59. Durung Tiba Titi Wancine
|
bak Mar, ayo cepetan! swarane adhiku saka jaba sinambi mlayu mlebu. Aku mrepegi adhiku sing lagi kelas lima SD kuwi. Yen wis ngono biyasane njuk nglendhot ana gendhonganku. Bocah siji iki pancen ngalem karo mbakyune, yen lagi karo ibune malah ra tau njaluk gendhong. Sajak bungah tenan yen lagi karo aku, nganti mau esuk wae luwih milih melu aku tinimbang melu bapak ibu menyang daleme simbah ing Salatiga.
“Mbak Mar tak nata buku iqra’ riyin nggih. Nek kesusu Iva mantuk riyin mawon,” ujarku. “Tenan, Mbak? Aku mantuke bareng Dika karo Ratri ya, mbak!” Dhik Iva nyawang aku sumringah. Aku manggut karo mesem. Bocah wadon sing nganggo jilbab kuning kuwi banjur mlayu metu nututi kanca-kancane sing wis tekan lurung. Pancen wis biyasane Iva menyang-mulih saka mesjid tekan ngomah bareng kanca sabarakane. Paling mengko ya mampir cakruk kulon omah dolanan gathengan, bekelan, apa dham-dhaman, njur katut Ratri mulih. Sawise nata sakabehane, aku banjur metu lan nutup lawang serambi mesjid. Pancen sengaja ora tak-kunci merga mengko isih dienggo jamaah Maghriban. Lakuku tumuju pit ana latar kang dikebaki suket jalaranwissuwe ora dianakake kerja bakti. Nalikane aku lagi arep nggenjot pitku, kedadak ana swara ngundang jenengku. “Dhik Mar, apa lali marang janjimu wingi?”. Swara kuwi ora asing kanggo aku. Tak-toleh saka ngendi asale swara priya mau. Jebul neng mburiku wis ngadeg jejeg Mas Gun nyawang aku sajak ngrarep-arep samubarang sing wis suwe dianti-anti. “Apa lali marang janjimu wingi?”, Mas Gun mbaleni ukarane. “Di SMS ora mbales, ditelpon ora diangkat,” Mas Gun nyawang aku sing isih mangkring ndhuwur sadhel. Aku mudhun, nuli nuntun pit ditututi Mas Gun ana sisihku. Aku durung bisa mangsuli pitakonane priya saka sabrang kali sing sewulan kepungkur medharake pangrarep-arepe marang aku. “Mas, kok ngertos menawi kula ten ngriki?” pitakonku. Rekane mono kanggo ngenggokake pirembugan, nanging gandheng wonge ndregil ora kalah sugih akale saka aku. “Mergane saka jroning ati sajero-jerone nyasmitakake yen kowe lagi mulang ngaji,” wangsulane Mas Gun karo nyawang aku. Sajatine atiku gumuyu krungu rayuan gombal mangkono kuwi, nanging aku tetep meneng wae tanpa ekspresi, kabeh isining ati tak-pendhem jero banget. “Aku mau wis saka ngomahmu, ketemu ibumu. Ora kaya sewulan kepungkur dhek aku ora panggih ibumu,” priya sing biyen dadi kanca kerjaku nang percetakan buku kuwi nggenahake. Jenggirat. Aku kaget kepati. Mas Gun ketemu ibu? Mendah kaya ngapa dukane ibu. Merga ibu nate ngendika, “Mar, sesuk Minggu Bu Warsih arep mrene nggawakke biodata priya sing arep dikenalake karo kowe. Aku percaya karo Bu Warsih, pria kuwi mesthi pantes kanggo ngampingi uripmu,” ngendikane ibu telung dina kepungkur isih ana ing kupingku. Iki dina Setu, ateges sesuk esuk Bu Warsih tindak ngomahku. Mas Gun nuli nyekel stang pitku, merga ora krasa jangkahku kandheg. Aku ora suwala nalikane pitku dienggokke mandheg ana ngarep cakruk. Kamangka omahku ana sak-wetane cakruk keletan kalen cilik. “Mreneya, Dhik. Aku arep kandha,” Mas Gun ndhisiki lungguh. “Iha kok mboten ten ngriki nggih, Mas,” aku nyoba nywara. “O, dhik Iva mau ncen dolanan neng kene, weruh aku teka banjur mlayu bali. Sajake Iva kesenengen takgawakke oleh-oleh gulali,” Mas Gun nyritakke. Aku mung mesem. “Ibu wau ngendika napa, mas?” pitakonku. Mas Gun gedheg-gedheg, ”Ora ngendika apa-apa, mung matur nuwun oleh-olehe, terus…”. Durung tutug anggone mangsuli, aku ora sranta takon, ”Terus napa?”. Dhik Maryam sajatine neng jero atimu ki ana aku apa ora, swarane Mas Gun lembut “Ya terus aku takon kowe neng ndi, njuk aku pamit nggoleki kowe nang mesjid,” Mas Gun njlentrehake. Aku meneng. Apa ibu ora ngerti yen priya sing tak-karepke jroning udarasaku wingi ora liya ya Mas Gun iki? Kamangka ibu ngendika yen sesuk ana priya sing nggoleki aku sakdurunge aku tepung karo Mas Wawan, ibu bakal nglarang. Ibu wis mantep karo priya pilihane Bu Warsih senajan durung weruh wonge.
“Dhik Maryam, sajatine neng jero atimu ki ana aku apa ora?” lembut swarane Mas Gun, nanging saya ngubak-ubak rasa ing njero dhadhaku. Aku ora wani nyawang Mas Gun, mung ndhingkluk nyawangi tasku sing isine kertu ngajine bocah-bocah lan amplop siji sing isih daksimpen primpen. Mas Gun nyedhaki lungguhku. Ujare, “Kandhakna sing satemene, apa sing kok-rasakke. Yen kanggoku gawegela, aku ora bakal nesu. Yen kanggoku gawe lega, aku ya ora bakal kesusu.”. Aku tetep ndhingkluk. Mripatku mbrambangi. Mbuh saka ngendi critane, aku isa-isane nangis ana ngarepe Mas Gun. Tasku nganti lujrut tak-plintir-plintir. Aku ora nyangka yen Mas Gun bakal temenan nagih jawaban tembunge sewulan kepungkur. Atiku dadi gojag-gajeg gek sida gek ora arep matur bab perkara sing taksimpen nang jero ati iki marang Mas Gun. Yen perkara iki takaturke, aku kuwatir Mas Gun bakal nelangsa atine. Nanging yen ora takaturke, aku uga bakal ora tenang. Dina ikiwistekan janji. Upama wong utang ngono wis wancine nyaur, upama wong nyilih wis wancine mbalekke, upama wong nandur wis wancine ngundhuh. Pancen dina iki mujudake dina sing ora gampang kanggo aku. “Menawi kersa, nengga sewulan malih, Mas, bakal kula jawab. Kula nembe nyamaptakaken ujiane murid-murid” unine SMSku nalika Mas Gun nembung pengin dadi sisihanku. Nalika kuwi ibuku wis nduwe rencana ngenalke aku karo Mas Wawan. “Mas…nyuwun pangapunten,” kandhaku sinambi ngulungke amplop marang Mas Gun. “Kula pun siyap menawi njenengan badhe duka, estu kula boten saged ngestokake kersane njenengan,” swaraku alon lirih karo ngulapi luh kang netes ana pipiku. Mas Gun gage mbukak amplop kuwi banjur maca isine. Mak-pleret, pasuryane Mas Gun kedadak alum tanpa swara. Saiki manungsa loro nang cakruk iki padha-padha sedhihe gara-gara isine layang sing ana jero amplop kuwi. Ora liya layang saka Bu Warsih sing isine pangajape Bu Warsih amrih aku bisa bebrayan karo Mas Wawan. “Aku ora nyangka yen wiji tresna sing tak-uwur-uwurake, tak-siram, tak-jaga saben dina sasuwene telung taun iki bakal pungkas ngene iki. Aku wis sabar nunggu, nyimpen sakabehane, merga aku ngerteni yen kowe ora kaya kenya-kenya liya. Aku ora nempuh dalan pacaran merga kuwi wujud tresnaku, Dhik. Apa iki kekarepanmu, Dhik?” Mas Gun ngudhari isi ati kang ditaleni sasuwene telung taun sadurunge aku metu saka percetakan merga ditampa dadi guru SD neng desaku. Pancene Mas Gun wisnate nembak aku. Nanging aku blaka yen ora gelem pacaran, aku pengen sesuk wae langsung nikah. Sanajan ta sajatine aku ya kesengsem marang priya sing sopan, prigel, grapyak lan sregep sholat kuwi, nanging aku tetep njaga awakku supayane sabar ora kagodha, merga ngendikane ibu kasmaran sing kepati durung tiniba titi wancine kuwi bakal mbundhetake pikir. Kuwi mono panyangkane ibu, nanging aku ya manut wae karo ngendikane ibu. “Kula pancen pun ngancik wayah palakrama, kepara kanca-kanca malah pun kagungan momongan. Nanging kados pundi malih, Mas, Gusti Allah ngersakke margi sanes kangge kula lan njenengan. Ibu nepangake kula kalih Mas Wawan, sedhereke Bu Warsih tangga ler ndaleme simbah ing Salatiga. Bu Warsih niku kanca celak ibu kula wiwit alit. Kula mboten saged nentang kersanipun ibu,” aku wiwit bisa crita. “Estu kula ugi gadhah menapa ingkang njenengan ….” ukaraku ora taktutuge nalika keprungu swarane Iva bengak-bengok. “Mbak Mar, digoleki ibu,” Iva mbengok saka lurung, banjur lunga maneh karo kanca-kancane dolan. Biyasane jam limanan ngene iki Iva dolan ana ngomahe Ratri cedhak mejid sisan mengko Maghriban. Gage aku menyat nuntun pit. Mas Gun melu nututi aku, polate bingung kaya dene polatanku. Ana apa karo ibu. “Assalamualaikum,” uluk salamku sinambi njranthal mlebu ngomah. “Enten napa, Bu?”, aku langsung lungguh sisihing ibu ing ruang tengah. Mas Gun ora melu mlebu, mung nunggu nang teras. Mas Gun ngrumangsani yen dheweke kuwi tamu sing ora kena melu campurtangan ngono wae. “Gunarto endi? Undangen mrene,” ngendikane ibu karo nyawang aku kebak welas asih. Aku bingung, aku kawatir yen ibu bakal ndukani Mas Gun, apa sisan karo ndukani aku. “Wisgek ndang…kon mlebu,” ngendikane ibu sajak ora sranta. Aku mlaku tumuju teras, “Mas, ken mlebet,” ujarku. Mas Gun menyat banjur mlebu ngomah. “Ngene, Mar, Ibu arep crita. Nalikane ibu sowan simbah mau ibu ketemu karo bulike Wawan. Kebeneran ketemu, ibu nyuwun biodatane priya kang arep dikenalke karo kowe, dadi sesuk piyambake ora usah merlokke mrene, ” ibu mandheg anggone crita, banjur mbukak lempitan kertas cilik ana ndhuwur meja. Aku karo Mas Gun mung sesawangan. “Iki, wacanen,” pakone ibu. Aku tumuju meja, kertas cilik kuwi tak-waca. Mripatku kang mau lagi wae mari anggone mbrambangi saiki mbrambangi maneh. Rasaku campur-campur ora karu-karuwan. Aku kaget, aku bingung, aku ora percaya. “Iki fotone,” ibu ngulungke foto priya kang arep dijodhohke marang aku. Aku kepengin semaput nalika aku weruh sapa sing ana nang foto kuwi. Aku nyawang Mas Gun sing isih meneng wae neng kursi sing rada adoh. “Mas Gunarto Setiawan, Mas Wawan…”, swaraku lirih. Mas Gun rada bingung polatane, banjur nyedhak lungguh ana sisihku. “Wistakrestoni, ndhuk, muga Gusti Allah paring dalan kang lancar. Jebul Wawan sing dikarepke Bu Warsih kuwi ya Gunarto iki. Mau nalika Gun iki teka, ibuwisngerti kabeh. Wawan kuwi undang-undangane nalika isih cilik, Wawan pindhah omah melu wong tuwane nang Bantul, mula Bu Warsih arang ketemu. Bu Warsih uga durung taren marang Wawan perkara jejodhohan iki. Merga manut critane Bu Warsih, Wawan iki bocahe ora gampang kepencut,” ibu ngelus-elus jilbabku. Mas Gun ya Mas Wawan bungah, soroting mripate katon sumunar lembut nyorotke tresna kangwismeh wae kapungkas. Tangane reflek arep ngruket aku, nanging aku malah ngruket ibuku. Mas Gun mesem sajak isin sinambi mundhur. “Durung tiniba titi wancine, ngger,” ngendikane ibu. Adzan maghrib wis kumandang. Aku, Ibu, lan Mas Gun menyang mejid saperlu Maghriban. Dhik Iva uga menyang mesjid karo kanca-kancane. Bapak wiskawit mau ana mejid, merga bapak kalebu takmir sing ngurusi mejid. “Allahu Akbar”, swarane bapak mertandhakke sholat kawiwitan. Dongaku muga yen wis tiniba titi wancine Mas Gun uga bakal kaya bapak ing ngarep kae.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on August 4, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |