Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1863026
Hari ini     :Hari ini :19
Kemarin     :Kemarin :118
Minggu ini   :Minggu ini :855
Bulan ini   :Bulan ini :713
s/d hari ini   :s/d hari ini :1863026
Jumlah Kunjungan Tertinggi
02-23-2025 : 310
Pengunjung Online : 1

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Komisi - C - (#38)

 

Pamrayogi Cak - Cakanipun Basa Jawi
Ing Pawiyatan Saha Bebrayan Ing Wekdal Sapunika
J.F.X.Hoery


Cecala.
Ingkang kula aturaken punika, dhapur punapa ingkang kula tingali, ingkang kula sumerepi, lan ingkang kula alami kawontenan saben dintenipun tumrap panganggenipoun basa Jawi salebetipun alam globalisasi sakpunika. Pramila ing kalodhangan saslebetipun Kongres Basa Jawi ingkang sakpunika sampun lumampah kaping gangsal, mangga kita sami sesarengan, tukar pangertosan, tukar pengalaman, tukar pemikiran, kangge ngrampungaken satunggaling prekawis. inggih punika cak-cakanipun Basa Jawi, ing tengahing pawiyatan saha bebrayan ing wekdal samangke..
Bilih sesanggeman makaten punika, inggih sasanggeman kita sedaya, mboten saget karampungken dening para dwija, para pengembating praja, para pengarang, bebrayan dhumawahing paguyuban-paguyuban. Kula percados, ingkang badhe kula aturaken punika taksih kathah kekiranganipun, taksih katah klentunipun, kathah ingkang anduwa, kepoara malah nulak, menapa ingkang kula atiuraken ing ngandhap punika.

Pangiring.
Kados ingkang kula aturaken ing ngajeng, bilih atur kula punika taksih kathah kekiranganipun, jer punapa ingkang kula guleti langkung kathah ing babagan sastra Jawi ingkang nglairaken karya sastra Jawi.dados ing babagan basa, tamtu kemawon lajeng katingal kepara cupet, cingkrang. Awit saking kekirangan seserepan kula, ndadosaken klenta klentuning pangrakitipun tembung, ukara, basa, dalasan waguning atur ing ngarsa panjenengan, mugi wonten lumunture pangaksami.
Mekaripun budaya ing pundi kemawon tansah ngalami pasang surut, owah gingsir, selaras kaliyan kawontenanipun (perkembangan) jaman. Owah gingsir mujudaken lumampahing gesang saking satunggalipun wekdal dhumateng wekdal candhakipun. Saking lair, lumampah ngrembaka ngantos nggayuh kuncara, salajengipun saya surem mandhap pamoripun. Saking mriki, badhe ndayani kalih werni lelampahan, saged ugi wangsul ngrembaka malih, kosok wangsulipun saged ugi malah ical, salajengipun badhe muncul kanthi warni benten. Punika kawontenanipun donya, ingkang mboten langgeng, lan punika saged kawastanan kukum alam.
Makaten ugi kawontenanipun Basa Jawi, ingkang suwaunipun saget ngrembaka kuncara lan saged dados basa nagari, nanging kenging kukuming alam dados surem pamoripun kados ing dinten samangke. Punapa mangkenipun Basa Jawi saget kombul, kuncara kados duk ing nguni malih, punapa malah ical saha gantos wujud.
Senaosa jejering Basa Jawi pinayungan undang-undang dhasar 1945 kalebet UUD 1945 asil amanedemen, sayektosipun sami kemawon kadamel bonsai. Pramila bilih kepengin basa Jawi, sastra Jawi, saha budaya Jawi gumregah malih, mboten sanes inggih kantun kita sadaya kados pundi ngadhepi, Menika mbetahaken perjuangan, kekiyatan, kesadaran kanthi tumaruntun, saking generasi dhumateng generasi penerus candhakipun.

