Puspåwarnå - ᭙

10. Démo

Démo utåwå démonstrasi síng mrambah mratah ånå ngêndi-êndi dadi têngårå utåwå tåndhå anané démokrasi.
Karånå iku mênåwå ånå démo ora pêrlu dikêrasi.
Ora pêrlu diadhêpi nganggo cårå-cårå síng ora mikolèhi apa manèh cårå síng biså ndrawasi.
Prayogané, démo ånå ing alam démokrasi disikêpi nganggo cårå síng wajar-wajar waé.
Démo-démo wêktu iki kók prêlu difahami nganggo dolanan têmbúng:
- démo lan orasi,
- démo síng di-kréasi, utåwå
- démo karo rékréasi.
Démo lan orasi pancèn dadi bab síng ora bisa pisah.
Orasi utåwå pidato dadi bab síng wigati utawa pênting.
Lumantar orasi kabèh unêg-unêg bisa disokaké.
Liwat cårå orasi kabèh aspirasi bisa disuntak nganti “êntèk apèk kurang golèk”.
Kadhangkålå orasi síng diujaraké ora mudhêngaké, malah mbrêbêgi kupíng lan jèngkèlaké ati.
Akèh síng kêganggu amargå démo biså ndadèkaké lalu lintas macêt, kadhangkala ngrusaki wêwangunan, anané tawuran, utåwå nggåwå gêgaman, ulah lan ucapané kasar, “nyåndrå” mobíl tèngki, ngêjêgi kantór, ngrusak prabót kantór, mêkså lan liya-liyané isíh akèh.
Sabanjúré démo ora narík simpati malah nuwúhaké antipati.
Bab dhémo pancèn ånå síng nganggêp positif, “apík” lan lumrah.
Éwå sêmono sók ånå èksès síng négatif, åpå manèh mênåwå ånå drêdah lan bêntrók antarané pårå-pårå síng lagi démo karo pêtugas.
Kadhangkålå kahanan dadi ora karu-karuwan, surung surungan, jóróg-jórógan, adu jótós, tawuran lan ånå síng tatu, gubras gêtíh, malah ånå síng mati.
Njingglêngi akèhé orasi rikålå démonstrasi, yå gayané yå carané, åpå mênèh isiné, nandhakaké yèn aktifis démo wêktu iki pancèn akèh síng “pintêr” orasi.
Karånå iku, åpå wis wêktuné ånå fèstifal orasi kanggo milíh jago-jago orasi síng mumpuni?.
Gêgandhèngan karo bab kréasi, “aprésiasi” lan inovasi, dhémo wêktu iki kêpårå tinêmu akèh lan ngédab-édabi.
Ora múng bab piranti tèknologi síng digåwå, tatacarané wís nggunakaké jêjaríng (nèt working) síng apík.
Mulå ora anèh mênåwå démo kêdadèn ånå ing ngêndi-êndi. Isu síng diusúng pådhå lan kêdadèn ånå ing wêktu síng bêbarêngan.
Isu lan substansi síng dadi punjêríng dhémo ora múng isu lokal, régional malah mrambah isu intêrnasional.
Isu síng dipêrjuangaké ånå síng nyangkút karo bab sosial lan kêmanusiaan síng sêsambúngan karo pêlanggaran hukúm lan kêadilan, “hak asasi manusia” utåwå HAM, isu lingkungan síng rusak, isu sampah, isu lístrík têgangan tinggi (sutèt), isu KKN, bab palêmahan, tindak kêkêrasan lan sapituruté.
Isu ékonomi nyangkút bab inflasi utåwå undhaké rêgå-rêgå BBM, sêmbako, upah minimúm régional, “pêmutusan hubungan kêrja”, pêngangguran, THR, kêsêjahtêraan burúh lan liya-liyané.
Isu politik ajêg dadi undêrané démo sing kêdadèn ånå ing ngêndi-êndi amargå wis mlêbu ånå ing ranah politik.
Isu intêrnasional ugå ånå síng diusúng contoné soal pêndhudhukan Irak déníng Amérika, langkah Israèl ånå ing Masjidil Aqsa, isu Ambalat, drêdah pêrbatasan antarané Indonésia-Malaysia, lan liyå-liyané.
Parågå démo ora nóntón tuwå åpå anóm.
Bocah-bocah TK, SD síng isíh cilík wís pådhå ngêrti démo.
Parågå démo ora múng dumadi såkå mahasiswa, murid, burúh, karyawan, pêkêrja, tukang bécak, tukang ojèg, tukang sapu, pêdhagang kaki lima (PKL), tani, nêlayan, pêkêrja sèx komêrsial (PSK), lan liyå-liyané isíh akèh bangêt.
Gunggúngé ora múng puluhan, atusan malah nganti têkan éwón pada nggrubyúk papan síng didémo.
Kréasi démo wêktu iki pancèn akèh bangêt.
Ånå síng nganggo tabuh-tabuhan kayåtå jêdhór, tambúr, trómpèt, sêmpritan, kênthóngan, lan mrambah têkan pêrabót pawón kayåtå: séndhók, panci, réngkót, blèk piríng gêmbrèng lan liyå-liyané.
Kabèh dithuthuki wola-wali nganti ramé mbrêbêki kupíng.
Démo ugå ånå sambungé karo rékréasi tinimbang nganggúr ånå ngomah mèlu démo ngiras pantês rékréasi.
Èksprèsi démo ånå síng arupå aprésiasi.
Paraga dhémo ånå síng mèh wudå blêjêt badané di cèt manéka warnå karo nindakaké “hapêning art” síng lucu lan gawé guyu.
Lokasi démo ora múng kêdadèn ing Médan, Jakarta, Bandhúng, Ngayogyåkartå, Sêmarang, Suråbåyå, Makasar lan kuthå-kuthå gêdhé liyané, malah wís têkan ing tlatah padésan.
Démo kêdadèn ora múng ånå ing Istana Kêprésidènan, MPR, DPR, Mahkamah Agúng, BPK, Kêjaksaan Agúng, KPU, kantór Départêmèn lan kantór pamaréntah liyané, kantór Kêdutaan lan Kónsulat Jéndral lan liyå-liyané.
Dhémo ugå kêdadèn ing tataran Provinsi kayåtå Gubêrnuran, DPRD, Kêjaksaan Tinggi, Pólda, Kantór-kantór Dinas tataran Provinsi, RRI lan isíh akèh bangêt kantór síng dadi sasaran démo.
Démo ugå nêmah ing tataran Kabupatèn, Kota, Kêcamatan, Kantor Kalurahan lan Kantór Désa. Démo wís mrambah lan mratah ånå ngêndi-êndi.
Démo wís dadi modhèl utawa cårå kanggo ngadhêpi kahanan síng ora disêtujóni.
Prêsasat ora ånå wêktu sêpi kêjåbå démo.
Lagi ngalami époria ing babagan démo.
Paribasané sabên dina ånå tuntutan lan protès nganggo cårå démo.
Démo kåyå-kåyå wís dadi budåyå ing bumi Indonésia.
Budåyå démo wís ajêg kêdadèn ånå ing tataran pusat têkan daérah, tataran dhuwúr têkan tataran ngisor.
Åpå démo wís dadi budåyå ?.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

Vadim Logofet Sberbankкак приготовить плов в мультиваркелобановский супермаркет класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

1049715
  Hari ini     :  Hari ini :1108
  Kemarin     :  Kemarin :2308
  Minggu ini   :  Minggu ini :2869
  Bulan ini   :  Bulan ini :47050
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 19

Kontak Admin.

email-kidemang