| Suluk Pedhalangan - |
| Sulúk Padhalangan 07 |
| ᭪᭗ ᩊ ᨿ᭜ |
Niyata laruta sakwèhníng yodh sakurukula, ya tan angutusa sang ri Bhisma Drona sumuruda, tuwi pêtêng i walêk ning réwangdé lêwu wulangun, wêkasan awa têkap ning rh lumrdhꧤêti lêb. Sêkar ing nginggíl punikå nggambarakên kawóntênan Bharatayudda íng dintên kapíng II (kalíh), Pandhåwå lan Koråwå samidéné apacak barís Garudawyuha, nangíng bótên antawís dangu. Barisanipún Koråwå risak abosah basíh kêtrajang pangamúkipún Arjunå lan Bimå, kaꧢah wadyåbålå Koråwå íngkang pêjah.Wóntên íng pagêlaran ringgít púrwå sêkar punikå limrahipún kanggé ådå å jugag pathêt manyurå, kirang langkúng namúng dumugi têngah têngahipún slokå kèndêl, dipún pungkasi sarånå kombangan ”O’. Têgêsíng têmbúng têmbúngipún : 1. Niyata = tartamtu, mêsꧢi. 2. Larút = larút mirút, sírnå gêmpang, tumpês tapís, têlas babar pisan. Larutå = baꧤé brasꧢå, badé têlas babar pisan. 3. Sakwèhníng = sagungíng, sanggyaníng, sadåyå. 4. Yodh: = pêrajurít. 5. Kurukula = têꧤak turunipún Kuru, inggíh punikå íngkang sinêbút Kuråwå. 6. Sakurukula = sadåyå têꧤak turunipún Kuru, sadåyå Kuråwå. 7. Ya = 1) Manawi. 2) Piyambakipún. 3) Punikå. 4) Jalaran (amargi). 8. Kuru (Prabu Kuru) punikå têꧤakipún Prabu Bharata turún kapíng 7. Inggíh Prabu Kuru punika íngkang yåså Têgal Kuru (årå årå Kuru), lan inggíh Sang Kuru punikå íngkang mahanani wóntênipún têmbúng ”Koråwå”, têgêsipún: têꧤakipún Kuru. Wóndéné Prabu Kuru punikå putranipún Prabu Sambarana ( Samwarana) íngkang miyós sakíng pramèswari widadari Dèwi Tapati. Sang Dèwi punikå putranipún Bathårå Suryå. 9. Utus = dhawúh. Angutús = nꧤawuhi, mréntahi. 10. Surud = mundúr, mlajêng. Sumuruda = supadós mundúr. 11. Tuwi = lan malíh, punåpå malíh, punåpå déné. 12. Walêk = kumêlún, mulêk (Indonesia : polang palíng, berhamburan). 13. Ré Awangdé = rênu (lêbu) + angdé (njalari) = lêbu íngkang njalari. 14. Lêwu = agêng, kadúk sangêt (Indonesia : amat sangat). 15. Wulangun = bingúng, kabingungan, bilulungan. 16. Wêkasan awa têkap ning r:h = wasananipún paꧤang déníng (abritipún) rah. 17. Lumrdeti lêb = lumra (sumêbar waradin) + amadhêti lêbu (njalari padhêtipún lêbu, satêmah lêbu bótên mulêk kumêlún). Suraósipún : Tartamtu baꧤé sírnå gêmpang tumpês tapís sagungíng prajurít (wadyåbålå) Koråwå, manawi Sang Bhismå lan Dronå bótên ngabani “mundúr”, punåpå malíh (nalikå samantên) pêtêng déníng kumêluníng lêbu íngkang njalari (pårå prajurít Koråwå) saklangkúng bingúng patíng bilulúng; wasananipún (lajêng) paꧤang déníng (ilinipún) rah íngkang sumêbar (sumrambah) adamêl paꧤêtíng lêbu (ngantós lêbu bótên kumêlún malíh). Sumber : Pustaka Wayang |
Niyata laruta sakwèhníng yodh
























