|
AMPUNG adus lan dandan aku banjur nyetater sepedhah motor. Nggeblas nerjang hawa bengi tumuju kos-kosane Titien. Aku wis ora sranta selak kepengin ngaweruhi kahanane mahasiswi Fakultas Kimia sing tau dadi kancaku nalika Kuliah Kerja Nyata ing Desa Candiroto nem sasi kepungkur. Awan mau aku dikabari Nicky yen Titien wis suwe ora tau kuliah saploke sesambungan tresnane karo Burhan pedhot.
Aku malah kamitenggengen mbasan wis adu arep karo dheweke. Titien sing mbiyen baut ngadi sarira sarta pinter mematut sandhangan saiki malik grembyang. Rambute awut-awutan, ulate suntrut aras-arasen. Sorot mripate temlawung. “Apa mung merga kepedhotan katresnan kowe banjur kaya ngene iki, Tien?” pitakonku sawise rada sawatara amem. “Hem…” “Apa bener saiki kowe seneng ngombe miras lan ngrokok barang?” “Yen iya banjur kowe arep ngapa? Apa urusanmu Her ?” ujare sengol. “Yen pancen iya saiki omben-ombenmu kuwi tokna kabeh. Ayo ngombe bareng karo aku kene. Aku ya nggawa rokok kok. Lan iki ana kripik welut, bisa kanggo trambul mumpung hawane adhem.” Titien mlebu ngomah. Baline karo nyekel botol miras lan gelas cilik siji, bali nemoni aku sing wis ngenteni ana teras kos-kosane. Botol werna putih sing isine isih telung prapat kuwi banjur diiling sithik ana cangkir banjur diulungke aku. Gelas tak tampani lan tak cecep sak clegugan. Gelas kothong iku bali tak ulungake Titien. Dheweke ngiling mirase maneh banjur diombe dhewe. Mari ngono rokok sing wis ana drijine banjur disumet. Buss…. Titien ngetokake keluk rokok saka cangkeme kanthi mat banget. “Tien, yen bubar ngombe ngene iki apa sing mbok rasakne?” “Yen sirahku wis krasa ngelu banjur tak gawa turu. Angler, ora kelingan maneh karo masalah sing lagi tak adhepi.” “Apa sawise tangi turu kowe ora kelingan maneh?” “Yen isih kelingan ya ngombe lan rokokan maneh ta? Gampang ta?” “Apa ora ateges mung mbuwang wektu sing muspra?” “Hm…” “Nganti kapan ?” “Embuh Her. Wis, kowe aja ngrembug perkaraku!” “Tien, kudune kowe malah muji syukur merga enggal ngerti sipate Burhan sing satenane. Coba yen anggonmu ngerti nalika kowe wong loro wis bebojowan.” “Masalahe ora segampang kuwi, Her.” “Kanggoku luwih becik pisah saiki.” “Masalahe, katresnan lan jiwa ragaku sawutuhe wis kebacut tak suntak kabeh marang Burhan. Ning saiki dheweke mblenjani janji kanthi pawadan merga keyakinanku lan keyakinane beda.” “Oo…” “Pikiren Her, pindhah keyaninan mono rak ora gampang ta?” “Apa kira-kira ora ana perkara liyane, Tien” “Kuwi kabeh mung alesane Burhan wae. Sejatine dheweke wis kecanthol karo wanita liya, kancane KKN biyen.” Wancine saya wengi, meh jam sepuluh. Mula aku enggal-enggal njaluk pamit. Aturan ing kos-kosan kuwi mung mbatesi tekan jam sepuluh tumrape dhayoh, mligine tamu lanang. “Wis ya Tien aku tak bali dhisik, sesuk ditutugake maneh.” “Oke Her, sesuk kancanana aku ngombe maneh ya.” Sawise KKN rampung aku pancen ora tau sanja marang kanca-kanca sakelompok. Dadi aku ya cingak bareng meruhi dhewe kahanane Titien saiki. Awit sajroning telung sasi anggonku srawung karo Titien nalika KKN biyen, saka rumangsaku wanodya ireng manis iki prilakune prasaja, taberi lan sregep. Minangka kanca aran lumrah yen aku tansah nglelipur dheweke, ngentheng-enthengake sesanggane. Meh saben ana kalodhangan, embuh sabubare kuliyah, ora awan ora bengi wektuku ajeg tak sisihake kanggo ngancani Titien ing kos-kosane merga dheweke tetep durung karep melu kuliyah. Malah rencanane arep cuti sasemester dhisik.
Bengi kuwi aku lan Titien bubar mlaku-mlaku golek hawa ing tengahing karameyan kutha Semarang. Andhok ana rumah makan wetane lapangan Simpang Lima ngiras karo ndeleng swasana. Weteng sing maune luwe wareg kisenan mangan. Mengkono uga Titien, piringe resik tanpa sisa. Aku melu bungah. Kejaba wis seneng mangan, cahyane Titien katon rada sumringah. Wanita asal Bejen iki uga wis ninggalake pakulinane nenggak miras. Mung kadhangkala wae yen ngepasi ora bisa turu dheweke lagi ngombe. Kuwi ngakune, embuh tenane. Rampung ngrahabi panganan, aku ngetokake rokok. “Ngrokok, Tien?” “Moh!” jawabe cendhak. “Lho, ana apa? Apa lambemu ora kecut? Enake wong bubar ki yen terus rokokan.” “Wegah, saru dideleng wong akeh. Ndak diarani cah nakal.” “Apa ora kuwalik? Apa ora malah diarani wong modern?” “Kuwi rak yen wong kulonan. Awake dhewe iki rak wong wetanan, dadi isih saru lan ora pantes yen wong wadon ngrokok ing ngarepe wong akeh.” “Iki sing ngomong kowe dhewe lho ya. Banjur apa bedane karo yen kowe ngrokok neng kos-kosan?” “Beda. Ngrokok neng kos-kosan kuwi rak mung kanggo mbuwang rasaku sing kemlawung” “Banjur?” “Yen aku ngrokok neng kos rak ora akeh sing weruh.” “Lha kanca-kancamu kos apa ya padha ora ngerti yen kowe saiki kulina ngrokok? Apa kowe percaya yen kanca-kancamu mau ora crita marang wong liya yen kowe saiki seneng ngrokok? Mbok uwis mesisan mandhega wae. Kajaba ora becik tumrap kesehatan, rokok uga bisa ndayani kandhunganmu. Kowe isih legan, apa mbesuke ora mesake sisihanmu yen nganti kandhunganmu kena lelara sing bisa nyebabake mandul utawa cacading bayi ?” “Hemm…” Bengi kuwi nalika mulih saka mlaku-mlaku ing sadawane dalan Simpang Lima nganti dalan Kelud, ya kos-e Titien, dheweke mung meneng wae ing boncengan sepedhah motorku. Sajake Titien mikir tenan marang apa sing tau tak ucapke bab tembe mburine wanita sing karem ngombe miras lan ngrokok. Seminggu candhake nalika aku mara maneh menyang kos-kosane, Titien nggapyuk lan ngarasi pipiku kiwa tengen. Mbokmenawa dheweke wis ruamangsa cocog karo aku saengga ana rasa kangen bareng suwe ora tak temoni. Aku dianggep mitra sejati sing gelem ngancani sasuwene dheweke kasepen. Karo isih nggegem drijiku, dheweke celathu, “Her, aku matur nuwun banget ya dene wis gelem ngancani lan aweh pitutur sing migunani. Pituturmu ora ngguroni saengga bisa mrasuk ing pikiranku. Mangertiya Her, saiki aku wis ora ngombe miras lan ora ngrokok maneh,” kandhane Titien, sirahe disendhekake pundhaku “Oh ya ?” wangsulan ngono kuwi aku karo ngaras pipine wola-wali awit saking bungahku. Aku rumangsa kasil ngentas kasepene Titien. Nanging aku kaget nalika pangrangkule Titien saya kenceng. “Her, kancanana aku ing saben wektu ya. Geneya kok kowe suwe ora mrene?” ujare ngadi-adi. “Saiki rak wis wektune mid semester ta Tien. Dadi ya rada repot anggonku ngedum wektu. Apuranen aku ya?” “Aku maklum kok Her. Nanging apa kowe gelem upama terus ngisi atiku sing suwung iki? Sebab aku rumangsa pas yen milih kowe merga yen tak rasa kabeh pituturmu akeh benere.” “Maksudmu?” “Aku tresna karo kowe Her.” Pet! Donya iki rasane kaya peteng ndhedhet. Sirahku kaya ketiban alu, bingung lan rekasa anggonku arep nanggapi omongane Titien. Aku ora tega yen ora nglanggati. Wedi yen Titien banjur mutung lan mbaleni tumindake kaya sing uwis. Sejatine tujuwanku mung kepengin nglelipur Titien sing ora bisa nampa kahanan sawise dipedhot tresnane dening Burhan. Dadi ya ora ana rasa tresna lan asmara ing atiku. Titien pancen ora nguciwani. Prasaja tur ora neka-neka. Aku uga ora nyelaki yen dheweke klebu kriteriane wanita sing dadi idham-idhamanku. Nanging emane beda keyakinan!
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on September 7, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |