Têkan wêktu iki isíh akèh kóbóngan. Gêniné murúb ngalat-alat ngóbóng pérangan omah lan toko. Ånå síng ludhês, nangíng ugå ånå síng biså dislamêtaké. Síng nrênyúhaké, dagangan, mas-masan, dhuwít lan båndhå liyané ludhês dadi awu. Malah ånå bocah síng kóbóng, kahanané mêlas lan mêsakaké bangêt. Gêgandhèngan karo kóbóngan mau, akèh síng gêtún, kêduwúng, susah, sêdhíh, lårå, sambat lan nangís campúr adhúk ora karúh-karúhan. Ubalíng gêni pancèn ora nóntón wêktu lan mångså. Sanadyan mångså rêndhêng, ubalíng gêni bisa ngóbóng åpå waé. Ubalíng gêni sók ora kênyånå-nyånå, biså mubal dadi gêdhé lan ora milíh-milíh. Omah, pêkantóran, pasar, mall, hotèl, supêr markêt, Balai Kota, Kêratón lan liya-liyané biså kóbóng. Ånå ing Kalimantan ubalíng gêni bisa ngêntèkaké alas. Ånå éwóníng titík api sing sawêktu-wêktu biså ngóbóng alas nganti ludhês. Alas síng kóbóng biså njalari pêlúk síng pêdhês lan håwå síng rêgêd. Lingkungan bisa rusak, tanêman bisa ludhês, amargå ulahíng gêni síng ngédab-édabi. Sumbêríng gêni síng dadi jalaran wêrnå-wêrnå. Biså såkå têgêsan rókók, sênthír, téplók, kómpór, sambungan listrík síng kónslèt, utåwå bahan síng gampang kóbóng. Kêjåbå såkå kuwi, amargå ulahíng mênungså síng ngrèmèhaké, crobo, lali, tlédhór, sêmbrono, kurang ngati-ati lan liya-liyané. Ulahíng manungså síng kåyå ngono mau dadi jalaran kobaríng gêni, såkå cilík dadi gêdhé. Sumbêríng gêni biså såkå dayaning alam síng panas. Wêwatón piwulang ilmu alam, ånå pitudúh mênåwå punjêríng bumi iku panas bangêt, éwón grad (derajat) Celcius. Pêpanas såkå jroning bumi biså arupa lahar. Lahar bisa ngrusak lan ngóbóng åpå waé. Såpå síng kêtrajang lahar bisa angêmasi. Kêjåbå såkå iku, panasé bumi biså kêdayan såkå panasé srêngéngé síng ngédab-édabi. Sabanjuré, obahíng gêni bisa kêsurúng såkå dayaning angín. Obahíng angín bisa njalari plêtiké gêni såkå cilík dadi gêdhé. Njingglêngi bab alam, ånå pérangan síng biså ngimbangi dayaníng gêni, yåkuwi banyu. Banyu bisa mungkasi obahing gêni síng ngédab-édabi. Gêni gêdhé sing ngalat-alat bisa disírnakaké nganggo banyu. Panasé gêni biså dipungkasi nganggo banyu. Gêgandhèngan karo bab iku, ånå hukúm alam síng njalari kahanan dadi sêimbang lan sêlaras tumrap panguripan. Mêthík piwulang såkå buku Púrwaníng Dumadi, ånå anasír alam síng dumadi såkå gêni (hagni), angin (maruta), bumi (bantålå) lan banyu (hêr). Kabèh mau andayani mobah mosikíng jagad, jagad gêdhé (makro kósmós) lan jagad cilík (mikro kósmós). Anasír gêni nduwèni sipat angêt lan panas. Tumrap jagad cilík, jagadé manungså, ora kabèh sipat panas ålå. Anasír síng sipaté panas bisa murakabi panguripan. Ånå ing pêwayangan Gunungan utåwå Kayón ånå gêgambaran síng bisa dadi lambang. Sisíh ngarêp arupa uwít utåwå lingkungan panguripan, síng sisíh mburi arupå dênåwå lan gêni ngalad munggah. Ånå ing padésan, urúbíng gêni biså kanggo ngliwêt, olah-olah lan liyå-liyané. Pêpanasé gêni biså kanggo pêdiang utåwå api-api ngangêtaké awak. Kadhang kålå, pêpanas iku dadi butuhing ngaurip. Akèh bangêt pérangan panguripan síng mbutúhaké panasé gêni. Síng pêntíng, mêruhi panas sing ukurané prayogå kanggo kêbutuhaníng manungså. Anasir panas ing jagad cilík biså nuwúhaké lårå, bilahi lan bisa njalari tumêka ing pati. Panasé awak, mundhaké såkå 37 dêrajat nganti têkan 45 dêrajat Celcius biså ora kuwat uríp, aliyas mati. Kêjåbå såkå iku, anasír panas bisa ngóbóng ati. Mênåwå anasír panas lumêbu ing ati bisa ngabangaké kupíng lan ndrawasi. Anasír gêni síng nuwúhaké håwå panas biså mlêbu ing pasamuan utåwå parêpatan. Anasír gêni síng asipat panas bisa mlêbu ing rapat-rapat MPR, DPR lan DPRD. Amargå kalah swårå, jagoné kalah, pikirané cupêt lan kurang mênêp, atiné banjúr kóbóng. Swasånå panas síng kêlair ånå ing rapat, bisa awujúd nggêbrak méja, rêbutan jabatan kêtua komisi, padudón, drêdah lan liya-liyané. Swasånå panas ing parêpatan, ngusúng nafsu amarah amargå kêdayan anasír gêni. Swasånå lan håwå (nafsu) panas ing jaman transisi démokrasi wêktu iki, kêdadéyan ånå ing ngêndi-ngêndi. Akèh wakíl rakyat síng gampang kêtaman anasír gêni síng panas. Akèh bangêt mahasíswa, pulisi, burúh, pêtani, nêlayan lan liya-liyané síng gampang nêsu, ngrusak lan ngóbóng åpå waé. Síng mrihatinaké, malah ånå pêmimpín síng mêsthiné dadi patuladhan, ora biså ngêndhalèni nafsu amarahé. Gêgandhèngan karo swasånå lan håwå panas mau pêrlu diimbangi nganggo anasír hêr utåwå banyu (bêníng,wêníng). Sipat gêni pêrlu diadhêpi karo sipat banyu.
Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah |