Cêrita Cêkak -  

98 Grombyangggg…!!!

AM sewelas bengi keprungu swara grombyang gawe  kagete cah-can nom, Salam sakancane, sing lagi cangkruk ing gerdhu. Merga kepengin weruh iku mau swara apa, terus digoleki menyang ancer-ancere swara iku mau, sing miturut pangrungune, ing sakiwa-tengen omahe yu War. Sawuse weruh ana sepedha pancal njrekangkang ngebruki rosok ing  mburi  omahe yu War, lagi cah--cah nom iku dhong perkarane. Menawa wae enggone nyendhekake kesusu ditinggal sadurunge sepedha iku mapan temenan.
Nanging sepedha iku dudu sepedhae yu War. Sepedha lanang, sepedha kuna, cah-cah nom apal yen iku sepedhae pak Bayan. Sakala cah-cah  nom  malih pating klesik enggone omong awit wis bisa mbedhek yen sing duwe sepedha iku mesthi  wis dlesep ing omahe yu War, randha enom sing lagi ajar dadi pengepul  rosok cilik-cilikan.
Salam  ndhodhogi cendhela kamare yu War.
" Yu! Yu War?! Yu? Dhog dhog dhog...!" Sepi, ora ana swara wangsulan.
"Ngko ndang wis turu?" grenenge  Samidin, kancane Salam.
"Kok ra humit-humit blas."
" Jajal  Man, inceng, ketok enek wonge apa ora? Ngko ndang ra neng kamar kene olehe turu?. Inceng Man, iki lho, bolongan amba." pakone Salam marang Kiman, kanca sijine.
"Moh, ngko nek diculeg." wangsulane Kiman  sing wis tanggap diajak omong nyandiwara.
"Yu! Yu War! Dhog dhog  dhog dhog !" jendhela bali didhodhog luwih banter nganggo watu." Sepedhamu Yu, isih keri neng njaba.  Eman-eman, sepedha sih apik, ngko nek disaut uwong. Yu! Yu War! Dhog dhog dhog dhog!!!"
"Ya, ya. Wis krungu aku," wangsulane yu War kepeksa mangsuli kareben Salam sakancane nyingkrih.
"nDang lebokna ,Yu."
"Ya, ya. Ngko sik. Pancen ijik neng njaba."                 
"Lho, ijik neng njaba ta, Yu? Kathik ngko, ngko, ngenteni apa?   Ya ndang ta?   Ya ndang ta?!
"Pathakmu kuwi sing ndang?!"
Dhasar bocah enom, kaduk wani kurang duga. Dipisuhi malah padha ngguyu pating cekikik. Terus ana sing cluluk banter, krungu krekete lawang pawon dibukak.
" Lha kae, lawang mburi kok mak-kriyet, dibukak."
Terus keprungu swarane wong mlayu nasak tegal jagung mburi omahe yu War, ora ngreken sepedhae.
"Sepedha iki apike piye? Apa digawa, sesuk diterna nyang omahe pak Bayan?" grenenge Samidin.
"Ngono ya apik. bu  Bayan ya ben krungu, nek sepedha lanang iki bengi-bengi ngebruki rosoke yu War," wangsulane Salam.
"nDahneya bu Bayan, sesuk..., rak terus ngamuk?"
"Ya ora ta? Sing ngebruki rak sepedhae, ora wonge?"*


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/09/grombyangggg.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

capital mfx профессиональная точилкалобановский александр

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105570
  Hari ini     :  Hari ini :1830
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :4050
  Bulan ini   :  Bulan ini :57985
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 33

Kontak Admin.

email-kidemang