Cêrita Cêkak -  

82 Oh, Jebulane Mung….

MOBIL Escudo mandheg ngeget ing sangareping pesanggrahan Kopeng sing hawane seger iku. Pranowo nduwa lawang gage mudhun, nganti lali kunci kontak isih cumanthel ing gagang kemudi. Karo mbenakake clanane dheweke njranthal mlayu ngengakke la­wang mobil sisih kiwa, nuntun ngedhuna­ke kekasihe si Nana sing ayu kuwi.
oh-jebulane-mung-1Atine dumadakan dheg nyas-dheg nyas nalika weruh sesawangan endah, roke Nana sing modhel mini kuwi nying­kap sithik nalika kanggo mlangkah mudhun saka jok mobil, nganti pupune sing kuning mrusuh iku katon. Kaya-kaya nggege rasa birahine ati lanange Pranowo. Batine, yoh Nana mangsa wurunga, kathik rasane ati­ku kaya prajurit ditantang perang, wis mesthi bakal tak tandangi.
Adheme hawa Kopeng, rumangsane Pranowo luwih adhem katimbang AC mobil. Mula karo mubeng-mubeng nik­mati kahanan sing banget nengsemake iku, nana tansah dirangkul kenceng, kaya-kaya wedi yen ilang.
Nyawang gunung Merapi-Merbabu sing endah ngedhangkrang, kanggone Pranowo ora narik kawigaten. Luwih resep lan endah gunung kembar sing dumu­nung ing dhadhane Nana, sing tansah bisa gawe dheg sir neng ati.
Nana mono saupama woh-wohan lagi nedheng-nedhenge mateng sing durung konangan codhot, dadi kahanane isih wutuh, seger, marahi kemecer sok sopoa sing nyawang. Batine Pranowo: adhuh, tujune Nana kuwi duwekku, mung kari kapan anggone bakal mutlak resmi dadi bojoku? Lagi kelakon bisa ngajak dolan ngene wae, bungahe wis ngayang batin. Mangka anggone bola-bali ngajak dolan, nanjakake plesir kuwi wis suwe. Ewadene lagi saiki kelakon.
Mulane Pranowo ora perlu nyagak kemben kesusu-susu, toh wektune isih esuk, longgar, ming wong loro, gek adoh saka ngomah. Sapa sing bakal ngganggu gawe, wong dhasare mangkate ya wis pamit bapak ibune Nana. Lan ya wis diidini.
“Kacang telur, jagung bakar…. godhog mas”, mengkono para bakul wira-wiri nawakake dagangane. Dene wong-wong sing padha nyewakake klasa, ya wis padha apal karo mudha-mudhi sing lagi padha pacaran.
Pranowo nyewa sak lembar banjur digelar ngisor kembang Alamandha sing dirambatake ing anjang-anjang wesi, ing sacedhaking kolam renang. Bocah loro lungguhan sinambi ngemil mangan mete lan nyawang mudha-mudhi sing padha adus. Bocah-bocah putri racake padha nganggo pakeyan renang modhel bikini sing paling anyar, sing yen dienggo prasa­sat nglegena, sing saiki lagi padha di­senengi jare ngetut ajuning jaman. Wis pupune diler-ler, lekuk-lekuk bagiane awak lan uga sing pating pendhosol katon cetha.
Mesthi wae mripat-mripat jaka padha pating pentheleng kaya bandeng. Anggo­ne nyemplung kolam renang ora merga bisa nglangi lan arep adus, ning merga melik gratisan bisa nyawang barang endah, sing sok dadi impen lan dibayang­ake para jejaka. Maklum bocah enom.
Semono uga Pranowo, karo lungguh­an angon limpene Nana, tansah ngemat­ake bagian-bagian awake Nana sing pan­cen weweg padhet iku. Kayane ora yakin yen dina kuwi kelakon dolan mirunggan karo kenya gegantilaning ati sing seprana-seprene anggone kepingin duaan kaya wektu iki.
Wiwit tepung kanthi ora disengaja dhek semana, atine Pranowo wis kecan­thol karo Nana. Pranowo jaka bagus sing umure nemlikur taun kuwi wis nyambut gawe dadi guru SMP sawise nggondhol gelar S.Pd ne, sing kebener lamarane ke­tampa neng Semarang. Dhines adoh sithik ora papa, idhep-idhep ajar misah karo wong tuwa. Semarang – Ambarawa bisa bali mulih pendhak malem Minggu, lowung baline Senen mruput terus mulang.
Kaya biyasane, Pranowo arep bali mulih, tekan Banyumanik ing tengah bulak nglancangi wanita sing mlaku ijen, tolah-toleh ngenteni bis sing arah meng­idul. Rasa welase Pranowo thukul, mula bareng tekan sisihe bocah putri sing mlaku mau motore banjur mandheg lan takon:
“Badhe tindak pundi, Jeng?”
Kenya sing mlaku mau ngawasake sing takon karo mangsuli : “Badhe dhateng Secang, mas. Kula sampun mlampah sa­we­ta­wis, kok dereng wonten kendharaan langkung.”
“Kados pundi, punapa kersa mbon­ceng kula? Awit kita rak sami arahipun, griya kula Mbahrawa”, kandhane Pranowo blaka.
“O… inggih matur nuwun sak dereng­ipun, mas, mangke kula sambet bis wonten ngrika”, kandhane wanita mau.
“Mboten sah, Jeng, mangke kula dhe­rekaken dumugi ndalem, rak kersa ta?”
“Wah lha rak lajeng damel repot, mas, kula remen sanget menawi kersa,” kandha­ne bungah. Bareng bocah mau nyedhak siap arep mbonceng, Pranowo gage ngulungke tangane ngajak kenalan.
“Nepangaken, jeng, kula Pranowo”.
“Kula Nana, jangkepipun Fitiriana”, kandhane karo nampani tangane Pra­nowo mantep. Lagi sak tleraman wae Pra­nowo wis bisa nggerba yen Nana kejaba ayu uga kalem, ruruh, grapyak, sopan. Nuduhake yen duwe etika sing dhuwur. Bareng wis mapan, motor mlaku se­dhengan bantere, ngiras omong-omong­an.
“Wonten Semarang sampun ngasta punapa taksih sinau, jeng?”
“O…. awon-awon kula wonten UNDIP, mas. Menika sampun nicil-nicil kangge sekripsi”, wangsulane prasaja.
“Lajeng mendhet jurusan punapa, jeng?” pitakone Pranowo semu ndhe­dhes.
“Namung wonten pendhidhikan kok, mas, wiwit alit kula remen momong, remen kaliyan lare. Emanipun kula mbo­ten gadhah sedherek, mas utawi adhik,” wangsulane blaka.
“Yen ngaten jeng Nana punika putra semata wayang?”, Nowo ngguyoni.
“Inggih, mas, tujunipun budhe lan bulik sedherekipun ibu putranipun kathah sarta kerep sami dhateng”, kandhane Nana renyah. “Lha mas Nowo wonten Semarang ngastanipun wonten pundi?”
“Kula momong lare-lare, jeng, wonten SMP Negri Sangalikur”.
“Lajeng kosipun wonten pundi, mas?” Nana wiwit nggrecek.
oh-jebulane-mung-2“Wonten kampung Tiber, jeng. Ing­kang kula dhereki punika rumiyin kanca sekolahipun ibu wonten Yogya. Lha jeng Nana lenggahipun wonten pundi?”, Nowo genti takon.
“Wonten kampung Peterongan,  mas, rumiyin ingkang madosaken ugi namung kanca kula”.
Bareng tekan Mbahrowo, ana dalan mlebu kampung, Pranowo kandha : “Jeng, griya kula mlebet margi punika, antawis seket meter sampun dumugi. Pinarak sak punika kersa?”
“Wah sanes wekdal kemawon, mas. Punapa kula mandhap ngriki kemawon sambet bis?”
“Mboten, jeng, kula dherekake kema­won. Kala wau kula rak sampun janji”, kandhane Pranowo gage. Ana ndalan, merga saking gayenge anggone padha crita, nganti ora nglegewa wis tekan Se­cang omahe Nana sing ana pinggir dalan gedhe iku.
Tekane ditemoni ibune kanthi grap­yak. Bola-bali lehe matur nuwun dene wis ngeterke Nana tekan ngomah. Lan ibune wanti-wanti gelema sok dolan mrono. Ya wiwit kuwi pendhak Setu sore mulih, Pranowo mesthi mbarengi nggoncengke Nana sing saiki saya akrab kuwi. Malah kanggone Pranowo, Nana wis mlebu ing atine. Niyate bakal ditenani, semono mau yen Nana isih kosong.
Nana isih ketungkul nyawang kenya-kenya saumurane sing padha renang neng kolam, dene Nowo lumah-lumah ing sandhinge sinambi ngeling-eling wektu kepungkur wiwitane tepung karo Nana. Dumadakan Nana noleh lan kandha :
“Mbok mau nggawa pakeyan renang ya, mas, jeneh ora kepikiran”.
Nowo kaget diajak omong ngono mau, wangsulane : “Ha…. ha iyaya, jeng”.
“Mas, njenengan iki mau nglamun apa ngantuk?”
“Terus terang, iki mau aku wis liyer-liyer arep keturon, jeng. Ning aku ki wis kulina, nek ra mapan ra bisa turu. Mula ayo ta neng Losmen sing ketok saka kene kae, aku tak merem ngaso sedhilik”, pang­ajake Nowo.
“Upama njenengan ijen wae piye ta, mas, tak enteni ana kene karo nonton cah-cah sing dha renang kae. Aku seneng je”, kandhane Nana polos.
“Ah yen ngono kuwi rakya lucu, saka ngomah wong loro, neng ngendi-endi ya wong loro, jenenge rukun. Mengko nek jeng Nana disaut uwong piye?”
“Ah ya gemang no, mas, aku rak ya nduwe hak nolak” wangsulane Nana atos.
“Lha nek jeng Nana njur digeret di­lebokake mobil?” Nowo isih tetep ngeyel.
“Wong duwe tutuk rak ya bisa tulung-tulung ta mas, mosok sing dha weruh arep meneng wae, ya ra mungkin ta?” wangsulane Nana angel diunggahi.
“Wis pokoke Jeng, aku nyuwun kanthi banget sliramu kersa ngancani aku neng Losmen. Cukup sak jam wae aku turu, mengko njur kondur, dhasare iki wis sore”.
Nana ora bisa endha lan nulak, wu­sana manut wae dituntun Nowo tumuju Losmen. Tekan Losmen, rampung nutup lawang Nowo langsung mencolot neng dhipan ngekep guling ngungkurake lawang.
Nana nyaut majalah sing disedhiyakke neng kono, terus maca. Wis entuk rong judhul anggone maca njur nyawang Nowo sing sajake kok durung bisa turu, mula banjur nyedhak rekane arep ngi­ling-ilingi. Dumadakan tangane kiwa Nowo mak sret ngrangkul gulune Nana kenceng terus dibabitake, tiba turon ing sandhinge.
Ora ngguwak wektu, Nana diuleng karo diarasi sakatoge, dhasar wis suwe anggone kepengin ngaras woding atine… ning tekan wektu kuwi durung kelakon. Nowo wis apal watake Nana sing giras kepati. Ya merga olehe ora gampangan kuwi sing marahi banget getol olehe ngarah bisane ndarbeni.
Senajan wis ana sajroning pithingan, Nana mberot kepengin uwal, semono uga Nowo uga banget anggone ngukuhi. Sida­­ne grobyak… Nowo tiba saka dhipan, pilingane natap lawang rada benjut. Krungu swara mak grobyag, ibune Nowo mlayu mlebu kamare anake karo gumu­jeng.
“Pran…. Pran…. wong wis jaka kok turu awan bisa ngglundhung saka dhipan, ngimpi pa, le?”
Wangsulane Pranowo karo tangi krengkangan : “Enggih bu, ngimpi nen­dhang bal kerosan, ewadene bale mboten saget mlebu gawang”, wangsulane Pranowo karo mringis-mringis kelaran.
Nowo bali teturon, mripate kelop-kelop mikirake impene. Karo ngguyu bati­ne : “Wah lehe arep kandha ngajak dolan wae isih suk malem Minggu, kok saiki wis kesusu ngimpi. Apa ya merga saking bangete anggonku mikirke Nana? Oh awak-awak… grenenge Nowo karo ngguyu dhewe.


Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
Posted by admin on September 20, 2011
http://www.panjebarsemangat.co.id/

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофеткухонная посуда оптомалександр лобановский харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1636
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3856
  Bulan ini   :  Bulan ini :57791
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang