Pranåtå Cårå - ᭙

32. Tuladha Panyandra
Temanten Putri Kalenggahaken

inarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga kinanthenan Ibu ___________ saha
Ibu ___________
Sri temanten putri hangagem busanaa ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspito rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________ tumurun.
Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh - lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.


Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Vadim Logofet Sberbankкупить сковороду-гриль с крышкой в москвелобановский класс харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1641
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3861
  Bulan ini   :  Bulan ini :57796
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 55

Kontak Admin.

email-kidemang