Puspåwarnå - ᭙

08. Pråjå

Babagan pråjå têbané jêmbar bangêt amargå sêsambungan karo bab nêgårå lan pamaréntahan.
Ulah kaprajan nyakúp laku jantraníng nêgårå lan pamaréntahan.
Babagan ngatúr nagårå lan pamaréntahan dianggêp wigati wiwít anané kratón, pênjajahan walåndå nganti saiki jaman transisi démokrasi.
Kadhang kålå, pråjå ugå ditêgêsi kratón, nêgårå, nuså lan bångså.
Karana iku pråjå duwèni têgês pådhå karo kratón utawa nêgårå.
Mulå ånå têtêmbungan utåwå wêlingan: “síng bisa njågå pråjå, síng biså njågå nuså lan bångså.
Ånå ing bêbrayan lumrah dadi kaprah, têmbúng pråjå diungkrêt dadi cilík têbané.
Mulå ånå têmbúng prajané wanitå, prajané priyå, prajané kórps, kêsatuan lan liyå-liyané.
Pråjå banjúr ditêgêsi: kapribadhèn, watak, harkat utåwå martabat.
Têmbúng pråjå ugå akèh digunakaké kanggo jênêng wóng amargå ngabdi dadi nayåkå pråjå, contoné Pråjå Pangarså, Pråjå Suradyå, Praja Supråbå, Rêkså Hadi Pråjå, lan sapituruté.
Ånå ugå kanggo jênêng papan utåwå pahêman lan paguyuban, kayåtå Pasar Pråjå, Pråjå Laras, Ngèsthi Pråjå, Ngèksi Pråjå lan liyå-liyané.
Babagan pråjå ånå sambúng rakêté karo têmatané pråjå supåyå têmåtå.
Pråjå ditåtå nganggo tatanan síng têmåtå.
Bab kaprajan wís lumaku suwé wiwít jaman kuno têkan saiki.
Kêjåbå såkå kuwi bab síng sêsambungan karo tåtå-pråjå ugå tinulís ing naskah-naskah kuno kayåtå: Pararatón lan Nagarakêrtagama.
Awêwatón naskah-naskah kuno iku Prof Dr Slamêt Muljånå nulís buku yåkuwi “Pêmugaran Pêrsada Sêjarah Lêluhur Majapahit” lan “Pêrundang-undangan Majapahit”.
Prof M Yamin ugå nulís buku ngênani “Tatanêgara Majapahit”.
Napak tilas såkå buku-buku kasêbút akèh bangêt bab síng biså dadi sumbêr informasi åpådéné réfêrènsi bab kaprajan.
Lêlandhêsan karo bab-bab iku, ora múng têmbúng (istilah) síng tinêmu ånå ing kaprajan jaman Måjåpahít nangíng ugå bab-bab síng magêpókan karo téori, kónsèp, struktur birokrasi, sêsanti, prinsip-prinsip dhasar (grund norm), kawicaksanan, filosofi pêmêrintahan lan liyå-liyané. Wêwatón naskah-naskah kunå, ånå têmbúng utåwå istilah síng apík lan pantês dadi têtimbangan lan réfêrènsi ing ulah kaprajan wêktu iki.
Kanthi cathêtan utåwå wêlingan: tèks kudu nggatèkaké karo kóntèks.
Bab síng sêsambungan karo istilah akèh síng rujukané såkå têmbúng Jåwå kuno, kayåtå:
- Grhadhika Bhakti Praja,
- Grahadi,
- Sasana Wanodya Wiratama,
- Graha Sabha Prêmana,
- Bina Graha lan liyå-liyané.
Émané ånå síng nggunakaké istilah-istilah mau kurang bênêr utawa klèru.
Mbók mênåwå amargå kurang tliti lan kêsusu amargå ngoyak wêktu, kurang cèk lan ricèk.
Tundhóné dadi ora bênêr, salah trús kaprah.
Contoné têmbúng såkå båså Sanskêrta “Graha” mêstiné ditulis Grha.
Têmbúng graha ana ing Old Javanese-English Dictionary tegese
(1) eclipse
(2) planet
(3) name of aprticular evil demond
(4) seizing, takeng
(5) crocodile ....
“Dêmak níng móng lawan graha ula”.
Wêwatón iku mulå ånå sing nafsiraké mênawa Bina Graha duwé têgês bina buaya (apa pêrlu diganti ?).
Ånå ing kaprajan isih akèh tinêmu lambang nêgårå apadéné sêsanti-sêsanti sing sumbêré såkå båså lan sastrå Jåwå, jagad pêdhalangan lan liya-liyané, tuladhané : Bhinéka Tunggal Ika Tan Hana Darma Mangrwa, déné utamané Nåtå bêrbudi båwå laksånå, sabdå Pandhita Ratu tan kêna wola-wali, Bhakti Praja, Madya Praja, Nindya Praja, Wasana Praja lan liyå-liyané. Akèh bangêt sêsanti ing lambang Daérah Provinsi utåwå Kabupatèn/Kota, kayåtå:
- Jawa Timur “Jêr Basuki Måwå Béå”,
- Jawa Barat “Gêmah Ripah Ripih Rèpèh”,
- Jawa Têngah “Prasêtyå Ulah Sakti Bhakti Pråjå”,
- Kabupatèn Klatèn “Tumêngå Tåtå Hanggatrå Nagårå”.
- Kabupatèn Têmanggung “Bhumi Pålå”.
Såkå têmbung bumi patålå utåwå pråtålå lan liyå-liyané.
Ing babagan kaprajan, rikålå jaman pênjajahan walåndå ånå têmbúng pangrèh pråjå.
Pårå punggåwå, nayåkå pråjå wêktu iku ngåyåhi påkåryån síng åjêg mréntåh utåwå ngêrèh marang kawulané, marang rakyaté.
Sawusé mardika dadi Pamóng Pråjå supåyå bisa ngatúr pråjå, nêntrêmaké pråjå ngêmóng kawulå.
Gêgandhèngan karo akèhíng fungsi síng kudu ditangani, olah kaprajan ora múng mligi ing babagan régulasi nangíng nyakúp ayahan fasilitasi, négosiasi lan lêladi muríh raharjaning bångså lan nagårå.
Pårå pangêmban pangêmbatíng pråjå kudu bisa mujúdaké profilé nayåkå pråjå síng profèsional, mumpuni ing ulah kaprajan.
Pårå pamóng pråjå kudu bisa njågå wibawané, kudu rêsík lan duwèni harkat lan martabat síng pinuji, ngayómi lan nglindhungi.
Ånå ing pêdhalangan ånå têmbúng:
- awèh têkên marang wóng kang kalunyón,
- awèh payúng marang kang kodanan,
- awèh bogå marang kang kaluwèn.
Ånå ing kaprajan wêktu iki ånå wulangan tumrap pårå pamóng pråjå supåyå pådhå tansah njågå pråjå, prajané éksêkutif lan prajané lêgislatif.
Njågå martabaté éksêkutif ya njågå martabaté législatif. Pårå kawulå ngarêp-arêp supåyå pådhå nindakaké ulah kaprajan síng utåmå åjå pådhå nindakaké ulah kang nisthå. Ånå ing ulah kaprajan biså lan pêrlu nduwèni réfêrènsi nêgårå liya síng wís maju.
Yå carané yå tåtå prajané supåyå biså mujúdaké kahanan síng luwíh têntrêm, adíl lan makmúr.
Kónsèp Tri Praja, éksêkutif législatif lan yudikatif pêrlu luwíh ditåtå lan disêmpúrnakaké nút majuníng jaman.
Tåtå pråjå síng arêp dicakaké kudu biså mujúdaké kahanan síng luwíh tåtå, têntrêm, adíl, makmúr, bagyå lan múlyå.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровые овтоматыregent сковородаооо полигон

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

1042946
  Hari ini     :  Hari ini :1823
  Kemarin     :  Kemarin :2322
  Minggu ini   :  Minggu ini :8257
  Bulan ini   :  Bulan ini :46095
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang