| Makalah Utama (#03) |
|
Unggah-Ungguh lan Basa Indonesia : Masalah Rong Werna Sing Ngruwedi Pamulanging Basa Jawa marang siswa manca kinanthenan masalah maneka warna sing akeh-sethithik beda karo masalah ing babagan pamulanging Basa Indonesia. Ing antarane masalah mau ana loro sing katon menjila: pamulanging unggah-ungguh, saha anane Basa Indonesia ing tengah-tengah bebrayan Jawa. Makalah iki menehi andharan cekak bab masalah rong werna iki, sarta nggambarake materi sing wis sumadhiya kanggo pamulanging Basa Jawa marang siswa manca, ditambah informasi sadumuk bab kahananing program-program piwulang Basa Jawa ing manca nagara ing wektu samengko. 1. Pasinaon Basa Jawa ing manca nagara: motivasine para siswa lan materi piwulang i. Kepengin luwih pinter lan luwih profesional anggone nguwasani Basa Indonesia. Basa Indonesia akeh kena prebawane Basa Jawa – tembung silihan, idiom, ucapan, pamikir sing nJawani – mula yen siswa wis kenal karo Basa Jawa, temtu anggone nguwasani Basa Indonesia dadi luwih jangkep lan otentik. Materi kanggo pasinaoning Basa Jawa wis akeh, sanajan sok ora gampang golek-golekane. Salah sijine buku piwulang sing wiwitan dhewe yaiku karangane C.F. Winter Javaansche Zamenspraken (Pacelathon Basa Jawa, 1847). Wiwit dhek sepisanan metu, buku iki dicethak ambal-ambalan, malah suwe-suwe dianggep kaya dene ensiklopedi mini sing ngemot kawruh werna-werna bab kabudayan Jawa. Modhel buku iki bola-bali ditiru ing buku piwulang liyane sing metu ing wektu sabanjure, kaya ta Layang Basa Sala (1911) karangane Padmasoesastra, Serat Warna Sari Djawi (edisi kaping 2, 1929) karangane J. Kats, sarta Javaansche Samenspraken ten Dienste van Vreemdelingen in den Omgang met Javanen (Pacelathon Basa Jawa Kanggo Wong Manca ing Pasrawungan karo Wong Jawa, 1933) karangane Sastrawidjana. Serat Urapsari (1896) karangane Padmasoesastra ngemot wacan maneka-warna kanggo siswa Basa Jawa, lan rampadan wacan iki iya ditiru marambah-rambah ana ing buku weton sabanjure, upamane ana ing karangane S. Prawirodihardjo, Buratsari (1957).
Buku piwulang Basa Jawa kanggo siswa manca ngatonake pendekatan telung werna sing magepokan karo unggah-ungguh. Ing karangane Arps cs (2000) lan Quinn (2010), tembung ngoko diwulangake luwih dhisik, sadurunge tembung krama. Kosok-baline, ing karangane Harimurti (2001) lan Ras (1994), tembung krama didhisikake, dene ing bukune Horne (1961) lan Keeler (1984) ngoko lan krama diwulangake bebarengan. Ngoko Ana argumentasi kosokbalen yen pamulanging tembung ngoko prayoga disemayakake. Wong Jawa adate rikat banget anggone nglafalake tembung ngoko dene tembung krama adate luwih alon anggone ngucapake. Tembung ngoko akeh banget cacahe, kerep kecampuran idiom-idiom tur akeh variasine wiwit dialek Banten tekan Blambangan sing bisa njalari bingunge siswa-siswa. Kejaba saka kuwi, wong manca ing Tanah Jawa lumrahe dianggep “wong njaba”, tegese dudu wong Jawa sejati tur isih tamu ing tengah-tengah bebrayan Jawa, mula tembung ngoko kerasa kurang trep yen arep tetepungan. Malah wong Jawa – mligine sing wis sepuh yuswane – akeh sing mesthi rumangsa disepelekake yen diajak caturan karo wong saka panggonan adoh nganggo tembung ngoko. Krama Kejaba saka kuwi, tembung krama adate diucapake luwih rindhik lan luwih formal, mula luwih gampang dingerteni dening para siswa manca. Tembung krama iya kerep digunakake ana ing prastawa umum utawa ana ing upacara formal sing tujuwane cetha. Cacahing tembung krama ora sepiraa yen ditandhingake karo tembung ngoko, sarta racake tegesing tembung krama luwih jembar tinimbang tembung ngoko. Wong manca sing pinter kekandhan mawa unggah-ungguh sing bener tur rapi kerep entuk pangalem saka wong Jawa, lan pangalem iki nambah motivasi lan dadi pamecut sing nggancarake pasinaone. Kabeh iki njalari tataran krama krasa luwih gampang pasinaone ing jangkah wiwitan tinimbang tembung ngoko tumrap siswa manca. Ewasemono ana uga faktor kosokbalen. Yen siswa manca mung nengenake tembung krama, bisa ngalangi olehe arep ngrembakakake pasrawungan karo wong Jawa, mligine karo para nom-noman. Sarehne tembung krama kerasa formal, mula arang-arang tinemu ana ing babagan tinamtu, upamane ana ing humor, ing pratelaning emosi kaya ta rasa tresna lan mbludaging kanepson. Tembung krama iya arang-arang tinemu minangka pengantar ing sastra gagrag anyar[[2]], arang-arang keprungu ing pacaturan karo bocah-bocah, lan ora tau digunakake ing pamikir utawa batine wong. Ngoko Krama Bebarengan Ana sing duwe panemu tembung ngoko lan tembung krama kudune disajekake bebarengan wiwit mula-bukane pasinaon Basa Jawa, sebab ing pasrawungan sadina-dina tembung ngoko lan krama tansah tinemu gegandhengan. Manut para ahli pamulanging basa manca (foreign language teaching), materi piwulang kudune sing realistik, sing kajupuk saka coraking basa sing kalumrah ing pasrawungan sadina-dina. Mula materi piwulanging Basa Jawa sing nyampur tembung ngoko karo krama luwih ngatonake jatining kahanan sosial, mula luwih trep tinimbang materi sing nyajekake tembung ngoko luwih dhisik (ora dibarengi krama), utawa sing nyajekake tembung krama luwih dhisik (tanpa iringan tembung ngoko). Sing duwe panemu mangkono kuwi entuk panyaruwe saka guru-guru sing akeh pengalamane ing babagan pamulanging Basa Jawa marang wong manca. Manut para guru mau, yen tembung krama lan tembung ngoko diwulangake bebarengan, para siswa mesthi bingung. Tembung ngoko lan krama mesthi dicampur-adhuk sakepenake, tataran ngoko lan krama mesthi dibalik-balik. Yen si siswa luput ing bab unggah-ungguh mesthi diarani kasar utawa bodho, malah ora mokal yen diarani kegedhen rumangsa utawa kurang ajar. Kejaba saka kuwi, unggah-ungguh Basa Jawa sajatine ruwed banget, ora mung dumadi saka tataran rong werna – ngoko lan krama. Wong Jawa, anggone padha cecaturan, wis kulina mlumpat-lumpat saka tataran ngoko menyang krama, saka krama menyang krama inggil, krama andhap, madya, ngoko andhap lan sapanunggalane. Upamane wae, wong tuwa sing ngomong karo bocah cilik mesthi nganggo tembung ngoko, dene si bocah anggone wangsulan nganggo tembung krama. Yen wong tuwa karo bocah mau padha rembugan bab priyayi liya sing pantes diajeni, loro-lorone kudu nganggo tembung krama inggil lan krama andhap sing pas tumrap piyayi liya mau. Miturut teori pamulanging basa manca (foreign language teaching theory), kahanan sing kompleks mau kudu dianalisis, komponene kudu dipilah-pilah banjur pamulanging komponen mau diurut supaya sing gampang lan frekwen didhisikake, dene sing luwih angel utawa sing arang njedhul diundurake dhisik. Cekake, kahanan lingguistik sing ruwed komponene aja dicampur-adhuk lan aja digebyah-uyah pamulange. Tantangan pamulanging unggah-ungguh: dilema ana ing ruwang kelas Ana profesi tinamtu kang tansah dipundhi-pundhi ing bebrayan Jawa. Yen wong Jawa lagi cecaturan, para praktisi profesi mau diajeni kanthi atur mawa tembung krama utawa krama inggil. Profesi perguruan klebu salah sijine profesi mau. Kaya mokal banget menawa murid ngaturi gurune mawa tembung ngoko. Upama ana sing tumindak mangkono kuwi mesthi diarani kasar, malah mbokmenawa diarani kurang ajar utawa nyepelekake gurune. Kasunyatan iki ndadekake dilema ana ing ruwang kelas. Sanajan tembung ngoko kalumrah ana ing pasrawungan sadina-dina ing tengah-tengah bebrayan Jawa, ananging para murid ora oleh matur marang gurune nganggo tembung ngoko. Malah ing wayah latihan Basa Jawa iya angel si murid matur gurune nganggo tembung ngoko – sanajan lagi latihan nggunakake tembung ngoko – sebab mesthi nerak paugeran sosial sing kukuh banget. Siswa manca sing lagi sinau Basa Jawa karo guru privat, ana sing nate crita marang aku yen kangelan anggone latihan guneman mawa tembung ngoko karo gurune priyayi Jawa. Gurune dadi rikuh lan risi – mangkono critane – sarta banjur golek dalan supaya bisa nyingkir saka olehe kudu nanggapi tembung ngoko kuwi. Ing sawijining kasus sing dicritakake marang aku, guru sing risi karo tembung ngoko sing diucapake muride wong manca sing enom (penutur asli Basa Inggris) malah dadi wegah guneman cara Jawa, sarta pindhah menyang Basa Indonesia sing sajake luwih “aman”. Panjenengane banjur mulangake tembung ngoko lumantar wacan, dudu omongan. Miturut teori pamulanging basa manca, prayogane siswa enggal “turun ke jalan”, tegese enggal nyoba guneman langsung karo warga lokal sing pinuju ketemu ing sajabane ruwang kelas, sanajan kanthi mangkono anggone cecaturan mesthi akeh sing luput. Kanggo para siswa manca sing sinau Basa Jawa, yen kleru anggone nguwasani lafal utawa paramasastra Basa Jawa, adate kaluputane mau ora dadi masalah, malah dianggep lumrah dening bebrayan Jawa. Nanging kaluputan ing bab unggah-ungguh rada beda karo kaluputan liyane. Yen kleru anggone nganggo unggah-ungguh bisa njalari kagete wong utawa dadi risi, kisinan utawa lara ati. Antropolog Amerika James Siegel malah tau gawe pepeling marang wong manca sing kepengin sinau Basa Jawa: “Wong Sala ngeling-elingake wong manca bab anggone arep sinau Basa Jawa. Basa Jawa ora mung angel. Yen luput anggone celathu, kaluputan mau bisa ora mung sifat lingguistik, nanging uga sosial, amarga sok dianggep ngasorake wong sing diajak guneman. Mula yen ora pas anggone celathu, bisa nglarani atine wong, utawa malah njalari nesune wong sing diajak guneman.”[[3]] Malah sok ana wong Jawa sing wegah ngomong Basa Jawa karo siswa manca, amarga wedi yen kisinan utawa digeguyu jalaran siswa manca mau kurang anggone nguwasani unggah-ungguh. Aku dhewe wis bola-bali nemu masalah iki, prasasat “dijothak” amarga sing tak-ajak ngomong Basa Jawa sajake judheg, mbokmenawa kapatrapan tembung unggah-ungguh sing kleru, mula ngecakake sing kena diarani “tindak singkir” (avoidance strategy) kanthi mlayu menyang Basa Indonesia, tinimbang kisinan ngomong Basa Jawa karo wong manca sing kurang nJawani olehe ngomong. Wis kepara nyata menawa basa nasional Republik Indonesia – Bahasa Indonesia – gedhe banget perbawane ing sakabehing laladan kabudayan Jawa. Anane Basa Indonesia dadi masalah tumrap para siswa manca sing sinau Basa Jawa. Masalah mau rong werna: anane tembung silihan saka Basa Indonesia, lan sifat bilingguale bebrayan Jawa. Tembung silihan Akeh banget tembung silihan saka Basa Indonesia sing saiki dikulinakake ing pasrawungan sadina-dina mawa Basa Jawa. Ing antarane tembung-tembung mau, ana sing ngalahake tembung “asli” Jawa, mligine ana ing babagan administrasi lan pangreh praja, bisnis tuwin teknologi. Upamane, ing babagan transportasi tembung Basa Indonesia saya kerep njedhul saha digunakake ing diskursus Basa Jawa.
Kejaba saka kuwi, Basa Indonesia uga krasa perbawane ing babagan unggah-ungguh Basa Jawa. Ana sawatara tembung Basa Jawa sing maune diarani tembung krama nanging saiki “mudhun” dadi ngoko jalaran saka perbawane tembung Basa Indonesia. Tembung-tembung Basa Indonesia ana sing wujude padha karo tembung krama ing Basa Jawa nanging ing Basa Indonesia digunakake ing pacelathon sadina-dina kaya tembung “ngoko”, mula Basa Jawa iya katut niru-niru Basa Indonesia, saengga tembung-tembung kuwi iya melu dadi tembung ngoko yen digunakake ing Basa Jawa.
♦ Arps, Ben, Els Bogaerts, Willem van der Molen, Ignatius Supriyanto en Jan van den Veerdonk met medewerking van Betty Litamahuputty Hedendaags Javaans. Leiden: Opleiding Talen en Culturen van Zuidoost-Azie en Oceanie, Universiteit Leiden, 2000 ♦ Bakker J.W.M. and Fr. M. Sunarwidjaja, The Giri Sonto Course for Javanese. Giri Sonta Language School for Javanese and Indonesian, 1964 ♦ Balai Bahasa Yogyakarta Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa). Yogyakarta: Penerbit Kanisius, 2001. ♦ Harimurti Kridalaksana, F.X. Rahyono, Dwi Puspitorini, Supriyanto Widodo & Darmoko, Wiwara: Pengantar Bahasa dan Pustaka Jawa. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama, 2001 ♦ Haryana Harjawiyana & Th. Supriya Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Kanisius, 2001, edisi revisi 2009 ♦ Horne, Elinor Clark Beginning Javanese. New Haven and London: Yale University Press, 1961 ♦ Horne, Elinor Clark Javanese-English Dictionary. New Haven and London: Yale University Press, 1974 ♦ Horne, Elinor Clark with the assistance of Kustiani and Koentjaraningrat Intermediate Javanese. New Haven and London: Yale University Press, 1963 ♦ Kats, J. Punika pepethikan saking serat Jawi (Bloemlezing uit Javaansche Werken). Weltevreden: N.V. Boekhandel Visser & Co. 1928 ♦ Keeler, Ward Javanese: A Cultural Approach. Athens, Ohio: Monographs in International Studies, Southeast Asia Series no.69. Ohio University, 1984 ♦ Meinsma, J.J. (editor) Poenika Serat Babad Tanah Djawi Wiwit Saking Nabi Adam Doemoegi ing Taoen 1647. s-Gravenhage: M. Nijhoff, 1941 ♦ Padmasoesastra Serat Urap Sari. Batavia: G. Kolff, 1895 ♦ Partini B. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Panji Pustaka: 2010 ♦ Prawirodihardjo, S. Buratsari: Serat Waosan Kangge Pawiyatan Luhur. Jakarta: Harapan Masa, 1957 ♦ Quinn, George Sri Ngilang, The Disappearance of Sri: A Theatrical Introduction to Spoken Javanese for English Speaking Students. Canberra: College of Asia and the Pacific, Australian National University, 2010 ♦ Ras, J.J. Inleiding tot het Modern Javaans. Leiden: KITLV Uitgeverij, 1994 ♦ Robson, Stuart and Singgih Wibisono Javanese English Dictionary. Hong Kong: Periplus Editions, 2002 ♦ Robson, Stuart Javanese Grammar for Students. Melbourne: Monash Papers on Southeast Asia no.26, Centre of Southeast Asian Studies, Monash University, 1992 ♦ Roorda, T. Javaansche Grammatica benevens een Leesboek tot Oefening in the Javaansche Taal. Amsterdam: Johannes Muller, 1855 Sastrawidjana, R. Javaansche Samenspraken ten Dienste van Vreemdelingen in den Omgang met Javanen. Batavia: N.V. Boekhandel en Drukkerij Visser & Co., 1933 ♦ Princeton, N.J.: Princeton University Press, c1986 [1] Javaans-Nederlands Handwordenboek susunaning Pigeaud dadi dhasaring bausastra sepisan sing ngemot tembung Basa Jawa dikantheni katerangan mawa Basa Jawa, yaiku Baoesastra Djawa karangane W.J.S. Poerwadarminta kabantu C.S. Hardjasoedarma lan J.Chr. Poedjasoedira sing diwetokake taun 1939. [2] Novel Basa Jawa sing pungkasan sing nganggo tembung krama minangka pengantar, yakuwi Anteping Tekad karangane Ag.Suharti sing diwetokake dening Balai Pustaka taun 1975. [3] “The Solonese warn foreigners about learning Javanese. It is not merely that it is difficult, but that the consequences of making mistakes are not only linguistic but also social: one might address the second person as though he were of low rank. To speak inappropriately could thus wound one’s listener, or even anger him.” (Siegel 1986:15-16) |














