Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1863026
Hari ini     :Hari ini :19
Kemarin     :Kemarin :118
Minggu ini   :Minggu ini :855
Bulan ini   :Bulan ini :713
s/d hari ini   :s/d hari ini :1863026
Jumlah Kunjungan Tertinggi
02-23-2025 : 310
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Komisi - C - (#23)

Rubrik “Calon Pengarang" Majalah Jaya Baya
Minangka Sarana Nggrengsengake Ngarang Basa Jawa
Tumrap Siswa SD Lan SMP

Widodo Basuki
Redaktur Pelaksana, Majalah Jaya Baya


Abstrak

Wacan lan ajang nulis kanggo bocah-bocah ing bebrayan Jawa kena diarani kurang banget. Saliyane ora ana majalah kang mligi kanggo bocah-bocah, majalah  basa Jawa kang ana (Jaya Baya, Panjebar Semangat, Djoko Lodang)  pancen  nduweni rubrik sing ancase kanggo bocah, contone “Taman Putra” (Jaya Baya),  “Wacan Bocah” (Panjebar Semangat lan Djoko Lodang)  sing diarahake kanggo wacan bocah-bocah. Nanging  emane, kajaba  mung cumpen panggone, dongeng utawa crita mau  luwih akeh pengarange  wong dewasa. Basa  kang digunakake uga gayane wong dewasa. Dene bocah mung dadi “pembaca” wae. Iki kang njalari bocah dadi pasip, ora wani nulis crita sing gegayutan karo donyane bocah dhewe merga wedi tulisane  ora laras karo pikirane wong dewasa.
Kanthi kahanan kaya katur ing ndhuwur, wiwit taun 2006 majalah Jaya Baya mbukak rubrik “Calon Pengarang”, kang mligi nampung karyane siswa SD lan SMP. Isi critane iya kang dialami bocah-bocah dhewe, digawe dadi  pengalaman lucu,  arupa guritan, tembang lan liya-liyane.  Ing pangajab kanthi rubrik  “Calon Pengarang”  bisaa ndadekake bocah  dadi “subyek” kang ora wedi  ngetokake uneg-uneg lan pengalamane  wujud karangan nggunakake basa Jawa   salaras karo “kosa kata” utawa ukara-ukara basa Jawa kang dingerteni.
Asil karangan kiriman saka bocah-bocah maneka warna tema lan cakrike, bisa dadi bahan  kajian sastra kanggo bocah-bocah. Uga  bisa kanggo inspirasi lan “strategi” pembelajaran  sastra utamane kanggo mbentuk budi pekerti, unggah-ungguh basa, lumantar   kabisan lan nulis  nggunakake basa Jawa.

A.    PAMBUKA


Basa Jawa kanggo bocah-bocah, utamane sing wis ngancik siswa SD lan SMP, trep banget lamun antuk kawigaten mirunggan. Kanyatan kang bisa diprangguli ing bebrayan Jawa saiki,  diakoni apa ora, kawigaten gegayutan karo basa Jawane bocah-bocah, isih kurang banget.  Kejaba pancen disebabake krana kurange minat memaca wacan sing migunakake basa Jawa, uga disebabake kurange  medhia utawa panggonan kanggo lelumban  lan macak karyane bocah-bocah. Wacan sing arupa buku crita basa Jawa mligine  kanggo bocah, prasasat ora  ana babar pisan. Yen ta ana-a, iku mung arupa sisane buku-buku lawas sing isih kesingsal, utawa bisa nemokake ing  pasar loakan buku-buku lawas. Utawa yen ana siji loro,  ing Jawa Timur, contone: arupa buku-buku crita rakyat daerah-daerah ing Jawa Timur ( terbitan PT Grasindo taun 2008)  kerja bareng karo Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS) sing sateruse ora ana kabar kawusanane. Iku wae uga ora sebandhing karo kabutuhan. Pancen, isih ana majalah basa Jawa kang isih  urip kang nduweni rubrik-rubrik  kang pangarep-arepe ditujokake kanggo wacan bocah, contone Majalah Jaya Baya ana rubrik  “Taman Putra”, Penjebar Semangat lan Djaka Lodang nduwe rubrik “Wacan Bocah”. Nanging yen dijlimeti, nyatane kang nulis ing rubrik “Taman Putra” utawa “Wacan Bocah” iki,  wong dewasa. Arang banget, kapara malah ora ana karangan sing ditulis dening  bocah/siswa sekolah. Dadi, anane rubrik “Taman Putra” apadene “Wacan Bocah” iki  ndadekake bocah mung dadi “pembaca” pasif. Pembaca sing ora nduweni krenteg nulis apa sing dipikirake dadi sawijining karangan, merga rumangsa tulisan basa Jawane kalah yen dibandhingake asil karyane wong dewasa. Saliyane iku pikiran-pikirane iya beda karo wong dewasa.
Yen dibandhingake karo taun-taun sadurunge 1970-an, babagan wacan lan grengseng nulis Jawa saiki adoh banget sungsate. Dhek semana isih akeh diprangguli buku wacan basa Jawa, kejaba iki uga disengkuyung pelajaran basa Jawa ing pamulangan sekolah (klasikal) kang nduweni jam  pelajaran  luwih omber katimbang pelajaran etung, maca, lan liya-liyane. Saliyane wacan lan pelajaran ing sekolah (klasikal),  uga disengkuyung kahanane basa Jawa  minangka minangka basa pacelathon (komunikasi padinan) ing bebrayan Jawa lan ing tingkat kulawarga isih kuwat. Ing tingkat keluarga, antarane anak  lan wong tuwa akrab nggunakake basa Jawa. Simbah utawa wong tuwa isih nduweni kalodhangan  ndongengi  putrane sadurunge turu.  Bab-bab kang isine tepa palupi, tepa tuladha utawa sinebut “nilai-nilai luhur” kang gegayutan karo  pembentukan watak lan budi pekerti bisa wae disisipake lumantar dongeng utawa crita kang bisa diwaca lan dirungokake mau. Biasane ing sela-selane ndongeng mau, njur  diselingi  tembang.  Contone  nalika nyritakake  lelakone Jaka Tingkir, sang pendongeng uga  nembangake tembang “Sigra Milir” sing nyaritakake  lelakon nalika gethek kang ditumpangi  Jaka Tingkir  kudu disurung bajul (baya) 40 cacahe ing kanan kering. Modhel ndongeng sing disengkuyung tembang iki, nadyanta yen dipetung mung sacuplik, nanging nyatane bisa nabet ing ati nganti bocah mau wis ngancik dewasa. Lan  njilmakake jaman cilikan mau dadi kenangan manis  sing isih bisa dicritakake marang para putrane. Ora nggumunake yen basa Jawa isih nduweni kalungguhan penting  tumrap bocah-bocah. Basa Jawa bisa kanggo sarana ngetokake gagasan, pikiran, rasa, sarta pengalaman, lan liya-liyane.

B.     KAHANAN BASA  JAWA TUMRAP BOCAH JAMAN  SAIKI

Kahanan basa Jawa  tumrap bocah  saiki wis ora bisa dipadhakake karo jaman wong tuwa-tuwa ndhisik. Ajuning teknologi informasi menehi andhil kang cukup gedhe kang ngadohake saka pacelathon basa Jawa, apamaneh  ing tingkat keluarga  anyar sing wis ora nggunakake basa Jawa minangka alat komunikasi padinan, amarga lingkungane uga  saka manekawarna suku bangsa sing basane beda-beda. Utawa ana sawatara remaja sing nganggep manawa  apa wae sing raket karo tradhisi, kalebu basa Jawa, iku dianggep  wong-wog “jadul” (jaman dulu) sing ketinggalan jaman.
Nalika taun 2008 ing Kota Surabaya, ana program kang dijenengi “Java Day”  dening Kepala Dinas Pendidikan (nalika iku diasta, Drs Sahudi, M.Pd)  sing diwedharake ing Surat Dinas No.4-21.2/0123/436.5.6/2008. Isine arupa majibake ing sekolah-sekolah kudu nggunakake basa Jawa, sedina sajroning seminggu. Ning nyatane   apa program iku  bisa lumaku temenan? Saka jenenge sing “Java Day” iku wae wis nuduhake yen “ora njawani” dadi yen asile kurang nyenengake ya ora perlu diluputake.  Ora mung ing Surabaya wae, ning ing daerah-daerah liyane iya ana program  madha rupa kaya mangkono. Kalebu ing Kabupaten Pacitan uga gawe program “Sedinten basa Jawi”, ning apa ya dicakake temenan? Lan kepriye asile? Nyatane cak-cakane utawa prakteke padha ora bisa lumaku samesthine. Akeh banget sing dadi pepalange.
Kanyatan kang ana  ing lapangan, ora bisa diselaki lamun ta kaya dumadi  ing Surabaya, upamane,  ora bisa dipadhakake  kaya kang ana ing Jawa Tengah utawa wilayah Daerah Istimewa Yogyakarta, sing nduweni  etnis Jawane luwih akeh (homogen), dene ing Surabaya dumadi  manekawarna etnis.  Tur maneh basa Jawa sing digunakake, ana sing ngarani basane basa “Jawa Surabayan” utawa  “Suroboyo-an” sing mujudake Sub-Dialek basa Jawa.  Ing wilayah Surabaya – Sidoarjo ora aneh lan nggumunake manawa bocah ora bisa mbedakake “d” (da) lan “dh” (dha), apamaneh diucapake kanthi basa Jawa sing medhok. Ananging sing nggumunake, ing Surabaya isih  ana penerbitan  majalah basa Jawa sing isih tetep sempulur nganti tumekane saiki, yaiku  majalah “ Jaya Baya” lan “Panjebar Semangat”. Dene  ing  di Jawa Tengah  dan DIY,  mung ana majalah  “Djaka Lodang” sing  oplahe uga ora patiya gedhe yen dibandhingake kang ana ing Surabaya.
Pitakonan kang ana, terus arep nggunakake basa Jawa sing kepriye? Kepriye basa Jawane bocah-bocah SD lan SMP ing Surabaya? Sing kudu dipahami, basa padinan bocah-bocah Surabaya  anggone nulis basa Jawa mau isih kena pengaruh basa “lisan” utawa adhedhasar kang diucapake. Contone umpamane,  tembung “mulih”  bisa  ditulis: mole’, moleh,  atau muleh


- “Mas-mu kerja neng endi, kok durung mulih..”
- “Cacak-mu kerja  ndhuk endi, kok  gorung mole....”

 

Tembung  “putih” ditulis “ pote, puteh, poteh”. Kata  “pitik” ditulis “petek, pitek...”

 

- “Pitike wulune putih...”
-  “Peteke wulune pote”

 

Saliyane  prabeda ing babagan “pengucapan” uga ana kang  asring iku asring ana sing oba bisa mbedakake antarane huruf “o”  lan  “a”,  utawa “th”  karo  “t” uga  “dha” lan “d”.     
Asring  diprangguli ing spandhuk-spandhuk kaya kang nate dipasang ing  spanduk lalu lintas  ing sacedhake lampu merah rolak Gunungsari, Surabaya, ditulis kanthi nggunakake gaya  “parikan” (pantun), mangkene : Jambu  klutuk jambu dursono. Sopir ngantuk buru ciloko.  Iki sejatine salah sijine conto kepriye sejatine kahanane basa Jawa ing  jaman saiki.
Conto sing paling gampang ngenani basa Jawane bocah saiki, iku kaya katur ing ngisor iki. Bisa diwaos karangane Astrid Wiswandani, Kelas 9 D, SMPN 4 Surabaya iki mujudake karangan asli (durung diedit redhaksi):

PREIAN SEKOLAH


Sawise nrima raport ing  sekolahan, kula prei kale minggu. Kula mboten tindak ngendi-endi. Wektu preian kula bela sungkawa amarga paklik kula kang padha sedih lan ora sareh. Kula nyare sedina lan mbiyantu nyiapake tahlilan lan kondur.
Sesuke  kula tindak menyang Taman Safari Pasuruan. Kula tindak karo dhulur-dhulur kula. Kula budhal jam sanga esuk. Ing kono kula mirsani kewan-kewan lan mirsani atraksi kewan, yaiku lumba-lumba, gajah, harimau, lan liya-liyane. Kula mulih jam papat sore.
Sawise mulih, kula langsung turu. Kula silaturahmi menyang daleme eyang kula lan mundhut kaperluan sekolah liyane

Astrid Wiswandani
Kelas 9 D, SMPN 4 Surabaya

Conto karangane Astrid Wiswandani ing dhuwur wis cukup nuduhake kayangapa angele bocah saiki anggone nggunakake basa lan ngetokake pikiran-pikiran ngenani pengalamane kanthi nggunakake basa Jawa.  Basa Jawane katon yen campur adhuk antarane krama, ngoko lan ora bisa mbedakake “d” (da) lan “dh” (dha), iki sing dak aturake mbutuhake kawigaten mirunggan. Nanging nadyan kahanan basa Jawane bocah-bocah wis kaya ngene, iki isih begja banget. Bocah isih gelem nulis lan migatekake iku isih nguntungake.
Mula, kudune yen ana bocah sing isih gelem nulis basa Jawa kaya Astrid Wiswandani iki kalebu hebat, kudune njur dibombong, lan disengkuyung anane medhia,  diakehake lomba-lomba sing bisa kanggo ajang lan lelumban kabisane ing babagan basa Jawa mau.

C.    PROFIL RUBRIK “CALON PENGARANG” MAJALAH JAYA BAYA


Ing kahanan basa Jawa kang kaya diandharake bocah-bocah sing kurang kapercayan marang basa Jawa, jaman saiki mbutuhake kuwanen lan kalonggaran kanggo panjurung bocah-bocah mau murih nyenengi basa Jawa, salah sijine yaiku “ngarang”. Kanthi gagasan kaya mangkono, ing Jaya Baya, wiwit taun 2006 dibukak rubrik anyar kanthi jeneng “Calon Pengarang”. Ing pangajab, yaiku: bocah-bocah (utamane siswa SD lan SMP)  bisa-a ngirimake  tulisan-tulisan arupa: geguritan, tembang,  pengalamane lucu, lan liya-liyane. Sing penting lumantar rubrik iku menehi ajang kang omber kanggo bocah-bocah kanggo ngetokake uneg-unege nggunakake basa Jawa. Siswa kang ngirimake ora perlu wedi basa Jawane salah, sing penting  ing kene kepriye murih padha seneng ajar nulis nggunakake basa Jawa.
Ing rubrik anyar kagn dijenengi “Calon Pengarang” iki katulis keterangan mangkene: Rubrik anyar iki mligi kanggo adhik-adhik pelajar sing pengin belajar nulis lan ngarang basa Jawa. Wujude tulisan bisa werna-werna, contone: saka crita pengalaman, wujud guritan, gagasan, tembang, lan crita-crita liyane. Syarate: tulisan mau kudu karangane dhewe, dawane setengah folio wae, lan aja lali, kudu nggunakake alamat sekolahane dhewe-dhewe.
Geneya kudu nggunakake alamat sekolahe? Iki kanthi pangajab prasaja, yaiku: murih ing mengkone yen ta karangane dimuat lan antuk nomer bukti majalah, bisa dikirimake menyang sekolahane, lan  bisa diwaca dening kanca-kancane. Kanthi mangkono kanca-kancane para pengarang kang karangane bisa dimuat mau uga  njur katut melu-melu ngarang basa Jawa lan dikirimake redhaksi Jaya Baya, dadine saya akeh calon-calon pengarang basa Jawa. Apa maneh yen ngerti ngarang mono ana honore, saiki honore yen karangane dimuat ing  “Calon Pengarang” Rp. 40.000,- ( patang puluh ewu rupiyah).  
Wiwit  pertengahan taun 2006 nganti pertengahan   taun 2011, ora kurang kurang 100 karya luwih kang bisa diemot ing rubrik “Calon Pengarang”, jalaran pemuatane bisane mung saben rong minggu sepisan, gantian karo rubrik “Album Taman Putra”. Iku wae kadhangkala isih dikalahake kanggo tulisan sambungan saka kaca liya. Wujude karangan kang dikirimake salaras karo kang katulis, uga manekawarna tulisan, arupa tembang, pengalaman lucu, lan arupa geguritan.
Kiriman karangan katampa redhaksi saka wilayah-wilayah  ing Jawa Timur, Jawa Tengah, lan DIY, kayata saka: Surabaya, Mojokerto, Trenggalek, Kediri, Malang,  Turen-Malang, Pare, Tulungagung, Madiun, Gresik, Caruban- Madiun, Saradan- Madiun, Sidoarjo, Pare-Kediri, Blitar, Ngawi, Karanganyar – Surakarta, Klaten, Laweyan, Juwana - Pati,  Purwarejo- Kedu, Purbalingga, lan Semarang lan kutha-kutha liyane.

D.    ISI LAN TEMA KARANGAN ING “CALON PENGARANG”


Saka cacah asil karangan ing rubrik “Calon Pengarang” wiwit 2006 – 2011 kang dijupuk kanthi acak watara 60 karangan, bisa dipantha-pantha adhedhasar  tema lan isine, yaiku: (1) Bekti marang wong tuwa, (2) Ajaran kabecikan, (3)  Bekti/atur panuwun marang guru, (4) Kekaguman marang alam lan kaendahan, (5) Pengalaman kang  nyenengake, (6) Nresnani  kewan lan tetuwuhan. (7) Pengalaman ala lan lucu, (8) Crita bab gegayuhan (cita-cita).

1.    Bekti Marang Wong Tuwa


Tema lan isine karangan pranyata iya akeh kang  nyritakake bab-bab sing gegayutan karo “unggah-ungguh”, bocah sing kudu bekti marang wong tuwa. Sing akeh rata-rata nandukake pangabekti marang marang wong tuwa, utamane marang ibu.  Minangka conto bisa disemak ing guritan kirimane Wenny  Nur, siswa SMPN Gondanglegi, Malang (JB. No. 30/Maret 2011):

I B U
Pira akehe dosaku
Pira suwene aku ngrepoti Ibu

Aku wis gawe Ibu susah
Aku wis gawe Ibu pegel
Polah tingkahku sing gawe lara atine Ibu

Sangang wulan ngandhung aku
Patbelas taun ngrawat aku
Rekasa nyambut gawe
Awan bengi ora dirasakna

Kanggoku
Ora ana siji ing donya iki
Ora ana sing bisa ngetung akehe pangurbanan
Masia karo nyawaku
Donga lan usaha
Mung iku sing taklakoni
Gawe esem lan guyune Ibu

Sepuntene Ibu
Panjenengan mesthine mangkel
Panjenengan mesthine ngamuk
Mung salembar geguritan
Bisa maturnuwun marang pangurbanane Ibu

Wenny Nur Maf’ula
IX-D, SMPN 1 Gondanglegi
MALANG

Kejaba Wenny Nur Maf’ula,  sing isi surasane gegayutan karo  kekaguman  lan pangabekti marang tokoh ibu, uga diwujudake ing geguritan “Nyuwun Pangestu”  karyane Reisha  Nur Intifadha, SMPN Nganjuk (JB. No.40/ Juni 2010), “Ibu” karyane Nur Wakhidah Mayangsari, SMPN Pilangkenceng, Madiun (JB. No 42/Juni 2010), “Donga Kagem Bapak Ibu” Fritasya RJN, SD Al-Khotimah, Spaen Semarang  (JB. No. 15/ Juli 2011),  lan “Ibuku” karyane Nurul Widowati, SMPN Mejayan, Madiun. (JB. No. 32/ Maret 2009.

2.    Ajaran Ngenani Kabecikan


Karangan kang isine ngenani pitutur utawa ajaran ngenani kabecikan, pitutur supaya dadi bocah iku aja nganti “ngapusi”, aja sombong, kudu sabar, lan nindakake pituduhe agama, yen lunga kudu pamit wong tuwa, lan liya-liyane. Ana cacah 11 karangan, sing wujude ana crita  pengalaman lucu, dadi geguritan. Iki bisa disemak ing crita pengalaman:

“Kesabaran Nggawa Rejeki” karyane Dewi Indah, SMPN 4, Surabaya (JB. No. 43/Juni 2011) nyritakake bocah sing saka sregepe akhire nemokake kabegjan, uga ing

“Wejangane Simbah” karyane Fritasya RJN, SD Al Khotimah, Spaen Semarang (JB No. 46/Juli 2011) nyritakake pitutur saka wong tuwa, lan 

“Kuwalat Marang Wong Tuwa” karyane Alif Noviana (JB No.47/Juli 2011), 

“Kecebur Got” Indriyani L, SMPN 4 Surabaya (JB. No. 41/Juni 2011),

“Manungsa”, karyane Sukesi, SMPN Pilangkenceng Madiun (JB. No. 28/Maret 2009),

“Ngupadi Dununge Adil” karyane Bondan Ramadhan, SDN Kebonsawahan Juwana- Pati (JB. No. 46/Juli 2009),

“Agama” karyane Puput Putriantika Sandra, SMPN Pilangkenceng Madiun (JB. No. 50/Agustus 2009),

“Nyawa Kanggo Totohan” karyane Sekar Bias, SMPN Gondanglegi Malang (JB. No. 46/Juli 2008),

“Pak Tani” karyane Fatoni Kurniawan, SMPN I Mejayan Madiun (JB. No. 30 Maret/ 2009),

“Toni Bocah Sing Sombong” karyane Sukesi, SMPN Pilangkenceng Madiun (JB. No. 38/Mei 2010). 

Bisa disemak karyane Alif Noviana Ismi, Klas VIII, SMPN 4 Surabaya:

KUWALAT MARANG WONG TUWA

Ing dina Sabtu, aku lan kanca-kanca nduweni acara sing ora bisa diganggu gugat. Mulane aku ora oleh mlaku-mlaku karo kanca-kanca. Tapi aku tetep kepingin mlaku-mlaku. Aku dhewe ya bingung. Amarga ibu ora ngolehi, tapi aku kepingin.
Minggu esuk, kanca-kanca wis padha ngumpul ing omahku. Aku, Indri, Sarah, Yuniar lan Ryas padha siap-siap berangkat menyang Kebun Binatang Surabaya utawa “KBS”.
“Ya Allah…! Aku ora tega ndeleng ibu!” batinku ing njero ati.
Aku lan kanca-kanca numpak bemo jurusan Jayabaya. Ing ndalan padha crita ngalor ngidul, kabeh katon seneng.
Sawise tekan terminal Jayabaya, aku lan kanca-kancaku mlaku menyang KBS. Jarak antarane terminal bemo karo KBS mung cedhak. Tekan KBS aku sakanca banjur tuku karcis. Dina iku akeh banget pengunjunge, nganti mlebune suk-sukan. Ketepakan dina iku dina Minggu lan wiwitan preian sekolah.
Aku seneng banget. Mulane papan sing dakjujug sepisan yaiku sisih kidul wetan. Panggonane iwak. Wah!!! Ambune amis. Sakwise aku sakanca ndeleng iwak, langsung ndeleng “pertunjukan kewan”. Seneng banget.
Dina wis awan. Panas banget. Aku lan kanca-kanca langsung njujug panggonan kanggo mangan. Panggonane ana ing njero KBS. Panggonane bisa kangg lesehan, istirahat, utawa kanggo mangan lan ngombe. Sabanjure aku lan kanca-kanca mangan ing kono, lan sawise mangan langsung mbayar.
“Astaghfirullah…!!” batinku.
“Dhuwitku ilang. Adhuh…” aku bingung.
“Ana apa Nov?” Sarah takon.
“Mmm…iku. Dhuwitku ilang…!!”
“Ya wis, ngene wae. Dak silihi dhuwit sik. Mengko dibayar neng omah.”
Sakwise mbayar, aku lan kanca-kanca njujug menyang mushola KBS. Aku lan kanca-kanca arep shalat ashar. Pas sakwise shalat, aku langsung ndonga. Ing atiku wis ana rasa sing nggak enak. Iki paling amarga aku ora nurut marang ibu.
“Ya Allah! Ampuni dosaku, Ya Allah!”
Sakwise iku kabeh, aku lan kanca-kanca banjur mulih. Tekan omah, aku langsung njaluk sepura marang ibu. Saiki aku wis sadhar. “Nasihat orang tua itu sangat berharga”.

ALIF NOVIANA ISMI
Klas VIII, SMPN 4 Surabaya
Jl. Tanjung Anom No. 12
SURABAYA

3.    Atur Panuwun marang guru.
Kejaba tema mau isine babagan bekti marang wong tuwa, ora lali uga  bekti marang  guru. Iki bisa diprangguli ing karangan asesirah

“Guru”, karyane Hani Makartining, SMPN Mejayan (JB. No. 36/ 2009) lan

“Matur  Guruku” karyane Arik Anjar, SDN Ploso I, Pacitan (JB. 20/Januari 2009).

4.    Ngagumi Alam lan Tetuwuhan.


Karangan kang isine wujud kekaguman marang alam cukup akeh. Saka kekaguman marang alam saisine iki kang tundhone njur ngucapake rasa syukur marang Gusti Allah.

Contone karangan asesirah

“Lintang” karyane Erna Rahma, SMPN Pilangkenceng Madiun, (JB. No. 24/Pebruari 2009) ,

”Lintang Kang Endah” karyane Rizky Novitasari, SD Lab. UM Malang (JB.No. 15/Desember 2008),

“Cakrawala”, karyane Indah Asri lestari, SMPN Gondanglegi Malang (JB. 35/Mei 2011),

“Mawarku” karyane Eka Aprilia, SMPN Godnanglegi Malang (JB. No. 42/Juni 2008),

“Kembang Mawar” (JB. No. 34/April 2009),

“Srengenge” karyane Adyana Ajeng, Kediri (JB. No 19/Januari 2008), “Kembang Melathi” karyane Novianda Fatimah, SDN Pongangan 2 Gresik (JB. No. 13/Nopember 2008).

5.    Pengalaman Kang Nyenengake


Sing rupa tema pengalaman iki cukup akeh sing ngirimake. Pengalaman kang nyenengake bisa dideleng ing karangan

“Tarawih  ing Gubernuran”, karyane Fritasya RJN, Spaen Semarang (JB. No.1/September 2010),

“Piknik Menyang Taman Jurug” karyane Satitining Nurani, SDN 03 Nangsri, Karanganyar Surakarta (JB. No 13/Nopember 2010),

“Pasar Malem”karyane Cahyaning Yulia Nissa, SDN Gempolkerep Gedeg  Mojokerto (JB. No. 17/Desember 2007,

“Adus Neng Laut Ngampiran” karyane Gupita Zahra LM, SD Muhamadiyah Sepanjang Sidoarjo (JB. No. 07/Oktober 2010),

“Pit-Pitan Bareng Kanca”, Satitining Nurani SDN Nangsri 03 Karanganyar Surakarta (JB. No. 15/Desember 2010),

“Dina Riyaya” Fritasya (JB 02-03/Nopember 2010

“Melu Lomba Ngarang” karyane Fritasya RJN, SDN Al Khotimah Spaen Semarang (JB.No. 27/Maret 2011),

“Kejutan Ulang Taun” karyane Amalia Nindya Rosita SDN Margomulya, Ngawi (JB. No. 48/Agustus 2009),

“Melu Olimpiade IPA” Gupita Zahra, SD Muhamadiyah Sepanjang (JB. No. 25/Pebruari 2010),

“Melu Lomba “Reading Poem”  karyane Audrey Marsha, SDN Klegen I Madiun JB. No. 26/Maret 2009),

“Menyang Jatim Park” karyane Wildan Satriya Wenindra, Mi Miftakhul Ulum, Trowulan Mojokerto (JB. No. 28/Maret 2008),

“Jebule Entuk Honor” karyane Hillari  Dita Regi, SMPN 9, Semarang  (JB.No. 40/Juni 2009)

6.    Pengalaman Ala lan Lucu


“Kelangan Pit” karyane Muhammad Ramdani, SMPN I Purbalingga (JB.No. 23/Pebruari 2011,

“Ketabrak Sepedhah Motor” karyane Bagus, SDN Suko, Sukodono Sidoarjo (JB.No. 25/Pebuari 2011),

“Kecebur Got” karyane Indriyani Latri Ningrum, SMPN 4 Surabaya (JB.No 41/Jni 2011),

“Firasat-ku” karyane Dinda Ambarwati, SMPN 4 Surabaya (JB No 52/Agustus 2011),

“Pethukan Wong Gendheng“ karyane Rizkananda F, SDN Ngadiluwih, Kediri (JB.No 34/April 2008),

“Wong Bisu Sing Nekad” karyane Nesti C Nagari, MTs N, Model Pare (JB.No. 32/April 2010),

“Nelangsa” karyane Dela Widya, SMPN 2 Saradan Madiun (JB.No. 28/Maret 2010)

7.    Ngenani Cita-cita lan Gegayuhan


Sawetara karangan kang dikirimake, isine crita ngenani gegayuhane. Contone karya kanthi judhul

“Cita-Citaku Dadi Masinis”, karyane Sandhy Suprana, SDN Jepara L Surabaya (JB.No. 28/Maret 2011),

“Meja Kang Dhuwur” karyane Yovie Eka T, SMPN Negeri Tulangan Sidoarjo (JB. No. 34/April 2010)

CITA-CITAKU DADI MASINIS

Aku kepingin dadi masinis. Soale aku seneng kereta. Lek kepingin dadi masinis iku kudu pinter sinau, lek ora pinter gak bisa dadi masinis.
Masinis iku sekolahe jurusan mesin lan belajare neng Jogya yaiku setasiun Lempuyangan Yogya nang BPTT. Saiki aku wis langganan majalah kereta api (MKA)
BPTT iku Balai Pembelajaran Tekhnitrasi. Meh setaun iki aku langganan majalah kereta api. Masinis iku rodok angel. Soale kudu melek terus, ora oleh turu, gak oleh telpon-telponan. Syarat 3 iku sing kudu dipatuhi.
Saiki aku dadi “Rail Fans KA” karo “Kompak” (Komunitas Pecinta Kereta Api). Sing tak senengi teka kereta yaiku  lokomotipe, soale narik gerbong saka setasiun iki sampek setasiun sateruse. Sing tak senengi kereta jenenge Argo Lawu, Argo Anggrek, Mutiara Timur, bima lan liya-liyane.
Muga-muga cita-citaku iku terlaksana temenan. Amin

Sandhy Suprana
Klas V A, SDN Jepara I No. 90
Jl. Purwodadi Raya 84
SURABAYA

D.  NGARANG BISA NGGUGAH KUWANEN LAN NGUNGGAR
      PENGALAMAN


Yen dirunut saka teori sastra, sejatine karya-karyane bocah-bocah sing dikirlmake ing rubrik “Calon Pengarang” Majalah Jaya Baya, kaya conto-conto katur ing dhuwur,  iku bisa dilebokake ing golongane sastra anak.
Kaya kang dijelasake  Burhan Nurgiyantoro, “Sastra Anak”, Pengantar pemahaman Dunia Anak, (2010 : 6), nyebutake manawa kang sinebut “sastra anak” iku isi kandhutane winates salaras karo pangertene, emosionale lan psikologi-ne bocah. Ya iki kang dadi kharakteristik sastra anak. Panemune Burhan mau nyebutake mangkene:
….isi kandungan sastra anak dibatasi oleh pengalaman dan pengetahuna anak, pengalaman dan pengetahuan yang dapat dijangkau dan dipahami oleh anak, pengalaman dan pengetahuan anak yang sesuai dengan dunia anak sesuai dengan perkembangan  emosi dan kejiwaannya. Sastra anak adalah sastra yang secara  emosional psikologis dapat ditanggapi dan dipahami oleh anak, dan itu pada umumnya berangkat dari fakta  yang konkret dan mudah diimajinasikan. Ceritera tentang nostalgia yang melibatkan proses emosional yang ruwet dan dengan bahasa yang abstrak, misalnya, adalah ceritera untuk dewasa dan bukan anak. Demikian juga ceritera yang mengandung keputusasaan, kepatahhatian, politik, atau bernada sinis juga bukan sifat sastra anak. (2010:7)

Salaras karo panemune Burhan Nurgiyantoro ngenani ”sastra anak” kasebut ing dhuwur ing kene mung kepengin negesake, manawa sing jenenge  ngarang, tumrap bocah iku pranyata bisa dadi sarana kanggo ngunggar pengalaman lan uneg-unege, cita-citane kang nyenengake bisa nggugah kuwanen, lan bisa kanggo ngunggar  lan nyritakake  pengalaman sing nate dialami. Jalaran sejatine donyane bocah mau mujudake donya kang nyenengake.
Lan sing paling penting,  kanthi  kegiatan ngarang   bisaa didadekake salah  sijine cara murih bocah nyenengi basa Jawa. Ing kahanan basa Jawa kang kaya kentir ombyake jaman lan ndadekake  bocah-bocah sing kurang kapercayan marang basa Jawa, kudu ana sawijining media  sing bisa kanggo nglepasake kabeh pengalamane. Salah sijine yaiku “ngarang”. Mula kanthi gagasan kaya mangkono, ing Jaya Baya dibukak rubrik anyar kanthi jeneng “Calon Pengarang”. Ing pangajab, yaiku: bocah-bocah (utamane siswa SD lan SMP)  bisa ngirimake  tulisan-tulisan arupa: geguritan, tembang,  pengalamane lucu, lan liya-liyane. Sing penting lumantar rubrik iku menehi ajang kang omber kanggo bocah-bocah kanggo ngetokake uneg-unege nggunakake basa Jawa. Siswa kang ngirimake ora perlu wedi basa Jawane salah, sing penting  ing kene kepriye murih padha seneng ajar nulis nggunakake basa Jawa.
Lan iki mbutuhake panyengkuyunge kabeh pihak, kalebu wong tuwa ing omah, para guru, supaya ora waleh anggone ajak-ajak, supaya para putrane, para muride gelem ngirimake crita karangane kang nggunakake basa Jawa, menyang majalah Jaya Baya.

E.    DUDUTAN (KESIMPULAN)

dedalane guna lawan sekti,
kudu andhap asor, wani ngalah luhur  wekasane,
tumungkula yen dipun dukani,
bapang den simpangi, ana catur mungkur

Ing jaman biyen pengaruh saka njaba ora mbanjir kaya saiki. Kanthi nggunakake tembang para guru  nduweni pamrih kepengin nothok “lawanging rasa”, lamun dalane dadi wong pinunjul, linuwih,  utawa dadi  sekti kang bisa ditegesi pinter, iku kudu nduweni jiwa luhur, unggah-ungguh lan budi pekerti   becik. Tumrap bocah biyen  isine tembang iku bisa rumesep temenan, marang guru anane mung manut mituhu. Yen  jaman saiki,  guru kudu  drodosan kringete marga ngulir budi golek cara kepriye anggone nglebokake nilai-nilai  “budi pekerti” lan unggah-ungguh” mau, utamane kanggo nanggulangi pengaruh negatif tayangan-tayangan TV, internet,  VCD, lan liya-liyane sing  bisa wae  nrobos menyang kamare bocah tanpa kulanuwun luwih dhisik. Coba digalih, apa ya isih ana ing jaman “bocah tumungkul” nalika didukani? Apa maneh “ana catur mungkur”, bisa malah kosok baline, disrengeni malah mbantah, mendeliki gurune. Iki dadi tantangan kang ora entheng.
Ning, yen nyemak saka karangan-karangane bocah-bocah sing katur ing  rubrik ”Calon Pengarang” bisa dideleng lamun bocah-bocah tanpa sadhar wis bisa belajar babagan nilai-nilai “budi pekerti “, bocah wajib bekti marang wong tuwa, ora oleh sombong, kudu nresnani alam lan tetuwuhan, kudu bekti marang guru lan liya-liyane.
Ing pamungkase atur, saka pengalaman nangani  rubrik “Calon Pengarang” dakaturake usulan supaya bisa direkomendasi, yaiku:

 

1. Para kang kawogan, kudu ngakehake lomba-lomba ngarang, utawa  j
    kegiatan apa wae gegayutan karo basa jawa  utamane kanggo
    mbangun kuwanen tumrap bocah anggone nggunakake basa Jawa.

2. Ngarang basa Jawa tumrap bocah bisa dadi sarana kanggo
    nyengkuyung  pendidikan kharakter, bisa ndhedher winih budi Jawi.

 

Mligi kanggo ndhidhik bocah-bocah murih ora kelangan Jawane, kudu ana medhia khusus (mligi) yaiku majalah anak, sing bisa nampung karya-karyane bocah-bocah.

Nuwun,
Sidoarjo, 2011

F.    DAFTAR KAPUSTAKAN

 

♦ Nurgiyantoro Burhan, 2010, Sastra Anak, pengantar pemahaman
   Dunia Anak” Gajah mada University Press

♦ Widodo Basuki, “Kiat mengarang Berbahasa Jawa’, 2006,  Makalah
   Bengkel Sastra.

♦ Widodo Basuki, 2006,  ature Redaksi Jaya Baya, “Bapang, Bathang,
   lan Tayangan “Smack Down”

♦ Widodo Basuki,  2008, “Plus Minus Java Day”, artikel metropolis Jawa Pos.


BIODATA PENULIS


WIDODO BASUKI


Tempat/Tgl. Lahir    :  Trenggalek 18 Juli 1967
Pendidikan          :  Sarjana Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta Surabaya,
                               IKIP PGRI Surabaya.
Pekerjaan             :  
Redaktur Pelaksana, majalah  Jayabaya.

• Ketua Komite Sastra Dewan kesenian Surabaya (DKS) periode 1998
   - 2003

•Tahun 1999  pernah  diundang Dewan Kesenian Jakarta, 
   membacakan kumpulan guritannya Layang Saka Tlatah Wetan (1999)
   di Taman Ismail Mazuki bersama dengan Djajus Pete  yang
   membacakan crita cekak dan Poer Adhi Prawoto membawakan cerita
   lisan..

 

Karya-karyanya dalam antologi bersama:

 

• Ayang-Ayang Wewayangan (PPSJS, 1992), 
• Pisungsung (1995), 
• Drona Gugat (1995) 
• Untaian Melati  (1996),
• Negeri Bayang-Bayang (1996),
• Festival Sastra Jawa Blitar , (1995)
• (Tes…  (Taman Budaya Jawa Timur, 1997),
• Luka Waktu ( Taman Budaya Jawa Timur, 1998)
• Wulan Sedhuwuring Geni ( Yayasan Obor Jakarta, 1999), 
• Liong ( Taman Budaya Yogyakarta, 1999)

 

Karya pribadi:  

 

• Gurit Panantang (Kumpulan geguritan, 1993) pernah dibaca di
   Dewan Kesenin Surabaya dan Aula Deppen Kodya Blitar tahun
   1993, 

• Menak Sopal Dan Buaya Putih (cerita anak-anak, diterbitkan PT
   Citra Jaya Murti, 1997)
• Orang-orang Berpeci, Geger Kalirungkut (naskah Drama), 
• Kesaksian Satu (naskah wayang kentrung), Layang Saka Paran
   (kumpulan geguritan, Media Gambar, 1999),
• Medhitasi Alang-Alang (kumpulan geguritan, Sanggar Zuhra gupita,
   2004)

• “Bocah Cilik Di Uber Srengene”  kumpulan geguritan (2011)  

 

Beberapa kertas kerja:

1. Sastra  di Media Berbahasa Jawa di Era 1990-an.

2. Makalah  Kongres Bahasa Jawa III, Yogyakarta, Juli 2001

3. Ajak-Ajak Bocah Nulis Guritan, Apa (isih ) Bisa?

4. Makalah Seminar Sastra dan Bahasa Jawa untuk guru-guru SD
    se-Kodya/Kabupaten  Blitar  tanggal  26 Agustus 2002

5. Menulis Geguritan Dengan Bahasa Sederhana. Materi “Bengkel
    Satra Jawa”, guru-guru SD kodya Mojokerto,  kerjasama Balai
    Bahasa Surabaya -  Kantor Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kota
    Mojokerto, Mei 2002.
6. Belajar (lagi) Berbahasa Jawa Untuk Media Berbahasa Jawa
    (Kiat menembus majalah  Jawa). Materi  “Bengkel Sastra Jawa” ,
    siswa SLTP Se- Kodya Surabaya, kerjasama Balai Bahasa Surabaya
    – Taman Budaya Jawa Timur, 7-9 Oktober 2003
7. Menggali, meyakini, dan Menulis puisi Jawa dari “Sesuatu” Yang
   “Langka”, Pengantar apresiasi sastra SMAN-6 Surabaya, 6 Maret
   2004
8. Menulis Geguritan Membedah Kesaksian, Pengantar apresiasi
    geguritan, Teater Satu, Jurusan Bahasa dan Sastra Indonesia UNNES
    Semarang, 9 Juni 2005
9. Dari Puisi ke Musikalisasi Puisi, Pengantar Apresiasi Seni,
    Mahasiswa STIKOM Surabaya, 1 Oktober 2005
10. Peranan Majalah Berbahasa Dalam Pembelajaran Bahasa Jawa,
    Makalah Kongres Bahasa Jawa IV, Semarang, 2006
11. Reposisi Nimai-Nilai Tata Krama Bagi Generasi Muda, Dialog
    Budaya Jawa Timur 2009 “Menegakkan Moralitas Bangsa Melalui
    Budaya”, Balai Pelestarian Sejarah dan Nilai Tradisional
    Yogyakarta – Dinas Kebudayaan dan pariwisata Praopinsi Jawa
    Timur.
12. Muatan Lokal Dalam Mendongeng, Workshop Guru  TK/SD, Dinas
    Pendidikan Propinsi Jawa Timur. 2010.

 

Beberapa penghargaan yang pernah diraih:

1. “Lumantar Koperasi, Ndadekake Wong Cilik Bisa Gumuyu” Juara  I 
    Jurnalistik
2. Perkoperasian Departemen Koperasi Jawa Timur , 1993

3. “Guritan Pari Sawuli” Juara I  Naskah Guritan, DepdikBud Jawa
    Timur 1996.
4. “Cak Dul lan Maimanah” , Juara harapan II  Lomba Crita cekak 
    Sanggar Sastra  Jawa Yogyakarta tahun  1998.
5. “Layang Saka Paran” (Kumpulan Guritan Pribadi) mendapat
    penghargaan Sastra “Rancage” tahun 1999.
 6. Crita cekak “Supinah”,  termasuk crita cekak  10 terpilih yang
    dimasukkan  dalam antologi crita cekak  “Liong,  Tembang
    Prapatan.”  Taman Budaya Jogjakarta. 1999.
7. "Njaga Banyune Sendhang" Juara I Naskah Dongeng,  Sanggar
    Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY)  dan  Lembaga Kajian Budaya
    Surakarta, 2002.
8. "Kudhi Bujel"  Juara Harapan I Naskah Crita Cekak, Sanggar Sastra
    Jawa Yogyakarta  (SSJY ) dan Lembaga Kajian Budaya Surakarta
    (LKBS), 2002.
9. Mendapat Penghargaan Seniman  Berprestari dari Gubernur Jawa
    Timur, tahun 2004
10. Juara I Jurnalistik Pariwisata  Jawa Timur 2008
11. Juara III Jurnalistik Pariwisata Jawa Timur 2009
12. Juara IL Lomba “Cerpen Bernafaskan Panji” 2010, Dewan
    Kesenian Jawa Timur – Dewan Kesenian Jombang.

ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 22 Sikap Masyarakat Jawa terhadap Ideologi Asing dalam Babad Tanah Jawi dan Darmogandul
  • 24 Wigatine “Wong Gendheng” Sajroning Sanggar Sastra Jawa >

Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5, Dibuat oleh: Ki Demang Sokowaten About - Privacy