Cêrita Cêkak -  

86 Ing Sisihe Bumi Kang Mubeng

KEDADEYANE cepet banget.
Kasep kaweruhan uwong.
Pacul lan clurit kebacut ngokop getih.
Getihe Rakim.
Getihe Sulkan.
Kekocor ora mampet-mampet.
Uga perkarane ora mampet tekan semono. Rakim mbledig Sulkan sing mlayu ngoncati karo klengakan ngiwa nengen kaya kepengin ngumpet, nanging ora ana grumbul  utawa omah sing kena dienggo ndhelik. Sajrone isih lumayu diuber Rakim ana wewujudan sing ora diweruhi sangkane. Jleg nganglah ana ngarepe nganti meh wae ketabrak. Dedege gedhe dhuwur ireng, pengkuh sentosa. Pantes dijaluki pangayoman, mengkono pikire Sulkan sing nuli nylingker ing mburine. Dene Rakim kandheg enggone ngoyak saka dialang-alangi lan diswarani wewujudan iku.

"Iki ana perkara apa?"
"Ahhh...! Aja  nyampuri urusanku!" wangsulane Rakim sereng.
"Urusan apa?"."
" Nyingkira! Aja ngaglah ngalang-alangi. Menus kuwi kudu mati saka tanganku! Ayo diterusake! Ijen padha ijen! Huh! Wanimu mesthi ngamping, ora wani adu arep. Mesthi  golek bala kanggo dekeng!"
"He! Kok isih ngangseg mampang-mampang?! Apa kowe rumangsa menangan dhewe?! Rumangsa sing paling bener dhewe?! Hiya?! Perkara apa, aku takon!  Kok rembugku ora direwes!" swarane bantas gumleger kaya mbelah langit njalari Rakim mundur nratap saka kagete.
Weruh Rakim mundur wedi, Sulkan sing nyawang Rakim tumuli mlengos, ninggal esem pangece kaya wis nicil seneng rumangsa oleh wong sing kena dijaluki pangayoman.
Sing rumangsa diece bali  muntab, mencolot ngrangsang nanging banjur dialang-alangi maneh dening sing gedhe dhuwur ireng iku, kanthi gunem "Yen kowe ngotot ra kena tak penggak, ya..., kena kok tutugake olehmu gelutan. Nanging mengko yen kowe menang, kowe kudu ngadhepi aku. Saguh?!"
Ditanting mengkono Rakim mengkeret. Nyawang dedeg lan pengkuhing awake ing ati wis miris. Mripate mentheleng ngemu cahya landhep nggeterake.
"Aku ora tau rumangsa dadi wong menangan. Malah aku kalah terus saka mlaratku. Nanging ing bab iki dheweke sing salah. Malah dheweke sing macul cengelku," tembunge Rakim.
"Kowe dhisik sing mbabitake cluritmu!" bantahe Sulkan.
"Nanging yen kowe ora nggerongi lemahku, edan apa yen aku ngamuk tanpa sebab!" wangsulane Rakim nggepok undheraning prakara sing gawe muringe. Banjur noleh marang sing gedhe ngaglah  sarta mbacutake rembuge,"
"Iku sebabe yen sampeyan pengin ngerti. Dheweke nggerongi lemahku. Kena sampeyan deleng yen sampeyan pengin ngurus. mBokmenawa sampeyan wong sing bisa ngadili benere tanpa pamrih."
"Maksudmu?"
"Netepake endi sing bener, ora kok mbenerna sing salah merga oleh opah."
"Aku ora tau mikir sing jenenge opah lan ya ora  arep  ngadili perkarane wong."
Krungu tembung mengkono Sulkan mlenggong  awit ing dheweke ngajab bisaa sing gedhe pengkuh iku saguh mbetengi dheweke. Nitik rembuge sing kaya ora kena dienggo sumendhe  njalari Sulkan  nglokro, cuwa atine.
"Ora kok aku seneng ngajak gelut, aturan sing ana ya  tau tak turut.  Lapur Lurah bab lemahku sing digerongi ora uwis-uwis. Nanging Lurah, uga Camat sing  tak lapuri, kandha yen ngurus lemah  ora gampang. Kudu nekakake pegawai agraria.  Jare kudu aku sing nyangga ragade  ngukur merga aku sing gugat. Wragade nganti puluhan ewu. Saka endi olehku dhuwit, selagine barangku sing mbejaji ya mung lemah sailat sing digerongi menus iku. Apa lemahku ora malah kadol tak enggo ragad ngurus? Aku ora wani yen mburu uceng kelangan deleg. Lha kok menus elek kuwi tambah ndadra. Iki mau diambali maneh nggone nggerongi lemahku. Apa aku kudu meneng wae? Coba aku kandhanana, kudu piye caraku ngukuhi barang darbekku?"
"Ngko sik! Aja omong dhewe ngecepres. Aku ya bisa  omong," pamunggele  Sulkan  nyaut  rembug.
"Ngeten perkawise..., " Sulkan sumambung ditujokake sing gedhe ngaglah iku.
"Siti kula ingkang tunggal galeng  kaliyan siti gadhahipun mriku, sami-sami siti warisan saking  tiyang sepuh. Nanging rumiyin, jaman alitan kula, tiyang sepuhipun mriku nggerongi  sitinipun tiyang sepuh kula menika. Menapa lepat menawi kula  wangsulaken kados suwaunipun?"
"Yen bener mengkono, apa kowe ngerti sepira lemahe wong tuwamu sing biyen digempal?"
"Suwaunipun ketingal kenceng, menika titikanipun. Kok lajeng ketingal  mencos sanget. Mila nggih lajeng kula kencengaken malih. Mriku  nek mboten trimah  kajengipun gugat, kula mboten  ajrih."
"Engkresmu  rak  merga dhuwitmu kandel. Wani tombok, isin yen kowe kalah perkara. Apa kok kira aku ra ngerti ulat-ulitmu neng ndhuwuran?!" semaute Rakim.
"Nek kowe ruh tenan sapa sing tak sogok, unekna, sapa?  Nyogok Lurah? Nyogok Camat? Nyogok Wedana?"
"Nek aku  wis  ngarani, sapa sing mbok sogok, terus mbok adulna, ngono ta?! Kareben aku dikecrek  polisi dadi perkara, dianggep mitnah. Ngono ta karepmu?!" pandumuke  Rakim.
"Ya ra ngono. Wani muni ya kudu ruh tenane!"
"Wis  tak kandhakane ing ngarep, aku ora arep  ngadili perkarane wong. Nanging ana sing bakal ngadili perkaramu, dudu aku."
"Wis ora ana gunane dirembag-rembug nganggo  diadili. Sing menang ora wurung ya sing wani tombok. Wong mlarat kaya aku iki nduwene mung okol. Nek wis  pol, entek sabare, ya tak bacok. Kesuwen. Yen aku diukum  merga mateni wong , wis tak anggep lumrah, mateni wong mlebu penjara, wis samesthine.  Sakora-orane, yen wis tak lakoni ukumane,  ora bakal ditagih ukuman ing ndonya sing wis tak lakoni."
"Ora ana adiling - adil  ing ndonya, ing  lumahing bumi.  Bumi kang  mubeng, isih terus mubeng lan  isih  terus nggoncangake isen-isene tumuju marang karusakan. Kabeh  isen-isene bakal rusak, kaya kae, sawangen, kae sing klebu rusak  dina iki, " tembunge karo nuding sawenehing papan sing adoh dununge.
Nanging senajan adoh, Sulkan lan Rakim bisa nyawang cetha  pernahe papan sing dituding. Katon cetha  anane  rubung-rubung ing pategalan, ngrubung raga loro sing nglemprak adus getih dadi layon. Kekarone uga  weruh  wira-wirine sawetara polisi lan ya weruh batih-batihe sing  nangis ndrengungung.
Getih isih terus mili kekocor, metu saka cengele Rakim kang ketaton dhisik  saka  luput enggone mbabitake clurite. Nanging sadurunge Rakim rubuh kepacul cengele, isih kewagang  mbabitake clurite. Clurit  landhep nancep ing lempenge Sulkan sarta banjur disendhal, nglekrek weteng  lan ana ususe  Sulkan  sing pedhot keganthol.
Weruh ragane gilang-gilang  kekarone lagi sadhar sarta banjur meneng. Kejaba sing  gedhe  dhuwur  iku sing kumecap, nyuwara , " Iki dudu papan kanggo padudon. Mula kowe tak penggak aja ngrameni papan iki. Aja ngganggu swasana tentrem senajan kene iki isih adoh saka tepining katentreman. Nanging  saka kene, kowe isih  bakal weruh, sepira ambane lemah sing satemene mbok butuhake. Selagine bumi kang mubeng, isih terus mubeng nggoncangake  isen-isene. Kari sapa sing  kuwat, bakuh ora kengguh godhaning ndonya sing banget mikat. Lagi kowe  mengko weruh ing  saenteke jaman, bakal  kok adhepi  adiling adil  sing ora gonjing ing pangiming-iming."
Kekarone isih meneng.
Wewujudan ireng ilang saka pandeleng.
Anane kari ara-ara amba.
Tanpa tepi, jembar  bawera.
Sulkan lan Rakim.
Kaya kapuk katiyup angin.
Ngawang.
Nglambrang.
Sowang-sowang.(*)
(Jaya Baya, No. 2, tgl 14 Sept 1980)


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/11/ing-sisihe-bumi-kang-mubeng.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

com mfxbrokerтефлоновая сковородалобановский харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1641
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3861
  Bulan ini   :  Bulan ini :57796
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 55

Kontak Admin.

email-kidemang