|
A. Jinising tembung kalarasaken kaliyan basa manca. 1. Tembung Kriya (Verb); sadaya tembung ingkang nerangaken tumindak padamelan: nulis, mucal, nyawang, lan sapanunggilanipun. 2. Tembung Aran (Substantive); sadaya tembung ingkang mastani namaning barang ing maujud utawi ingkang dipun anggep maujud (abstrak): buku, kursi, angin, sétan, kapinteran, ngèlmu, lan sapanunggilipun. 3. Tembung Kawontenan (kaanan = ajective); sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun barang: gedhê, dawa, ireng, kumaki, merdika, lan sapanunggilipun. 4. Tembung Katrangan (Adverb); sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun kriya: mesthi, mau, banget, mbokmenawa, lan sapanunggilipun. 5. Tembung Sesulih (pronoun): sadaya tembung ingkang dados sesulihipun barang maujud utawi ingkang kaanggep maujud: punika kapérang dados 5 golongan: a. Tembung Purusa (tiyang): aku, kowé, dhèwèké, anu, banget, mbokmenawa, lan sapanunggilipun. b. Tembung Darbé: ku, mu, e, c. Tembung Pitedhah (pitudhuh): iku, kaé, kuwi, punika. d. Tembung Pitakèn: sapa, apa, endi, ngendi, kepriyé, lan sapanunggilipun. e. Tembung Panggandhèg: kang, sing, ding. 6. Tembung Wicalan (wilangan : cacah) = numeral : - siji, loro, sapisan, saméne, sawatara, lan sapanunggilipun. 7. Tembung Panggandhèng (conjunction): Tembung ingkang kanggé nggandhèng ukara utawi tembung: lan, sarta, tur, kathik, mulané, sarèhné, lan sapanunggilipun. 8. Tembung Panggenah (artikel): sing, sang, ponang, lan sapanunggilipun. 9. Tembung dunung (preposition): Tembung ingkang nedahaken enggon/enering barang: ing, ngarep, mburi, menyang, déning, lan sapanunggilipun. 10. Tembung Panguwuh (interjection) = panyuru: Tembung ingkang mratélakaken panguwuh / sesambat: lo, wah, wo, adhuh, toblas, lan sapanunggilipun.
A. Tulada Ngudhal Ukara Miturut jinising Tembung. Manawi bab ingkang kapengker ngudhal ukara miturut kalenggahaning / pangkating tembung, inggih punika madosi jejer, wasésa, lésan lan warni warnining katrangan, ing bab punika ngudhal jinising tembung inggih punika madosi tembung tembung ingkang kadadosaken saking tembung kriya, tembung aran, sesulih, wilangan lan sapanunggilipun. Terkadhang wonten malih supados ngudhal tembung, inggih punika tembung wau dipun padosi lingganipun, ater ater, panambang, lajeng kalebet rimbag punapa. Tuladha ukara. - Mau ésuk aku ketekanan tamu saka Sragèn.
Miturut lenggahing tembung: aku = jejer katekanan = wasésa tamu = lésan kang tumindak mau ésuk = katrangan mangsa saka Sragèn = katrangan panggonan
Miturut Jinising Tembung: mau ésuk = tembung katrangan wayah aku = sesulih katekanan = kriya tamu = tembung aran saka = tembung dunung Sragèn = tembung aran.
Miturut Pandapuking Tembung: mau ésuk = tembung jamboran aku = lingga katekanan = lingganipun teka angsal ater ater ke lan panambang an, kalebet tanggap ka i-kriya. tamu, saka, Sragèn = tembung lingga.
Tuladha malih : - Bocah cilik, adiné Mariyem iku, nukokaké jeruk adiku. Miturut jinising tembung: bocah = tembung aran cilik = tembung kaanan adiné = tembung aran Mariyem = tembung aran iku = tembung sesulih nukokaké = tembung kriya mawa lésan adiku = tembung aran.
Miturut Lenggahing Tembung; bocah cilik = jejer adiné Mariyem iku = katrangan jejer nukokaké = wasésa jeruk = lésan kang nandang adiku = lésan kang pinurih.
Miturut Pandapuking Tembung: bocah cilik = tembung jamboran adiné Mariyem = tembung jamboran iku = lingga nukokaké = n + tuku + aké + tanduk ké kriya jeruk = tembung lingga adiku = tembung andhahan: adi + ku adiné = tembung andhahan: adi + é.
|