Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1863026
Hari ini     :Hari ini :19
Kemarin     :Kemarin :118
Minggu ini   :Minggu ini :855
Bulan ini   :Bulan ini :713
s/d hari ini   :s/d hari ini :1863026
Jumlah Kunjungan Tertinggi
02-23-2025 : 310
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Komisi - C - (#42)

 

Parikan Minangka Idhentitas Kultural Lan Sistem Koersif
Wonten Regulasi Sosial Ing Masyarakat Jawi Sub-Etnis Surabaya
Sugeng Adipitoyo


Abstrak:


Kangge ngawekani daya pigesangipun parikan dipunperloken panliten ingkang asipat eksternal kanthi perspektif alegoris lan mapanaken parikan minangka prodhuk budaya simbolis. Kanthi makaten bakal kawuningan sambetanipun parikan kaliyan sistem sosial wonten masyarakat Jawi utaminipun sub-etnis Surabaya. Parikan tuwuh lan ngrembaka awit dipunperlokaken dados sistem koersif wonten regulasi sosial ing masyarakat Jawi sub-etnis Surabaya; sawangsulipun, parikan tansah ngewrat visi sosial ingkang arupi konteks sosial lan paugeran-paugeran ingkang dados nile idhealistis, saengga parikan dados memori sosial lan aforisma ingkang saged dipunginakaken kangge misi sosial menapa kemawon ingkang magepokan kaliyan bidhang politik, hukum, ekonomi, ugi agami. Kanthi makaten kejawi ndadosaken parikan tetep tuwuh lan saya ngrembakan ugi mapanaken parikan dados idhentitas kulturalipun masyarakat Jawi sub-etnis Surabaya.
Tembung-tembung baku: tradhisi lesan parikan, visi sosial, regulasi sosial, sistem koersif, lan idhentitas kultural

Purwaka
Dumugi samenika wonten sekawan jingglengan ingkang mligi ing bab parikan. Ingkang angka setunggal inggih menika karyanipun Subagyo (1992). Ing buku kasebat Subagyo kasil paring titikan saha merang jinisipun parikan ingkang wonten ing tanah Jawi lan dipunkantheni conto ingkang jangkep. Ingkang angka kalih karyanipun Pudentia (1993) ingkang katliti kaliyan Suripan Sadi Hutomo inggih menika parikan wonten kentrung. Ingkang angka tiga asil panlitenipun Heru Setya Puji Saputra (1998). Wonten asil panlitenipun Saputra ngengingi analisis struktural parikan Osing kasebat ugi kasil mantha-mantha parikan miturut wujudipun. Dene ingkang angka sekawan panlitenipun Dian Roesmiati (2008), ngengingi parikan wonten lodrug. Jingglengan-jingglengan kasebat limrahipun asipat internal kanthi pojoking pandulu (perspektif) tautegoris, lan kanthi mapan manggenaken parikan minangka prodhuk budaya ingkang asipat material. Makaten ugi panlitenipun Dian Roesmiati, sinaosa nyethakaken punjering panliten bab ginanipun, nanging tetep asipat internal. Salajengipun wonten ugi cathetan-cathetan ingkang asipat teknis ingkang karipta kaliyan para ahli karawitan arupi katrangan bab titikan lan penganggenipun parikan wonten donyanipun seni karawitan, kadosdene dening Jaap Kunst (1973) wonten Music in Java: Its History, Its Theory, and Its Technique, Susan Pratt Walton (1974) wonten Sindèn and Patet, Mantle Hood (1984) salebetipun The Evolution of Javanese Gamelan: The Legacy of The Roaring Sea, Susan Pratt Walton (1987) wonten Mode in Javanese Music, saha Christina Michelle Sunardi (2008) salebetipun Gendered Dance Modes in Malang, East Java: Music, Movement and the Production of Local Senses of Identity.
Kangge njinggleng dayanipun parikan wonten pigesangan ing bebrayan samenika saha dayanipun pigesangan ing bebrayan samenika dhumateng tradhisi lesan parikan dipunperlokaken jingglengan ingkang asipat eksternal, kanthi pojoking pandulu (perspektif) alegoris. Kanthi landhesan menika, mila parikan dipunpapanaken minangka prodhuk budaya simbolis. Kanthi dhasar-dhasar ingkang kados makaten, mila jingglengan dhumateng parikan menika saemper kaliyan kaliyan “The Power of Oral Tradition: Critically Resisting The Colonial Footprint” Maryam Nabavi salebetipun buku Anti-Colonialism and Education G. J. Dei, Ed. (2006), saemper ugi kaliyan The Oral Tradition and Greek Civilization salebetipun buku Empire and Communications Harold Adams Innis (2007), saha saemper kaliyan ingkang langkung rumiyin inggih menika modhelipun Jan vansina (1961/1973) wonten Oral Tradition: a Study in Historical Methodology ugi Jan Vansina (1985) wonten Oral Tradition as History. Karya-karya menika mapanaken tradhisi lesan minangka prodhuk budaya simbolis.

Parikan lan Visi Sosiale: Cathetan Sosial lan Aforisma
Tradhisi lesan ingkang samodhel kaliyan parikan kathah pinanggihaken wonten sadhengah papan ing bumi Nuswantara. Zuber Usman (1964:20) nyethakaken ingkang wonten Mandailing sinebat umpama lan ende-ende, ingkang wonten Aceh karan panton, ingkang wonten Lampung winastan rejong, ingkang wonten Sunda kasebat susuwalan, sisindiran, utawi paparikan, ingkang wonten Toraja Sulawesi Tengah dipunwastani bolingoni, lan sanes-sanesipun. Dene ingkang wonten tlatahipun bangsa Jawi winastan parikan. Kejawi cathetan kasebat, Dewan Bahasa dan Pustaka Malaysia nambahaken kelong wonten Makasar lan Bugis.
Pirembagan babagan parikan kathah-kathahipun kawiwitan saking parikanipun Cak Ganda Durasim rikala jaman Jepang wekdal nglodrug wonten Jombang taun 1944, inggih menika “Begupon omahe dara, sajeg ana Nippon awakku sengsara”. Parikan menika wangsal-wangsul kacathet dening para penjinggleng, kadosdene dening Soemadji Adjiwongsokoesomo (Jayabaya No. 49, Agustus 1972, kamot wonten Ras, 1985:311-318), Emha Ainun Nadjib (1992:157) wonten Secangkir Kopi Jon Pakir, J. Markiswo lan Augustinus Supratiknya (1996:311) wonten Romo Kadarman: kenangan dan persembahan bagi Prof. Dr. A.M. Kadarman, S.J., Sunu Wasono (2005:76) wekdal nliti citranipun Jepang wonten tigang novel Indonesia, ugi Sidik Jatmika (2009:61) wonten Urip Mung Mampir Ngguyu, saha Suwardi Endraswara (2009:56) wonten Metodologi Penelitian Folklor kanthi cathetan ingkang benten-benten bab ungelipun parikan. Parikan kasebut dipunpapanaken wonten papan mirunggan, awit wontenipun daya ingkang ageng tumrap panguwaos Jepang wonten Jombang lan Surabaya rikala semanten, sinaosa Cak Durasim piyambak mboten kagungan misi sasanesipun asung panglipur.
Rikala taun 1950-an parikan ingkang gesang wonten masyarakat kados dene ingkang kacathet lan kababaraken kaliyan St. Sjahrir wonten simposium mrantasi prekawis wonten ewah-ewahanipun jaman taun 1953, inggih menika “Djawa Timur Djawa Barat, Bapak makmur rakjat melarat”. Taun 1960-an wekdal jaya-jayanipun PKI, M.H. Lukman (Ketua II CCPKI) mbiwarakaken rancanganipun kanthi parikan “Bir temulawak, kapbir-kapbir ayo digasak”. Kapbir: kapitalis birokrat (perwira tinggi TNI-AD ingkang dados dewan perusahaan) (Kamus Gestok, Hersri Setiawan, 2003). Sasampunipun PKI kelengser sasampunipun taun 1965 tuwuh parikan kaya kacathet, M. Bambang Pranowo (1998:34) “Cipir campur cengkeh, sing kibir mesthi kuweleh” ingkang ngrembaka wonten kalangan non-PKI, dene ingkang ngrembaka wonten kalangan PKI ingkang slamet inggih tuwuh parikan, ungelipun “Nyunggi damen menyang kandhang, senajan Marhein nanging sembahyang” (Pranowo, 1998:31).Salejengipun ing mangsa pemilu 1972 lodrug-lodrug ingkang dipuntanggap PNI sami ngewahi cakepan tembang dolanan “Sinten Numpak Sepur”, kanthi cakepan ingkang slaras kaliyan misinipun inggih menika “sinten numpak sepur, mbayare setali, sinten pengin makmur, nyoblosa PNI.”.
Parikan-parikan kados ing nginggil dados seksi verbal (Vansina, 1973:21) wontenipun kedadosan-kedadosan ing negari kita. Kanthi makaten parikan tuwuh tansah linandhesan visi sosial (Bodunde, 2001) tartamtu, sinaosa kadosdene Cak Durasim lepas saking misi sosial-politis tartamtu. Wontenipun visi-visi sosial ingkang dados landhesanipun tuwuhipun parikan kasebat, mila parikan mboten namung ngener dhumateng kedadosan wonten bab politik. Saged ugi visi-visi sosial ingkang dados landhesanipun parikan bab-bab sanesipun. Ingkang makaten, mila Muhamad Nurul Ibad (2007:281) salebetipun nyathet lelampah lan ajaranipun Gus Miek nyethakaken parikanipun Gus Miek “kembang jagung dipetik Cino (mesthenipun Cina), wis kadung dikapakno (mesthinipun dikapakna)”, kangge nyentil santrinipun ingkang mboten saged nampi kedadosan ingkang nembe dipunalami. Semanten ugi G. Kriswanta Pr. (2008:90) kangge nyiyapaken gesang ing dinten tembe, medhar parikan “wit gedhang woh pakel, ngomong gampang nglakoni angel”, kangge ngawekani bilih tumindak menika langkung utami, tinimbang micanten. Mboten benten ugi kaliyan Gus Arifin (2010:65) salebetipun andharan kangge mengku balewisma ingkang bagya mulya, inggih mendhet parikanipun lodrug ingkang ungelipun “ngetir cagake kenek temboke, ngesir anake kenek emboke”, kangge paring pandom bab pamilihipun bakalipun sisihan. Wekasan saged kacontokaken Bambang Subroto, Sr. (2005:34) inggih mendhet parikan lodrug kangge nyethakaken bab tata pamarentahan ingkang sae, “sor meja keh ulane, ja gela wis carane”, kangge asung panglegawa angele ndandani pamarentahan samenika, awit taksih kebulet budaya feodal ingkang mboten wonten ingkang winastan korupsi lan budaya kolonial ingkang nyuburaken korupsi.
Nlesih saking parikan-parikan kasebat cetha bilih tuwuhipun parikan mboten lepas saking kedadosan-kedadosan ingkang lumampah wonten samadyanipun masyarakat. Parikan tuwuh mboten saking kahanan ingkang kothong. Parikan tuwuh kanthi landhesan visi sosial tartamtu. Visi-visi sosial ingkang dados landhesanipun tuwuhipun parikan kalawau dumados saking konteks sosial lan ugi pranantan sosial ingkang kedahipun dipunugemi. Kedadosan-kedadosan tartamtu saha paugeran-paugeran ingkang kedah katengenaken kamot salebetipun parikan. Parikan tansah nyathet tata urutanipun (kronologis) kedadosan, ugi tansah njawil, mbeda, lan ngemutaken dhumateng kedadosan ingkang madal pasilan, luwar saking paugeran, lan/utawi luput ing pranatan. Wonten titikan ingkang makaten, mila adhedhasar visi sosial ingkang arupi konteks sosial parikan dados sumber sejarah kangge generasi-generasi samangke (Vansina, 1985:27), utawi miturut Beiner (2007:320) dipunwastani cathetan sosial (memori sosial, social memory). Dene wonten visi sosial ingkang arupi pranatan sosial, mila parikan dados aforisma (aphorism) bebrayan Jawi. Kanthi makaten parikan kejawi saged nyegeraken swasana lan luwes (freshness, elasticity, Innis, 2007:89), ugi nggadahi daya (power) ingkang kasebar dhateng institusi-institusi sosial menapa kemawon (Innis, 2007:92), sinaosa makaten daya menika mboten mesthi dipunginakaken saengga dados misi, kadosdene parikanipun Cak ganda Durasim taun 1944.

Regulasi Sosial, Kompetensi Emosional, lan Jejeripun Parikan
Tertib sosial wonten masyarakat Jawi mboten mesthi linandhesan paugeran-paugeran hukum formal, nanging malah kepara langkung kathah ingkang kanthi dhasar paugeran-paugaren lesan ingkang sampun tumapak wiwit wingi uni. Wontenipun swasana bebrayan ingkang guyub rukun, krana mboten wonten ingkang nerak paugeran lan madal ing pasilan. Nile idhealistis ingkang kados makaten dados gegambaranipun wujud bebrayan lan dados ukuran menapadene takeran kangge ngawontenaken sesambetan ing samadyanipun bebrayan. Ingkang makaten, ndadosaken wontenipun sebatan kados ingkang nate kacathet kaliyan Soetrisno P.H. (1992:42) inggih menika “ora ilok” ugi “wedi kuwalat”. Kekalihipun menika ukuran saha takeran ingkang asipat abstrak (sumudana) kangge ngukur lan naker bab solahbawa, wicanten, saha sikap ing sesambetan pribadi menapadene klompok ing masyarakat. Kejawi asipat abstrak ukuran lan takeran kasebat ugi asipat irasional; mboten saged kaukur kanthi rasional, sebab raos-pangraos ingkang utami (emosional), utawi kados dipuncathet kaliyan Soetrisno P.H. (1992:48) “wong Jawa kuwi nggone rasa”. Pramila nile idhealistisipun bebrayan menika sanget imajiner.
Tatanan idhealistis ingkang imajiner menika lumampah wonten tataran strukturipun masyarakat Jawi. Dene sedaya wujud sesambetan (interaksi sosial) ingkang wonten sangandhapipun arupi proses sosial menapa kemawon supados dumugi tataran struktur menika mbetahaken tatacara ingkang lumebet wilayahipun regulasi sosial. Regulasi sosial menika miturut Bardach lan Bacow (1982:21) ingkang ngukur saha ngawasi resiko salebetipun interaksi sosial. Regulasi sosial menika ngregem pemahaman sosial (social understanding) saha kadosdene ingkang cinathet dening Bierstedt (1974), Hechter lan Horne (2003), Hechter lan Karl-Dieter (2001), Posner (2002), Ellickson (1991), saha Posner (2007) inggih menika pangertosan ngengingi wontenipun ukuman-ukuman ingkang sipatipun nonlegal (sanksi sosial). Kanthi makaten mila regulasi sosial menika ngewrat ayahan ingkang kompleks (Posner, 2002:21), utawi miturut Ellickson (1991: 107) dados pangereh ingkang punjer (central coordinator).
Wontenipun pemahaman sosial ingkang sae para warga kedah nggadhahi kompetensi sosial (social competence) tuwin kompetensi emosional (emosional competence) ingkang murakabi (Sokol, 2010:149). Kalih kompetensi kasebat wigati sanget, amargi dados modhal kangge srawung ing bebrayan. Gothangipun ing antawisipun kompentensi kasebat ndadosaken cewetipun sesambetan, temahan ngrisak regulasi sosial. Awit ingkang makaten, mila kompetensi sosial lan emosional menika ngayahi jejibahan ingkang asipat eksekutif (Sokol, 2010:149); utawi kalih kompetensi kasebat mahanani fungsi ekskutif, inggih menika ngleksanani rancangan-rancangan ingkang slaras kaliyan anggeran wonten tataran struktur.
Fungsi eksekutif kasebat merlokaken sarana ingkang trep. Sarana ingkang dipunperlokaken menika kedah ngewrat menapa ingkang kawrat wonten regulasi sosial, inggih menika pemahaman sosial lan pangertosan bab sanksi sosial. Ingkang makaten, ndadosaken parikan minangka tradhisi lesan ingkang ngewrat konteks sosial lan pranatan sosial trep sanget kangge sarana kasebat. Kiyatipun parikan dados sarana regulasi sosial kasebat, awit kadosdene cinethakaken kaliyan Beiner (2007:320) bilih sinaosa tradhisi lesan menika barang ingkang mboten nyata, nanging tuwuh dados sistem koersif wonten regulasi sosial.

Masyarakat Jawi Sub-etnis Surabaya lan Parikan minangka Idhentitas Kulturalipun
Sistem koersif wonten regulasi sosial wonten masyarakat saged kawengku kaliyan wujud menapa kemawon. Wonten ingkang arupi paugeran-paugeran ingkang sinerat, lambang-lambang, ugi pratandha-pratandha ingkang ngedahaken dipunpatuhi kaliyan warganipun. Wewujudan ingkang makaten kejawi asring nuwuhaken panampi ingkang benten (selegenje), ugi malah ndadosaken salang-tunjangipun sesambetan. Ingkang makaten, mila wontenipun linton ingkang tuwuh saking tradhisi lesan malah kepara mboten ndadosaken warga ingkang sesambetan dados risih, miris, menapadene ajrih, utawi dados padu. Tradhisi lesan ingkang arupi parikan ketawis sanget wonten masyarakat Jawi sub-etnis Surabaya langkung ngungkuli tradhisi lesan sanes-sanesipun anggenipun ngemban sistem koersif wonten regulasi sosial. Watak blakasuta lan grapyak-sumanak ingkang dipundarbeni warga masyarakat Surabaya kawedharaken ing tindak angebasa kanthi basa Surabayan kinanthen tatakrama ingkang nyurabayani. Bilih ulas-ulas (basa-basi, fatis) kawujudaken arupi pisuhan, dene panyendhu, panyaru, utawi pasemon kawujudaken arupi parikan.
“Dancuk, yak apa kabare rek?”, “Jangkrik mundhak sogih ae koen!” ulas-ulas ingkang makaten nedahaken cablakanipun warga Surabaya, ugi nandhakaken grapyak-sumanakipun. Ulas-ulas ingkang makaten bilih kinanthenan tatakrama umumipun kawedharaken kanthi parikan, kadosdene “suwe ora jamu cak, .........”. Parikan ingkang makaten nedahaken wigatipun anjangsana salebetipun kekadangan. Ingkang kados makaten dados gegambaran sae ngengingi warga masyarakat menika. Saemper kaliyan parikan kalawau saged katitipriksa parikan ing ngandhap menika.
“Sawunggaling wayange kuna,
sing digawe kayune jati,
yen eling ndang sambangana,
aja gawe gelane ati.“
Wontenipun gegambaran ingkang sae, nile-nile, saha paugeran-paugeran wonten parikan menika ndadosaken parikan minangka titikan utawi idhentitas (saged katandhingkan kaliyan Mournet, 2005:185).
Tradhisi lesan kados parikan ing ngingil ngewrat werni lokal, pakulinan-pakulinan, tata cara-tata cara. Ingkang kados makaten, mila Arnold (1997:177) bilih kados parikan maringi gambaran idhentitas kultural dhumateng masyarakat Surabaya. Menawi njinggleng wontenipun parikan “Wonokromo udane deres, nedha nrima pengeran sing mbales.”, saged dipundumuk wontenipun wawratan religius saha humanitas. Wontenipun konteks sosial tartamtu ingkang njalari tuwuhipun parikan kasebat, mila paugeran ingkang sinartan bilih padudon menapa saenipun, kekadangan langkung utami tinimbang arta, asihing Gusti ingkang kaanti. Rade benten kaliyan parikan ingkang kaginakaken kangge misi-misi tartamtu, kadosdene “Tuku pelem karo dhawet, nganggo helm supaya slamet.” Seratan arupi parikan ingkang dipunwedalaken kaliyan kepolisian menika ndumuk wontenipun pelanggaran-pelanggaran mboten ngangge helm wekdal nitih sepedhah montor; utawi ngangge helm nanging sanes kangge nylametaken diri, namung kangge lagak-lagakan. Ewasemanten dipunkadosmenapaa bilih parikan kalawau memetri pangertosanipun warga masyarakat ingkang dados kosokwangsulipun budaya patuh. Wonten ngriki ingkang kedah cinanthet sesambetan kaliyan bab kalawau inggih menika bonek mania (diam menakutkan, bergerak mengerikan), green force, bajul ijo, lan sapinuggalipun.
Slaras kaliyan pamanggihipun Sparks (1998:217) bilih idhentitas tiyang Israel sanget dipundayani kaliyan tradhisi lesanipun, mila saged katuwuhaken parikan kangge ndayani bab-bab ingkang ndrawasi saking klompok-klompok kalawau. Mendah kemawon kadosdene parikan “golek beling mbarek kranjang, ayo tandhing siyap menang!” menika saged cinathet dados idhentitasipun. Sebab wonten ing ngriki, kados sinebataken kaliyan Osagie (2003: 109) bilih tradhisi lesan saged dados medhia kangge perjuwangan idhentitas kultural lan politis. Makaten ugi pamanggihipun Vansina (1985:19) bilih tradhisi lesan medharaken idhentitas kelompok. Cobi bilih katitipriksa parikan ingkang sampun kulina kawedal wonten papan pelanyahan ing tlatah Surabaya, inggih menika, “Tanjung Perak kapale kobong, mangga pinarak kamare kosong!” (saged katandhingaken kaliyan cathetanipun Lan Fang, 2006:41).

Dudutan
Parikan tuwuh lan ngrembaka awit dipunperlokaken dados sistem koersif wonten regulasi sosial ing masyarakat Jawi sub-etnis Surabaya; lan sawangsulipun, parikan tansah ngewrat visi sosial ingkang arupi konteks sosial lan paugeran-paugeran ingkang dados nile idhealistis, saengga parikan dados cathetan sosial lan aforisma ingkang saged dipunginakaken kangge keperluwan sosial menapa kemawon. Ing bab makaten, mila mboten mokal bilih JTV tansah nuwuhaken lan mbabar parikan saben dinten ing giyaran berita pojok kampung ingkang dipunslarasken kaliyan isinipun pawartos ingkang kagiyaraken, ugi tuwuhipun “Grup Jula-Juli Pojok kampung JTV” wonten facebook. Ing ngriki nami Faizal Alfino JTV kedah kinacungan jempol, sinaosa ing papan sanes ugi tuwuh lan wonten Jarot Setyono ingkang yasa “Grup Parikan Yuuk”.
Parikan dados sistem koersif wonten regulasi sosial ing masyarakat Jawi sub-etnis Surabaya kejawi ndadosaken tetep tuwuh lan saya ngrembakanipun parikan ugi mapanaken parikan dados idhentitas kulturalipun masyarakat Jawi sub-etnis Surabaya. Minangka sistem koersif wonten regulasi sosial ing masyarakat Jawi sub-etnis Surabaya, mila parikan asring dipunwawrati misi-misi sosial ingkang magepokan kaliyan bidhang politik, hukum, ekonomi, ugi agami.
Wusana, “Surabaya kutha pahlawan, saya jaya parikan.”. Nuwun.

Kapustakan Waosan:

♦ Arnold, Albert James, 1997. A History of Literature in the Caribbean:
   Cross-cultural Studies. Amsterdam: John Benjamins Publishing
   Company

♦ Bardach, Eugene lan Bacow, Lawrence S., 1982. Social Regulation:
   Strategies for Reform. California: Institute for Contemporary Studies

♦ Bierstedt, Robert, 1974. The Social Order. London: McGraw-Hill

♦ Bodunde, Charles, 2001. Oral traditions and aesthetic transfer: creativity
   and social vision in contemporary black poetry. Bayreuth: Bayreuth
   University

♦ Brakel-Papenhuysen, Clara, “The Birth of Jaka Tarub, a Hero from
   Nothern Java” salebetipun Epic Adventures: Heroic Narrative in the
   Oral Performance Traditions of Four Continent. (Jansen, Jan lan Maier,
   Hendrik M. J., ed.). London: Transaction Publishers, kaca 22-33

♦ Deloria, Vine, 1997. Red Earth, White Lies: Native Americans and the
   Myth of Scientific Fact. New York: Scribner C.

♦ Dunn, Judy, 1988. The Beginnings of Social Understanding. Cambridge:
   Harvard University Press

♦ Ellickson, Robert C., 1991. Order without Law: How Neighbors Settle
   Disputes. Cambridge: Harvard University Press

♦ Endraswara, Suwardi, 2005. Tradisi lisan Jawa: Warisan Abadi Budaya
   Leluhur. Jogjakarta: Narasi

♦ ----------------------------, 2009. Metodologi Penelitian Folklor.
   Jogjakarta: Medpress

♦ Fang, Lan, 2006. Perempuan Kembang Jepun (novel). Jakarta: Gramedia
   Pustaka Utama Tanjung Perak, Mas.... kapale kosong (umumipun,
   kobong) Monggo pinarak, Mas ..... kamare kosong. (hal 41)

♦ Foley, John Miles, 1986. Oral tradition in literature: interpretation in
   context. Missouri: University of Missouri Press

♦ Gus Arifin, 2010. Menikah untuk Bahagia: Fiqh Nikah dan Kamasutra
   Islami. Jakarta: PT. Elex Media Komputindo

♦ Hardjoprawiro, Kunardi, 1985. Kajian Bentuk dan Lagu Kidungan Jawa
   Timuran. Jakarta: Dirjen Kebudayaan Depdikbud

♦ Hechter, Michael lan Horne, Christine, 2003. Theories of Social Order:
   a Reader. California: Stanford University Press

♦ Hechter, Michael lan Karl-Dieter, 2001. Social Norms. London: Russell ♦ Sage FoundationHenriques, Julian, 1998. Changing the Subject:
   Psychology, Social Regulation, and Subjectivity. New York: Routledge

    Herusatoto, Budiono, 2008. Banyumas: Sejarah, Budaya, Bahasa, dan
   Watak. Jogjakarta: LKIS

♦ Hood, Mantle, 1984. The Evolution of Javanese Gamelan: The Legacy
   of The Roaring Sea. Heinrichshofen

♦ Ibad, Muhamad Nurul, 2007. Perjalanan dan Ajaran Gus Miek. Bantul-
   Jogjakarta: Pustaka Pesantren

♦ Innis, Harold Adams, 2007. “The Oral Tradition and Greek
   Civilization” salebetipun buku Empire and Communications (Harold
   Adams Innis, ed). Plymounth-UK: Rowman and Littlefield Publisher
   Inc., kaca 75-105.

♦ Jatmika, Sidik, 2009. Urip Mung Mampir Ngguyu: Telaah Sosiologis
   Folklor Jogja. Jogjakarta: Kanisius

♦ Kayam, Umar, 1994. Mangan ora Mangan Kumpul: Sugih Tanpa Banda
   (kumpulan artikel). Jakarta: Pustaka utama Grafiti

♦ Kriswanta Pr., G., 2008. Meniti Hari Esok. Jogjakarta: Kanisius

  Kunst, Jaap, 1973. Music in Java: Its History, Its Theory, and Its
   Technique. Nijhoff:

♦ Maranda, Pierre lan Maranda, Elli Köngäs 1971. Structural analysis of
   oral tradition. Pennsyvania: University of Pennsylvania Press

♦ Markiswo, J. lan Supratiknya, Augustinus, 1996. Romo Kadarman:
   Kenangan dan Persembahan bagi Prof. Dr. A.M. Kadarman, S.J.
   Jogjakarta: Penerbitan Universitas Sanata Dharma

♦ Mournet, Terence C., 2005. Oral Tradition and Literary Dependency.
   Germany: Mohr Siebeck Tübingen

♦ Nabavi, Maryam, 2006. “The Power of Oral Tradition: Critically
   Resisting The Colonial Footprint” salebetipun buku Anti-Colonialism
   and Education (G. J. Dei, Ed.). Netherland: Sense Publishers, kaca
   175-191

♦ Nurana, I Made Purna, 1991. Etos Kerja dalam Ungkapan Tradisional.
   Jakarta: Dirjen Kebudayaan Depdikbud

♦ Oluwole, Sophie B. , 1997. Philosophy and oral tradition. African
   Research Konsultancy

♦ Osagie, Iyunolu Folayan, 2003. The Amistad Revolt: Memory, Slavery,
   and the Politics of Identity in the United States and Sierra Leone. Athens,
   Georgia: The University of Georgia Press

♦ Padmasusastra, Ki., 1958. Serat Pathi Basa (alih aksara Kamajaya,
   1979). Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek
   Penerbitan Buku Bacaan dan Sastra Indonesia dan Daerah Halaman 197

♦ Poedjahardja, Raden, 1924. Serat Rerepen: kangge Pasinaon Nganggit
   Roempakan minangka Lalangening Manah, mawi Wawaton Parikan sarta
   Toelada Oeran-Oeran Sawatawis, sampoen Kaoeroetaken
   Dentajwandjanipoen. Kediri: Tan Khoen Swie

♦ Posner, Eric A., 2002. Law and Social Norms. Cambridge: Harvard University Press

♦ Posner, Eric A., 2007. Social Norms, Nonlegal Sanctions, and the Law.
   London: Edward Elgarb

♦ Pranowo, M. Bambang, 1998. Islam faktual: antara Tradisi dan Relasi
   Kuasa. Jogjakarta: Adicita Karya Nusa

♦ Pudentia M. P. S. S., 1993. Pantun Kentrung (Seri Tradisi Lisan
   Nusantara, Suripan Sadi Hutomo, Ed). Jakarta: Yayasan Obor Indonesia

♦ Rahardi, F., 2007. Negeri Badak: Sebuah Prosa Lirik. Jakarta:
   Tansmedia Pustaka

♦ Rahardi, R. Kunjana, 2006. Dimensi-Dimensi Kebahasaan: Aneka
   Masalah Bahasa Indonesia Terkini. Jakarta: Penerbit Erlangga Parikan
   halaman 52

♦ Rendra, 1993. Potret Pembangunan dalam Puisi. Jakarta: Pustaka Jaya

♦ Roesmiati, Dian, 2008. Parikan dalam Ludruk: Kajian Fungsi dan
   Makna. Surabaya: Balai Bahasa Surabaya

♦ Saputra, Heru Setya Puji, 1998. ”Parikan Osing Banyuwangi: Suatu
   Analisis Struktural” (Laporan Penelitian). Jember: Lemlit Unej

♦ Saputra, Heru Setya Puji, 2007. Memuja Mantra: Sabuk Mangir dan
   Jaran Goyang Masyarakat Suku Using Banyuwangi. Jogjakarta: LKIS

♦ Saputra, Karsono H., 2001. Puisi Jawa: Struktur dan Estetika.
   Jogjakarta: Wedatama Widya Sastra

♦ Setiawan, 2003. Hersri, Kamus Gestok. Jogjakarta: Galang Press

♦ Setiawan, Hersri, 2004. Memoar Pulau Buru. Jakarta: Indonesiatera
   bekerjasama dengan Yayasan Adikarya IKAPI dan The Ford Foundation

♦ Setiono, Budi, 2003. ”Campursari: Nyanyian Hibrida dari Jawa
   Postkolonial” salebetipun Identitas dan Postkolonialitas di Indonesia
   (Susanto, Ed., A. Budi). Jogjakarta: Kanisius. 193-223

♦ Sienaert, Richard Whitaker, 1986. Oral tradition and literacy: changing
   visions of the world : selected conference papers. London: Natal
   University Oral Documentation and Research Centre

♦ Sienaert, E. R., 1994. Oral tradition and its transmission: the many forms
   of message: papers given at the Fourth International Conference on Oral
   Tradition. London: The Campbell Collections and Centre for Oral
   Studies, University of Natal, 1994

♦ Sindhunata, 2006. Gendhakan: Visualisasi Parikan Ludruk. Jogjakarta:
   Bentara Budaya

♦ Sjahrir, St., 1953. Symposium tentang Kesulitan-Kesulitan Zaman
   Peralihan Sekarang: Pertukaran Pikiran antara: St. Sjahrir, Dr. J. Ismail,
   Prof. Dr. Slamet Imam Santoso, Moh. Said, Drs. Tan Goan Po, Mr.
   Sjafrudin Prawiranegara. Jakarta: Balai Pustaka

♦ Slametmuljana, R.B., 1954. Poëzie in Indonesia: een Literaire en
   Taalkundige Studie. Leiden: Leuvense Universitaire Uitgaven
   ------------Hal 84 dan 109

♦ Soebagyo, 1992. Parikan Jawa: Puisi Abadi. Jakarta: Garda Pustaka

♦ Soeprapto, Y. Sarworo, 1989. “Komunikasi Sambung Nalar Menghadapi
   Era Tinggal Landas” Basis Volume 38. Jogjakarta: Kanisius, kaca 47-55

♦ Soetrisno P.H., 1992. ”Prinsip Ekonomi dalam Kebudayaan Jawa”
   Kapita selekta ekonomi Indonesia (edisi kedua). Jogjakarta: Andi Offset.
   31-52

♦ Sokol, Bryan W., 2010. Self and Social Regulation: Social Interaction a
   and the Development of Social Understanding and Executive Functions.
   Oxford: Oxford University Press

♦ Sparks, Kenton L., 1998. Ethnicity and Identity in Ancient Israel:
   Prolegomena to the Study of Ethnic Sentiment and Their Expression in
   the Hebrew Bible. USA: Eisenbrauns

♦ Staeck, John Paul, 1994. Archaeology, Identity, and Oral Tradition:
   Reconsideration od Late Prehistoric and Early Historic Winnebago
   Social Structure and Identity as Seen Through Oral Traditions. New
   Jersey: Rutgers

♦ Subroto, Daliman Edi, 2000. Kajian Wangsalan dalam Bahasa Jawa.
   Jakarta: Pusat Bahasa, Departemen Pendidikan Nasional

♦ Subroto, Bambang, Sr., 2005. Good Corporate Governance. Jakarta: PT.
   Elex Media Komputindo

♦ Sudaryanto,1989. Pemanfaatan Potensi Bahasa: Kumpulan Karangan
   Sekitar dan tentang Satuan Lingual Bahasa Jawa yang Berdaya Sentuh
   Inderawi. Jogjakarta: Kanisius Halaman 179

♦ Sunardi, Christina Michelle, 2008. Gendered Dance Modes in Malang,
   East Java: Music, Movement and the. Berkeley: University of California

♦ Timoer, Soenarto, 1983. Mitos C??ra-Bhaya: Menjelajahi Jaman Bahari
   Indonesia, Cerita Rakyat sebagai Sumber Penelitian Sejarah Surabaya.
   Jakarta: Balai Pustaka

♦ Tippett, Alan Richard, 1980. Oral tradition and ethnohistory: the
   transmission of information and social values in early Christian Fiji,
   1835-1905. St. Mark's Library

♦ Toer, Pramoedya Ananta, Toer, Koesalah Soebagyo, dan Kamil, Ediati.
   2003. Kronik Revolusi Indonesia (Jilid 4, 1948). Jakarta: Kepustakaan
   Populer Gramedia

♦ Usman, Zuber, 1964. Bahasa Persatuan, Kedudukan, Sedjarah, dan
   Persoalan-Persoalannja.

♦ Vansina, Jan, 1985.Oral Tradition as History. London: The University of
   Wisconsin Press

♦ Wahyudi, Agus, 2006. Sketsa Tokoh Suroboyo. Surabaya: Selasar Pub.

    Walton, Susan Pratt, 1974. Sindèn and Patet. Michigan: University of
   Michigan

♦ Walton, Susan Pratt, 1987. Mode in Javanese Music. Ohio: Ohio
   University Center for International Studies

♦ Warren, Liz, 2008. The Oral Tradition Today: An Introduction to the Art
   of Storytelling. New York: Pearson Custom Publishing

♦ Wasono, Sunu, 2007. “Citra Jepang menurut 3 Novel Indonesia”
   salebetipun Jurnal Ilmu Sastra dan Budaya, Volume 3 Nomor 6. Jakarta:
   Hiski, kaca 71-88


Lampiran 1:
gunung Kawi dhaerah Malang,
mangan nangka katutan beton,
ojok wani mbarek wong lanang,
wong lanang ngono pangeran katon.

cipta rasa langendriya,
ndarawati Bethara Kresna,
sapa wae tumindak ala,
tembe mburi nemu cilaka.

Jula-Juli Pojok Kampung JTV (JJPKJTV) 21 Oktober 2011
Awak nggreges, geger kerok'an, kerjo males, arep-arep warisan.

ketiban ondo, sikil perbanan. mergo dunyo, dadi tegoan.

Pingin Miber, Umpomo Doro
Gak’Thek Nytater, Gak Liwat Margo    
Mlayu Banter, gak Ngreken Liyo
Storan Diuber, iso Kilangan Nyowo

... Opo Gunane, Undang-undang Digawe

Timbang Kalong, Cilik’an Lowo 
Ojo Cumak Ngomong, Ayo Ndhang Buktekno

----------------- ndangdutan -----------------------------

Gelek Tabrak’an, Ngancam Ijin Dijabut
Kabeh Kepothok’an, lek Supire Ngebut
Pancet ket Bien, Yo gak ono Ujud
Jarene Kabar, Setorane Nutut 

Oleh Ae Nyalahno Supire
Iso Ae Kabeh mergo Montore
Cumak kadang delok’en dalane
Aspale Nggeronjal, peteng Lampune

Kabeh Teko Sing Nggawe Aturan
Lek Ditegesno Arang Kedhadhean
Lek Peno Wani Ayo Kendhel-kendhelan
Lek Athek Ngeper, becik Nguber Setoran
JJPKJTV, 13 September jam 21:42

Iwak Tengiri Gae Empek-empek. Gampang Iri, Kabeh Jange Dhipek
JJPKJTV, 22 Oktober 2011 Sabtu pukul 9:41

Peteng Ndedet, Listrik Pemadaman
Tangan Nggremet, Poso Dijak Rangkulan
Mercon Disumet, Awas Kebeldosan
Driji Mengkeret, Gak Melok Riyayan

... Apes Teko, Gak Kumanan Riyoyo

Bareng tak Rangkul Keliru kenalpot
Tangane Puthul, Kenek mercon Pedhot

-------------------------- dangdutan ----------------

Seneng-seneng, Romadhon teko
Dilingno Tambeng, Mercon Dibeldosno
Melok-melok jare Ngerayakno
Niru Tiongkok, Adate Wong Cino

Gunggungan, Obate Diakehi
Banter Beldosan, Wadahe Digedeni
Beghidak’kan, gak Ati-ati
Mbeldos Ndik Tangan, Rumah Sakit Ngenteni

Iki Molo Pangiling Liyan
Jo neko-neko, Ojo merconan
Iso Bongko Gak melok Riyayan
Kantek’an Bondo, Nginep karang menjangan
16 Agustus jam 21:57

Njeroh Guwo, Dienggoni Kucing
Njoboh Guwo, Diliwati Trenggiling
Lungo Adhoh, Duik Kok Dicangking 
Adhoh Molo, Transferen Rekening

... Wong Jahat, Gak Cumak Dek’e Ono Niat 

Kucing Keluwen, Nggondol Bothok’an 
Iso kedhadhen Lek Ono Umpan

----------------------------------- dangdutan -----------------

Numpak Opo Kate Mulih Ndeso
Teko Suroboyo nang Ponorogo  
Numpak Bis, Aku gak Waspodo
Ditawani Limun, Lha Kok Tak trimo

Limun Tak Sedot, Aku Semaput
Duwikku digondol, Hapeku direbut
Kate Ngelawan Utekku Gak Nutut
Pancen Banjingan Ancen Kon Diamput   

Duwik Kasil Rantau Kalimantan
Jange Tak Gowo Mulih nang Pacitan
Getunku Tak Lebokno Bungkusan
Eroh Ngunu, Tak Kirim Transferan
04 Agustus jam 20:26

Semok Gelungan, Kulite Putih
Teko Cedek’an Tibakno Sapi
Melok Arisan, Jagan Idul Fitri
Wayah Dum-duman, Kok Mblenjani Janji

... Wayahe Oleh, Duwik’e nangdi Kabeh

Larange Sapi, Sing Kelir Abang
Timbang Nguatiri, Simpenen Nang Bank  

---------------------------- ndangdutan -----------------------

Gelek kedhadhen, Nggowo Mlayu Arisan
Opo kenak’en, Mosok Usum-usuman
Arep-arep, Isok gae Riyayan
Pingine Nglumpuk, gae Simpenan

Kurang telung Dino, Wayahe Njukuk
Bareng Ditagih, Borek’ke gak Methuk
Kabeh teko keroso Keblubuk
Duwik gak Onok, Isok’e Cumak Ngamuk

Ati-atio, Ojok Sampek Mindo
Melok Oleh ae Lek Ancene Butuh
Ojok Sampe Peno Engkuk Ngaplo 
Nyugihno Borek, Sampek Buka Deposito  
JJPKJTV, 26 Agustus jam 19:45

Lampiran 2:
RIWAYATIPUN PANYERAT:
Nama : Sugeng Adipitoyo, Drs. M.Si
NIP : 196512231991031004
Unit Kerja : Jurusan Pendidikan Bahasa Jawa,
Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya
Pangkat/Golongan : Pembina Utama Muda/IV-C
Jabatan Fungsional : Lektor Kepala
Agama : Islam
Status : Kawin, 1 isteri, 3 anak
Istri : Dra. Sulistiyani (PNS, guru Bahasa Jawa)
Anak : 1. Gaten Martalingga Atur
2. Ayom Mratita Purbandani
3. Jayeng Wikrahadi Arubrahmana
Pendidikan : S-1 Pendidikan Bahasa Jawa
S-2 Ilmu-Ilmu Sosial
S-3 Ilmu Sosial (belum selesai)
Alamat : Kebonsari I/9 Surabaya KP 60233
Tel. : (******************) HP. : (******************)
Bidang Keahlian : Bahasa dan Budaya Jawa

Pengalaman Kerja:

1. Mengajar bahasa Jawa pada tiga SMP swasta di Surabaya 1988-1992;

2. Wartawan pembantu di majalah Panyebar Semangat dan koran Karya
    Dharma 1990-1992;

3. Penulis Skrip, TPI, 1991;

4. Dosen Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni Unesa, 1992-sekarang;

5. Dosen pada dua PTS di Surabaya 1993-1998;

6. Penilai Buku Pelajaran Bahasa Jawa Kanwil Dedikbud Jatim,
    1994-2004

7. Tim Ahli Bidang Kebudayaan RAPBD Jawa Timur, 1993-1997;

8. Pengisi Acara RRI Surabaya, Pembinaan dan Pengembangan Bahasa
    dan Sastra Jawa, 1994-1997;

9. Tim Penyusun Buku Tata Tulis Bahasa Jawa dengan Aksara Jawa, Balai
    Bahasa Yogyakarta bekerjasama dengan Kraton Ngayogyakarta, 1993;

10. Konsultan Litbang Pemasaran Penerbit Ghalia Indonesia dan
    Yudhistira, 2001-sekarang;

11. Mengajar Karawitan 2 Gereja Gereja Katolik dan 1 gereja Kristen di  
     Surabaya, 2000 – sekarang;

12. Tim Penyusun Pedoman Umum Ejaan (Latin) Bahasa Jawa yang
     Disempurnakan, Balai Bahasa Yogyakarta, 2005.


Organisasi Profesi:

1. Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS), Anggota,
    1989-sekarang,

2. Masyarakat Linguistik Indonesia (MLI) Komisariat UNESA, Anggota,
    1994-sekarang,

3. Yayasan Duta Usaha Profesional, Ketua, 1998-sekarang,

4. Paguyuban Karawitan dan Campursari Sarilaras Citranada, Ketua,
    1999-sekarang,

5. Lembaga Pengkajian Pembelajaran Bahasa (Garba), Pendiri/anggota,
    2000,

6. Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Jawa SLTP Swasta
    Surabaya, Pendiri/Pembina, 2000,

7. Forum Guru Bahasa Jawa Jawa Timur, Pendiri dan Pembina, 2005.


Pengalaman Profesi:

◊ Menulis Buku : 10 Judul

◊ Pengisi Buku : 4 Judul

◊ Penelaah Buku Pelajaran : 9 Judul Penerbit Yudhistira,

◊ 14 Judul Penerbit Mulia Abadi

◊ Penelitian : 12 Judul

◊ Menulis Artikel/Makalah Ilmiah : 75 Judul

◊ Menulis Artikel Populer : 12 Judul

◊  Pengabdian kepada Masyarakat : 20 Judul


Karya Kreatif:

1. Cerita Pendek Indonesia 9 judul

2. Cerita Pendek Jawa 25 judul

3. Puisi Jawa 20 judul

4. Gendhing dan Lagu:

- Lancaran Nglestari Budaya Pl. 5, 1994

- Langgam Sayangku Sl. 9/Pl. 7, 2000

- Langgam Sawunggaling Winisudha Sl.9, 2003

- Langgam Ngambah Segara Madu Sl. 9, 2004

- Langgam Kemlewa Pl. 5, 2005

- Langgam Kalimas SL. 9, 2005

- Langgam Bagya Mulya Sl. 9, 2005

- Aransemen 20 lagu rohani Islam ke gendhing Jawa

- Aransemen 20 lagu rohani Kristen ke gendhing Jawa

- Aransemen 50 lagu rohani Katolik ke gendhing Jawa

ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 41 Fenomena Bahasa Tegal dalam Tingkah Laku

Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5, Dibuat oleh: Ki Demang Sokowaten About - Privacy