14 Lahiripun Bathara Gana - 01 = 01 / 05 =
1. Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, Bathårå. Indrå miyós siniwåkå wóntên ing balé Småråkåtå, dipún adhêp Bathårå Bråmå, Bathåra Sambo, Bathårå Bayu lan pårå Déwå. Ngrêmbag Bathårå Guru anggênipún kapati tåpå wóntên puncakíng wukír Mèru, talatah Hårgå Kailåså. Sartå ugi wóntên ratuníng dênåwå sakti måndrågunå, nåmå Prabu Kålå Nilårudråkå badhé ngêndhíh panguwasaníng Déwå, sampún damêl bêtêng pakuwón wóntên êrêng êrêngíng wukír Jamúrdipå, kanamakakên bêtêng Sénåpurå, sartå ngangkat patíh, nåmå Patíh Sénårudråkå. Bótên watawís dangu Bathårå Narådå rawúh, dhawúh supadós pårå Déwå sami anjagi tåpå bratanipún Bathårå Guru, Bathårå Indrå kadhawuhan mundhút tulúng dhatêng Bathårå Kåmåjåyå ing Kahyangan Cåkråkêmbang. Sartå ingkang sabagéyaan kapuríh anduwå pangra basanipún Prabu Nilårudråkå sawadyanipún. Pårå Déwå sami matúr sandikå, lajêng bibaran paséwakan. Bathårå Narådå kondúr dhatêng Kahyangan Junggríng Salåkå, Bathårå Indrå kondúr ngadhatón. 2. Madêg ing Karang Kawidadarên Tinjomåyå. Bathari Wiyati lan pårå widadari mêthúk rawuhipún Bathårå Indrå, lajêng sami lênggah satåtå. Ngrêmbag kawóntênaníng paséwakan. Nalikå nêngah nêngahi punikå, ing Karang Kawidådarên kadhawahan mulad, inggíh punika sosotyå adi ingkang mancúr mancóróng cahyanipún. Mulad kapujå têmah sirnå, babar dadós widådari pitu cacahipún, kaparingan nåmå 1. Dêwi Supråba, têgêsipún cahya ingkang adi indah, 2. Dêwi Wilutåmå, têgêsipún wanitå utami, 3. Dêwi Warsiki, têgêsipún sêkar gambír ing kaswargan ingkang gandanipún amrík arúm angambar, 4. Dêwi Suréndrå, têgêsipún widadari musthikaníng Kahyangan Kaindran, 5. Dêwi Gagarmayang, têgêsipún mayang utawi sêkar jambé ingkang nuju mêkar, sanépå mêrêngganíng prawan sunthi suci murni. Ugi atêgês mêgaríng sunar utawi måyå, 6. Dêwi Irim-irim, kadós sêkar adi indah ingkang tuwúh ing toyå, ingkang amrík arúm angambar gandanipún, lan 7. Dêwi Tunjúngbiru, kadós sêkar tunjúng têraté biru ingkang tuwúh ing toya, minångkå pralambang túk utawi sumbêring panggêsangan katrêsnan jati. Pårå widådari sadåyå sampún sami nêdhênging birahi, sadåyå lajêng sami lénggót båwå, inggíh punikå anjogêd lan angidúng. Sasampunipún punikå, Bathårå Indrå lajêng pamít dhatêng garwå, bidhal dhatêng Kahyangan Cåkrå kêmbang.
Sigêg.
Bathara Indra
|