Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1873898
Hari ini     :Hari ini :48
Kemarin     :Kemarin :38
Minggu ini   :Minggu ini :334
Bulan ini   :Bulan ini :1676
s/d hari ini   :s/d hari ini :1873898
Jumlah Kunjungan Tertinggi
10-28-2025 : 611
Pengunjung Online : 17

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Utama (#08)

 

PERANAN FOLKLOR
TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN

Sumarlam
Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa
Universitas Sebelas Maret Surakarta


  A.    PAMBUKA

Kangge ngemutaken amrih bebrayan Jawi tansah waspada ing babagan alam lingkungan saged katindakaken kanthi pinten-pinten sarana. Upaminipun, saged lumantar unen-unen Jawi kadosta paribasan, bebasan, saloka, pepindhan, lss.; lumantar susastra Jawi, inggih ingkang geguritan, gancaran (cerkak, cerbung, novel); lumantar dongeng, cariyos rakyat (folklor); menapadene lumantar petangan Jawi.

Makalah utawi seratan menika temtu kemawon boten badhe ngrembag sadaya sarana kalawau, ananging namung winates saperangan alit kemawon; inggih menika lumantar folklor Jawi ingkang gegayutan kaliyan babagan lingkungan. Jer nyatanipun manungsa lan pagesanganipun menika saestu boten saged dipunpisahaken (tansah nyawiji) kaliyan alam lingkungan (alam sawegung) minangka papan panggenan pagesanganipun manungsa. Awit saking menika, bab-bab ingkang badhe kaandharaken ing seratan menika sesambetan kaliyan babagan pangertosanipun etika lingkungan saha pagesangan ingkang satimbang (harmonis), kadospundi tangkeping bebrayan tumraping kawontenanipun alam lingkungan, pangertosan lan peranganipun folklor, saha pambudidayaning manungsa kangge ningkataken kawaspadaning lingkungan lumantar folklor Jawi mliginipun ing laladan Jawi Tengah.    

B.    PANGERTOSANIPUN ETIKA LINGKUNGAN SAHA

PAGESANGAN INGKANG SATIMBANG (HARMONIS) KALIYAN ALAM

Sejatosipun prekawis lingkungan mujudaken prekawis ingkang gegayutan kaliyan kadospundi sipat lan hakikatipun manungsa tumrap lingkungan pagesanganipun. Manungsa sesarengan kaliyan lingkungan gesangipun mujudaken satunggaling ekosistem. Gesanging manungsa ugi gumantung dhumateng lestarining ekosistemipun. Kangge njagi lestarining ekosistem, manungsa nggadhahi peranan ingkang tuhu wigatos. Manungsa kedah saged njagi sesrawungan ing antawisipun manungsa menika piyambak kaliyan alam lingkunganipun, satemah ekosistemipun saged satimbang (harmonis), boten gonajng-ganjing (Resosoedarmo, lkk., 1985:145).

Prekawis lingkungan pagesangan menika dados prekawis tumraping manungsa minangka dhiri pribadi, kulawarga, bebrayan agung, malah ugi dados prekawisipun bangsa lan nagari, sarta prekawisipun donya. Dereng dangu menika ngantos samangke, prekawis risaking lingkungan pagesangan lan ekologi manungsa dados underaning pirembagan gayeng, sae wonten negari-negari ingkang sampun majeng (Jepang, Amerika) menapadene ing negari-negari ingkang nembe ngrembaka, kalebet negari Indeonesia. Gegayutipun manungsa minagka titah kaliyan alam lingkungan wigatos sanget dipunmangertosi lan dipunhayati, sae saking teorinipun menapadene cak-cakanipun ing pagesangan sadinten-dinten (Bintarto, 1984:2).

Pangaribawaning manungsa tumrap alam lingkunganipun saged anjalari tigang kedadosan, inggih menika deteriorasi, tetep langgeng lestari, saha greget kangge ndandosi/amangun alam lingkungan. Sepisan, deteriorasi badhe dumados menawi manungsa ngupayakaken sumber daya alam (SDA) namung adhedhasar prinsip “jangka pendhek”, tegesipun kangge ngasilaken produk (asil) sakathah-kathahipun ing wekdal ingkang sesingkat-singkatipun lan pawitan (modhal) sasekedhik-sekedhikpun. Kaping kalih, manungsa sampun nglenggana (sadhar) bilih manungsa menika namung mujudaken saperangan saking ekosistem. Manungsa sadhar bilih hakikatipun gesang lan pagesangan menika gumantung sanget kaliyan kawontenaning alam lingkunganipun. Kanthi makaten, manungsa badhe tansah anjagi amrih alam lingkungan menika tansah tetap langgeng lestari lan satimbang (harmonis). Kaping tiga, manungsa nggadhahi raos tanggel jawab lan ambudidaya amrih alam lingkungan menika tansah saya sae kualitasipun (Sholeh Dasuki, lkk., 1996:13).

Etika menika mujudaken filsafat ingkang ngandhut ajaran/piwulang moral. Ajaran moral ngandhut norma-norma moral, dene norma moral menika minangka paugeran kadospundi supados gesanging manungsa menika samsaya tambah sae minangka jejering manungsa (Magnis-Suseno, lkk., 1993:2-3). Salajengipun, etika kaperang dados kalih, inggih menika etika individual lan etika sosial. Etika individual menika gayut kaliyan kuwajibanipun manungsa tumrap pribadinipun piyambak. Dene etika sosial gayut kaliyan kuwajibanipun manungsa minangka perangan saking umat manungsa. Ananging prelu dipunmangertosi bilih antawisipun etika individual lan etika sosial boten saged dipunpisahaken jalaran kuwajiban tumrap dhiri pribadi lan minagka peranganing umat manungsa ugi boten saged pinisah, satunggal lan satunggalipun samidene gegayutan.

Etika sosial gegayutan kaliyan sesambetan antawisipun tiyang satunggal kaliyan tiyang sanesipun, ugi tanggel jawabipun umat manungsa tumrap lingkungan pagesangan. Kanthi makaten cetha bilih etika lingkungan pagesangan kalebet perangan saking etika sosial (Soemarwoto, 1988). Ringkesipun saged kaaturaken bilih etika lingkungan pagesangan mujudaken gambaran (citra), tangkep (sikap), wawasan, lan prilaku-tumindakipun tiyang utawi bebrayan tumraping alam lingkunganipun.

C.    TANGKEPING BEBRAYAN TUMRAP KAWONTENANING ALAM LINGKUNGAN

Miturut kronologisipun, pagesangan ing donya menika mujudaken perangan saking alam sawegung (alam semesta). Alam sawegung badhe mangaribawani sae lan awonipun nasibipun manungsa. Pramila awit saking menika, manungsa kedah tansah anjagi keharmonisanipun tatanan alam sawegung kanthi tangkep lan tumindak-tumindak kasaenan. Kawontenaning alam lingkungan badhe dados sae utawi awon gumantung kaliyan tangkep lan tumindakipun (pakertinipun) manungsa utawi bebrayan ingkang gesang ing sakiwa-tengenipun alam lingkungan kalawau.

Miturut etika sosial, tiyang Jawi menika nglenggana bilih piyambakipun boten saged gesang piyambakan. Ing saben wekdal, saben papan, kapan lan ing pundi kemawon, kita kedah sesambetan lan sesrawungan kanthi sae kaliyan lingkungan sakiwa-tengenipun, sae menika lingkungan fisik, inggih menika alam bebrayaning manungsa menapadene lingkungan nonfisik, inggih menika alam gaib. Kanthi makaten, kita badhe saged nggayuh katentremaning agesang, kawontenaning alam lingkungan ingkang satimbang (harmonis) lair lan batinipun, sarta tatananing pagesangan ingkang tansah kurmat-kinurmatan, guyub-rukun, lan ayem-tentrem.

Sesambetan kaliyan kawontenaning alam lingkungan lan dumadosing titah saged kaandharaken makaten. Manungsa minangka titah cinipta dening Gusti Allah saking sekawan perangan (anasir, unsur), inggih menika latu, angin, toya, lan siti.

1. Latu: lajeng dados nepsu ingkang nuwuhaken sekawan hawa nepsu.

    (a) Aluamah nggadhahi watak boten nate rumaos marem, tutuk kinarya
          korinipun; mapanipun wonten ing usus.
    (b) amarah nggadhahi watak wengis, benter makantar-kantar, talingan
         minangka korinipun; mapan
         wonten ing empedhu. (c) sufiah nggadhahi watak kedah sarwa cepet
         (kemrungsung), pikajengipun ageng, paningal minangka korinipun;
         dumunung ing limpa. (d) mutmainah anggadhahi watak anteng
         jatmika, mendel, grana minangka korinipun; dumunung ing ginjel.
         Hawa nepsu sekawan kalawau dipuntandhani kanthi cahya/sinar (a)
         cemeng, (b) abrit,
    (c) jene, lan (d) pethak.

 

2. Angin: nuwuhaken sekawan prekawis. (a) Napas, talining jenazah,
   dumunung ing manah; lumantar tutuk. (b) Tanapas, talining manah,
   dumunung ing puser, lumantar grana. (c) Anpas, talining roh, dumunung
   ing jantung, lumantar talingan. (d) Nupus, talining raos, dumunung ing
   pulung ati, lumantar paningal.


3. Toya: daos rah, nuwuhaken sekawan perangan: roh jasmani, roh ruhani,
    roh nabati, lan roh hewani.

 

4. Bumi: nuwuhaken daging (kadagingan).
   Sekawan perangan kalawau sagedipun dados gesang inggih awit saking
   kaparingan Nur Illahi saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi minangka
   perangan ingkang kaping gangsal. Miturut serat Darmo Sonya (salebeting
   Radjiman, 2000:152-153), wonten ing alam makrokosmos menika
   mula-bukanipun ingkang wonten namung sonyaruri (awang-awang)
   jalaran titah dereng tinitah. Salajengipun kanthi sabdanipun Gusti Allah
   cinipta padhang lan peteng. Wiwit saking menika lajeng wonten surya,
   candra, kartika, dalah swasana. Kekiyatanipun alam saking sekawan
   unsur kalawau makaten:

1. Surya: awarni abrit rah (merah darah), langkung ageng katimbang
    candra lan kartika, dados sarananing pagesangan tumrap sadaya
    pagesangan ing bumi.

2. Candra: awarni pethak bening maya-maya, dados sarananing daya
     panerang ing bumi.

3. Kartika: awarni biru semu ijem sumunar, minangka sarananing daya
     eyub-edhuming pagesangan ing bumi.

4. Swasana: awarni biru sumunar maya-maya, lembut, anglimputi alam
     sawegung. Swasana menika ngandhut hawa (angin).

Ingkang cetha, sasampunipun bayi lair, kita dados manungsa ing madyapada menika wajib nindakaken amanah agung saking Gusti Kang Maha Tunggal, inggih menika supados nggulawenthah alam sawegung saisinipun, njagi amrih lestaring alam lingkungan, sarta ngrembakakaken amrih saya tambah sae, endah, lan langgeng. Makaten kalawau menggah tangkeping manungsa lan bebrayan tumrap kawontenaning alam lingkungan. Supados saged nggayuh keselarasan, keseimbangan, lan keharmonisaning gesang, mila bebrayan Jawi prelu nengenaken prinsip rukun, prinsip kurmat-kinurmatan, prinsip asih ing sesami, rumangsa handarbeni, sarta mulat sarira hangrasa wani (mawas dhiri).

D.    PANGERTOSAN LAN PERANGANIPUN FOKLOR

Kathah para winasis ingkang sampun mratelakaken ngengingi pangertosanipun folklor. Para winasis kalawau ing antawisipun inggih menika Brunvand (1968), Abrams (1981), Danandjaja (1986), Moeis (1988), Haviland (2009), sarta Sudjiman (2009). Miturut pamanggihipun Sudjiman (2009:29), folklor inggih menika kapitadosan, legenda, lan adhat-istiadhat satunggaling bangsa ingkang sampun wiwit dangu kawarisaken turun-tumurun sacara lesan utawi sinerat. Folklor menika saged awujud sekar, cariyos, paribasan, bedhekan (teka-teki), malah ugi dolanan bocah (kanak-kanak). Dene miturut pamanggihipun Moeis (1988:127-128), folklor menika saged awujud kapitadosan, adhat-istiadhat, lan upacara ingkang pinanggih ing bebrayan, lan ugi samubarang ingkang kadamel dening tiyang ingkang raket sanget gegayutan kaliyan pagesangan spiritual, upaminipun awisan supados boten nindakaken samukawis ingkang cengkah kaliyan norma pagesangan.

Adhedhasar andharan kasebat, mila saged kawastanan bilih sejatosipun folklor menika minangka perangan saking kabudayan, ananging beda kaliyan perangan kabudayan sanesipun. Miturut Danandjaja (1986:3) folklor nggadhahi tandha-tandha utawi titikan ingkang beda kaliyan kabudayan sanesipun, inggih menika:

1. Anggenipun marisaken limrahipun kanthi cara lesan (dipuncariyosaken)
    turun-tumurun saking generasi dhateng generasi candhakipun.
2. Sipatipun tradhisional, tegesipun dipuntangkaraken kanthi wewujudan
    ingkang relatif sami utawi wujudipun sampun baken (standar).
3. Cengkokipun (versinipun) kathah mawarni-warni jalaran anggenipun
    nangkaraken kanthi cara lesan, gethok tular (dari mulut ke mulut).
4. Sipatipun anonim, tegesipun sinten panganggit utawi pangriptanipun
    sampun boten dipunmangertosi malih.
5. Nggadhahi mupangat tumrap pagesangan ing bebrayan.  
6. Sipatipun pralogis, tegesipun nggadhahi logika piyambak ingkang
   kala-kala boten jumbuh kaliyan logika limrahipun.
7. Dados gadhahanipun tiyang kathah (kolektif).
8. Limrahipun polos-lugu mila kraos radi kasar (spontan).

Miturut Harold Brunvand, ahli folklor saking Amerika Serikat, folklor saged kaperang dados tigang perangan, inggih menika (1) folklor lesan (verbal folklore), (2) folklor saperangan (satengah) lesan (partly verbal folklore), lan (3) folklor sanes lesan (non-verbal folklore) (Brunvand, 1968:2-3; Danandjaja, 1986:21).

1. Folklor lesan inggih menika folklor ingkang wujudipun pancen murni
   lesan. Ingkang kalebet folklor lesan kadosta unen-unen utawi ungkapan
   tradhisional, cariyos rakyat (dongeng, mite, legenda).
2. Folklor saperangan (setengah) lesan inggih menika folklor ingkang
   wujudipun campuran antawisipun saperangan lesan lan sanes lesan.
   Ingkang kalebet folklor saperangan (setengah) lesan kadosta
   kapitadosaning rakyat, dolanan rakyat, tari rakyat, adhat-istiadhat,
   upacara pesta rakyat.
3. Folklor sanes lesan inggih menika folklor ingkang wujudipun sanesipun
   lesan. Ingkang kalebet folklor sanes lesan upaminipun awujud griya asli
   rakyat, lumbung pantun, kerajinan tangan rakyat, pakeyan rakyat, tetedhan
   lan inuman khas rakyat, obat-obatan tradhisional, lan isyarat tradhisional
   pratandha bebaya.

Folklor lesan, mliginipun ingkang kalebet cariyos gancaran rakyat, saged kaperang dados tigang golongan, inggih menika mite (myth), legenda (legend), lan dongeng (folktale) (Bascom, 1965:4). Andharanipun ringkes makaten.

1. Mite, limrahipun nyariyosaken dumadosipun alam sawegung, donya,
   wujudipun topografi, pratandha alam, lss. Mite ugi nyariyosaken
   petualanganipun para dewa, lelampahan perang, sesambetaning
   kulawarga (trah), lampahing katresnan, lss.
2. Legenda, awujud gancaran rakyat ingkang titikanipun meh sami
   (memper) kaliyan mite, inggih menika dipunanggep saestu nate dumados,
   nanging boten kaanggep suci. Legenda ugi nyariyosaken cariyos rakyat
   ngengingi paraga (tokoh), kedadosan (peristiwa), utawi papan panggenan
   tartamtu ingkang nggathukaken antawisipun kasunyatan sejarah (fakta

   historis) kaliyan mitos (Sudjiman, 1986:47).

3. Dongeng, awujud gancaran rakyat ingkang boten dipunanggep
   saestu-estu dumados sarta boten winates dening wekdal dalah papan.
   Dongeng mujudaken cariyos ngengingi titah khayali. Titah khayali
   ingkang dados paraga ing dongeng adhakanipun dipunketingalaken
   minangka paraga ingkang nggadhahi kawicaksanan utawi kekiyatan
   kangge ngatur prekawising manungsa kanthi maneka warna cara.

Folklor nggadhahi fungsi ingkang wigatos sanget tumraping bebrayan agung. Fungsinipun folklor saged kaperang dados sekawan, inggih menika: (1) minangka sistem proyeksi utawi sarana kangge nggambaraken angen-angening bebrayan agung (kolektif). (2) minangka alat-sarana kangge ngesahaken pranata lan bebadan kabudayan. (3) minangka sarana piwucalan (pendhidhikan) tumraping lare, kaneman, tiyang sepuh, sarta bebrayan limrahipun. (4) minangka sarana kangge meksa lan ngontrol supados norma-norma masarakat tansah dipunpatuhi dening anggota kelompokipun (Bascom, 1965:297-298).

Gegayutan kaliyan peran utawi fungsinipun folklor kasebat, ing ngandhap menika badhe kaandharaken pambudidayaning manungsa kangge ningkataken kawaspadaning lingkungan lumantar folklor Jawi.

E.     PAMBUDIDAYA INDHAKING KAWASPADANING

LINGKUNGAN LUMANTAR FOLKLOR JAWI

Ing perangan menika badhe kaandharaken aspek ekologis (aspek ingkang gegayutan kaliyan etika lingkungan pagesangan) ingkang kamot ing folklor ingkang kapanggihaken (adhedhasar asiling panaliten) ing wilayah SUBOSUKAWONOSRATEN lan Wilayah Kedu (Magelang, Kebumen, lan Purworejo). Andharan babagan etika lingkungan pagesangan menika ing antawisipun gegayutan kaliyan prekawis tangkep (sikap), wawasan, gagasan, lan gambaran (citra) utawi pamanggihipun masarakat tumrap kawaspadaning lingkungan pagesangan lumantar folklor.

1. Dumadosipun Kitha Sala (DKS)

Cariyos DKS menika gegayutan kaliyan prekawis “penghijauan”, inggih menika gegayutan kaliyan nenanem wit ringin ing punjering (jantunging) kitha. Tradhisi “penghijauan” kanthi nenanem wit ingkang ngrembuyung eyub edhum kadosdene wit ringin menika prelu sanget dipunwarisaken dhumateng generasi mudha. Kasunyatanipun, prekawis “penghijauan” sampun dados prekawis ingkang wigatos ing pagesangan kangge kawilujenganipun manungsa; lan prekawis menika sampun dipunpenggalihaken dening para leluhur kita lumantar folklor DKS.

Sala, minangka punjering kitha (kraton) kapendhet saking namanipun wit-witan ingkang anama wit sala (kados wit pinus). Papan menika sakawit dipunlenggahi dening Kyai Ageng Sala, priyantun ingkang tansah sinuyudan lan kinurmatan dening sadaya tiyang ing kampung menika wau. Sasampunipun Sala kanthi resmi kadadosaken punjering karaton, mila nalika upacara kepyakanipun kawiwitan nenanem wit ringin cacah sekawan ing alun-alun ler lan kidul. Nenanem wit-witan (wit ringin) menika mupangat sanget tumrap alam lingkungan, mliginipun ing jantunging kitha Sala. Wit ringin menika kajawi eyub edhum ngrembuyung, ugi minangka pralambang bilih Sang Raja (priyantun ingkang kagungan panguwaos) menika kedah saged dados song-song agung minangka pangayoming sadaya kawula (rakyat).

Gegayutanipun kaliyan aspek etika lingkungan pagesangan, cariyos DKS menika mratelakaken tangkeping (sikapipun) masarakat Sala ingkang nggatosaken sanget dhateng prekawis “penghijauan”. Pramila ngantos samangke masarakat Sala tansah mbudidaya amrih alam lingkungan ing Sala tansah ijo royo-royo.

2. Sri Mulih (SM)

Folklor SM nggadhahi fungsi minangka sarana pendhidhikan tumrap masarakat, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan babagan tetanen lan “pengelolaan pangan”. Kawaspadaning bebrayan Jawi tumrap alam lingkungan pagesangan tetanen katingal saking anggenipun nyawisaken tetedhan (pantun, uwos) minangka tetedhan utami wonten ing “genthong” (pedaringan) minangka cadhangan tetedhan kangge kulawarga, sarta “lumbung desa” minangka cadhangan tetedhan kangge masarakat.

Cariyos SM ugi gegayutan kaliyan pendhidhikan lingkungan alam sosial. Ing folklor SM dipuncariyosaken bilih tlatah Jawi ngalami “paceklik”, inggih menika wontenipun musibah bumi garing, tetaneman kathah ingkang sami risak lan pejah, kathah ama, lss. Sadaya kalawau dipunsebabaken dening oncatipun Bethari Sri (Dewining Tetedhan). Tundhanipun masarakat bebrayan dados boten ayem-tentrem, manahipun boten jenjem. Pramila supados tansah ayem-tentrem sarta jenjem manahipun, tiyang kedah mbudidaya lan tansah nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi supados manungsa minangka titahipun kalis saking sadaya bebendu, panelangsan, lan kasangsaran.     

3.     Dewi Menur Seta (DMS)

Foklor DMS menika nggadhahi fungsi minangka sarana pendhidhikan, utaminipun ingkang gegayutan kaliyan babagan pambudidaya amrih lestarining wana (pelestarian hutan). Folklor DMS menika ngemot etika lingkungan pagesangan gegayutan kaliyan aspek “penghijauan” kangge nglestarekaken wana. Pambudidaya amrih lestarining wana menika wigatos sanget, utaminipun kangge ngrimat tetaneman (wit-wit ageng) lan kangge ngawekani tuwuhipun bebaya bena.

4.     Telaga Winong (TW)

Folklor TW (ing Wonogiri) menika ngandhut aspek etika lingkungan pagesangan gegayutan kaliyan babagan kesejahteraan umat manungsa jalaran tlaga menika saged nyekapi kabetahan toya kangge kirang langkung 20 kalurahan. Tlaga menika dipunwarisaken kangge kesejahteraan gesangipun para putra wayah, pramila prelu dipunlestarekaken supados saged kangge kabetahan panggesangan, upaminipun misaya mina, tetanen, peternakan, lan ingkang langkung wigatos tlaga menika saged kangge nyekapi kabetahaning gesang sadinten-dinten. Kanthi makaten, budaya resik lan sehat tansah dipunkulinakaken ing masarakat. Kanthi mangertosi cariyos TW nuwuhaken greget kangge nglestarekaken toya kangge kesejahteraaning masarakat (umat manungsa) lan kangge keseimbanganing alam sawegung.          

5.  Wit Sekanem  (WS)

Folklor WS ngandhut piwucal ingkang gegayutan kaliyan pambudidaya lestarining pagesangan, inggih menika prelunipun “peremajaan” wit jatos ing sakiwa tengenipun Dhusun Sekanem kangge “penghijauan”. Kajawi menika, cariyos kalawau ugi suka pepemut dhumateng manungsa supados saged mupangataken peparingipun Gusti Allah Kang Maha Mirah (arupi lingkungan alam, kadosta tetaneman, sato kewan, toya, lss) prayoginipun tansah ngatos-atos lan boten kenging grusah-grusuh saksekecanipun piyambak tanpa nggatosaken alam sawegung saha lingkungan sakiwa tengenipun ingkang kacipta dening Gusti Allah.

6. Peken Tambak ing Dhusun Sribit    (PTDS)

Folklor PTDS (ing Sragen) nggadahi fungsi tumrap pambangunan tetanen (pertanian) lan dedagangan (perdagangan). Para among tani lan among dagang pikantuk kalodhangan kangge nyade asiling tetanen lan dedagangipun ing Peken Tambak kasebat.

Dene perananipun tumrap pambangunan lingkungan inggih menika asiling pajek lan titipan sepedha ingkang dipunkelola dening para kaneman saged dipunmupangataken kangge mbangun pager kangge wates antawisipun peken kaliyan sabin. Pager kalawau kangge ngawekani supados tetaneman ing sabin boten risak awit kepidak-pidak dening para ingkang sami dugi wonten ing peken kasebat.

7. Kyai Prana Alus (KPA)

Cariyos KPA (ing Boyolali) menika ngemu piwucal prekawis-prekawis ingkang gegayutan kaliyan wigatosipun ngopeni lan nglestarekaken wit-witan minangka saperangan saking alam lingkungan pagesangan. Saking cariyos menika ugi saged kapendhet hikmahipun sesambetan kaliyan prekawis tetanen, inggih menika kadospundi anggenipun ngupakara lan ngolah lahan tetanen kanthi sae. Kanthi mekaten, folklor KPA mratelakaken wontenipun etika lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan babagan tetanen.

Kajawi menika, cariyos kasebat ugi ngandhut piwucal babagan “penghijauan”. Program penghijauan kalawau kasengkuyung dening wontenipun proyek panggulawenthahing wana (pemeliharaan hutan buatan) ing masarakat lan kathahing bendungan (wadhuk kangge irigasi tetanen).

 8.  Kyai Langgeng (KL)

Gegayutanipun kaliyan babagan etika lingkungan pagesangan, folklor KL (ing Magelang) mratelakaken wigatosipun “penghijauan”, karesikan, lan kasarasaning lingkungan. Etika lingkungan pagesangan ingkang kinandhut ing folklor KL kalawau ngantos samenika taksih dipunleluri dening masarakatipun. Malah-malah budaya resik lan kasarasan lingkungan menika sampun tumanem lan dados pakulinan sae ing masarakat. Kajawi menika, babagan “penghijauan” ugi pikantuk kawigatosan mirunggan dening masarakat, kacihna kanthi dipungrengsengaken “tanem-taneman langka” ingkang winastan “Taman Kyai Langgeng”.

 9.  Guwa Jatijajar (GJ)

Folklor GJ (ing Kebumen) ngemutaken bilih lingkungan alam ingkang satimbang ing antawisipun tetaneman (wit-witan) lan wontenipun sato kewan badhe saged nglanggengaken lestarining lingkungan pagesangan. Pakulinan nanem wit-witan kangge ngenget-enget kedadosan ingkang sampun kapengker mujudaken pakulinan ingkang sae. Kanthi makaten wonten pangajeng-ajeng sageda nuwuhaken mupangat tumrap siti ingkang sakalangkung subur, nyegah erosi, risaking siti, sarta saged nglestarekaken sarupining wit-witan. Wit-witan menika dados “paru-paruning jagad” kangge kasarasanipun umat manungsa lan lingkungan. Wit-witan badhe milujengaken umat manungsa saking “polusi udara” ingkang mbebayani sanget. Nenanem wit jatos kalih uwit ing cariyos GJ kasebat minangka tuladha ingkang sae sanget.

10.  Mulabukanipun Dhusun lan Mesjid Seborokrapyak (MDMS)

Lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan sumbering toya katingal saking anggenipun ngrimat Sumur Amba ing Dhusun Seborokrapyak (Purworejo). Toya kalawau ageng sanget gina paedahipun tumraping bebrayan Dhusun Seborokrapyak lan sakiwa-tengenipun, langkung-langkung wonten ing musim ketiga ingkang panjang.

Kajawi menika, ugi taksih wonten kalih sumur ing dhusun Banyuurip, inggih menika Sumur Beji lan Sumur Tinatah minagka sumbering toya. Miturut pratelanipun narasumber ing dhusun kalawau, kalih sumur kasebat boten nate asat/garing sinaosa ing salebeting musim ketiga. Kanthi makaten, toya sumur kalawau saged dipunmupangataken kangge nyekapi kabetahaning gesang, kadosta toya kangge ngunjuk, olah-olah (masak), lss.

F.     PANUTUP

Adhedhasar andharan ingkang sampun kaaturaken ing nginggil, saged kapendhet dudutan makaten.

1. Folklor minangka peranganing kabudaayan kasunyatanipun ngemot
    ajining etika lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan babagan:
   (a) toya,
  (b) tetanen (kalebet tetedhan),
  (c) penghijauan (kalebet pambudidaya amrih lestarining wana),
  (d) kasarasan lan karesikaning lingkungan,
  (e) religi lan kapitadosaning masarakat.

  Prekawis-prekawis kalawau
  mujudaken perangan ingkang menjila ingkang kapanggihaken ing folklor,  
  mliginipun folklor ing wilayah eks-Karesidenan Surakarta lan Kedu.

2. Tangkep (sikap), wawasan, gagasan, lan gambaran (citra) masarakat
   bebrayan Jawi, mliginipun Jawi Tengah, tumraping etika lingkungan
   pagesangan ingkang dipuncariyosaken ing folklor menika positip sanget.
   Tegesipun, sinaosa kawontenan sosial lan budayanipun masarakat
   menika asipat dinamis, ananging taksih tetep sae tanggapanipun
   ngengingi aspek ekologis (aspek etika lingkungan pagesangan ingkang
   pinanggih ing folklor). Ewasemanten, minangka cathetan bilih
   kanggenipun saperangan generasi mudha sampun radi kirang mangertos
   sawetahipun dhateng aspek-aspek ekologis ing folklor. Prekawis menika
   prelu pikantuk kawigatosan mirunggan dening para sesepuh lan kita
   sadaya (bebrayan Jawi) supados tansah siyaga ningkataken
   kawaspadaning lingkungan alam sawegung.

3. Adhedhasar dudutan ing nginggil, panyerat atur pamrayogi
   (rekomendasi) bilih etika lingkungan ingkang kamot ing folklor menika
   mujudaken prekawis ingkang wigatos sanget lan prelu pikantuk
   kawigatosaning bebadan-bebadan ingkang ginayut, kadosta Kementerian
   Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia, pihak Jarahnitra ing
   Provinsi Jawi Tengah, Jawi Wetan, lan DIY, sarta pihak pengelola
   lingkungan hidup.

KAPUSTAKAN
♦ Abrams, MH. 1981. A Glossary of Literary Terms. Canada: United
   States of America.
♦ Bascom, R. William. 1965. “Four Function of Folklore” dalam The
   Study of Folklore. University of California at Berkly: Prentice-Hall.
♦ Bintarto. 1984. “Dasar-dasar Analisis Dampak Lingkungan” dalam
   Ekologi Manusia. Yogyakarta: Pusat Penelitian dan Studi Lingkungan
   Universitas Gadjah Mada.
♦ Brunvand, Jan Harold. 1968. The Study of American Folklore: an
   Introduction. New York: Norton & Co Inc.
♦ Danandjaja, James. 1970. Penuntun Cara Pengumpulan Folklor bagi
   Pengarsipan. Jakarta: Universitas Indonesia.
♦ Danandjaja, James. 1986. Folklor Indonesia: Ilmu Gosip, Dongeng, dan
   lain-lain. Jakarta: Grafitipers.
♦ Frans Magnis-Suseno, dkk. 1993. Etika Sosial. Jakarta: Gramedia.
♦ Haviland, William A. 2009. Antropologi (Jilid I). (Alih Bahasa R.G.
   Soekadijo). Jakarta: Erlangga.
♦ Kosalah Soebagyo Tour. 2011. Parikan Pantun Jawa Puisi Abadi.
   Jakarta: Feliz Books.
♦ Moeis, Diana. 1988. “Penelitian Folklor” dalam Mahmud K. Usman,
   dkk. (ed). Nuansa-nuansa Pelangi Budaya. Bandung: Universitas
   Padjadjaran.
♦ Radjiman. 2000. Konsep Petangan Jawa. Surakarta: Yayasan Pustaka
   Cakra.
♦ Rajagopalachari, C. 2010. Mahabharata dan Ramayana (Penerjemah
   Yudhi Murtanto). Yogyakarta: Penerbit IRCiSoD.
♦ Resosoedarmo, Soedjiran, dkk. 1985. Pengantar Ekologi. Jakarta:
   Fakultas Pascasarjana IKIP Jakarta Bekerjasama dengan Badan
   Koordinasi Keluarga Berencana Nasional.
♦ Sholeh Dasuki, Sumarlam, dan Paina. 1996. “Penelitian Peranan Folklor
   terhadap Etika Lingkungan Hidup (Studi Kasus di Jawa Tengah Bagian
   Selatan)”. Kerjasama antara Badan Perencanaan Pembangunan Daerah
   Tingkat I Jawa Tengah dengan Fakultas Sastra Universitas Sebelas Maret
   Surakarta.
♦ Soemarwoto, Otto. 1988. “Pengelolaan Manfaat dan Risiko
   Lingkungan”. Bandung: Lembaga Ekologi Universitas Padjadjaran.
♦ Sudi Yatmana. 2010. Geguritan Alam Sawegung (Puisi-puisi Alam
   Semesta). Yogyakarta: Elmatera Publishing.
♦ Sudjiman, Panuti. 2009. Kamus Istilah Sastra. Jakarta: Gramedia.

LAMPIRAN

1.   Dumadosipun Kutha Sala (DKS)

Kanjeng Sinuhun Paku Buwono II kepareng ngersakaken mindhahaken kraton. Kanjeng Sinuhun nuli ngutus para kadang pados panggenan ingkang cocok kangge adeging praja. Para kadang manggihaken tigang panggenan, inggih menika tlatah Kadipala, Sala, lan tlatah Sanasewu. Sinuwun lajeng ngutus salah satunggaling nujum asma R.Tumenggung Honggowongso supados semedi kanthi ancas panyuwunan manggihaken papan ingkang trep kagem adeging kraton. Sasampunipun sawetawis semedi sang ahli nujum enggal caos atur dhumateng sinuwun.

Saking tigang panggenan kalawau nggadhahi tandha piyambak-piyambak. Kadipala (kompleks Sriwedari) sitinipun sae nanging kirang pas menawi kagem punjering pamarentahan. Sala sajakipun ingkang paling trep senajan ugi wonten wewaleripun. Dene dhaerah Sanasewu nedahaken kirang strategis menawi kangge pamarentahan raja.

Sasampunipun katetepaken Sala dados ibu kota, masarakat dalah para sentana enggal-enggal sengkut gumregut nyambut damel kanthi raos suka lan eklas, satemah pedamelan saged purna. Upacara pindahipun pamarintahan enggal katindakaken kanthi kapurwakan nanem wit ringin cacah sekawan asal saking tlatah Kartosuro, alun-alun ler, lan kidul. Sala ingkang sakmenika katelah Surakarta Hadiningrat.

2.   Sri Mulih (SM)

Sri Mulih mujudaken cariyos saking Tanah Jawi. Sri kapitados minangka lambang tokoh kemakmuran, kesuburan, lan kesejahteraaning nagari. Wonten pewayangan, Sri menika dados dewaning rejeki. Kacariyosaken negari pundi kemawon ingkang karawuhan Dewi Sri mesthi dados subur, makmur, ayem, lan tentrem. Lakon Sri Mulih biasanipun kababar nalika wonten salah satunggaling dhusun ingkang nembe ngalami musibah paceklik, tetedhan awis. Kanthi nggelar lakon menika kaajab paceklik enggal purna.

Cariyos Sri Mulih nggambaraken nalika nagari Amarta, Astina, Wirata nembe kataman paceklik, tanem tuwuh sami gabug, toya jawah boten wonten, bumi sami nela-nela. Musim paceklik menika saged kedadosan awit Bathari Dewi Sri dipuncolong dening Prabu Sukonandi saking nagari Cempadiraja. Mesthi kemawon gandheng wonten Dewi Sri wonten nagari Cempala kalawau, nagari kasebat dados subur makmur. Boten namung cekap semanten, Prabu Sukonandi sanget kepranan kaliyan Dewi Sri. Dewi Sri badhe kagarwa. Dewi Sri kersa kagarwa menawi dipunmaru kaliyan Warasembadra garwanipun Raden Arjuna. Pikajenganipun Prabu Sukonandi ingkang nerak wewaler menika nuwuhaken peperangan ageng. Peperangan saged lerem sesarengan kaliyan miyosipun Ki Lurah Bodronoyo (Semar) ingkang pinitados dados paraga pendamai.

3.     Dewi Menur Seta (DMS)

Cariyos menika kawiwitan saking lairipun Dewi Menur Seta ingkang lajeng dipuntilar ibunipun amargi seda. Dewi nuli dipun openi ibu kuwalon ingkang degsiya, iri, lan srei. Ibu kuwalonipun Dewi boten purun ngawon ing babagan kasulistyaning rupi. Piyambakipun kepengin nyirnakaken Dewi Menur Seta kanthi cara lan rekadaya maneka warna. Ananging Dewi menur saged kalis ing bebaya awit pitulunganipun sang pangeran.

Wonten wucalan sae ingkang saged kapethik saking cariyos Dewi Menur Seta menika ingkang magepokan kaliyan lingkungan inggih menika Dewi menur Seta ngemutaken dhumateng para kurcaci kanca-kancanipun amrih boten negor wit-witan ing sadhengah papan awit saged jalari dumadosipun banjir bandhang.

4.     Tlaga Winong (TW)

Tlaga Winong manggen ing Dhusun Melikan, Kalurahan Gedong, Kecamatan Pracimantoro. Tlaga Winong sanes tlaga alam nanging tlaga damelan tiyang. Dening Eyang Surotiyo sakanca, taun 40-an Tlaga Winong kadamel. Tlaga Winong kadamel amargi tlatah Winong kekirangan toya. Tlaga menika boten asat ngantos samenika. Miturut kapitadosan tlaga menika sakawit kaisi saking tlaga cacah pitu ing sakiwa tengenipun wilayah Wonogiri.

5.     Wit Sekanem (WS)

Sekanem saking kalih tembung, inggih menika saka lan enem. Wit sekanem inggih menika wit jatos ingkang dipun agem saka wonten ing mesjid Demak. Miturut riwayat wit jatos sekanem menika tuwuh wonten ing Kalurahan Gedong, Pracimantoro, Wonogiri. Nalika badhe adeging mesjid Demak, Syeh Belabelu, Syeh Bongkang-bongkin, lan Sunan Kalijaga sesarengan pados kajeng ingkang sae, ingkang pantes kangge saka mesjid. Kanthi laku tirakat, wusananipun penjenenganipun tetiga saged manggihaken kajeng menika.

Syeh Belabelu lan Syeh Bongkang-bongkin manggihaken kajeng wonten Gedong, dene Sunan Kalijaga namung saged ngempalaken sempalan-sempalan kajeng kalawau. Kanthi kasektenipun, sempalan-sempalan kalawau cinipta dados saka. Kanthi cariyos menika ngantos samenika tirahan-tirahan kajeng ingkang taksih dipunkeramataken.

6.     Peken Tambak ing Dhusun Sribit (PTDS)

Rikala semanten wonten pangeran saking Sala asmanipun Pangeran Girinata (Eyang Giri) lan kulawarganipun nitih prahu mandhap ing Peken Tambak. Wonten papan ngriku kalawau salajengipun dening masarakat kawastanan “Peken Tambak”.

Ngantos samenika, Peken Tambak tansah rame. Saben malem Jumuah Wage menapa malih ngepasi 1 Suro (wolung tahun sepisan) peken kasebat rame sanget. Peken Tambak dipundadosaken papan panyuwunan kangge para warga masarakat supados wilujeng, daganganipun laris. Saratipun panyuwunan kakabulaken, tiyang menika kedah tumbas oleh-oleh saking peken kalawau ingkang ngepasi panyuwunanipun. Kanthi ramenipun tiyang ingkang sami rawuh ngasilaken pamedal (income) ing Dhaerah Demak samsaya ageng.

7. Kyai Prana Alus (KPA)

           Ing dhaeah Simo, pasipun ing Dhusun Walen (samenika kasebut Walen-Simo) wonten kyai sekti asmanipun Kyai Prana Alus (wonten ingkang nyebat Kyai Singa Prana Alus). Sanadyan Kyai wau sekti, ananging boten umuk. Kyai menika unggah-ungguhipun sae sanget, remen tetulung dhumateng tiyang sanes ingkang nandhang kasisahan.

Sawijining dinten, Kyai Prana Alus tindak-tindak sinambi mirsani taneman pantun ing sabinipun. Panjenenganipun mirsani petani ingkang bekta uwos. Petani kalawau katingal kaweratan anggenipun bekta uwos. Kyai badhe suka tetulung, ananging petani kalawau boten purun nampi pitulunganipun Kyai, jalaran boten rumaos kaweratan awit namung bekta uwos. Sasampunipun dumugi griya petani kalawau bikak barang ingkang dipunbekta, petani rumaos kaget amargi uwos ingkang dipunbekta kalawau malih dados pasir. Lajeng petani sowan dhateng Kyai Prana Alus lan nyuwun pangapunten.

Kesaenan lan kasaktian Kyai Prana Alus saya dangu saya misuwur ing dhaerah sanesipun. Kapinteranipun ing babagan olah tetanen dipunwucalaken dhumateng masarakat. Masarakatipun dados remen kaliyan Kyai Prana Alus, satemah kathah ingkang ngudi kawruh dhumateng Kyai Prana Alus. Lajeng Kyai Prana Alus seda dipunmakamaken ing Gunung Tugel (samenika kawastanan Dhusun Nglembu). Makam kalawau ngantos samenika dipunrimat kanthi sae, ngantos samenika makamipun kangge ziarah dening tiyang kathah.

8. Kyai Langgeng (KL)

Kyai Langgeng mujudaken cariyos sejarah tetilaranipun Pangeran Diponegoro ing Magelang. Pangeran Diponegoro kagungan dalem lan papan nalika panjenenganipun ketangkep. Gedung menika dipundadosaken museum. Pangeran Diponegoro nggadhahi prajurit lan senapati, ing antawisipun inggih menika Kyai Langgeng, Kyai Singobarong, Kyai Tunggul Wulung, Kyai Purbaya Kuning, Wirogongso, lsp. Taun 1825 Pangeran Diponegoro mentar saking Kasultanan Mataram. Panjenenganipun boten rila mirsani Walandi ingkang tumindakipun sewenang-wenang dhumateng rakyat Tegal Rejo, tumunten Pangeran Diponegoro tumuju dhateng Selarong kangge nggiyaraken peperangan mengsah Walandi ingkang kabiyantu dening rakyat Magelang ingkang dipunpandhegani “prajurit sandi”. Prajurit kalawau suka piwucal patuladhan sae kangge masarakat, utaminipun gegayutan kaliyan babagan patedhan, ubarampe, lan strategi perang gerilya, saha caranipun olah tetanen, lan mupangatipun wit-witan tumraping perang gerilya. Anggenipun perang mengsah Walandi kabiyantu dening “prajurit sandi”. Prajurit sandi kalawau kasebut Kyai Langgeng, amargi labuh-labetipun ingkang langgeng. Prajurit sandi seda dipunmakamaken ing Mudal dhaerah perjuangan.

9. Guwa Jatijajar (GJ)

Prabu Siliwangi menika Raja Padjajaran, kagungan putra nama Banyaktantra. Sang Raja ngersakaken putranipun nggantosaken kalenggahan ramanipun dados Raja Padjadjaran. Banyaktantra dereng kathah kawruhipun dados raja, ugi dereng gadhah permaisuri. Banyaktantra nyamar dados rakyat biasa kanthi rasukan ingkang prasaja kanthi nama Raden Kamandaka, dumugi ing Kadipaten Pasir Luhur (Jateng) pinanggih kaliyan Patih Wreksonata ingkang sampun sepuh lan boten kagungan putra, lajeng Raden Kamandaka dipundadosaken putranipun. Raden Kamandaka tepang kaliyan Dewi Ciptarasa lajeng tumindak kirang sae ngantos dipuntangkep, nanging Raden Kamandaka lolos lan mlajar dumugi guwa, lajeng semedi, pikathuk wangsit badhe saged kaleksanan jejodhoan kaliyan Dewi Ciptarasa menawi saged bekta rasukanipun Lutung. Raden Kamandaka nyamar dados Lutung lan gesang ing wana Batul Agung. Kulawarga Dewi Ciptarasa mbebedhag ing wana lajeng kasil nangkep Lutung lan dipunopeni kanthi sae, lan ing tembenipun badhe njilma malih dados Raden Banyaktantra (Raden Kamandaka).

Rayinipun Raden Kamandaka namanipun Silih Warni dipunutus ramanipun madosi kangmasipun, lajeng tepang kaliyan Raden Kamandaka lajeng perang. Wusananipun kakang adhi menika sami tepang lan anggenipun nyamar Banyaktantra kamanungsan. Kedadosanipun ing ngajeng guwa. Minangka pepenget kekalihipun lajeng nanem wit jatos cacah kalih ing sakiwa-tengenipun guwa. Guwa kalawau winastan Guwa Jati Jajar, mapanipun ing wilayah Kecamatan Ayah, Kabupaten Kebumen, Jawi Tengah.

10. Mulabukanipun Dhusun Lan Mesjid Seborokrapyak (MDMS)

Wonten kyai asmanipun Kyai Gusti (nama aslinipun Pangeran Diporejo). Kyai Gusti asal saking Majapait lajeng pindhah lan magrok ing Dhukuh Seborokrapyak. Nalika pindhah Kyai dipundhereki Mbah Surawijaya, Mbah Surapiyoga, lan Mbah Suradiwirya. Kyai lan pandherekipun mbangun Masjid Seboro krapyak, nanging masarakat nganggep mesjid menika mesjid “tiban” amargi masarakat boten mangertos sinten lan kala menapa dipunbangun. Rumiyinipun, mesjid kalawau atapun sirap, amargi risak dipungantos alang-alang. Saben wulan Sapar dening masarakat atap kalawau dipungantos kanthi gotong-royong satemah saged nuwuhaken raos guyub rukun antawisipun ulama lan masarakat.

Kinten-kinten 200 meter saking wetan masjid wonten sumur ingkang namanipun “Sumur Amba”. Taun 1947 mesjid ingkang atapipun alang-alang dipungantos gendheng. Prabeyanipun saking pambudidayanipun para ulama, pemimpin, masarakat, lan departemen agama. Masjid kalawau lajeng kasebat “Masjid Baitul Karomah” ingkang dipunresmekaken Bupati Kepala Dhaerah Purworejo.

BIODATA PEMAKALAH

Nama                      : Prof. Dr. H. Sumarlam, M.S.
TTL                         : Klaten, 9 Maret 1962
Alamat                     : Jln. Sibela Barat No. 4 Mojosongo, Surakarta 57127
Instansi                   : Jurusan Sastra Daerah, Fakultas Sastra dan Seni Rupa                                  Universitas Sebelas Maret Surakarta
                                  Jln. Ir. Sutami 36 A Surakarta, 57126          

Telepon/HP             : (***************)
Alamat email           : (***************)
Pendidikan       : S1 : Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa UNS (1985)

                           S2 : Linguistik, UNPAD Bandung (1992)
                           S3 : Linguistik, UNPAD Bandung  (2001)
Pekerjaan                 : 1. Dosen S1, S2, S3 UNS
                                   2. Dosen S2 Pendidikan Bahasa UNWIDHA Klaten
                                   3. Dosen FKIP UMS
Jabatan                    : -   Koordinator Minat Utama Pendidikan Bahasa dan
                                       Sastra Jawa, Program Pascasarjana UNS

                                  -   Guru Besar FSSR UNS: 1 Januari 2011.
Organisasi Profesi  : 1. Ketua Masyarakat Linguistik Indonesia
                                      Cabang UNS

                                  2. Anggota Masyarakat Linguistik Indonesia
                                      Pusat Jakarta

Karya   Ilmiah         : Buku: 16 Judul (di antaranya 6 buku ajar
                                 BJ SD/MI dan

                              3 buku ajar BJ SMP/MTs., serta Teori dan

                                 Praktik Analisis Wacana).
                                 Makalah dalam Seminar Nasional               
                                 Artikel di Jurnal Ilmiah Terakreditasi
Penghargaan            : 1. Dosen Berprestasi UNS (Rektor UNS, 2006)

                                  2. Indonesia Sampoerna Best Lecturer
                                      (PT HM.
Sampoerna, 2007)

                                  3. Satyalancana Karya Satya 20 Th.

                                      (Presiden RI, 2007)                                                  BIODATA PEMAKALAH Nama                          : Prof. Dr. H. Sumarlam, M.S. TTL                              : Klaten, 9 Maret 1962 Alamat                         : Jln. Sibela Barat No. 4 Mojosongo, Surakarta 57127 Instansi                        : Jurusan Sastra Daerah, Fakultas Sastra dan Seni Rupa                                         Universitas Sebelas Maret Surakarta                                     Jln. Ir. Sutami 36 A Surakarta, 57126           Telepon/HP                 : 0271-853636 / 085867072900 Alamat email               : This email address is being protected from spambots. You need JavaScript enabled to view it. Pendidikan                  : S1      : Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa UNS        (1985)                                     S2      : Linguistik, UNPAD Bandung                       (1992)                                     S3      : Linguistik, UNPAD Bandung                       (2001) Pekerjaan                    : 1. Dosen S1, S2, S3 UNS                                     2. Dosen S2 Pendidikan Bahasa UNWIDHA Klaten                                     3. Dosen FKIP UMS Jabatan                       : -   Koordinator Minat Utama Pendidikan Bahasa dan                                                    Sastra Jawa, Program Pascasarjana UNS -        Guru Besar FSSR UNS: 1 Januari 2011.   Organisasi Profesi       : 1. Ketua Masyarakat Linguistik Indonesia Cabang UNS                                     2. Anggota Masyarakat Linguistik Indonesia Pusat Jakarta Karya   Ilmiah             : Buku: 16 Judul (di antaranya 6 buku ajar BJ SD/MI dan 3 buku                                 ajar BJ SMP/MTs., serta Teori dan Praktik Analisis Wacana).                                     Makalah dalam Seminar Nasional                                                    Artikel di Jurnal Ilmiah Terakreditasi Penghargaan              : 1. Dosen Berprestasi UNS (Rektor UNS, 2006)                          2. Indonesia Sampoerna Best Lecturer (PT HM.                                          Sampoerna, 2007)                                     3. Satyalancana Karya Satya 20 Th. (Presiden RI, 2007)


ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 07 Kesenian Jawa Sebagai Media Pemertahanan Bahasa Dan Sastera Jawa
  • 09 Tingkat Tutur Bahasa Jawa Wujud Kesantunan Manusia Jawa >