Prihatos.
Ningali dhumawahing Basa Jawi ing pawiyatan saha bebrayan wekdal punika pancen mrihatosaken sanget, lakung-langkung tumrap kawula mudha. Mbokbilih kita Jawi, sampun rekaos sakpunika ngraosaken ing pundi Basa Jawi ingkang tansah jinunjung adiluhung punika? Kamangka sayektosipun Basa Jawi punika basa ingkang sakalangkung jangkep. Mboten namung jangkep bab maknaning tembung (kosa kata) nanging inggih jangkep gegebenganipun
Sopan santun, tatakrami, budi pekerti saha lampah budaya, sakalangkung pas menawi kawedharaken sarana basa Jawi. Inggih gegebengan punika sejatosipun ingkang winastanan adi luhung . Ningali cak-cakipun basa Jawi ing wekdal punika, sok sintena ingkang rumaos “tiyang Jawi” mesthi sami prihatos. Kamangka Basa Jawi punika ngenggeni urutan angka 11 sak jagad saking cacahipun ingkang ngginakaken (penutur). Salebeting negari piyambak cetha bilih manggen angka 1 saking 726 Basa Daerah ingkang taksih dipun ginakaken .
Satunggaling pangajeng-ajeng lestanmtunipun basa Jawi, bilih Dinas Pendidikan kanthi tumaruntun saged saha purun ngawontenaken Sarasehan/penataran Basa, Sastra dalasan Budaya Jawi . Amargi inggih wonten pawiyatan punika papan dhedheran Basa Jawi, lan para Dwija Basa Jawi wiwit TK ngantos dumugi pawiyatan luhur.,pinangka pangarsa tama salebeting nggegegi ( mempertahankan) ajining (nilai-nilai) Basa, Sastra sarta Budaya Jawi,
Kula wastani mliginipun para dwija, amargi pangarsanipun wucalan Basa Jawi inggih para dwija saking bidang studi Basa Jawi. Nanging wekdal samangke para dwija ingkang cundhuk kaliyan bidang studinipun nembe para dwija SMP sa tataranipun, senaosa ngantos sakamngke dereng sdaya SMP angsal guru saking jurusan basa Jawi. Benten kaliyan ing pawiyatan SD, ingkang meh sadaya gurunipun guru kelas. Senaosa wucalan Basa Jawi ing SD satunggal minggunipun namung 2 jam wucalan , nanging kathah ingkang mboten kanthi trep kaleksanakaken. Asring kadheseg wucalan sanes. Langkung-langkung wonten kelas VI, kathah para dwijanipun ingkang mboten netepi jam piwucalan basa Jawi. Amargi kangge nguyak ajining sekolahan tumrap asil UNAS, akhiripun wucalan Basa Jawi kasuwak kagantos wucalan ingkang kalebet kangge UNAS.
Kula prihatos nalika mireng lare-lare ing SD ingkang mboten basa dhateng gurunipun. “Pak ayo mulih, wis jam.” “Kowe wingi nyang endi Pak, kok liwat ngarep omahku?.”
Cobi, kados pundi panjenengan sami, menawi mireng makaten punika. Murid langkung sangajengipun guru, mboten purun mendak, mboten purun matur nuwun sewu. Cilakanipun para guru ngadhepi putra-putri momonganipun kados makaten mboten ngleresaken utawi nyaruwe. Menawi wonten kedadosan kados makaten, lajeng sinten ingkang dipun lepataken? Lare-lare samenika sampun kathah ingkang mboten ngertos unggah ungguhing basa, saha sopan-santuning tumindak. Kados tuladha ing nginggil menika.
Salebeting unggah ungguh basa Jawi, ngandhut piwucal sikep, tingkah laku ingkang kasebat sopan santun, tata krami, budi pekerti. Pinangka masyarakat Jawi ingkang gesang salebeting bebrayan Jawi, inggih sampun samesthinipun bilih kita ngugemi tata krami Jawi. Awit bilih kita mboten ngugemi tata krami Jawi, lajeng kawastanan “ora Jawa” keladuking panginten “ora ngerti adat.” .Menawi kita angsal panyeda kados makaten, tentu rumaos runtik ing manah, lingsem.
Punapa malih guru-guru ingkang mucal Basa Jawi inggih mboten saking jurusan Basa Jawi. Menika mboten namung kedadosan ing SD, dalasan ing SMP inggih taksih kathah guru Basa Jawi ingkang sanes lulusan jurusan Basa Jawi. Taksih lumayan bilih guru-guru ingkang mucal Basa Jawi saking guru-guru bidang studi Basa Indonesia. Pramila inggih mboten aneh, amargi guru ingkang mucal mboten nguwasani Basa Jawi, ing satunggaling perkawis utawi wucalan, amargi gurunipun mboten ngertos, kepeksa dipun wontenaken votting kangge netepaken ingkang leres lan lepat, kapendhet suwantenipun murid ingkang kathah. Malah wonten malih, satunggaling guru, nalika nyerat aksara Jawi klentu, pancen inggih sanes lulusan jurusan Basa Jawi kalawau, lajeng wonten murid ingkang ngertos lan ngleresaken. Kados pundi jawabanipun guru kalawau? : “Gurune iki aku apa kowe?” Makaten punika inggih natos kedadosan. Ing kalanganipun guru piyambak, taksih pinanggih anggenipun ngetrapaken basa sasar susur. Satunggaling guru mudha pamit dhateng Kepala Sekolahipun, : “Pak kula kepareng kondur rumiyin, dalem kula wonten tamu.”

Kenging punapa Basa Jawi saya surem?
Salebetipun 20 dasa taun, kita sampun ngawontenaken Kongres Basa Jawi kaping V. Nanging rekomendasi-rekomendasi ingkang kita usung, dereng katingal lumampah saha kaleksanan ingkang saged kita raosaken. Wonten pamanggih bilih rekomendasi kaping sepawan, kados namung mandheg dados cathetan.
Kenging punapa ta kok Basa Jawi sapunika sangsaya surem, dipun tilar pandhemenipun, langkung-langkung saking angkatan mudha. Kaum mudha, remaja, langkung remen ngginakaken basa gaul, basa Daerah mboten cetha, basa Indonesia mboten genah. Mangga sesarengan kita tliti dhodhok selehe basa Basa Jawi asaya mundur, saya kasingkur saking bebrayan. Sawatawis pandakwa ingkang njalari basa Jawi saya kapinggiraken, ing antawisipun : :

a. Basa Jawi kaanggep tilaranipun feodal
Bab punika mboten perlu dipun selaki, pancen saperangan ageng ngrembakanipun basa sastra tuwin budaya Jawi menika saking salebeting kraton. Kapustakan-kapustakan wontenipun ing salebetipun kraton. Para pujangga inggih dados abdining ratu, ingkang makarya ing salebeting kraton.
Nanging punapa sadaya ingkang kaprabawan saking kraton punika awon. Mesthipun kita saget milah-milahaken, pundi ingkang perlu dipun lestantunaken, pundi ingkang kedah kita tindakaken, lan pundi ingkang kedah dipun singkiri. Jer, ing mriku sampun kapilah-pilahaken sarana unggah ungguhing basa. Punapa basa alus kados ingkang lumampah ing kraton punika awon? Mesthinipun mboten saged dipun gebyah uyah, amargi sampun wonten empan papanipun piyambak-piyambak

b. .Basa Jawi Ketinggalan jaman.
Wonten pamanggih bilih Basa Jawi sapunika sampun katinggalan jaman, mboten saged nyalarasaken kemajuaning jaman, mboten dhemokratis. Basa Jawi mboten saged dipun trepaken ing babagan teknologi. Basa Jawi angel, saengga lare-lare sapunika mboten purun ngginakaken Basa Jawi ingkang kanthi samesthinipun.
Pamanggih makaten, saking pamanggih kula mboten klentu, bilih ingkang dipun suraos unggah ungguhing basa, kados ingkang lumampah kala rumiyin. Inggih punika ingkang ngecakaken kathahing unggah ungguh (undha usuk} kados ing ngandhap menika:
Basa Ngoko (ngoko lugu, ngoko andhap antyabasa, lan ngoko andhap basa antya)
Basa Krama ( kramantara, wreda-krama, lan mudha-krama}
Basa Madya (madya-ngoko, madyantara lan madya –krama)
Basa Krama Inggil
Basa Krama kedhaton (basa Bagongan)
Basa Krama Desa
Basa Kasar.
Wekdal sapunika, salaras kaliyan kemajenganing jaman, kawontenanipun basa inggih kenging pangaribawanipun globalisasi, kenging daya dinayan setunggal lan setungalipun, kula langkung condhong bilih ing pasrawungan namung lumampah Basa Ngoko, Basa Krama (dening JTV kasebat basa kulonan) saha Basa Krama Inggil. Tigang jinis punika sampun nyekapi sadaya kabetahan lumampahing sopan santun, tata krami ing pasrawungan ing pundi kemawon.

c. Kiranging kawigatosan saking tiyang sepuh.
Basa Dhaerah (Jawi) kawastanan basa Ibu,kalebet ingkang sampun katetepaken dening Unesco, tanggal 21 Februari pinangka dinten Basa Dhaerah utawi Basa Ibu. Nanging eman sanget, kawigatosanipun tiyang sepuh tumrap piwulang basa Jawi dhateng putra-putrinipun, sakmenika kraos dipun lirwaaken. Kados katur ing ngajeng, para putra menawi matur dhateng tiyang sepuh kanthi basa Ngoko, dipun kendelaken, mboten dipun arahaken ngangge basa krama. Mesthinipun, senaosa ngangge basa Ngoko, tiyang sepuh saget ngleresaken ngangge basa Ngoko ingkang alus, kanthi tetep ngginakaken unggah-ungguh.
Sakmenika ,sampun awis-awis mbokmenawi kepara malah sampun mboten wonten, tiyang sepuh ingkang nalika badhe nilemaken putra utawi wayahipun sinurung sarana rengeng-rengneng tembang Jawi. Mboten wonten, tiyang sepuh ingkang ndongeng kangge mbubukaken putra-putrinipun utawi wayahipun kanthi dongeng-dongeng rakyat ingkang kebak tepa tulada. Kula mboten nglepateken, jer punika awit kadheseg ajuning teknologi saha pan garibawanipun globalisasi (televisi, hp).
Lare-lare langkung ketarik kaliyan film-film kartun, Tom and Jerry, Miki Moust, Subasa, Donald bebek lan sanes-sanesipun ing tayangan televisi. Menika inggih mboten saged dipun lepataken. Pancen tontonan kangge lare-lare ing televisi ingkang mendhet saking crita-crita lokal (crita rakyat) prasasat mboten wonten. Tayangan pendidikan langkung-langkung saking televisi swasta sekedhik sanget. Kados kegiyatan Pramuka, PMR ingkang saget kangge ajang nanem budi pekerti, sopan santun, mboten wonten. Tayangan ing televisi langkung nengenaken segi tontonanipun katimbang tuntunanipun. Tontonan kemawon mboten kok tontonan ingkang sae. Cobi dipun pirsani sinetron remaja, (SMP/SMA) isinipun pacaran, tukaran, kongkiren, peranan guru mboten dipun ketingalaken wontenipun sebatan digugu lan ditiru. Padatanipun inggih tontonan ingkang kirang prayogi menika ingkang langkung narik kawigatosanipun lare-lare, lajeng dipun tiru.
Malah tiyang sepuh sapunika inggih sampun awis-awis ingkang maringi nami putra-putrinipun kanthi nami ingkang Njawani. Lare-lare saking padhusunan, sapunika naminipun jan ngedab-edabi. Bapakipun naminipun Pardi ibunipun Marmi, anakipun naminipun Leonardo Gustaf Fahroji , wonten malih Luciana Desibri Trianida.
Kanthi kanyatan makaten punika, kantun kita eklas punapa mboten bilih generasi Jawi kita kelangan basanipun, kelangan budayanipun. Kamangka negari-negari maju, negari super power kados Jepang, China, Taiwan, India sanget-sanget anggenipun mempertahanken Basa Daerahipun. Pramila, pamanggih kula, benteng pungkasan kangge nanemaken basa, sastra, budi pekerti saha budaya Jawi dhateng generasi mudha inggih para dwija basa Jawi.

d. Kasedhot Basa Indonesia.
Ing ngajeng kula mastani Basa Jawi kadosdene kadamel bonsai. Kados pundi anggenipun mboten dados bonsai, amargi nalika netepaken Basa Indonesia pinangka Basa Nasional, Basa Jawi ingkang dipun ginakaken dening sepalih langkung penduduk Indonesia, kawon kaliyan Basa Melayu ingkang gunggung bebrayan ingkang ngginakaken taksih sangandhapipun Basa Sunda.
Awit Basa Melayu ingkang dados Basa Indonesia tembung-tembungipun mboten nyekapi, pramila tembung-tembung Basa Jawi kasedhot ing Basa Indonesia. Mboten baen-baen basa Jawi ingkang dados Basa Indonesia. Amargi Basa Indonesia mboten nggadhahi strata (unggah ungguh) pramila kangge nyekapi lajeng nyedhot basa Jawi.
Ing antawisipun basa Jawi ingkang mlebet dados Basa Indonesia kangge :
Ngalusaken tembung Indonesia ingkang mboten gadhah tembung sanes.
Kangge basa pakurmatan.
Kangge mantepaken suraos ingkang kaucapaken.
Kangge njarwaaken tembung manca, dhateng basa Indonesia
Kangge ngirit tembung
( Angka 1 ngantos 5 kapirsanana lampiran)

Kajawi menika taksih kathah tembung Jawi ingkang sapunika dados basa Indonesia, amargi Basa Indonesianipun pancen mboten wonten. Tembung-tembung aran, kados nami ron-ronan, nami anak kewan, nami sekar lan sanes-sanesipun. Sadaya kausung wantah, saengga lare-lare kathah ingkang mboten ngertos bilih sadaya kalawau aslinipun Basa Jawi. Menika mujudaken kearifan (lembah manah) Basa Jawi, ugi tiyang Jawi.

Pambudidaya ngekaraken Basa Jawi.
Sejatosipun kita sampun nggadhahi payung hukum kangge nglestantunaken saha ngekaraken Basa Jawi punika. Payung hukum nasional, inggih punika pasal 36 UUD 1945 ugi tumrap Jawi Wetan, (sasampunipun Propinsi DIY lan Propinsi Jateng) Gubernur Jawa Timur sampun kepareng ngedalaken SK Gubernur No. 118/118/KPTS/013/2005 tanggal 11 Juli 2005, ngengingi KURIKULUM MATA PELAJARAN BAHASA JAWA UNTUK JENJANG PENDIDIKAN SD/SDLB/MI DAN SMP/SMPLB/MTs NEGERI DAN SWASTA PROPINSI JAWA TIMUR.
Ingkang intinipun SK menika, bilih Basa Jawi wajib dipun wulangaken ing jenjang pendidikan dhasar negeri saha swasta wiwit taun ajaran 2005/2006 ( Ing DIY saha Jawi Tengah malah dumugi SMA) Kanthi kasebataken wajib, ateges wucalan Basa Jawi ing pawiyatan SD saha SMP mboten dados wucalan mulok malih, nanging sampun kedah kawucalaken sejajar kaliyan wucalan sanesipun.
Sampun 6 tatun SK kalawau kabiwaraaken, nanging dereng wonten wohipiun. Punapa malih uwoh, sekar kemawon mboten medal. Senaosa SK Gupernur ingkang jejeripun panguwaos wilayah propinsi, dereng kasambet dening Dinas Pendidikan Propinsi saha Dhaerah Kabupaten/Kota ingkang ngginakaken panguwaosipun kanthi pancatan Otonomi Dhaerah..
Wonten ing item 4 saking SK Gubernur kalawau nyebataken : Hal-hal yang belum diatur dalam Keputusan ini sepanjang menyangkut teknik operasionalnya akan ditetapkan lebih lanjut oleh Kepala Dinas dan Kebudayaan Propinsi Jawa Timur.
Lha menika, miturut pawartos ingkang kula tampi, ngantos sapriki dereng wonten juknis saha juklak pelaksanaan saking Dinas Dikbud Propinsi, saengga Dinas Pendidikan Kabupaten/Kota inggih dereng saget tumindak maksimal. Sawetawis Kabupaten/Kota nggegegi Otonomipun, mboten nggape SK saking Gubernur pinangka kepala Wilayah wau.
Ing Undang-Undang Sisdiknas Nomor 20 pasal 37 ugi kasebaataken bilih basa Dhaerah (klebet basa Jawi) mujudaken basa Ibu peserta didik. Menika nyirataken bilih basa Dhaerah klebet dipun wucalaken ing sekolahan.
Panyurung nglestantunaken saha ngekaraken basa Jawi, mboten namung wontenipun payung hukum menika kemawon. Saking kalanganipun basa Indonesia, inggih terus njurung supados Basa Dhaerah dipun uri-uri, dipun lestantunaken saka dipun mekaraken. Menika kabukten wonten ing keputusan Kongres Bahasa Indonesia wiwit Kongres kaping II tanggal 1954 ngantos Kongres Bahasa Indonesia Kaping VIII ing Jakarta tansah nglebetaken pentingipun pelestarian saha pengembangan bahasa Dhaerah.
Punapa malih ing kalanganipun para jamburing basa Jawi saha Pemda Propinsi DIY, Jateng saha Jatim, wiwit taun 1991 ngadani Kongres Basa Jawi saben 5 taun. Ing taun 2011 punika, Propinsi Jawi Wetan kapanggenan malih KBJ 5 ingkang ateges Propinsi Jawi Wetan sampaun kaping kalih tinanggenah mangarsani KBJ.. Sinaosa Kongres sampun lumampah nyandhak kaping 5 saha katindakaken dening bebadan pamarentah, nanging asil keputusanipun pranyata dereng saged ngangkat cak-cakanipun Basa Jawi ing pawiyatan saha ing bebrayan..

Dudutan.
Kita sadaya ngakeni bilih wekdal samangke generasi mudha saya tebih kaliyan Basa , Sastra saha Budaya Jawi. Pramila kados pundi pratikel nyadharaken generasi mudha mliginipun siswa supados kapencut lan akhiripun nresnani Basa Jawi. Kula gadhah pamanggih ( nanging menika cengkah kaliyan pelaksanaan kurikulum Basa Jawi ) supados para siswa kaweleg waosan basa Jawi. Seminggu wucalan Basa Jawi 2 jam wucalan, ateges sewulan 8 jam wucalan. Menika menawi satunggal jam utawi kalih jam wucalan, namung mligi kangge wucalan maos crita, duka wujud cerkak, crita rakyat, punapa sanesipun kanthi tumaruntun, kula kinten dangu-dangu badhe nukulaken raos remen. Bibar maos, supados kadhawuhan nyriyoaken kanthi lesan, utawi kangge PR ndamel ringkesan. Sanesipun punika ugi saget kasurung kanthi :

° Ndamel majalah dinding basa Jawi (Pengasuh MGMP Basa Jawi)

° Nambah perpustakaan kanti buku-buku Basa Jawi

° Saben sekolah langganan Majalah Basa Jawi (Dana BOS)

° Siswa dipun wajibaken ngginakaken Basa Jawi nalika wucalan basa
   Jawi.

° Dipun upayakaken nambah jam wucalan, saking 2 jam wucalan kanthi
   mboten ngirangi jam wucalan sanesipun.

° Kasurung supados tumut lomba ngarang Basa Jawi ingkang asring
   dipun wontenaken dening Majalah-Majalah Basa Jawi utawi
   lembaga sanesipun.

° Kasurung ngarang kajawi kangge majalah dinding ugi kakintun
   dhateng majalah-majalah Basa Jawi ingkang nyediyani rubrik
   Remaja/taman Putra. (JB-PS}

° Ing sekolahan-sekolahan iba regengipun ing kalane ngaso utawi
   jam-jam kosong, kasetel gending-gending Jawi, macapat, ringgit,
   geguritan utawi waosan basa Jawi.

 

Kagem para dwija.

° Kangge ningkataken profesionalisme mugiya Dinas Pendidikan kanthi
   ajeg ngawontenaken penataran/sarasehan basa, sastra saha budi
   pekerti (tatakrami) Jawi.

° Langkung prayogi, bilih para dwija kersa langganan salah
   satunggaling Majalah Basa Jawi.( sakpunika majalah basa Jawi
   kantn 3, inggih punika Panjebar Semangat, Jaya Baya kekalihipun ing
   Surabaya saha Jaka Lodhang ing Ngayogykarta.


Panutuping atur.
Minanagka pungkasaning atur, kula ndherek memuji mugi-mugi andaran kula punika saged katampi, temahan lajeng mboten kagungan raos tidha-tidha malih anggenipun badhe nguri-uri, nglestantunaken saha ngekaraken basa Jawi ing pawiyatan miwah bebrayan agung. Awit sinten malih ingkang badhe ngluhuraken Basa Jawi menawi mboten tiyang Jawi piyambak ( Senaosa ngantos sakpunika, pangaji-aji tumrap karya sastra Jawiu saha pengabdi Basa Jawi, ingkang maringi Yayasan Rancage saking tanah Pasundan.) sampun ngantos kerumiyinan bangsa manca. Saengga kita kecalan lan ing mbenjangipun lajeng nglari Basa Jawi dhateng manca negari.
Semanten atur kula, bilih wonten ceweting panyerat, kirang patitis pangrakite basa miwah pangetraping paramasastra, mugi panjenengan sadaya kersa ngluberaken agunging samodra pangaksama.Wasana mugi rahayu ingkang pinanggih, winantu ing suka basuki, kanthi asesanti : Jaya jaya wijayanti, ngrembaka basa, sastra saha budaya Jawi ing salami-lamiipun.. Nuwun.
Bojonegoro, 29 Agustus 2011
Sanggar Sastra
Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB)

Lampiran

1. Ngalusaken tembung basa Indonesia.
Basa Indonesia lami Basa Indonesia enggal Basa Jawi

Pakaian
Gadis   
Buah dada
Laki-laki  
Perempuan
Pelayan rumah tangga 
Bersetubuh
Batas akhir pemakaian

Busana
Prawan
Payudara
Priya
Wanita
Pramuwisma
Senggama
Kadaluwarsa

 

 

 

 

 

 

 

 


2. Kangge basa pakurmatan
Basa Indonesia lami Basa Indonesia enggal Basa Jawi

Anak laki-laki               

Anak perempuan           

Memberikan                  

Perlindungan                 

Berdukacita                  

Nama/tanda                  

Huruf                            

Buta huruf                     

Perlombaan                   

Terakhir                        

Tempat Peristirahatan   

Melantik                        

Pintu gerbang                 

Rumah                            

Putera

Puteri

Menghaturkan

Pengayom

Berbelasungkawa

Tetenger

Aksara

Buta aksara

Sayembara

Paripurna

Pesanggrahan

Mewisuda

Gapura

Wisma


 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

3. Kangge mantepaken suraos ingkang kaucapaken

Basa Indonesia Basa Indonesia enggal Basa Jawi

Kokoh
Berhenti
Lepas
Jera
Menyerah
Disangka
Perhimpunan
Lunak
Baik
Kusut
Kacau
Campur tangan
Rencana
Selagi/Senyampang
Musyawarah
Jelas sekali
Besar
Kerja

Kukuh
Mandheg
Copot
Kapok
Pasrah
Dinyana
Paguyuban
Empuk
Indah
Ruwet
Kisruh, Rusuh
Menimbrung
Rancangan
Mumpung
Rembug
Gamblang
Raksasa
karya


 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

4.  Kangge njarwaaken tembung manca.
Basa manca Basa Indonesia Basa Jawi

Work shop (Ing.)
Guest house (Ing)
Technologie (Bld)
Wij (Bld)
Samenleven (Bld)
Buste Houder (Bld)
Upgrading (Ing)
Overlapping (Bld)
Vijand (Bld)
Bultzak (Bld)
Verschijnening (Bld)
Longen (Bld)
Always (Ing)

Temu karya
Wisma tamu
Rancang bangun
Bijaksana
Kumpul kebo
BH/kutang
Penataran
Tumpang tindih
Musuh
Kasur
Pengejawantahan
Paru-paru
Senantiasa

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

5. Kangge ngirid tembung
Basa Indonesia lami Basa Indonesia enggal Basa Jawi

Aman dan damai
Tidak lekas habis
Telapak kaki unggas
Pindah tempat menghidari bahaya
Duduk di lantai memakai alas/tikar
Selesai dengan sempurna
Bergerak ke belakang
Gudang padi
Bahaya kelaparan
Gagal panen
Tidak bergerak, tidak ada kemajuan
Daun pisang yang kering Tenteram

Tentrem
Awet
Cakar
Ngungsi
Lesehan
Tuntas
Mundur
Lumbung
Paceklik
Pusa
Mandheg
klaras

 

 

KAPUSTAKAN.

♦ Padmosukotjo,S – 1953, – Ngengrengan Kasusastran Djawa : Hien Hoo
   Sing

♦ Goenoprawiro,Susanto, R, 1980 – Pasumbanging Basa Jawi Dhumateng
   Bahasa . Indonesia, Javanologi

♦ Amir Mahmud, 2005 – Pembelajaran Bahasa Daerah Diangtara
   Kebangkrutan Nilai

♦ Budaya Lokal dan Kemajuan Teknologi. Makalah Seperempat Abat
   Sanggar Sastra Triwida.

♦ Yatmana, Rama Sudi, 1985 – Pangudi Amrih Saya Murakabi Ing Kardi.:
   Makalah

♦ SarasehanBahasa Jawa Anatara Pengarang dan Guru Bahasa Jawa
   SMTP/SMTA.

♦ Wiryatmaja, Sutadi,Drs, 1982 – Perkembangan Bahasa dan Sastra Jawa
   Dalam
RangkaMelestarikan Budaya Jawa – Makalah Sarasehan

    Bahasa Sastra Jawa Antara Pengarang dan Guru Bahasa

    Jawa SMTP/AMT di Ungaran.

♦ Kasiyun, Suharmono, 2005 – Pembinaan Bahasa dan Sastra Jawa
   Melalui Peguyuban :
Makalah Seminar Pengembangan dan Pelestarian
   sastra Daerah Dalam Rangka Menuju KBJ IV Tahun 2006., di
   Tretes,Pasuruhan.

♦ Sudarto, 2001 - Potret Pengajaran Bahasa dan Sastra Jawa Dewasa Ini
   di l Sekolah Makalah KBJ III 2001 di Hotel Amarukmo, Yogyakarta.

♦ ________________ Kamus pepak Basa Jawa –Badan Pekerja KBJ
   Yogyakarta.

♦ ________________ SK Gubernur Jatim 188/188/KPTS/013/2005 ,
   Tentang:
Kurikulum Mata Pelajaran Bahasa Jawa Untuk Jenjang

    Pendidikan SD/SDLB/MI Dan SMP/SMPLB/MTs Negri dan

    Swasta di Prop. Jawa Timur.

♦ Prawiroatmojo,S , 1980 – Bausastra Jawa-Indonesia, CV Haji
   Masagung Jakarta

♦ Darmopamudjo, N,Sakdani – “Ngudhar Gagasan” Tentang Penerbitan
   Berbahasa
Jawa- Makalah dalam Kongres Sastra Jawa I 2001 di TBS

♦ Hoery, JFX, 2006 - Kearifan Lokal Yang menyemangati Kelangsungan
   Hidup, Bahasa

♦ Sastra dan Budaya Jawa. – Makalah Kongres Bahasa Jawa IV (KBJ-IV)
   Tahun 2006


BIODATA

Nama lengkap : J.F.X.Hoery
Tempat/tgl. Lahir : Pacitan, 07 Agustus 1945
Pendidikan terakhir : STM Mesin
Pekerjaan : Wartawan
Alamat rumah : Jl, Diponegoro 59-B Padangan, Bojonegoro
Telp. : (******************), HP : (******************)

 

Pengalaman kerja :

* 1969-1980 Pengeboran Yodium, Pengeboran Minyak, Pengeboran Panas
   Bumi (Geothermal}

* 1984-1990 Wartawan Harian Kedaulatan Rakyat.

* 1990-2001 Wartawan Harian Bernas

* 1999-2004 Anggota DPRD Bojonegoro.

   Penulis lepas berbagai media bahasa Jawa /Indonesia

 

Karya buku :

* Permaisuri yang Cerdik (1982) cerita anak-anak.

* Sosiawan-Sosiawan Kecil (1982) cerita anak-anak

* Pagelaran (2003) Kumpulan geguritan

* Banjire Wis Surut (2006) Kumpulan Crita Cekak

* Bojonegoro Ing Gurit (2006) Antologi Geguritan (bersama)

* Blangkon (2006) Antologi crita cekak (bersama)

* Lintang Abyor1983 Antologi geguritan (bersama)

* Antologi Cerkak dan Geguritan TBY(bersama)

* Sejarah Paroki St.Willibrordus Cepu (bersama).

* Sejarah Paroki “St,Pius X” Blora, Paroki “St,Paulus” Bojonegoro,

* Paroki “St,Petrus-Paulus” Rembang, dan Paroki.St. “Petrus” Tuban.

* Tunggak Jarak Mrajak (2010) Antologi Cerkak bersama.

* Wulu domba Pancal Panggung (2010) Babad Jipang Panolan.

 

Lain-lain :

* Tahun 2004 menerima hadiah Sastra “Rancage”

* Ketua sanggar Sastra PSJB.

ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 37 Tembang Dolanan Tradisional Jawa Sebagai Pendidikan Anak Usia Dini
  • 39 Basa Jawa Pantura Ora Kecatet nanging Tembang lan Geguritane Ngrambah Nuswantara >

Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5, Dibuat oleh: Ki Demang Sokowaten About - Privacy