| Makalah Utama (#06) |
|
PANGLELURI BASA LAN DIALEK JAWA Basa Jawa kalebu kulawarga basa Austronesian lan Malayu Polinesian. Ing urutan akehe panganggo, basa Jawa kalebu urutan nomer 11—13 ing donya kanthi cacah wolungpuluh lima yuta (85 yuta) (cf. Grimes, 2010; http://en. wikipedia.org/wiki/List_of_languages_by_number_of_native_speakers). Pasurujukane para linguis Jerman taun 2000 nyebutake ana urut-urutan sing kelakon ing basa kang cures utawa meh ilang/meh mati (Mahsun, 2004), yaiku: Peprincen kasebut pancen luwih abot ing etungan kuantitatif, nanging saora-orane peprincen iku bisa dadi salah siwijining pandom kanggo nlesih kahanane basa lan bisa dadi salah siwijining kaca benggala kanggo ndeleng kahanane basa sing didarbeni lan dinggo saben dina. Saliyane iku, basa bisa mlebu kategori aman yen disinaoni lan dinggo kabeh bocah lan kabeh wong ing etnis kasebut (kalebu basa Jawa lan etnis Jawa). Mula saka iku, makalah iki arep njingglengi bab pamanthane dialek Jawa (nuduhake akehing dialek lan akehing panganggone basa Jawa kang sumebar ing nuswantara lan manca negara), pasinaon basa Jawa, lan bausastra Jawa kang ana kanggo sarana pasinaon lan pangleluri basa Jawa.
Miturut Pusat Bahasa (2008) kanthi dhasar etungan dialektometri--basa Jawa ing Provinsi Nangro Aceh Darussalam kaperang dadi patang dialek, yaiku
Basa Jawa ing Provinsi Sumatra Utara kaperang dadi sangang dialek, yaiku
Basa Jawa ing Provinsi Lampung kalebu dialek kang uga saemper karo basa Jawa ing Solo-Yogya lan kasebar ing Desa Sridadi, Kecamatan Wonosobo, Kabupaten Tanggamus; Desa Rawi, Kecamatan Penengahan, Kabupaten Lampung Selatan; Desa Bumi Nabung, Kecamatan Bumi Nabung, Kabupaten Lampung Tengah; Desa Sambikerto, Kecamatan Sekampung, Kabupaten Lampung Timur; Desa Kelaten, Kecamatan Penengahan, Kabupaten Lampung Selatan; Desa Tugu Sari, Kecamatan Sumber Jaya, Kabupaten Lampung Barat; Desa Bali Sadar Tengah, Kecamatan Banjit, Kabupaten Way Kanan; Desa Rejo Basuki, Kecamatan Seputih Raman, Kabupaten Lampung Tengah; Desa Cimarias, Kecamatan Bangun Rejo, Kabupaten Lampung Tengah; Desa Sididadi, Kecamatan Way Tenong, Kabupaten Lampung Barat. Basa Jawa sing dinggoing Provinsi Jawa Tengah kaperang dadi limang dialek, yaiku
Dialek Pekalongan dinggo ing wilayah kayadene Kabupaten Batang, Kabupaten Pekalongan, Kabupaten Pemalang. Dialek Wonosobo dinggo ing Kabupaten Wonosobo, kaya dene ing Desa Wadaslintang, Kecamatan Wadaslintang lan Desa Candi Rejo, Kecamatan Mojo Tengah. Dialek Tegal dinggo ingwilayah kaya dene ing Desa Brekat, Kecamatan Tarub, Kabupaten Tegal; Desa Tuwel, Kecamatan Bojong, Kabupaten Tegal; Desa Kersana, Kecamatan Kersana, Kabupaten Brebes. Dialek Banyumas dinggoing wilayah Kabupaten Cilacap, Kabupaten Banyumas, lan Kabupaten Kebumen. Adhedasar etungan dialektometri, basa Jawa sing dinggo ing wilayah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta ditandhingake karo basa Jawa kang ana ing wilayah liyane ing Indonesia kalebu beda dialek lan beda subdialek. Basa Jawa ing Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta duwe sambungan beda dialek kayadene karo Basa Jawa ing Provinsi Riau (Kabupaten Indragirihulu), Provinsi Nangroe Aceh Darusalam, Provinsi Kalimantan Selatan, Lampung, Provinsi Jambi, Provinsi Bali (Kabupaten Buleleng), Provinsi Bengkulu (Kabupaten Rejang Lebong), Provinsi Sumatera Utara, Provinsi Nusa Tenggara Barat, lan Provinsi Sulawesi Utara. Beda subdialek diduweni dening Provinsi Sumatera Selatan lan Provinsi Kalimantan Timur. Sabanjure, basa Jawa kang dinggo ing Provinsi Jawa Barat lan Banten kaperang dadi patang dialek, yaiku
Dialek Cikoneng dinggo masyarakat ing Desa Cikoneng, Kecamatan Anyar, Kabupaten Serang, Provinsi Banten. Dialek Cirebon dinggo masyarakat ing Desa Trusmi Wetan, Kecamatan Plered, Kabupaten Cirebon, Provinsi Jawa Barat. Dialek Ciamis dinggo ing patang daerah ing Kabupaten Ciamis, yaiku Desa Ratawangi, Kecamatan Banjarsari; Desa Karangcengek, Kecamatan Pamarican; Desa Sukanagara, Kecamatan Lakbok;Desa Mekarharja, Kecamatan Purwaharja. Kelompok sing nganggo dialek Ciamis iki beda karo kelompok sing nganggobasa Jawa ing wilayah Pantura. Basa Jawa sing dinggo ana Provinsi Jawa Timur kaperang dadi patang dialek, yaiku
Sabanjure, basa Jawa sing ana ing Kalimantan Timur kaperang dadi patang dialek, yaiku
Basa Jawa singana ing Provinsi Nusa Tenggara Barat kaperang dadi telung dialek,
Kajaba perangan basa Jawa dadi 47 dialek iku, miturut Wikipedia, basa Jawa kaperang dadi nem belas dialek, yaiku: dialek Banten, Banyumasan, Blora, Brebes, Bumiayu, Cirebon, Kedu, Madiun, Pantura Wetan, Pekalongan, Semarang, Serang, Surabaya, Surakarta, Suriname, lan Tegal. Kajaba iku, Osing lan Tengger dianggep dadi basa dhewe (dudu dialek, cf. http://id.wikipedia.org/wiki). Etungan miturut Wikipedia iku ora dinggo dhasar tulisan iki amarga dhasar nemtokake dialeke ora pati cetha.
“Remen Basa Jawi” (Erlangga), “Aku Bisa Basa Jawa” (Yudhistira); tingkat SMP: “Marsudi Basa lan Sastra Jawa Anyar” (Erlangga), “Padha Bisa Basa Jawa” (Yudhistira); tingkat SMA “Kabeh Seneng Basa Jawa” (Yudhistira (SMA/SMK). Kanggo Jawa Timur, kanggo tingkat SD dinggo buku
“Sinau Basa Jawa” (Intan Pariwara), “Tuturan Basa Jawa” (Yudhistira); tingkat SMP “Pinter Basa Jawa” (Yudhistira), “Sinau Basa Jawa” (CV Aneka Ilmu), “Widya Basa Jawa” (Erlangga). Buku kang kanggo Jawa Tengah nganggo ketrangan “Piwulang basa Jawa Muatan lokal Wajib Jawa Tengah” lan sing kanggo Jawa Timur nganggo keterangan “Kacundhukaken kaliyan kurikulum basa Jawa Jawa Timur, saged kangge dhasar angrakit KTSP”. Buku ajar basa Jawa sing kanggo dialek saliyane Jawa Timur lan Jawa Tengah durung tinemu.
6. Balai Bahasa Yogyakarta. 2001. Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa). Yogyakarta: Kanisius. http://jv.wiktionary.org. Kajaba bausastra ana uga Direktori Kejawaen sing dianggit dening Sudaryanto dan Pranoto taun ing Yogyakarta lumantar Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa. Kajaba kamus basa Jawa lan direktori, uga ana kamus dialek Jawa, kaya dene: Kanggo ngrembakakake basa Jawa, kajaba bausastra, tembung - tembung ing basa Jawa pangajab uga bisa disilih lan dinggo basa liyane. Yen tembung-tembung basa Jawa disilih basa liya, ana pangarep basa Jawa bisa luwih ketrima masyarakat akeh apa maneh yen bisa ketrima masyarakat donya (Kisyani-Laksono, 2007, 2009) Kanthi cacahe panganggo basa Jawa kang akeh lan anane bausastra elektronik basa Jawa ing laman internet, durung ateges basa Jawa bisa kalebu basa sing digatekake masyarakat ing donya. Salah sijining bukti bab iku yaiku basa Jawa nganti saiki isih durung mlebu ing mesin panjarwan (penerjemah/translater) basa googletranslate. Ing googletranslate saiki ana 41 basa kang disuguhake, yaiku (diurut miturut abjad) basa “Albanian, Arabic, Bulgarian, Catalan, Chinese (simplified), Chinese (traditional), Croatian, Czech, Danish, Dutch, English, Estonian, Filipino, Finnish, Frenc, Galician, German, Greek, Hebrew, Hindi, Hungarian, Indonesia, Italian, Japanese, Korean, Latvinian, Lithuanian, Norwegian, Polish, Portugal, Rumanian, Russian, Serbian, Slovak, Slovenia, Spanish, Swedish, Thai, Turkish, Ukrainian, Vitenamese.” Kamangka Asia kalebu penganggo internet kang akeh dhewe (44%), banjur Eropa (22,7%), Afrika Utara (13%), lan sateruse. Kajaba iku, Indonesia kalebu dadi penganggo internet nomer papat ing urutan donya (China 477 yuta, India 100 yuta, Jepang 99,2 yuta, Indonesia 39,6 yuta). Nanging penganggo ing Indonesia ora ateges nuduhake akehing penganggo basa Indonesia utawa Jawa. Urutan akehing basa kang digunakake ing internet bisa kawaca ing tabel iki (Top Ten Languages Internet Stats, 31 Mei 2011).
Akehe panganggo basa Jawa lan akehe dialek Jawa bisa kanggo cagak nyengkuyung lan angleluri basa Jawa. Nanging, perlu dieling-eling uga babagan iku bener-bener migunani yen basa Jawa lan dialeke isih dinggo kanggo pakulinan saben dina. Panganggo basa Jawa bisa wae ninggalake basa Jawa utawa dialeke yen dheweke rumangsa basa Jawa ora bisa murakabi kanggo ndungkap karepe ati lan pikirane; utawa rumangsa basa liya isih luwih bisa kanggo ndungkap karepe ati lan pikirane. Yen panganggo basa Jawa luwih percaya basa liya luwih apik, luwih duwe perbawa, lan luwih bisa kanggo ndungkap ati lan pikiran, iku tandha-tandha basa Jawa bakal lara lan cures. Mula saka iku, dialek Jawa ing Pulo Jawa lan ing sanjabane Pulo Jawa semesthine bisa terus dileluri supaya ngrembaka. Salah sijining cara sing manjur kanggo babagan iku, yaiku basa Jawa dinggo ing bebrayan saben dina (lesan lan tulisan) lan disinaoni ing sekolahan. Sokur-sokur yen tembung-tembunge disilih utawa dinggo basa liya. Yen basa Jawa dibutuhake kanggo sarana komunikasi saben dina ing masyarakat lan disinaoni ing sekolahan, Insya Allah basa Jawa bakal terus lestari lan ngrembaka…amin. DAFTAR PUSTAKA ♦ Grimes, Barbara dalam Summer Institute of Linguistics (SIL). “Geographical Linguistics”. http://www.yahoo.com. Diunduh 25 Oktober 2010. ♦ http://www.infoplease.com/ipa/A0775272.html. “Most Widely Spoken Languages in the World”.Diunduh 1 Oktober 2011. ♦ http://www.internetworldstats.com/stats7.htm, diunduh 4 Oktober 2011. ♦ http://www.wikipedia.com. “List of Languages by Number of Native Speakers”.Diunduh 1 Oktober 2011 |
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||














