ora ngampiri Pak Utåmå. Kamångkå dhèk Minggu wingi Pak Utåmå síng ngajak dhèwèké. Pancèn olèhé Pak Adi mangkat gasík ora musprå, amargå Bu Tari wis têkan kånå lagi nyêpakaké ubå rampé kanggo kêgiyatan pósyandu iku. “Sugêng énjíng, Bu!” “O … Pak Adi, månggå pinarak rumiyín! Kók gasík têmên, tå?” “Inggíh, wóng nggriyå nggíh sampún rampungan.” Wêktu iku pancèn isíh sêpi panggónan kono, síng lagi têkå múng Norma. Dadiné wóng loro rådå kêpénak olèhé ngóbról. “Nuwún sèwu, mênawi asmanipún Ibu mênapanipún nggíh, Bu?” “Kulå … Lêstari!” wangsulané Bu Tari liríh. “Nuwún sèwu nggíh, Pak Adi mênika mênawi kaliyan Pak Hardi kêpêrnah sintênipún nggíh?” “Kulå mênika putranipún Pak Hardi íngkang nomêr kalíh.” “O …, mênawi makatên njênêngan adhikipún Mbak Tatik nggíh, Pak?” “Inggíh … inggíh lêrês sangêt! Lha Bu Tari kók mangêrtós?” “Kulå rumiyín rak réncang nari wóntên kêcamatan! Lha sakmênikå wóntên pundi nggíh?” “Mbak Tatik mênikå sakmênikå tumút kakungipún wóntên Médan.” “O …, makatên tå! Nuwún sèwu nggíh, nalikå kulå alít, mênawi dolan wóntên dalêmipún Mbak Tatik kók mbótên naté manggihi Pak Adi nggíh?” Pak Adi banjúr critå. Wiwít isíh cilík amargå kêsundhulan adhiné, dhèwèké banjúr dimóng déníng budhéné síng ora kagungan putrå íng Sêmarang. Mulané nalikå Bu Tari isíh cilík, wêktu kêkancan karo mbakyuné mêsthi baé ora tau wêrúh dhèwèké, amargå wís ndhèrèk bu dhéné kawít isíh umúr sêtaún. Sawisé lulús kuliah dhèwèké banjúr kêrjå íng Dêpdagri Jakarta. Anangíng kulawargané têtêp íng Sêmarang, dadiné pisah-pisah. Nalikå bojoné lara-laranên, bojoné banjúr mêtu olèhé nyambút gawé lan nyusúl Pak Adi íng Jakarta nganti tumêkaníng mati. Anakké dhèwèké têlu wadón kabèh, síng loro wís omah-omah lan síng ragíl isíh kuliah. Róng sasi sawisé pènsiún dhèwèké bali manèh íng omahé wong tuwané. Omahé íng Jakarta dianggo anaké mbarêp síng wís omah-omah. Dhèwèké milíh bali nang omahé bapaké amargå luwíh kêpénak lan ora kêmrungsung kåyå nang Jakarta. Kêjåbå iku bisa luwíh cêdhak karo anaké wédók síng isíh kuliah ing Sêmarang. Sawisé Pak Adi ngandharaké sêthithík bab dhèwèké, Bu Tari banjúr gênti ngandharaké lêlakóné. Mênåwå dhèwèké ditinggal mati bojoné wís suwé, nalikå anaké isíh kêlas siji SMA. Bapaké bocah biyèn guru SMA lan asli kampúng kono ugå. Dadiné dhèwèké singlê parênt, lan ora rabi manèh. Anak ontang-antingé saiki dhinês íng Papua dadi pêrwira AD lan wís duwé anak siji. Dhèwèké sanajan ijèn wêgah mèlu anaké, amargå kêpéngín ngrumat omah tinggalané bojoné. “Nuwún sèwu, Bu Tari sabên dintênipún wóntên ndalêm mênåpå mbótên, nggíh?” “Kulå sakplóké pènsiún kathah wóntên nggriyå kók, Pak! Lha dós pundi, tå?” “Mbótên …, mênawi kêparêng kapan-kapan kula badhé sowan!” “Nggíh, Pak! Mênawi wóntên dalêmé Bu Tari, mangkíh didamêlaké jajanan énak lho, Pak! Saèstu Pak! Wóng Bu Tari pintêr dêdamêlan jajanan!” panyaruwéné Norma. “Huss … mèlu-mèlu kowé, Nor!” panyauté Bu Tari. “Lha mênika kêlêrêsan, Bu!” “A …lah, namúng kanggé ngisi wêkdal kók, Pak! Hobi kulå kålå rumiyín!” Nalikå ånå kalodhangan, Pak Adi banjúr sånjå nang omahé Bu Tari. Sasi gumanti sasi hubungan kêkaroné såyå tambah rumakêt, nganti wís ora pådhå