Makalah Komisi - C - (#37) |
Tembang Dolanan Tradisional Jawa I. Pambuka Tembang dolanan kalebet budaya tradisi lan salah setunggalipun warisan budaya ingkang adi luhung pantes dipunuri-uri lan lestantunaken. Tembang dolanan anak inggih lagu ingkang lahir tanpa bapa ibu, ugi namung awujud lisan utawi tradisi lisan mboten arupi tulisan, lan kadospundi asal-usulipun lan larah-larahiupun mboten wonten ingkang mangertos. Tembang dolanan dipun kenal awit namung gethok tular kemawon. Miturut Wayan Dibia (2000: 47) wosipun bilih tembang dolanan bagian tradisi lisan ingkang biasa dipun tembangaken kanthi spontan ing plataran griya, lorong- lorong griyo utawi ing lapangan. Gandheng wujudipun sastra lisan kathah tembang dolanan ingkang ewah saking aslinipun, ingkang iwah syairpun awit dipun jumbuhaken kawentenan utawi daerahipun, nanging lagu/iramanipun rata-rata tasih sami. Wonten ing TV asring miring tembang dolanan mawi arasemen enggal, benten kaliyan aslinipun. Miturut Dananjaya (20997) bilih penyebab ewahing tembung ing tembang dolanan amargi ditum tularaken kanthi lisan, anggenipun mirengaken mboten sami, lafalipun kirang cetha utawidipun larasaken kaliyan kawontenanipun jaman. Tembang dolanan sampun turun-tumurun saking simbah-simbah Ing jaman sakmenika lare balita kathah ingkang boten mangertos syair utawi permainanipun tembang dolanan, lare langkung remen nembang lagu-lagu cinta ingkang pantesipun kangge piyantun dewasa. Kawontenan punika mrihatosaken kita sadaya, jalaran tembang dolanan namung saget pinanggih ing padusunan. Isinipun tembang dolanan warni-warni, wonten ingkang arupi pitutur luhur, bab sato kewan, kejujuran, kebersamaan, tanggungjawab. Pramila perlu kawigatosan ingkang mirunggan, khususipun tiyang sepuh, awit lare balita wedalipun langkung kathah kaliyan tiyang sepuhipun tinimbang masyarakat utawi sekolahan. Sakselanipun wedal sesarengan kaliyan para putra mboten wonten salahipun menawi lare dipun kenalaken kaliyan budaya Jawi, kadasta tembang dolanan. Wiwit nalika lare sampun saget nirokaken, prayoginipun tembang dolanan dipun kenalaken dhumateng lare, kados tembang gundhul-gundhul pacul. Sanadyan tembang dolanan syairipun prasaja namung isinipun ngemot pitutur luhur tumrapipun lare balita, Dene nalika ngajari, tiyang sepuh mboten namung mrentahaken lare niru kewala nanging sageta dipun terangaken maknanipun kajumbuhaken kalian umur lan pengalamanipun. Tumrapipun lare balita ingkang sampun sinau ing pawiyatan formal, kados TK, Playgroup, TPA, tembang dolanan saged paring kontribusi ing bab pembentukan perkembangan kecerdasan lare, awit lare saget dipunajak apresiasi isining tembang, wujud pentas ing sakngajengipun kancanipun, mboten namung ngapalaken syair lan lagunipun kemawon supados saget narik kawigatosanipun lare. Ing mriki tuwuh raos tanggungjawab saget pentas kanthi leres lan sae, menawi ujudipun kelompok saget nuwuhaken raos kompak kaliyan kanca. Punapa malih wonten wigatosan saking pamarentah arupi lomba utawi show tembang dolanan ingkang pesertanipun saking kelompok bermain, PAUD, TK lan sakjenispun. Tujuanipun kangge nglestantunaken warisan leluhur ingkang adi luhung lan tasih trep menawi kangge tulada ing jaman modern menika. II. Tembang Dolanan Tembang dolanan ingkang kula kajengaken wonten ing seratan menika lelagoning tembang (ukara ingkang dipun tembangaken dening manungsa) ingkang susunan tembungipun bebas mboten terikat deneng aturan kados dong ding /guru lagu, guru wilangan, jumlah barisipun. Tembang dolanan lare-lare Jawa saget minangka kangge pitutur luhur trumapipun lare jumbuh kalian umur lan sekolahipun Tembang dolanan inggih punika tembang ingkang dipun tembangaken dening lare saget mawi iringan gamelan utawi alat music , saget mawi gerakan utawi tari lan wonten ugi tanpa gamelan lan gerakan utawi tari, dene syairipun dipunjumbuhaken kaliyan alam pikiranipun lare lan khayalanipun lare (Supanto dkk, 1981/1982:27). Tembang dolanan umumipun dipun ekspresikan kanthi sikap seneng (gembira), ceria, periang. Sak liyanipun pitutur, tembang dolanan mujudaken olah seni ingkang sae, trep kaliyan perkembangan jiwanipun lare. Supados lare balita gampil nyinau lan enget kaliyan syairipun, boten bosennaken, nalika ngajari lare boten perlu dipunjlentrehaken isinipun kanthi detail, cekap ingkang prasaja kados wonten ing syairipun, sandyan wonten ingkang mboten gathuk antawis tembung-tembung wonten ing tembang dolanan. Benten menawi tembang dolanan kangge lare SD kelas tiga minggah kedah dipunterangaken kanthi rinci suraosipun tembang dolanan supados lare mangertos isinipun lan saget kangge tulada ajaran ingkang sae utawi becik. Menawi namung saktleraman tembang dolanan namung arupi baris-baris tembung ingkang mboten wonten maknanipun, nanging menawi dipungatosaken saestu, ngemot: masalah kehidupan ingkang komplek kadosta: pitutur, agama, masalah lingkungan , budi pekerti, sopan santun. ingkang arupi sindiran utawi panglulu. Sajatosipun tembang dolanan punika sastra seni ingkang piawi kangge ulah bunyi asonansi, aliterasi, rima, pepindhan, parikan inkang nengsemaken manah saengga tembang dolanan minangka ajang kreativitas seni lan alam pikiran manungsa.. I. Pawiyatan Lare Balita (PAUD Pawiyatan menika proses ingkang dipun betahaken kangge ngimbangi lan nyekapi kabetahanpun manungsa. Tujuan pawiyatan samangke sampun sae lancetha inggih menikan minteraken bangsa. Namung mutunipun pawiyatan gumantung: 1. kurikulumipun lan pelaksanaanipun, 2. motivasi dhumateng lare (peserta dhidhik), awit mboten namung 3. pengenalan metode kreatif, 4. menejemen sekolah lan 5. dukungan ugi kesadaran masyarakat dhumateng pawiyatan kangge
Pawiyatan ing seratan menika namung mligi pawiyatan anak usia dini (PAUD) utawi balita. PAUD saget katempuh wonten pawiyatan formal kados: TK, TPA, Kelompok Bermaian minangka persiapan mlebet pawiyatan dasar. PAUD ugi saget dipun adani ing keluarga lan masyarakat. Lare umur 2-5 tahun sampun ketingal pinteripun,akal positifipun, mletik gagasanipun, tuwuh emosinipun, tingkah lakunpun jumbuh kalihan tambahing umur. Pramila lare balita mbetahaken kawigatosan ingkang mirunggan mliginipun bab perkembangan fisik lan psikisipun lare.
2. Tembang dolanan mujudaken perkenalan budaya jawi, kados oleh seni, nada dhumateng lare balita. 3. Tiyang sepuh utawi lingkungan langkung prayogi ngajari tembang dolanan ingkang tembungipun prasaja, bebas tanpa aturan ingkang gumathok, lan nerangaken maknanipun ingkang dipunjumbuhaken kaliyan umur lan perkembangan jiwanipun
Buku Wacan
♦ Akhmad MuhaimiAzzet, 2011. Urgensi Pendidikan Karakter di ♦ Dwijawijata. 2006 .Tembang Dolanan (titilaras: Solomisasi), Edisi ♦ Gede Raka, dkk. 2002. Pendidikan Karakter di Sekolah: Dari Gagasan ♦ Iva Noorlaila, S.Pd. 2010. Panduan Lengkap Mengajar ♦ I Wayan Dibia. 2000. Revitalisasi Lagu Anak-anak Diperlukan. Warta ♦ James Dananjaja. 1997. Foklor Indonesia. Jakarta: Pustaka Utama ♦ Supanto, dkk (tim). 1981/1982. Sejarah dan Budaya (Seri: Folklore). |