|
repa durung pati awan, nanging panase srengenge krasa semlenget. Jati katon mangu-mangu metu saka Lembaga Pemasyarakatan kang mapan ing pinggrire kutha. Dina iku dheweke dibebasake saka status narapidana sakwise nem taun ngrasaake urip ing sakjroning pakunjaran. Pancen sengaja ora ngabarke marang Narti, bojone, menawa dina iki dheweke bebas, merga ora kepengin gawe repote bojone kang momong anake sing isih cilik.
Angkahe sakwise nampa layang bebas iku dheweke arep terus njujug menyang desa kelairane. Menehi kejutan marang bojo kang banget ditresnani. Dheweke nggambarake Narti kaget. Terus nggapyuk lan padha kangen-kangenan. Jati uga terus ngruket lan ngambungi Bregas, anake lanang kang umure lagi ngancik nem taun kanthi kebak rasa kangen. Iki rencane yen wis bebas. “Menawa bebas, aku arep tumapak ing dalan anyar. Dalan kang bener, dudu dalan kang culika,” mangkono janjine Jati nalika Narti, bojone iku niliki dheweke ing pakunjaran. Lan Narti bisane mung bisa sesenggrukan ana ing dhadhane sing lanang. Kanggone Narti, janjine bojone kang ora arep mbaleni laku kadurjanan wis gawe senenge ati. Narti malah luwih seneng yen Jati gelem dijak bali menyang desa. Ngopeni sawah lan tegalan kang arepa ora pati amba nanging isih bisa kanggo cagak urip. Menawa sing lanang mengkone dadi among tani, dheweke arep ewang-ewang kanggo nambah kabutuhan wong bebrayan kanthi bukak warung pracangan utawa pagaweyan liya kang khalal. “Aku tansah ndonga Kang Jati bisa cepet bebas. Kita bareng-bareng napak ing dalan anyar.” Swara bel tandha jam bezuk kanggo warga binaan lembaga pemasyarakatan wis entek kemloneng. Jati nguntabake mulihe Narti karo mesem. “Entenana Nar, ora suwe maneh aku bebas,” batine Jati ngondhok-ondhok. *** Nalika arep metu saka gapurane lembaga pemasyarakatan, Jati disalami kenceng dening Pak Imam, sipir kang saksuwene iki tansah menehi wulang wuruk marang dheweke. “Selamat ya Mas. Aja kangen mbali mrene maneh.”
Jati mesem krungu tembunge Pak Imam. Pancen ora sethithik narapidana kang mlebu metu lembaga pemasyarakatan. Lagi bebas sedhela wis bali maneh mlebu pakunjaran merga tumindak kriminal kelingan Goplek, copet pasar kang seminggu kepungkur bebas saka lembaga pemasyarakat. Ning wingi wis mlebu buwen maneh merga dheweke lan komplotane kecekel pulisi nalika pinuju nyopet ing bus kota. Utawa Gendro kang kaya nganggep lembaga pemasyarakatan iku minangka hotel, merga saking kerepe dheweke mlebu metu saka pakunjaran iku. “Nggih Pak, Insya Allah. Nyuwun pangestu,” ujare Jati. Metu saka regol, Jati milang-miling nggoleki bis kota kang tumuju Terminal Giwangan. Rencanane saka terminal dheweke arep terus oper bus saperlu mulih menyang desane. Nanging lagi wae arep ngawe bus kota, ana pemudha loro kang nyedhaki dheweke. “Mas Jati…. Mas Jati,” aloke salah sijining bocah enom iku karo menehi isyarat supaya Jati nyedhaki papane bocah loro iku nunggu. Jati ora pangling menawa cah loro iku Marjo karo Kusnan, anak buwahe ing komplotan rampog mbiyen. “Piye kabare pada apik-apik ta?” pitakone Jati karo ngulungke tangan kanggo nyalami bocah loro. Marjo lan Kusnan mesem karo nampani tangane tilas pimpinane iku. “Kabeh anggotane awake dhewe padha apik. Slamet. Kita uga krungu menawa Mas Jati dina iki bebas, mula dening kanca-kanca aku ditugaske kon mapag sampeyan. Kita uga wis nyiapake pesta kanggo mahargya sampeyan, malah Narto wis pesen vila khusus kanggo seneng-seneng,” critane Marjo karo ngajak Jati tumuju menyang sedhan putih kang wis nunggu. Jati mesem krungu kojahe Marjo. Atine trenyuh pranyata kanca-kancane isih ngajeni dheweke. Apa kanca-kancane mau isih padha keceh ing donyaning kadurjanan apa ora, sing baku yen mengko ketemu anggotane Jati arep crita menawa dheweke nedya mertobat. Sedhan putih mlayu banter ninggalake lembaga pemasyarakatan mlayu mengalor tumuju wilayah pegunungan kang kondhang minangka papan kanggo ngenggar-enggar ati. Marjo karo Kusnan ora crita akeh ngenani kegiyatane saiki. “Mengko Narto kang crita sakabehe. Sing baku aku sakanca wis ora nindakake gaweyan lawas ngrampog utawa jambret. Risikone abot,” pratelane Kusnan. Jati nyicil seneng dene kanca-kancane wis nemokake panguripan anyar. Mung wae kegiyatan apa sing saiki dilakoni Narto sakanca Jati durung ngerti. Kok kaya-kaya dirahasiakake banget. Ora suwe sedhan putih wis tekan vila ing ereng-erenge pegunungan kang endah. Vilane ora pati gedhe nanging cekli. Ing ngarep vila katon Narto, Plengeh, Jamhuri lan uga kenya ayu nenem padha mapag tekani Jati, tilas benggole komplotan rampog, kanthi kebak kabungahan. “Mangga-mangga Mas Jati. Sugeng rawuh,” Narto ngacarani lan terus ngrangkul Jati dijak mlebu vila. Jati dipapanake ana ing sofa kang mendut-mendut. Narto banjur aba marang para kenya ayu iku kinen ngladekake maneka omben-omben lan suguhan. Wiwit inuman ringan nganthi tekan kang gawe mabuk. Narto uga menehi isyarat marang kanca-kancane supaya njupuk koper. Koper iku banjur dibukak ing ngarepe Jati. Isine arupa bendhelan-bendhelan dhuwit atusan ewu. “Iki Mas bagiyanmu biyen. Pancen wis kita siyapke sawayah-wayah Mas Jati bebas dhuwit iki tak serahke.” Narto crita menawa sabageyan dhuwit diubengake kanggo bisnis. Bisnise yaiku ngedharake narkotika lan obat-obatan kang mlebu larangane negara. Bisnis mangkene iki, miturut Narto, pranyata untunge cepet banget. Malah saiki saperangan dhuwite wis dienggo mbukak bisnis prostitusi lan perjudian. “Yen Mas Jati kersa, mengko sampeyan sing mimpin dene aku cukup dadi wakil wae. Kejaba dhuwit sak koper kang minangka bagiyane ngrampog, kita uga arep menehi dhuwit jasa marang Mas Jati merga ing pengadilan mbiyen sampeyan wani ndhadhagi dhewe lan ora ngembet-embet jenenge kanca-kanca.” Akeh-akeh critane Narto kang gegayutan karo kepriye ngemonah organisasi kadurjanan iku. Narto uga crita yen sindhikat iku angel konangan merga olehe primpen. Malah Narto uga ngaku menawa wis nduweni jaringan karo aparat barang. Pokoke aman. Nanging Jati mung gedheg. Dheweke uga empoh nampa dhuwit bagiyan merga wis niyat mertobat. Dheweke malah ngajak Narto sakanca bareng-bareng mertobat. “Kita wis suwe ngrugekake masyarakat. Aja ditambah anggone ngrugekake lan ngrusak masyarakat. Nanging yen kowe kabeh ora gelem takjak mertobat ya mangga. Sing baku aku wis niyat. Aku arep mulih menyang desa. Urip among tani malah luwih tentrem kanggoku.”. Narto mung mesem sinis. Tembunge sereng: “Gelem ra gelem Mas Jati kudu nggabung karo aku! Merga aku mau wis omong akeh-akeh ngenani bisnis narkoba lan prostitusi marang sampeyan, aku sumelang wewadi iki bakal bocor. Gelem ora gelem Mas Jati kudu melu aku. Menawa Mas Jati ora gelem nggabung, mimis pestol iki arep njeblugke sirahmu!” kanthi cepet Narto ngrogoh pistul terus diacungake pener sirahe Jati. Nanging tekade Jati wis gilig, ora mingkur sirahe ditodhong pistul. Narto narik platuke pistul. Nanging bareng karo jumedhore pistul, kenya ayu sing mau ngladekake inuman kanthi trengginas nendhang tangane Narto. Lan saka njaba keprungu suwarane megaphone menawa papan kono wis dikupeng pulisi. Arepa Marjo, Kusnan lan Jamhuri nyoba nglawan, nanging muspra jalaran papan kono wis kebak pulisi kang wis siyaga ing pandhelikane sakupenge vila. Akhire aparat kapulisen kang dipandhegani Inspektur Satu Firman kasil mikut grombolane Narto kang saksuwene iki diburu minangka sindhikat narkoba, prostitusi lan judi kelas elite. “Kita wis suwe ngawasi sindhikate Narto. Lan akhire bisa mikut merga aku nduwe petungan komplotane Narto iku temtu mapag nalika Mas Jati bebas saka pakunjaran. Pranyata bener. Iku dalan kanggo mikut lan miyak komplotan durjana iku,” critane Iptu Firman karo ngandhakake menawa kenya sing ngladekake inuman lan suguhan ing vila iku uga sawijining pulisi wanita kang lagi nylamur. Pulisi wanita mau pancen sengaja disusupke menyang susuhe para durjana iku. “Ya dongakna Mas aku bisa ngambah dalan kang bener ora gampang miyur karo pengaruh liyan kang ala,” pratelane Jati karo njaluk pamit. Ing bis kang nggawa menyang desane, Jati singsot-singsot lagu kang nggambarke rasa kangen. Rasa kangen marang anak lan bojone. Uga kangen marang desane.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on January 24, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |