Puspåwarnå - ᭙

25. Rêncana lan Stratêgi Kanggo ndayakaké
Basa lan Sastra Jawa
Supåyå rêncana lan stratêgi kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå luwíh mantêp prêlu landhêsan hukúm síng kuwat.
Ånå ing tataran nasional prêlu Undang-undang ngênani båså minångkå pêraturan pêlaksanaan såkå UUD Tahun 1945 (amandêmèn pasal 32).
Nagårå prêlu nêtêpaké garís kawicaksanan ngênani program lan ayahan kanggo ngúrmati lan nglêstarèkaké båså daérah.
Garís kawicaksanan ngênani båså daérah prêlu nyambúng lan jumbúh karo kawicaksanan ngênani båså Nasional lan båså måncå (asíng).
Fungsi båså-båså daérah síng ånå bumi Nuswantårå prêlu diprênahaké ånå ing papan síng samêsthiné.
Manåwå wêktu iki båså daérah wís diakoni minångkå ‘kêkayaan budåyå Bångså' wêwatón amandêmèn pasal 32 UUD Tahún 1945, kawicaksanan síng asipat opêrasional prêlu ditandhêsaké ånå Undang-undang, Pêraturan Pêmêrintah, lan Pêraturan Daérah. Tataran sabanjúré, Pêmêrintah Provinsi, Kabupatèn lan Kota wêwatón kawicaksanan otonomi daérah, diwajibaké nyusún program lan ayahan kanggo ndayakaké båså lan sastrå daérah. Partisipasi masyarakat.
Rêncana lan stratêgi kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu dingêrtèni lan disêngkuyúng déníng masyarakat. Masyarakat Jåwå síng wêktu iki cacahé kurang luwíh ånå 70 yuta mujúdaké potènsi síng gêdhé bangêt.
Pênutúr båså Jåwå síng sumêbar ånå ing bumi nuswantårå lan måncå nagårå biså dadi kêkuwatan síng ngédab-édabi.
Gêgandhèngan karo kaanan iki ånå síng prêlu di-studi, yåkuwi: åpå kabèh pênutúr båså Jåwå mau isíh padha trêsna marang båså Jåwå.
Babagan råså trêsnå karo båså (language loyalty) dadi pérangan síng pêntíng bangêt.
Råså trêsnå karo båså dadi modal dasar kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå ånå têngahíng bêbrayan síng têrús obah lan owah.
Manåwå katrêsnan karo basané ringkíh, amargå kawula mudhå luwíh sênêng nggunakaké båså Indonesia lan båså måncå, kaanan dadi kurang trêp lan bisa dadi pêpalang kanggo ndayakaké båså Jåwå.
Rêncana lan stratêgi kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu modal dasar síng kukúh yåkuwi rupå kêtrêsnan marang båså lan sastrå Jåwå.
Karånå iku prêlu ånå bêbadan utawa institusi síng didhapúk ånå ing tataran Provinsi, Kabupatèn lan Kota.
Bêbadan síng (arêp) dibêntúk prêlu dipandhégani déníng pårå pakar båså lan budåyå såkå Univêrsitas/Institut/ Fakultas/ Jurusan/Program Studi, wakil såkå birokrasi pêmêríntahan, anggota DPRD, Karaton, wiraswasta, pårå praktisi båså lan budåyå, pårå panggilút lan pandhêmên båså lan budåyå.
Wakíl-wakíl síng arêp mandhégani ånå ing bêbadan iki syaraté ora múng pintêr níng yå kobêr.
Amargå wêwatón pêngalaman síng wís lumaku, akèh bangêt bêbadan síng dumadi såkå wóng síng pintêr-pintêr nangíng akèh síng ora kobêr.
Institusi utåwå bêbadan síng arêp dianani bisa waé dijênêngi Déwan Bahasa Jawa utåwå Déwan Kêbudayaan Jawa síng tugas pokók lan fungsiné mbiyantu Gubêrnúr, Bupati lan Walikota ing babagan:
(1) pênêlitian utåwå studi ngênani båså, sastrå lan budåyå;
(2) nyusún kawicaksanan ing babagan båså, sastrå lan budåyå Jåwå;
(3) nyusún ayahan ing babagan pêndidikan/pêlatihan, utåwå kúrsús-
      kúrsús ngênani båså, sastrå, lan budåyå Jåwå;
(4) mbiyantu ayahan fasilitasi lan koordinasi karo kabèh institusi síng
      gêgayutan karo pêmbinaan båså, sastrå lan budåyå Jåwå, ånå ing
      sêkolahan, kulåwargå lan masyarakat;
(5) nindakaké ayahan évaluasi síng njingglêngi lumakuné båså, sastrå lan
      budåyå Jåwå. Sabanjúré supåyå biså murakabi tumrap bêbrayan,
      bêbadan síng dibêntúk prêlu diwragadi nganggo anggaran saka
      APBD Provinsi, Kabupatèn lan Kota.
      Anggaran prêlu cukúp lan jumbúh karo program utåwå ayahan síng
      arêp diacakaké. Jêr basuki pancèn mawa béyå.

Têbané Rênstra.
Rêncana lan stratêgi ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu nyakúp kabèh ayahan ana ing sêkolahan, kulåwargå, pamulangan informal, lan ånå ing lingkungan masyarakat.
Kabèh prêlu ngukúp sakèhíng unsúr síng siji-sijiné ora biså dipisahaké.
Program pêmbêlajaran ånå ing sêkolahan kudu nyambúng karo ayahan ånå ing kulåwargå lan masyarakat.
Kabèh prêkårå síng nggubêl båså Jåwå ånå ing sêkolahan kudu dingêrtèni lan diinvêntarisasi.
Kaanan guru, kualitas lan kómpêtènsi guru, métodê ngajar, kurikulum, bahan ajar, buku pêlajaran, buku wacan, kaanan muríd, lan liya-liyané prêlu dingêrtèni lan kabèh prêkårå síng ånå kudu diudhari.
Faktór guru lan bahan ajar båså lan sastrå Jåwå dadi pérangan síng pêntíng.
Kêpriyé carané mujúdaké wulangan båså jåwå síng disênêngi muríd, dadi pérangan síng pêntíng.
Akèh bangêt bab síng kudu diowahi lan disêmpúrnakaké.
Bahan ajar båså Jåwå ‘gagrag anyar' síng trêp karo kaanan wêktu iki prêlu diwujúdaké. Rênstra kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå ånå ing sêkolahan prêlu dipapanaké dadi program síng wigati bangêt.
Kanggo nyêngkuyúng cak-cakané rênstra båså lan sastrå Jåwå ing sêkolahan prêlu disêngkuyúng anané garís kawicaksanan ngênani pêrbukuan.
Buku wulangan lan buku wacan båså Jåwå kudu cukúp lan prêlu disubsidi déníng Pêmêríntah.
Buku-buku båså Jåwå kudu luwíh akèh lan murah rêgané.
Pêrpustakaan síng isi buku-buku båså lan Sastrå Jåwå prêlu diragadi kanthi cukup. Babagan alokasi anggaran kanggo ngragadi kabèh ayahan ngênani båså lan sastrå Jåwå ånå ing sêkolahan prêlu cukup.
Ngênani bab iki trêp karo anané garís kawicaksanan ngênani alokasi anggaran ing sèktór pêndidikan gunggungé di-pathók 20 % såkå APBN.
Karånå iku rênstra kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå ing sêkolahan prêlu disusún lan diragadi såkå pérangan biaya opêrasional sêkolah.
Tujuan lan sasaran ndayakaké båså lan sastrå jåwå ing sêkolahan kudu nyambúng lan sinkrón karo sasaran ana ing kulåwargå lan masyarakat.
Kaanan síng arêp diwujúdaké yåkuwi cak-cakané båså Jåwå síng luwíh apík, trêp karo kaanan síng luwíh maju.
Kêjåbå såkå iku aprésiasi masyarakat marang båså lan sastrå Jåwå prêlu digugah.
Ayahan ing masyarakat síng rupå kúrsús panatacara lan pamêdhar sabdå prêlu diévaluasi. Båså rinênggå síng digunakaké ånå ing Upacara Pêngantèn prêlu dilarasaké karo kaanan síng têrús lumaku.
Båså rinêngga síng dicakaké ora prêlu ndakik-ndakik nangíng prêlu mawas papan lan kaanan.
Mawas wêktu, mawas papan lan mawas kaanan dadi bab síng prêlu digatèkaké tumrap sapa waé síng nggilút båså Jåwå.
Rênstra båså lan sastrå Jåwå prêlu sinèrgis karo ayahan ånå ing média massa lan média èlèktronika.
Båså lan sastrå Jåwå ånå ing kålåwarti prêlu di-studi lan digatèkaké.
Kanggo ngadhêpi ombak globalisasi, kålåwarti båså Jåwå prêlu diwènèhi subsidi supåyå biså lêstari.
Rubrik-rubrik síng ngaggo båså, sastrå, lan budåyå Jåwå, ‘Ginêm Jawi', lan liya-liyané ana ing TV lan Radio prêlu têrus di sêmpúrnakaké.
Karånå iku, rênstra kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu dijêmbaraké têbané. Båså Jåwå pêrlu digunakaké ånå ing birokrasi pêmêrintahan ånå ing forum-forum síng ora rêsmi.
Tuladha nggunakaké båså Jåwå déníng pårå pêjabat dadi bab síng pêntíng supåyå ditiru déníng masyarakat lingkungané.
Déning: Ki Sutadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

игры бесплатно автоматыкакие сковородки лучшиелобановский александр досье

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9925959
  Hari ini     :  Hari ini :336
  Kemarin     :  Kemarin :1544
  Minggu ini   :  Minggu ini :6105
  Bulan ini   :  Bulan ini :25584
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang