Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1873898
Hari ini     :Hari ini :48
Kemarin     :Kemarin :38
Minggu ini   :Minggu ini :334
Bulan ini   :Bulan ini :1676
s/d hari ini   :s/d hari ini :1873898
Jumlah Kunjungan Tertinggi
10-28-2025 : 611
Pengunjung Online : 17

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Utama (#04)

 

Tradhisi Tutur Tinular Sajroning Bebrayan Jawa

Pusaka Kabudayan kang Gedhe Dayane

Dening: Ayu Sutarto


      Sakdurunge kagungan lan wanuh karo aksara, manungsa ing saindhenging jagad iki padha migunake tutuk/cangkem kanggo ngandharake karep, rasa, utawa pikirane. Sakabehing andharan kang metu saka cangkem itu sakbanjure katampa ing pikiran, kasimpem primpen ing utek cilik, lan manawa bakal kaandharake kanggo wong liya utawa ditularake kanggo wong akeh, sakabehe prodhuk karsa, rasa, lan pikiran mau banjur diudharake/kawetokake lumantar tutuk/cangkem maneh. Tradhisi ngetokake rasa, karsa, lan pikiran lumantar cangkem iku, ing donyane kawruh kabudayan, sinebut tradisi lisan, oral tradition, utawa tradhisi tutur tinular.

Tradhisi tutur tinular sajrone bebrayan Jawa isih ngrembaka amarga saperangan gedhe wong Jawa isih luwih seneng ngomong tinimbang nulis. Kanggone akeh-akehe wong Jawa, nulis iku gaweyan kang mewah utawa angel. Isih akeh wong Jawa kang kagungan pikiran manawa tradhisi utawa pakulinan nulis iku mung tradhisine para pujanga, dudu tradhisine wong akeh. Dadi, cethane, kanggone saperangan wong Jawa, ngomong iku luwih disenengi ketimbang nulis. Mula saka iku, kabudayan Jawa kalebu sawijining kabudayan kang sugih karo prodhuk-prodhuk kabudayan kang sinebut tradhisi tutur tinular, yaiku warna-warna pakulinan kang tinularake nganggo cangkem, sacara turun-temurun, lan dadi duweke wong akeh.Dadi, tradhisi tutur tinular iku ora diripta wong siji utawa wong loro, nanging wong akeh, lan dadi rajabranane wong akeh kasebut (bebrayan).

Ing kalodhangan agung iki aku kepingin matur bab-bab kang gegayutan karo manpangate lan mudharate tradhisi tutur tinular Jawa sajrone bebrayan. Tradhisi tutur tinular kang becik lan gedhe dayane kena kanggo srana mbangun karakter lan pakarti bangsa, dene kang ala kudu disingkiri, amarga nek ora, pakulinan sing ala iku bisa ngrusak citra lan martabate bangsa. Prakara iki penting tak angkat ana kalodhangan iki amarga akeh banget tradhisi tutur tinular Jawa kang ngemot ajaran mulya utawa pitutur luhur kang kena digawe ndadani awak, mbenerake kahanan, utawa ngilangake prilaku kang kurang prayogya, nanging uga ana tradhisi kang kurang prayoga lan luwih gedhe mudharate ketimbang manpangate. Cilakane, pitutur luhur mau saiki iki akeh sing ora dienggo, kasarane dilirik bae ora, nanging suwalike, ana pakulinan sing kurang parayoga nanging tambah ndadra. Ewa semono aku isih percaya manawa ing sajrone bebrayan Jawa, tradhisi tutur tinular kang ngemot kabecikan itu isih diregani lan disenengi, mulane isih gedhe dayane lan manpangate kanggone bebrayan.

Tradhisi TuturTinular sajrone Kabudayan Jawa

Ing ndhuwur wis takaturake manawa wong Jawa iku sugih banget karo tradhisi tutur tinular. Nganti dina iki, tradhisi sing siji iki isih ngrembaka, apa maneh ana kalangane priyayi sepuh. Warna-warna tradhisi tutur tinular kaya dene dongeng, pasemon, parikan, ajaran, wewaler, paribasan, bebasan, saloka, jangka, japa mantra, pisuhan, plesetan, lan liya-liyane isih bisa ditemoni kanthi gampang sajrone bebrayan lan sajrone kesenian Jawa kaya dene kethoprak, wayang purwa, wayang wong, kentrung, ludruk, lan uga sakwernane upacara kaya dene upacara bersih desa, jamasan pusaka, ruwatan, slametan, pethik laut, dhaup, lan sapanunggalane.

Tradhisi tutur tinular luwih gampang dimangerteni lan diamalake sajrone bebrayan Jawa amarga saperangan manungsa Jawa isih luwih seneng ngrungokake katimbang maca. Malah akeh para sepuh Jawa kang ngendikan manawa ngrungokake iku luwih nges ketimbang maca amarga samubarang sing metu saka cangkem itu diwetokake langsung nganggo rasa. Kamangka kanggone wong Jawa, sing diarani rasa iku mujudake bumbune pikiran lan pasrawungan. Tanpa kinanthi rasa, samubarang gaweyan lan pangandikan iku kaya-kaya ora ana rasane.

Tradhisi tutur tinular Jawa iku gedhe dayane tumrape bebrayan amarga tradhisi iki bisa paring pengaruh kang agawe becik utawa agawe ala, bisa agawe tentreming kahanan, nanging uga bisa agawe crah utawa bubrahing kahanan. Dongeng-dongeng kang diwarisake para leluhur Jawa rata-rata ngemot pitutur luhur, ajaran, wewaler, paribasan, bebasan lan saloka kang bisa dadi tuntunan utawa sangune urip sajrone bebrayan. Nanging, suwalike, wewujudan tradhisi tutur tinular liyane kang dianggep kurang prayoga kaya dene mantra kanggo nyanthet, teluh, tenung, lan uga tradhisi tutur tinular kang arupa plesetan, misuh, pasemon sing nylekit, lan rasan-rasan utawa gosip bisa gawe dredah lan mala. Tontonan rakyat kaya dene ludruk, kethoprak, kentrung, wayang purwa, lan tontonan panglipur liyane kang ngemot tema kabecikan uga migunani banget kanggone bebrayan. Suwalike, tontonan panglipur iki bisa nggawa pengaruh utawa daya kang ala kanggone bebrayan manawa bumbu seks lan bumbu kekerasane kakehen.

Ananging, sejatine, tradhisi tutur tinular Jawa iki kang akeh-akeh ngemot perkara kang magepokan karo urip sejati lan sejatine urip, tata krama, sopan santun, sarta budi pekerti. Para leluhur Jawa tansah ngendikan manawa luhuring budi iku luwih aji timbang raja brana utawa kuwasa. Mula saka iku, sing diarani dadi sejatine Jawa utawa dadi wong Jawa kang sejati iku tegese dadi pribadi kang bisa milah-milahake endi kang becik lan endi kang ala, endi kang luhur lan endi kang asor, endi kang dikersakake Gusti Allah lan endi kang dilarang Panjenengane. Cekak aos, tegese dadi Jawa iku dadi pribadi kang ing sajrone uripe tansah ngudi sejatining becik, memayu hayuning bawana. Manawa pakartine kaya raseksa, kurang ajar, nggragas, cluthak, dremba ngangsa-angsa, ora tata, seneng mbadhog barange liyan iku sinebut pribadi kang ora Jawa utawa dudu Jawa. Dudu Jawa iku tegese ora kagungan sifat Jawa, yaiku sifat mulya kanggo urip bebrayan kang agawe mulyane jagad. Nanging, manawa ana wong Jawa kang durung sinau Kejawen (durung mangerteni dalane urip kang bener lan pener kanggone wong Jawa) lan pakartine isih kaya warga Kurawa utawa kaya warga Ngalengka, wong sing kaya mengkono iku diarani durung Jawa. Pakarti kang mengkene isih bisa didandani.

Nanging saiki iki, sakehing tumindak lan pocap kang magepokan karo pakarti Jawa, dudu Jawa, ora Jawa, lan durung Jawa iku arang-arang utawa ora dadi kawigaten. Kang dadi omongan utawa diskusi ing satengahing bebrayan Jawa luwih akeh bab-bab kang magepokan karo politik lan ekonomi. Saktemene ngomong politik lan ekonomi iku iya prayoga bae ananging ngomong perkara laku utama utawa pakarti sing becik uga ora kalah penting. Manawa saiki ana kritik kang ngunekake manawa wong Jawa wis ilang utawa lali Jawane iku saktemene amarga akeh wong Jawa sing ora kersa ngaca utawa ngukur awake wis dadi Jawa, ora Jawa, utawa durung Jawa. Cethane, ukuran sing nate dikersaake para leluhur Jawa iku kaya-kaya wis ilang. Dadi saktemene, manungsa Jawa ing jaman saiki ora ngrukuni awake, ora ngrukuni Jawane. Coba panjenengan jingglengi kahanan saiki: murid ora ngopeni guru, guru ora ngopeni murid; kawula ora ngopeni ratu, ratu ora ngopeni kawula.

Meh kabeh sakwernane tradhisi tutur tinular Jawa iku ana ubungane karo pakarti ora Jawa, durung Jawa, dan dudu Jawa. Contone kaya mengkene: wong Jawa kang kagungan pakarti wis dadi Jawa iku mujudake pribadi kang ora seneng misuh amarga misuh iku pakarti sing disenengi raseksa. Coba panjenengan pirsani, apa para satriya ing crita pewayangan iku nate misuh? Aku durung nate krungu Arjuna, Kresna, utawa Yudhisthira misuh. Anehe, wong Jawa kang ngerti crita wayang, salah sawijining wujud tradhisi tutur tinular, akeh kang dhemen misuh. Coba Panjenengan pirsani nek wong Jawa misuh. Sakwernane anggota tubuh metu kabeh: raimu, bathukmu, dhapurmu, dhengkulmu, matamu, udelmu. Sing taksebutake iki isih lumayan “apik”, nanging manawa nganti nyenggol barang wadi kayata: kon..., tem....., sil......pej........, lan sakpanunggalane, iki cetha-cetha ora apik. Apa maneh nek dirungokake bocah-bocah cilik utawa para lahur. Uga ketara kasar banget nek sing dienggo misuh iku sakwernane kewan: asu, kirik, celeng, babi, genjik, lan sakpaunggalane.

Tradhisi tutur tinular kang aran ngrasani utama gosip uga mbebayani banget amarga ana sing kanggo ngrusak karakter utawa kanggo ngrusak asmane priyayi liya, utawa malah bisa ngilangake nyawane liyan. Contone, akeh priyayi sugih merga kerja keras, ikhtiyare kaya dene endhas dienggo sikil, sikil dienggo endhas, nanging tangga-tangga sing meri gawe crita nek saktemene bisane sugih iku amarga ngingu thuyul utawa duwe pesugihan. Ana maneh rasan-rasan sing bisa ngilangake nyawa, yaiku ana warga kang didakwa dadi dhukun santhet utawa dhukun tenung. Akibate, warga liyane duka yayah sinipi, lan wong kang dinakwa dadi dhukun mau banjur dimassa nganti mati. Sing takaturake iki mujudake tradhisi tutur tinular kang kudu den singkiri.

Nanging uga ana tradhisi ngrasani kang alus lan ngemot kritik. Aku arep caos conto. Nalika jamane Presiden Suharto akeh warga bangsa sing wedi ngritik Pak Harto amarga sanajan Pak Harto katon sabar lan tansah mesam-mesem, nanging satemene piyambake iku priyayi kang tegas. Terkadhang, bawahane, saking wedine karo Pak Harto, anggone ngecakake kersane Pak Harto malah luwih keras maneh, kepara luwih-luwih. Rikala samana, amarga kabeh wedi karo Pak Harto lan sakabehe blok kekuwasaan wis direngkuh, prasasate ora ana elemen bangsa sing wani cemuwit. Sajroning kahanan kang kebak rasa wedi mau, tuwuh rasan-rasan kang arupa carita lesan kang kaya mengkene unine: “Ing sawijining dina Pak Harto karo Presidhen Amerika Serikat dhek samana, Bill Clinton, tindak mancing bareng ana sagara. Anehe, pancinge Bill Clinton dipangan iwak wola-wali saengga Presidhen negara Paman Sam iki oleh iwak akeh. Pak Harto siji bae durung oleh iwak. Pirsa kahanan kang kaya mangkono mau, Pak Harto banjur ngendikan marang Bill Clinton: “Tuwan Presidhen, kenging punapa pancing panjenengan tansah ditedha ulam, dene pancing kula kok mboten?”. Kanthi kebak rasa kurmat Presidhen Bill Clinton mangsuli: “Tuwan Suharto ingkang dhahat kinurmatan, nuwun duka, kula badhe matur Panjenengan. Sakyektosipun mboten namung rakyat panjenengan kemawon ingkang ajrih mbikak tutukipun wonten sakngajengipun Panjenengan, ananging sedaya ulam ing seganten punika raosipun ugi makaten, mboten wantun mbikak tutukipun utawi mangap manawi pirsa Panjenengan.” Mireng wangsulanipun Presidhen Bill Clinton, Pak Harto, kados biyasanipun, namung manggut-manggut.

Carita lesan iku mujudake kritik kagem Pak Harto, kang nalika semana, amarga Pak Harto kagungan kersa mujudake stabilitas politik lan stabilitas ekonomi, panjenengane kagungan pendekatan werna loro, yaiku prosperity approach (pendekatan kanggo nggayuh kamulyan) lan security approach, yaiku pendekatan kanggo nggayuh keamanan. Pak Harto tegas banget paring tindakan marang sapa wae kang dianggep ngganggu stabilitas politik. Mula sapa bae kang dianggep duwe pikiran utawa gagasan kang beda karo Panjenengane asring dianggep nglawan utawa maneni. Pribadi-pribadi kang ditresnani Pak Harto yaiku pribadi-pribadi kang kagungan pakarti kaya kang sinebutake ana tradhisi tutur tinular Jawa kang unine kaya mangkene: “pareng rikat, nanging ora pareng ndhisiki; pareng pinter, nanging ora pareng nggurui; pareng kuwat, nanging ora pareng maneni.”

Tradisi tutur tinular ing Tanah Jawa akeh banget kang dienggo alat politik, utamane liwat tradhisi tutur tinular kang sinebut parikan. Ing jamane Bung Karno lan Pak Harto akeh banget parikan kang ngemot tujuwan politik. Ing Jamane Pak Harto ana parikan kang unine mengkene “Rokok apa sing paling enak?/Sing paling enak rokok cap Semar/Melok sapa sing paling enak?/Sing paling enak melok Golkar”. Rikala jamane Bung Karno uga muncul lagu rakyat lesan minangka protes kebijakane PBB. Lagu iku mengkene unine:”Indonesia dudu bangsa tempe/Indonesia bisa madeg dhewe/Ora susah bantuwane/Kang saka PBB/Iku mung alate Amerika bae/Iku mung alate imperalis wae.” Tradhisi tutur tinular uga ana kang paring sumbangsih marang revolusi kamardikan. Dhek samana, liwat parikan, Cak Durasim ngidung:” Pagupon omahe dara/ melok Nippon tambah sengsara”. Kekidungan kang heroik lan patriotik iki marakake Cak Durasim kinunjara dening penjajah wektu iku.

Wong Jawa uga sugih tradhisi tutur tinular kang diarani kerata basa, yaiku magepokan karo candrane tembung, kayata, cangkir “nancang pikir”, wedang “ngawe kadang”, garwa “sigarane nyawa”, wanita “wanita nata lan wani ditata”, guru “digugu lan ditiru”, gedhang “digeged bubar madhang”, sruwal “saru yen diuwal”, bocah “dadiya kebo durung cacah”, lan sakpanunggalane. Wujud tradhisi tutur tinular liyane kayata japa mantra, aji-aji, petungan, kanuragan, trawangan, pawukon, nujum, ramalan, lan katuranggan isih akeh sing nguri-uri. Nganti saiki wong Jawa menawa arep duwe gawe utawa tandang gawe tansah golek dina kang becik. Petungan iku adhedhasar neptune dina lan pasaran kang ana ubungane karo dina sing apik lan sing ala, pranata mangsa, naga dina, pujangga sanga, lan ngalamat.

Wong Jawa uga akeh kang percaya marang tradhisi tutur tinular kang sinebut jangka utawa ramalan, yaiku ngenani kedadeyan kang gegayutan karo jaman mengko. Jangka sing paling kondhang unine mengkene:“ Kali ilang kedhunge/Pasar ilang kumandhange/Wanita ilang wirange/Priya ilang kaprawirane/Mbesuk tanah Jawa bakal kinalungan wesi/Ana kreta tanpa kuda/Ana baita mlaku ning akasa/Tanah Jawa bakal diirat-irat/Saya suwe saya mungkret/Uwong padha balulungan kadya gabah den interi/Bocah cilik ngerti dhuwit/Bayi jebrol melek mripate/Pitik angrem jeroning pikulan/Wong tani ditaleni ngisor/Wong dora ura-ura/Wong bener thenger-thenger/Wong salah bungah-bungah/Wong serong ngendhong/Wong lugu keblenggu.”

Seni panglipur/tontonan Jawa, kayata wayang purwa, wayang wong, kethoprak, ludruk asline rata-rata ngemot piweling lan piwulang becik. Tuntunan-tuntunan kasebut tinuduhake lumantar lakon-lakon kang ginarap kang ngemot tuntunan kaya dene ´”sapa salah, seleh; wani ngalah luhur wekasane; aja kepincut sumilaking jarit lan kumrincinging ringgit; aja adigang, adigung, adiguna; aja rumangsa bisa, naning bisaa rumangsa; aja nggege mangsa; ajining diri saka lati, ajining raga saka busana, ajining awak saka tumindak;becik ketitik, ala ketara; wenehana teken wong kang kalunyon, wenehana pangan marang wong kang luwe, lan wenehana sandhang marang wong kang wuda”; lan liya-liyane. Nanging ketoke saiki porsi tuntunane luwih sethithik timbang tontonane.

Tradhisi tutur tinular kang nduweni akeh piwulang lan piweling iku ora liya iya wayang purwa. Pagelaran wayang purwa bisa dadi jujugan kanggo pendidikan watak lan pakarti kang Jawa. Sajroning tontonan wayang sapa sejatine sing Jawa, durung Jawa, ora Jawa iku cetha wela-wela. Lakon-lakon wayang kang sumbere saka kakawin Mahabarata lan Ramayana, iku nduweni piweling lan piwulang kang adi luhung. Paraga utawa tokoh-tokoh ing pawayangan kang nduweni watak becik utawa pakarti luhur, bisa dadi rujukan lan tuladha. Wewaton sumber-sumber piwulang lan piweling kang akeh banget mau, budi pekerti luhur bisa diudi, dikulinake lan dingrembakake. Pendidikan laku utama utawa budi pekerti ana ing bebrayan sing lagi nandhang krisis iki prayoga dipilah lan didandani. Sakabehing piwulang lan piweling kang luhur iku kudu oleh kawigaten kanggo mbangun bangsa lan pakartine bangsa (nation and character building).

Ing jaman kang kebak owah-owahan iki, kabudayan Jawa kudu bisa paring sumbangsih kang mitayani. Becike, wong Jawa ora usah melu edan, ora susah melu ombyake kabudayaan pasar kang mung mikirake bathi-rugi. Kabudayan pasar iku kabudayan kang gegayutan karo ombyake pasar, ombyake pawitan utawa dhuwit, karo blegere barang dagangan, sarta karo kahanan tuna lan bathi. Sajrone kabudayan pasar barang kang paling aji iku satak lan bathi, dudu kaluhurane budi. Dhuwit lan bathi dadi pangimpen kang nomer siji. Apa bae kang ngasilake dhuwit utawa bathi tansah dioyak lan diperdi. Cilakane, ngoyake uga nganggo dhuwit, ora mung cukup nganggo tekad, kapinteran, utawa kautaman. Wong Jawa, kang uga warga donya, mesthi bae aja nganti keli, merga nek keli bakal mati. Para sepuh wis ngendikan ngeli kena, nanging aja nganti keli.

Manawa dina iki wong Jawa krasa nek wis ilang Jawane utawa wis ora Jawa, mesthine banjur ana ikhtiyar kepriye carane supaya dadi Jawa sejati. Miturut pangangen-angenku, ikhtiyar bali dadi Jawa iku kudu diwiwiti saka wong Jawa dhewe. Sapa sing ngaku Jawa kudu taberi nyinau, naliti, utawa njingglengi bab jagad lan kabudayan Jawa, yaiku sakabehe produk kabudayan Jawa, kang awujud barang (tangibles) sarta kang dudu awujud barang (intangibles). Basa Jawa kang dadi sumbere etiket lan etika Jawa kudu digunakake ing sadina-dinane dening wong Jawa, diwiwiti saka institusi sing paling cilik, yaiku kulawarga Jawa. Wong Jawa kudu paham karo susastra Jawa, kang tinulis apadene kang lesan, amarga ing sajrone produk kabudayaan iki tinemu piwulang utawa pituduh kang adi luhung. Manawa Panjenengan maca babad, riwayat, carita gancaran, hikayat, dongeng, lan sakabehe wujud tutur tinulars, Panjenengan bakal ketemu karo endahing kabudayaan Jawa.

Sakabehing wujud tradhisi tutur tinular kang sinebut ing dhuwur iku mujudake rajabrana kabudayan Jawa kang   kena kanggo talining urip. Ngelmu Jawa kena diupamakake samodra, sing ora bakal entek manawa ditimba. Ngelmu kang sinimpen ing tradhisi tutur tinular iku kang akeh-akeh arupa ngelmu kang migunani kanggo urip kang tata, tentrem, lan adoh saka rubeda. Rajabrana kabudayan iki durung oleh kawigaten kanthi tenanan. Mula aja padha nyalahake kahanan nek dina iki sajroning bebrayan Jawa akeh Burisrawa, Dursasana, Sengkuni, lan Durna padha numpak kreta bedhigasan sakdalan-dalan. Tontonan kaya mangkono iku kudu dilereni, amarga wong Jawa kudu bisa paring sumbangsih kang paling akeh lan mulya marang nusa bangsa.

Para leluhur Jawa tansah ngendikan manawa tumrape wong Jawa, kang paling penting ana bebrayan iku arupa sikep tansah ngudi sejatining becik, mamayu hayuning bawana. Piwulang Jawa akeh kang nuntun supaya wong Jawa padha nindakake laku (brata) sing apik, apiking apik, beda karo lakune sato kewan utawa setan, beda karo pakartine Kurawa utawa Ngalengka. Kawit lair, saktemene wong Jawa wis diweling supaya duwe laku kang utama supaya bisa urip rahayu ing donya lan akerat. Piwulang, piweling, pituduh, lan wewaler kanggo nggayuh kasampurnane urip akeh tinemu ing kabudayan Jawa. Ana thuladha laku kang kudu dilakoni dening para kawula, para panguwasa, santana, lan punggawa. Kejaba saka iku ana uga tuladha laku tumrap anak marang wong tuwa, kawula marang raja/panguwasa, siswa marang guru, lan manungsa siji marang manungsa liyane.

Wong Jawa kang ninggalake piwulang lan wewaler saka leluhur ora bakal bisa nuduhake kaunggulan kejawene. Mula saka iku, ikhtiyar sing kudu dilakoni kanthi tumemen supaya wong Jawa bisa dadi kaca benggala kabudayan lan katon maneh Jawane, ing antarane, yaiku mbangun rasa guyub-rukun, mong-kinemong, duwe rasa isin, angedohi kang kleru, aja rumangsa bisa, nanging bisaa rumangsa, gedhe pangapurane, akeh tobate, duwe rasa tepa salira, pracaya marang sasama, tumungkul supaya ora ketungkul, sumeleh supaya ora seleh. Kabeh iki mujudake pawitane dadi Jawa. Tegese dadi Jawa yaiku ngugemi kabudayaan Jawa, utamane kang gegayutan karo laku, amarga nek ngelmu bae ora bakal dadi. Nek bab kang siji iki ora dilakoni, jagad Jawa bakal remuk dadi sawalang-walang, lan donya bakal kelangan pusaka kabudayan kang larang regane.

Panutup

Saka andharan kang tak aturake ing dhuwur iku aku caos dudutan manawa tradhisi tutur tinular Jawa iku sawijining pawitan kang aji, ora mung kanggo bebrayan Jawa nanging uga kanggo bangsa Indonesia. Tradhisi tutur tinular Jawa kang kebak pitutur luhur lan solusi kanggo kautamane urip bebrayan iki kudu diamalake kathi tumemen dening wong Jawa ing sadina-dinane saengga wong Jawa lan kabudayane bisa caos sumbangsih kang aji marang nusa, bangsa, lan negarane. Tradhisi kang adiluhung iki bisa dadi saka guru kanggo nyengkuyung wewangunane jati dhiri lan kapribadening bangsa.

Tradhisi tutur tinular Jawa ngemot piwulang lan piweling kanggo nata urip lan panguripan kang becik. Manawa dicakake ing sadina-dinane, tradhisi iki bisa nuwuhake kahanan kang guyub lan tentrem merga ana kono ana piwulang kang magepokan karo pakarti tansah cedhaka karo Gusti Allah, gaweya apik marang sapadhaning titah, crah agawe bubrah rukun agawe santosa, kurmat marang wong tuwa lan panguwasa kang bisa ngayomi, ngayemi lan ngayani, kurmat marang guru, bela nagara, tresna marang sapadha, lan sakanunggalane. Nek kabeh piwulang lan piweling iki diamalake, insya Allah wong Jawa ora bakal ilang Jawane, bisa dadi Jawa sejati, lan bisa caos bekti marang nusa lan bangsane.

Apa sing tak udhar ing dhuwur iku saktemene mrenthul utawa tuwuh saka rasa wedi bakal kelangan kabudayan Jawa. Kelangan raja brana kabudayan ateges kelangan jati dhiri, kelangan kapribaden, kelangan sukma, kelangan wos. Mula saka iku kita wong Jawa ayo padha bali dadi Jawa. Sarana dadi Jawa wis sumadya, yaiku arupa produk kabudayan Jawa kang cacahe akeh banget. Kabudayan kang apik diuri-uri, kang ala disingkiri. Nanging sing penting, kita wong Jawa kudu wani nata awak lan ndadani awak. Kabeh iki minangka pawitan kanggo tumindak sing bener lan pener. Dadi Jawa iku wose dadi bener lan pener.

Kapustakan

♦     Endraswara, Suwardi. 2010. Folklor Jawa: Macam, Bentuk, dan Nilainya. Jakarta: penaku.

♦     Khakim, Indy G. 2007. Mutiara Kearifan Jawa. Yogyakarta: Pustaka Kaona.

♦     Kuntari, Umi. 2010. Kata-kata Super Bijak Leluhur Jawa. Yogyakarta: Eule Book.

♦     Laksono. 2009. Tradisi Dalam Struktur Masyarakat Jawa Kerajaan dan Pedesaan. Yogyakarta: Kepel Press.

♦     Pandanwangi, Sekar. 2009. Pesugihan Jawa. Yogyakarta: Araska.

♦     Siswokartono, Soetomo WE. 2006. Sri Mangkunagara IV sebagai Penguasa dan Pujangga. Semarang: Aneka Ilmu.

♦     Sutadi lan Sudi Yatmana. 2005. Blencong 45. Semarang: Aneka Ilmu.

♦     Sutarto, Ayu. 2004. Menjinakkan Globalisasi. Jember: Kompyawisda Jatim.

♦     ______. 2004. Menguak Pergumulan Antara Seni, Politik, Islam, dan Indonesia”. Jember: Kompyawisda bekerja sama dengan

♦     Utomo, Sutrisno Sastro. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang: Effhar

ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 03 Unggah-Ungguh lan Basa Indonesia: Masalah Rong Werna Sing Ngruwedi Pamulanging Basa Jawa Marang Siswa Manca
  • 05 Perkembangan Dunia Penerjemahan Bahasa Dan Sastra Jawa >