basan-binasan barang. Tånggå têparo ugå wís pådhå ngêrti hubungan kang katón spésial mau. Nangíng Pak Adi durúng naté nyuntak isèn-isèné kalbu marang Bu Tari. Amargå, nalikå sånjå ing omahé Bu Tari, Bu Tari isíh masang photo-photo karo sisihané biyèn. Dadi kênangan biyèn karo sisihané isih diuri-uri déníng Bu Tari. Yèn mangkono mênåwå dhèwèké arêp nyêdhaki rak yå músprå mêsthi ditampík. Angèl ugå Pak Adi arêp mèlu ngilangaké kênangané Bu Tari karo sisihané biyèn. Nanging Pak Adi têtêp arêp mbudidåyå supåyå bisa nggantèni swargi sisihané íng atiné. Kêkaroné banjúr pådhå nyritakaké hubungan mau marang anaké dhéwé-dhéwé sanajan múng liwat télpon. Anak-anaké Pak Adi pådhå sarujúk kabèh yèn bapakné arêp omah-omah manèh. Yèn anaké Bu Tari, kón têrsêrah ibuné baé êndi apiké. Ananging Bu Tari isíh mangu-mangu arêp nåmpå Pak Adi, amargå dhèwèké pancèn wís kulinå uríp mandhiri. Lan yå rådå isín karo tånggå têparo lan sêdulúr-sêdulúr, wóng wís simbah-simbah kók arêp omah-omah manèh. Síng dipikír wêktu iki déníng Bu Tari pancèn amúng arêp ngakèh-ngakèhi olèhé ngibadah, sapêrlu kanggo sangu mbêsuké. Nalikå dinå riyåyå, Bu Tari sakulåwargå pådhå silaturahmi sowan dalêmé Pak Adi. Íng kono kulawargané Pak Adi ugå wís pådhå kumpúl. Kabèh pådhå ngóbról ngalór-ngidúl kåyå wís sêduluran suwé. Banjúr anaké wédók Pak Adi matúr marang Bu Tari, “Bu …, mbók hubunganipun Ibu Kaliyan Bapak dipúnrêsmèkakên kémawón. Bèn dalêm lan adhík-adhík gadhah Ibu malíh!” “Wah … nèk bab iku, Ibu durúng kêpikiran, jaré! Nèk múng mbutúhaké Ibu, Bu Tari yå gêlêm dadi Ibuné bocah-bocah kók, Mbak!” “Dalêm kalihan adhík-adhík sêdåyå nggíh sampún sarujúk kók, Bu! Saèstu …!” “Inggíh Bu, mangké kêrsané bapak dalêm wóntên íngkang ngurús!” panyaruwéné ragilé Pak Adi. “Huss … yå ora kåyå mangkono! Yå ora njúr ngurús Bapak, yå pådhå uríp bêbarêngan, kók!” panjêlasé Pak Adi. Såkå dalêmé Pak Adi, Bu Tari banjúr njalúk panêmu babagan hubungané karo Pak Adi marang anak lan mantuné manèh. “Piyé … Lé! Panêmumu pantês på ra yå, nèk ibu omah-omah manèh?” “Kandhani sak kêrsané Ibu ngono, lho!” “Inggíh Bu, nggíh pantês-pantês kémawón, wóng Ibu tasíh katón timúr, kók!” kandhané mantuné. “Lha kåyå ngéné kók ênóm, síng tuwå njúr kåyå ngåpå!” Kabèh banjúr pådhå gumuyu. “Mênåpå Ibu dèrèng sagêd nglalèkaké swargi Bapak?” “Yå … yå bênêr kandhamu! Lha dêlóknå baé photo-photo swargi íng dhindhíng kaé, rak ya isíh pådhå dakpasang, tå? Atiné Ibu wêktu iki isíh kêbayang swargi Bapakmu!” Pancèn Bu Tari rådå bingúng nalikå arêp mangsuli panjaluké putra-putrané Pak Adi supåyå dhèwèké gêlêm karo Pak Adi. Sajatiné íng atiné Bu Tari saklébatan råså sêngsêm marang Pak Adi. Anangíng arêp ninggalaké kênangan karo swargi bojoné, dhèwèké ora biså. Kåyå-kåyå kók doså yèn dhèwèké rabi manèh. Sanajan Bu Tari ora gêlêm nanggapi kêkarêpané Pak Adi, wóng saklórón mau isíh têtêp njågå silahturahmi. Anak-anaké Pak Adi wis nganggêp ibuné dhéwé marang Bu Tari. Malah anaké ragíl Pak Adi yèn pinuju liburan, nginêpé ing dalêmé Bu Tari, ora ngancani Bapaké.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on Juni 28, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |