50. Tuladha Aturipun Panatacara Ngancik Upacara Kirab
|
anjenenganipun para rawuh saha para lenggah, saparipurnaning langen beksan punika keparenging sedya putra temanten badhe jengkar marak sowan wonten ngarsa panjenengan winastan kirab kanarendran, badhe manjing wonten sasana busana arsa ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.
Keterangan: Panatacara ngaturaken paraga kirab wiwit suba manggala ngantos pethiting lampah inggih rama ibu Para lenggah, kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para ingkang piniji, jengkaring ki suba manggala sinarengan rerepen Dhandhanggula, sumangga, nun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |