|
nggóné nyambút gawé dadi tukang bécak wís suwé bangêt, wiwít mantèn anyar nganti nduwé anak papat. Isíh diayahi kanthi råså tanggúng jawab sartå ora nduwèni råså aras-arasên babar pisan. Kanggoné Durasím, kêndharaan rodhå têlu kuwi wís dianggêp kåyå déné sawah síng wulu pamêtuné kanggo nguripi anak bojo mbên dinané. Satêmêné biyèn tau bantíng stír bakulan pitík síng ora patiyå rêkåså. Níng jêbúl malah kêrêp rugi. Mbók mênåwå waé pancèn wís ditakdíraké déníng síng ngêcèt lómbók mênåwå garís uripé kadidéné tukang mancal bécak. Dinå kuwi isíh jam sêpuluhan nangíng panasé wís kråså sumêlèt. Karo mêthangkróng nèng ndhuwúr bécaké, bola-bali Durasím ngêlapi rainé síng gêmróbyós nganggo andhúk cilík kang dikalungaké gulu. Durasím ajêg mangkal nèng prapatan ringín kêmbar. Diarani prapatan ringín kêmbar mêrgå íng kiwå têngêné prapatan pancèn thinukulan wít ringín kang pådhå gêdhéné. Durasím banjúr ngêtókaké udúd klóbót såkå sak clanané. Sakwisé disumêd dhèwèké ngêmataké anggoné ududan sinambi ngêntèni têkané pênumpang. Rókók saklêr síng disêdhót wís mèh êntèk nagíng pênumpang síng diarêp-arêp blas durúng ånå síng kêmliwêr. Kamångkå biyasané yahmono kuwi dhèwèké palíng ora wís narík pindho. ”Man, iki dinå åpå tå?” pitakóné Durasím marang Suliman, kancané bécakan síng ugå mangkal ånå kono. ”Gênah dinå Slåså ngéné kók, pikún på piyé kowé kuwi,” sêmauré Suliman karo mijêt ban bécaké ngarêp mburi. “Gak ngono, kók pênumpangé sêpi mên? Åpå kirå-kirå pas dinå apêsé awaké dhéwé?” ujaré Durasím karo ngguwang rókók síng kari têgêsan. “Nèk ngéné iki pénak dadi pêgawé nêgri yå, nyambút gawéné alús mbèn wulan ènèk síng dijagakné,” panggrêsahé Durasím. “Mênungså mono sawang sinawang, Kang. Kåyå déné gunúng kaé yèn disawang såkå kadohan katón éndah. Níng barêng dicêdhaki jêbúl kêbak watu-watu padhas lan ri bêbóndhótan. Kók kirå pårå pêgawé nêgri iku gak sambat? Awaké dhéwé iki ibarat padasan, yèn diisèni banyu kêbak mancuré iyå bantêr. Sêmono ugå nèk kari sêtêngah utåwå mèh asat mancuré yå alón.” ”Yå ånå bênêré ómónganmu”. “Mulané gak usah nggrêsulå. Pêgawé nêgri mono biyèné sêkolah dhuwúr lan ngêntèkaké ragad akèh. Wís sakmêsthiné yèn têmbéné nyambút gawé kêpénak, bayarané gêdhé. Lha nèk aku karo kowé sêkolah waé múng trimå lulusan SD, mulané nyambút gawéné yå nganggo ókól. Níng síng pêntíng khalal lan tansah diparingi sêgêr kuwarasan. Najan kåyå ngéné asilé isíh biså kanggo nguripi anak bojo.” “Bécak, Pak!” Durúng nganti Durasím nganggapi ómóngané Suliman, kêsaru têkané wanita umur-umuran likuran taun cêlúk-cêlúk arêp numpak bécak. Durasím lan Suliman gagéyan mênyat såkå lungguhé banjúr nåtå bécaké. ”Aku åpå awakmu síng narík,” pitakóné Durasim. “Kowé dhisík ora påpå, Kang. Mêngko nèk ènèng pênumpang manèh giliranku,” kandhané Suliman. Durasím banjúr ngingêr bécakaké lan dipapanaké ånå sangarêpé wanita mau. “Badhé tindak pundi, mbak?” pitakóné kanthi unggah-ungguh alús. “Têrminal, Pak. Pintên óngkósé?” “Biyasa mbak, pitúng èwu.”
“Nggíh pún, månggå nèk ngatên,” wangsulané kênyå kuwi banjúr nåtå bókóngé síng katón móntóg nèng ndhuwúr bécak. Gåndå wangi parfum nyêgrak irungé Durasím. Yèn nyawang sragamé putíh-putíh, pênumpangé kuwi cêtha sawijiníng pêgawai kêséhatan. Rodha bécak ngglindhíng lón-lónan tumuju arah têrminal. Swarané gumêrít kriyèt-kriyèt, kålå-kålå patíng glodhag ugêr bané ngambah jêglóngan. Karo mancal bécaké, sadalan-dalan Durasím nggagas uripé síng tansåyå suwé diråså tansåyå abót. Kåyå-kåyå ajiné dhuwít såkå anggóné mbécak ora mbêjaji yèn dibandhingaké undhak-undhakan rêgå kêbutuhan. Kêbutuhané såyå akèh, nangíng rêrêgan såyå nêkak gulu. Wís ngono pênumpangé såyå sêpi sêbab wóng-wóng wiwít pådhå wêgah numpak bécak lan pilíh krédit sêpédha mótór. “Kèndêl sêkêdhap, Pak!” abané kênyå kuwi karo mlêngak mêmburi mènèhi kodhê supåyå mandhêg. Durasím agahan ngêrím bécaké. “Èntên nåpå, Mbak? “ ”Kulå tak mampír dhatêng supêrmarkêt sêkêdhap, njênêngan tênggå. Mangké óngkósé kulå tambahi.” Kênyå manís mau banjúr mlêbu supêr markêt. Sinambi ngêntèni pênumpangé, panyawangé Durasím tumuju wóng-wóng síng mlêbu mêtu supêr markêt. Wóng-wóng mau pådhå nggåwå blånjå mbrêngkut. Sandhang pênganggóné rêsík túr nècis, ora kåyå bojoné síng lagi ånå omah. Åjå manèh kók diajak blånjå mênyang supêr markêt, sêdhêngé blånjå nèng toko pracangan waé bojoné asríng utang. Saplóké bêbojowan Durasím rumångså durúng biså mulyakaké síng wadón. Tujuné bojoné kuwi klêbu wanitå síng nrimå lan gêlêm diajak uríp sêngsårå. Dumadakan Durasím wêrúh dhompèt warnå irêng gumléthak ånå ngisór bécaké. Kanthi gurawalan dhompèt dijupúk. Sawisé diiling-ilingi sêdhélå, tanpå dibukak dhompèt banjúr dilêbókané kothak dicampúr karo pêralatan bécak. Pikirané malíh sêmrawut. Yèn isiné dhompèt mau dhuwít têrús arêp diwènèhaké såpå wóng dhèwèké ora ngêrti síng duwé. Upåmå diwènèhaké satpam gèk-gèk malah ora bali marang síng duwé mêrgå jaman akèh uwóng síng ora kênå dipêrcåyå. Durúng mari anggóné nglimbang-nglimbang, pênumpang síng diêntèni mårå karo nyangkíng blånjå róng kardhús. “Ngapuntên Pak, radi dangu,” ujaré kênyå mau karo mapanaké kardhús íng pangkóné. “Mbótên dadós mênåpå, Mbak.” Pédhal bécak dipancal ninggalaké plataran supêr markêt tumuju têrminal. Níng sadalan-dalan Durasím mikír dhompèt síng lagi waé ditêmu. Upåmå bênêr ånå dhuwité têrús arêp dibalèkaké marang såpå? Åpå digåwå mulíh waé, sêbab dhèwèké lagi butúh dhuwít kanggo nyaúr utang lan ngobataké anaké síng nandhang lårå. Råså kêsêl lan sumêlèté srêngéngé ora dirasakaké. Pikirané múng kêtuju marang dhompèt. Durasím nggênjót bécaké dåyå-dåyå têkan têrminal sêbab sêlak ora sråntå kêpéngín ngêrtèni isiné dhompèt mau. Sawisé ngudhúnaké pênumpangé ånå têrminal, bécak banjúr diputêr mênyang panggónan sêpi. Têkan gang-gangan ngisóré wít mahóni dhèwèké mandhêg. Tangané ngrógóh dhompèt síng disimpên ånå kothak. Kanthi tangan gêmêtêr alón-alón dhompèt dibukak. Durasím sumlêngêrên barêng wêrúh yèn isiné dhompèt iku jêbúl dhuwít bêndhêlan róng yuta. Dhèwèké bingúng awít yå lagi kuwi sak umur-umuré nyêkêl dhuwít sêmono akèhé. Tuwúh pikirané síng ora-ora. Kèlingan tanggané síng ugå tau nêmu dhuwít yutan. Dhuwít têmón kuwi banjúr kanggo mangan lan nyandhangi anak bojoné. Sisané kanggo ngréhab omah. Nangíng sawisé kuwi kulawargané gênti-gêntèn kênå musibah. Ngélingi kuwi kabèh Durasím síng sêkawít kêpingín ngêpèk dhuwít nang njêro dhompèt mau banjúr dadi kêndho. Karo manèh dhuwít kuwi dudu haké lan kudu dibalèkaké marang síng duwé. Níng banjúr piyé carané mbalèkaké? Tangané Durasím banjúr ngrógóhi slêmpitan dhompèt kang isi SIM, STNK, ATM lan kêrtu tandha anggota (KTA) bidhan. Dhèwèké såyå kagèt sakwisé namataké foto KTA. Durasím durúng lali, foto kuwi fotoné kênyå síng mêntas ditêraké. Jênêngé Ayu Ariyanti, alamaté íng Rêmbang. Durasím bali lêngêr-lêngêr. Anggónê niyat mbalèkaké dhompèt dadi mangu-mangu awít Rêmbang mono adóh saka omahé íng Bójónêgóró. Mokal yèn dhèwèké bakal ngêtêraké dhompèt mau mênyang Rêmbang. Ning Durasím ayêm barêng diwaca manèh jêbúlé íng KTA ana nómêr télpún omahé Ayu. Karo unjal ambêgan landhúng, Durasím bali nggênjót bécaké, nróbós panasé kuthå mêcaki panguripan síng nyamut-nyamut. Durasím, sênajan jamané wís édan nangíng êmóh mèlu ngédan.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on January 17, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |