Pranåtå Cårå - ᭙

15. Ngawekani Pepalang Ing Salebeting
Medhar Pangandikan

angge piyantun ingkang nedheng gegladhen, kangge maraga medhar pangandikan wonten sangajenging para piyantun / para rawuh pancen kathah pepalangipun, pepalang punika mijil saking salebeting pribadinipun piyambak lan ingkang tuwuh saking para rawuh / para hadhirin.
Salajengipun kados pundi caranipun nanggulangi pepalang punika ? Salajengipun ing ngandhap punika badhe kaandharaken bab penyakit utawi gangguan - gangguan salebeting kita medhar pangandikan.

Raos aliting manah dhumateng para rawuh.
Salah satunggaling pepalang / gangguan salebetipun kita medhar pangandikan ingkang tuwuh saking salebet ing pribadi kita piyambak inggih punika raos aliting manah dhumateng para rawuh.
Raos ingkang makaten wau kedah kita bucal tebih - tebih lan kita kedah nanemaken raos ingkang pitados wonten ing salebeting pribadi kita piyambak.
Manawi wonten salebeting manah kita rumaos risih utawi mindher manawi dipun gatosaken dening para rawuh, mila kita kedah mawas dhiri punapa ingkang saged nuwuhaken raos ingkang kirang prayogi wau.
Padatan saderengipun majeng / minggah dhateng podium, raos punika kedah sampun wonten lan nyababaken kita badhe kecalan kapitadosan dhumateng pribadhi kita piyambak.
Prayogi dipun rancang sapala pitakenan lan wangsulanipun piyambak.
Upaminipun makaten, punapa ingkang nuwuhaken kita rumaos alit ing manah dhumateng para rawuh punapa ingkang nyababaken kirang anggadhahi raos siap siyaga saperlu ngaturaken isi (wosing pangandikan) ?
Punapa rumaos kirang sae anggenipun maraga?
Punapa rumaos pribadinipun langkung andhap katandhingaken kaliyan para rawuh ing babagan pangertosan?

Wangsulanipun:
Manawi rumaos kirang siyaga salebeting badhe medhar pangandikan mila tebih saderengipun kita kedah sampun siyaga ing gati, pados srana ingkang saget ngiyataken wedharing pangandikan kita, utawi ingkang sesambetan kaliyan bahan medhar pangandikan ingkang kedah kita aturaken.
Prayogi kacawisaken cathetan - cathetan alit ingkang penting - penting kemawon, nadyanta amung salembar dalancang ingkang isi cathetan badhe ambiyantu sanget lan nambah raos manteb kita, badhe kasil anggen kita medhar pangandikan.
Manawi rasukan kalebetaken ing dana prayogi ngagem setut upaminipun, manawi perlu ngagem jas lan dhasi (busana kejawen) wonten ing adicara resepsi upaminipun menawi wonten adicara keagamaan upaminipun ing tata adicara pengetan Nuzulul Qur'an, mila kita kedah ngagem pecis.
Ingkang baken ngagem busana ingkang rapi lan ngagem sepatu supados katingal rapi, syukur - syukur saged adamel sengseming ingkang nguningani / mirsani.
Kanthi cara punika panjenengan badhe langkung pitados dhumateng dhiri pribadi kita.
Manawi rumaos andhap pribadhinipun katandhingaken kaliyan para rawuh, mila kedah mbudidaya nanemaken raos yakin bilih para rawuh sajajar kaliyan kita ingkang anggadhahi hak ngatur piyambakipun.
Kados pundi kemawon kita kedah pitados, langkung utami kabandhingaken.
Pitados salebeting manah bilih antawisipun kita lan para rawuh / hadhirin inggih punika sami - sami manungsa.
Lan raos pitados malih bilih punapa ingkang kita aturaken punika satunggaling bab ingkang enggal, lan mbok bilih piyambakipun dereng sami mangertosi babar pisan.
Manawi kita sampun nanemaken raos mantep ingkang makaten punika, mila mesthi kita rumaos pitados dhumateng pribadi kita piyambak.


Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадим Геннадьевичказан для дачиполигон ооо официальный сайт

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9925776
  Hari ini     :  Hari ini :153
  Kemarin     :  Kemarin :1544
  Minggu ini   :  Minggu ini :5922
  Bulan ini   :  Bulan ini :25401
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang