Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1873891
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :38
Minggu ini   :Minggu ini :327
Bulan ini   :Bulan ini :1669
s/d hari ini   :s/d hari ini :1873891
Jumlah Kunjungan Tertinggi
10-28-2025 : 611
Pengunjung Online : 18

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Pengombyong - (#24)

 

Piwucal Saha Tata Krami Jawi
Ing Sauntawis Kaset Dhagelan Mataram

dening
Dhanu Priyo Prabowo
Balai Bahasa Yogyakarta


abstrak

W.J.S. Poerwadarminta (1964) ngandharaken bilih dhagelan punika perangan ingkang mboten saged kapisahaken kaliyan sastra Jawi saha kebatosan. Liripun, lelucon ing dhagelan mengku teges/makna wigatos tumrap gesang jalaran dhagelan mboten namung damel tetiyang sami gumujeng kemawon nanging ugi tetiyang lajeng saged ngraos-raosaken werdining cariyosipun. Miturut Marwoto (2000), Dhagelan Mataram anggadhi konvensi ingkang mligi, inggih punika (1) tansah nengenaken unggah-ungguh basa Jawi, (2) mboten meksa lelucon lumantar pisuhan lan tembung-tembung lekoh, (3) lelandhesan tatakrami lan paugeraning sopan-santun (upamanipun batur mboten kenging nranyak kaliyan bendaranipun), saha (4) adhedhasar aluraning/plot cariyos. Kathah kaset/rekaman audio Dhegelan Mataram ingkang sapunika sumebar ing satengahing masarakat lan pantes dipunbeberaken.

       Adhedhasar saking punika, mboten anggumunaken yen Dhagelan Mataram ing madyaning bebrayan agung Jawi (masarakat) dumugi sapunika taksih dipunremeni awit ngemot prakawis ingkang ngemu piwucal kasaenan kangge gesang padintenan sinelangan kaliyan gegujengan. Piwucal-piwucal Dhagelan Mataram saged dados tepa-palupi ingkang ngarahaken tetiyang saged gesang bebrayatan kanti laras kebak katentreman. Awit saking punika, makalah punika badhe njlentrehaken prakawis kasaenan ingkang ngewrat piwulang lan tatakrami ingkang saged nuwuhaken budi pekertinipun bangsa. Dhagelan Mataram estunipun salah satunggiling sumber kearifan/kawicaksanan lokal ingkang binabar lumantar cariyos abasa Jawi sarta prayogi dipunonceki.

Tembung kunci: piwucal, tatakrami, budipekerti, kawicaksanan, bebrayan-agung.

1. Purwaka

Ing jagading kagunan tonton saha kabudayan Jawi, kagunan dhagelan/banyolan/lawak sampun dangu wontenipun. Sauntawis prasasti sastra Jawi Kina sampun mratelakaken bab punika. Miturut Timbul Haryono (2006)[1], totonan dhagelan sampun wonten ing abad IV. Ing ingriku dipunandharakan bilih seniman dhagelan sajajar (drajatipun) kaliyan seniman-seniman sanesipun. Para seniman dhagelan suwau sami dipunulemi ing upacara sima minangka seksi. Miturur Prasasti Wukajana, banyolan dipunkepyakan sesarengan kaliyan kagunan sanes ing adicara kesenian. Ing prasasti Kuti wonten istilah abânol salahan. Tembung-tembung sami dipunangge gegojegan kanthi kadamel “klentu” utawi dipunblenderaken murih saged damel gumujengipun ingkang sami mirengaken lan mirsani. Jaman samangke, abânol salahan kasebat “plesedan”. Kala-kala para tukang banyol ugi asring nglesanaken tembung-tembung ingkang semunipun radi lekoh, kados ingkang sinerat ing Sumansântaka (CXIII:6): pirus-amirus men-men denyamet pacê acêmêh/rabi nika bisa pantês denyabhawa kamangêyêh/laki nika mulat angadrêng kahyunhyun mangungas-ungas/kadi wêdus anut anjyan yan tênga têka muringis// (Sami pirus-amirus (mbanyol) saha men-men (topengan) piyambakipun ngupados supados tiyang saged gumujeng lekoh/tiyang estri kasebat baud sanget anggenipun mitontonaken kaprigelanipun ngumbalaken asmara/tiyang jaler sami kebranang raosipun lajeng sami menggeh-menggeh/kados menda ingkang punkawinaken (ajrih) dumugi kanthi tutuk mringis).

Engga sapriki seni banyolan taksih gesang ing tanah Jawi (Indonesia). Mratahaipun dipunwastani dhagelan utawi lawak. Salah setunggilipun dhagelan punika kawastanan Dagelan Mataram (DM). Miturut tukang ndhagel Marwoto Kawer (Boedhiarto, 2000)[2] bilih DM wonten paugeran ingkang mboten sinerat lan kedah dipunugemi, kadosta sepisan: nengengaken unggah-ungguh basa Jawi; kaping kalihipun: nebihaken tembung-tembung lekoh kangge mburu supados damel guyu; kaping tiganipun: tinalesan tatakrami suba-sita, upamanipun batur mboten kenging nranyak dhumateng bendaranipun; tuwin kaping sekawanipun: adhedhasar aluring cariyos. Inggih awit saking sauntawis paugeran kados makaten wau, DM mboten namung sawenehing kepyakan/tontonan ingkang ancasipun kepengin damel gumejenging tiyang sanes, ananging ugi sawenehing kagunan ingkang ngandhut piwucal luhur tuwin tatakrami menggahing gesaning manungsa. Sang nimpuna basa Jawi W.J.S. Poerwadarminta (1964)[3] ngendikaken bilih dhagelan punika perangan ingkang mboten saged kapisahaken kaliyan sastra Jawi saha kebatosan. Liripun, dhagelan punika tontonan ingkang kebak patuladhan sae ingkang saged dados salah satunggaling margi tiyang mawasdhiri sabibaripun ningali dhagelan, awit ing ngriku wonten cariyosipun ingkang dipunpendhet saking lelampahan-lempahan nyata paditenan ing madyaning bebrayan agung.

            Salah satunggilun juru dhagel kondhang lan tansah dipunpirengaken dhagelanipun inggih punika Basiyo. Pak Basiyo punika mestronipun DM lan kathah ingkang sampun ngakeni kawasisan lan kawegiganipun. Kasusranipun Basiyo minangka maestro DM lajeng ndayani kathah seniman dhagelan niru lan ngrembakaken DM. Salah satunggilipun juru dhagel Ngabdul. Piyambakipun nerasaken karyanipun Basiyo ingkang awujud Pangkur Jenggleng lumantar acara “Pangkur Jenggleng Ayom-Ayem” ing TVRI Yogyakarta engga sapriki. Saking dhagelan-dhagelanipun Basiyo, kathah tiyang ingkang sami kaperbawan lan necep piwucaling gesang. Wondene ingkang badhe kababar ing mriki lampahan Basiyo Pak Dengkek.

2. Kaset-Kaset Rekaman DM

Sampun kaandharaken bilih DM engga sapriki taksih gesang lan kathah ingkang sami tetep mbetahaken DM utawi dhagelan-dhagelan sanesipun. Buktinipun, sauntawis radhio taksih sami nggiyaraken rekaman-rekaman DM ingkang awujud kaset. Salah satunggalipun juru dhagel ingkang kawentar lan lajeng dados “legendha” inggih punika Basiyo. Piyambakipun nywarga nalika 31 Agustus 1979. Salebeting gesangipun, Pak Basiyo sampun rekaman DM ngantos sauntawis kathah. Miturut cathetan ingkang saged kula aturaken (adhedhasar survei kula ing toko kaset ageng ing Ngayogyakarta), cacahipun kaset rekaman wau wonten 42 irah-irahanipun, inggih punika

1. Nanggap Kroncong, Fajar Record, Semarang;

2. Maling Kontrang-Kantringan, Fajar Record, Semarang;

3. Sam Pek Eng Tay, Fajar Record, Semarang;

4. Basiyo Pak Dengkek, Fajar Record, Semarang;

5. Basiyo Gandrung, Fajar Record, Semarang;

6. Basiyo Judheg, Fajar Record, Semarang;

7. Basiyo Kapusan, Fajar Record, Semarang;

8. Dhadhung Kepuntir, Fajar Record, Semarang;

9. Basiyo Parmi, Kencana Record, Semarang;

10. Pangkur Jenggleng, Lokananta Record, Surakarta;

11. Album Kenangan Basiyo Pangkur Jenggleng, Fajar Record, Semarang;

12. Udan Palaran Jenggleng, Fajar Record, Semarang;

13. Palaran Jenggleng: Basiyo-Marsidah, Fajar Record, Semarang;

14. Basiyo-Nartosabdo: Besanan (Kibir-Kejungkir), Fajar Record, Semarang;

15. Basiyo Mblantik, Fajar Record, Semarang;

16. Basiyo Dhagelan I, Lokananta Record, Surakarta;

17. Basiyo Dhagelan II, Lokananta Record, Surakarta;

18. Gadhon Guyon, Lokananta Record, Surakarta;

19. Basiyo-Suparmi, Lokananta Record, Surakarta;

20. Semar Mesem, Kusuma Record, Semarang;

21. Putus Lotre, Kusuma Record, Semarang;

22. Nyokot Mbrakot, Kencana Record, Semarang;

23. Pari Bengkong, Kusuma Record, Semarang;

24. Tuwa-Tuwas, Kusuma Record, Semarang;

25. Wajik Klethik, Kusuma Record, Semarang;

26. Keris Dadi Brahala, Kusuma Record, Semarang;

27. Impen Dorodasih, Kusuma Record, Semarang;

28. Nglirwakake Dhawuh, Kusuma Record, Semarang;

29. Mbarang Wirang, Kencana Record, Semarang;

30. Gara-Gara Berlian, Kencana Record, Semarang;

31. Basiyo Mbecak, Fajar record, Semarang;

32. Uyon-Uyon Guyon, Lokananta Record, Surakarta;

33. Midang, Fajar Record, Semarang;

34. Basiyo Ngedan, Fahar Record, Semarang;

35. Tapa Mbisu, Fajar Record, Semarang;

36. Gladhen, Fajar Record, Semarang;

37. Gandrung Kepenthung, Fajar record, Semarang;

38. Jaka Bodho, Fajar Record, Semarang;

39. Basiyo Degan Wasiat, Fajar Record, Semarang;

40. Kodhok Munggah Kebo, Fajar Record, Semarang;

41. Si Kojek Dilarikan Babu, Fajar Record, Semarang; tuwin

42. Lera-Kleru, Lokananta Record, Surakarta.


Kejawi punika, Basiyo ugi kawentar tokoh dhagelan ingkang ngondhangaken Pangkur Jenggleng duk ing taun 1970-an. Kabekta saking kondhangipun, antawisipun Basiyo lan Pangkur Jenggleng lajeng blengket utawi mboten saged kapisahaken. Sasedanipun Pak Basiyo, karya-karyanipun ingkang awujud kaset taksih kathah ingkang mirengaken lumantar radio utawi kanthi nyetel/tumbas piyambak ing toko-toko kaset. Saking sampun rumasukipun DM ingkang dipunparagani dening Basiyo, kaset-kasetipun wonten sauntawis ingkang dipunbajak. Kula nate mrangguli piyambak ing bakul kaset pinggir margi pasar Purworejo (Jateng), wonten sauntawis judhul kaset bajakan Basiyo kasade gangsal ewunan rupiah. Jenengipun bajakan, mesthinipun kwalitasipun ugi mboten ngremenaken (karekam mawi kaset-kaset ingkang nate dipunangge). Swantenipun asring tumpang tindhih. Ananging, lelampahan makaten nedahaken bilih DM Pak Basiyo taksih dipunpadosi, dipunrungokaken, lan disuraos pathisarinipun cariyosipun.

3. Pathisarining Cariyos

Pak Jaya Panggung saha Mbakyu Jaya Panggung gesangipun kalebet cekap ing kampungipun. Ewa semanten, kekalihipun kirang saged srawung kaliyan tanggi kiwa-tengenipun. Pak Jaya anggadhahi warisan bandha saking tiyang sepuhipun. Piyambakipun mboten nyambut damel. Dene Mbakyu Jaya Panggung (rabinipun Jaya Panggung) padamelanipun sedinten-dintenipun sadeyan wonten ing peken sarta asring kilakan ing pinten-pinten kitha. Sanajan sacara kadonyan kekalihipun mboten kekirangan, Pak Jaya Panggung lan Mbakyu Jaya Panggung asring paben. Satunggal lan satunggalipun nggega pemanggihipun piyambak. Ing satunggaling dinten, kekalihipun paben ngantos ngganggu para tanggi-tepalihipun. Salah satunggilipun tanggi ingkang keganggu aran Pak Dengkek (Basiyo), ingkang padamelanipun minangka sopir. Brebeg mireng pabenipun Pak Jaya Panggung tuwin Mbakyu Jaya Panggung, Pak Dengkek lajeng suka pemut kaliyan kekalihipun supados mandheg pabenipun.

            Tibakipun, Pak Jaya Panggung menapadene sisihanipun mboten karenan diemutaken dening Pak Dengkek. Sanajan mboten remen dipunemutaken dening Pak Dengkek, dumadakan Pak saha Mbakyu Jaya Panggung ingkang saweg pabenan wau lajeng “akur”. Kekalihipun “sarujuk” mandheg langkung rumiyin anggenin pasulayan lan badhe nglajengaken malih menawi Pak Dengkek sampun kesah saking griyanipun. Pak Dengkek pungkasanipun kesah, sasampunipun dipunkamplengi dening Pak Jaya Panggung. Rumaos menawi anggenipun suka pemut mboten dipungape saha rumaos dipunsepelekaken/ dipunina, Pak Dengkek lajeng wangsul kanthi ndhawahaken ipat-ipat.

            Sapengkeripun saking griyanipun Pak Jaya Panggung, Pak Dengkek lajeng tumuju dhateng griyaniun Pak Harjo Gepeng. Pak Harjo Gepeng punika dhudha kapandukan anak wadon setunggal. Sanajan dhudha, nanging piyambakipun punika sugih kadonyanipun. Nalika dumugi ing griyanipun dhudha sugih wau, Pak Dengkek manggihi bilih Pak Harjo Gepeng saweg judheg lan bingung jalaran anakipun estri ontang-anting nami Jariyah ujug-ujug “bisu”. Ngawuningani prakawis makaten wau, Pak Dengkek lajeng mrayogekaken supados Pak Hardjo Gepeng nyuwun tulung Pak Jaya Panggung. Pak Dengkek nyariosaken bilih Pak Jaya Panggung lan semahipun inggih Mbakyu Jaya Panggung madeg dhukun. Jaler-estri suwau salebetipun madeg dhukun mboten nyuwun sembulih arta, amargi kekalihipun namung nyuwun kampleng kemawon minangka opahipun.

            Daya-daya kepengin anakipun supados saged wangsul kados wingi-uni, Pak Harjo Gepeng lajeng ndhatengaken Pak Jaya Panggung lan Mbakyu Jaya Panggung ing griyanipun. Sedaya prakawisipun lajeng dipunandharaken dhumateng “dhukun kalih” punika. Mboten mangertos menapa ingkang kedah dipuntindakaken, Pak Jaya Panggung tuwin semahipun njawab bilih mboten saged ngusadani Jariyah. Pak Jaya Panggung blaka-suta menawi sanes dhukun. Mireng jawaban makaten, Pak Harjo Gepeng lajeng ngampleng Pak Jaya Panggung ngantos makaping-kaping. Jalaran nemahi lelampahan makaten, kepaksanipun Pak Jaya Panggung lajeng kepeksa purun ngaken lan purun nyarasaken Jariyah.

Ngupados margi kados pundi caranipun nambani Jariyah, pungkasanipun Pak Jaya Panggung gadhah margi, inggih punika damel cangkriman supados kabatang. Cangkriman mboten saged kabatang. Nanging, cangkriman malah saged kabatang dening Jariyah ingkang “bisu”. Pak Jaya Panggung dalah semahipun sarta Pak Harjo Gepeng bingah sanget manahipun ngawuningani kawontenan punika, awit punika nedahaken yen Jariyah sampun mantun saking sakit “bisunipun”. Sasampunipun “mantun” saking sesakit bisunipun, Jariyah lajeng nerangaken bilih estunipun piyambakipun mboten sakit bisu, nanging saweg nglampahi tapa mbisu.

Pak Jaya Panggung lan Mbakyu Jaya Panggung lajeng nedha pitaken dhumateng Pak Harjo Gepeng menggah sinten ingkang mbiwarakaken menawi piyambakipun punika dhukun. Dening Pak Harjo Gepeng kajawab bilih mboten sanes Pak Dengkek ingkang ngabaraken prakawis punika. Piyambakipun ugi suka pitedah caranipun caos sembulih (dipunkamplengi). Mireng andharan saking Pak Harjo Gepeng makaten, Pak Jaya Panggung dalah semahipun lajeng nyandhak lan kemutan kaliyan lelampahipun piyambak nalika ngampleng Pak Dengkek. Pak Jaya Panggung saha semahipun emut bilih estunipun Pak Dengkek suka piwales kanthi cara “nabok nyilih tangan”.

4. Panyuraos: Piwucal Saha Tatakrami Jawi

            Saking alur cariyosipun lempahan DM Basiyo Pak Dengkek ginelar piwucal ingkang ngemu prakawis tatakrami tumraping bebrayan agung Jawi. Piwucal saha tatakrami suwau mboten medal kanthi basa ingkang nglegena, sedaya kabeber kanthi cara ingkang mili. Sanajan cariyos ingkang dipunangkat punika kedadosan ingkang prasaja utawi mboten dakik-dakik, ananging wosipun kraos sanget. Ing ngriku wonten piwucal tatakrami Jawi ingkang mbujung dhumateng lestantunipun budi pekerti utami.

Mbakyu Jaya Panggung
Pak Jaya Panggung
Mbakyu Jaya Panggung

Pak Jaya Panggung

Mbakyu Jaya Panggung
Pak Jaya Panggung 

Mbakyu Jaya Panggung



Pak Jaya Panggung
Mbakyu Jaya Panggung 

Dirungokke tanggane rakya ngisin-isini, ta?
Isin? Ming aku karo kowe kok isin piye?
Mbok yen kowe seneng ngepek mbokku, mbok kana diteruske!
Diteruske piye? Wong wis mati diteruske! Kowe ki kok ya aneh.
Nek wis mati ya ngepek kijing
Ngepek kijing. Gunemanmu ki saya nyonyo lho karo aku.
Rumangsaku ki kok le ana-ana bae. Kowe ki jane pirang-pirang dina takenteni lehmu nduweni ulat padhang kok ra tahu lho. Kaya ming arep golek jalaran bae.
Wis jengkel kok!
Jengkel ki njuk aku ngapa, ta? Lha kok jengkeli. Wong aku nyambut gawe nyukupi kebutuhaning omah. Kok yuk kowe dadi jengkel karo aku ki nek mung ora arep golek jalaran, rak ya ora ta!

…..

Pak Dengkek

Pak Jaya Panggung
Pak Dengkek
Pak Jaya Panggung
Pak Dengkek 
Pak Jaya Panggung
Pak Dengkek  



Pak Jaya Panggung
Pak Dengkek

Mbakya Jaya Panggung

Pak Jaya Panggung
Mbakyu Jaya Panggung
Yu! Sareh, Yu! Nggung eling salah siji! Eling. Semaput apa ora kowe ki? Eling Nggung!
Aku ya kelingan.
Eling, Nggung.
Ha ning wong padu kok piye?
Padu ya kena. Ning iki mapan nang endi?
Lha nang kampung.
Tangga-tangga ki wis mikirke nyang kowe kabeh. Kowe nang kampung saratmu kurang. Rondha ra tau. Usul kowe tau rak tak tampa. Rondha kok awan. Apa patut?
Nek bengi aku wedi kok!
Aja kaya ngono kuwi. Wong urip kok padu saben byar! Sedina ndhedhet.
Eh, Pakne. Kuwi rumangsaku wong soroh amuk pa ya?
Wong soroh amuk. Wong nekat!
Lho karo meneh wong aku karo kowe ki rak bojone ta? Padu-padune dhewe kok njur dielike. Kuwi rumangsane piye ta kuwi?



Cuplikan antawacana pabenipun Pak kaliyan Mbakyu Jaya Panggung nalika dipunemutaken dening Pak Dengkek ing nginggil ngandhut piwucal magepokan kaliyan raos Jawi, inggih punika angon raos, empan papan, saha tepa salira. Ing madyaning bebrayan Jawi, angon raos dados prakawis wigatos amargi lumantar angon raos punika dipunajab tetiyang saged sami ngajeni kaliyan sesami sanesipun kanthi sasmita (mboten prelu kaatag). Menawi Pak lan Mbakyu Jaya Panggung saged empan papan bilih gesangipun sesarengan kaliyan tiyang sanes ing satengahing kampung, piyambakipun mboten prelu dipunemutaken dening Pak Dengkek bilih pabenipun ngganggu tiyang sanes. Tegesipun, raosipun minangka tiyang Jawi mboten tuwuh (utawi sengaja dipunpejahi). Serat Madurasa nerangaken bilih raos tuwuh saking ngraosaken saha nggatosaken. Saged ngraosaken tuwin nggatosaken jalaran mboten kalimputan dening ewah-ewahan (N.N. 1985)[4].

Ngeyelipun Pak lan Mbakyu Jaya Panggung nedahaken bilih piyambakipun mboten purun angon raos, namung nggega pikajenganipun pribadi. Amargi mboten angon raos, piyambakipun mboten saged empan papan. Kekalihipun mboten saged nglarasaken kaliyan paugeran tatakrami Jawi. Mangka, bebrayan agung Jawi mucal bilih tatakrami ingkang luhur menawi suka ngaosi tiyang sanes minangka sesamining gesang. Suwalikipun, Pak lan Mbakyu Jaya Panggung namung mbujung betahipun piyambak, mboten maelu kanan-keringipun. Mboten purun tepa salira dhumateng ngasanes. Tundhonipun nuwuhaken dredah kaliyan tiyang sanes.

Dredah estunipun dados sawenehing awisan tumraping tiyang Jawi. Dredah nuwuhaken pecah, mangka Jawi ngajab guyub, rukun[5]. Rukun punika paugeran utami ingkang wigatos menggahing tiyang Jawi. Awit njunjung dhumateng karukunan, tiyang Jawi nebihi dredah (pasulayan blak-blakan). Pasulayan tinarbuka punika saru tuwin ngisin-isini menggahing tiyang Jawi. Pramila, tiyang Jawi (menawi dhumawah ing pasulayan) lajeng kanthi sesidheman. Kathah lajeng ingkang migunakaken cara-cara awon (ngelmu karang, tenung). Rukun kabangun kanthi nggatosaken tiyang sanes. Imam Supardi (1959:26)[6] ngendikaken, “Gatekna (keperluane) liyan, sanadyanta bab kang remeh lan sapele tumrap kita lan tumrap panganggepe umum”. Rukun mboten namung ing satengahing kluwarga, nanging ugi wonten madyaning bebrayan agung. Sementen ugi Pak Jaya lan Mbakyu Jaya Panggung mboten namung rukun sarimbitan kemawon menawi purun dipuswatani dados tiyang umum, kekalihipun ugi kedah purun rukun kaliyan tangganipun asma Pak Dengkek.

Amargi sedyanipun ingkang sae malah dipunwales piawon (dipunkampleng) dening Pak Jaya Panggung, Pak Dengkek mboten saged nampi kawontenan menika. Piyambakipun ngulir mbudi-daya kados pundi caraning supados saged suka pemut dhumateng tiyang kalih tangganipun punika. Pak Dengkek lajeng migunakaken Pak Harjo Gepeng ingkang keleresan mbetahaken dhukun. Lantaran Pak Harjo Gepeng, pungkasanipun Pak Dengkek saged ngemutaken Pak saha Mbakyu Jaya Panggung sasampunipun dipunkampleng dening Pak Harjo Gepeng. Caranipun Pak Dengkek dipunwastani nabok nyilih tangan”. Cara makaten mila saged kawastanan cara ingkang alus, mboten langsung, alus anggenipun mahyakaken.

Alus dados underaning tatacara Jawi ingkang utami. Alus punika mboten winates ing kawadhagan kemawon, nanging ugi ingkang baken wonten ing batos lan lampah (ngelmu iku kelakone kanthi laku). Sanajan Pak Dengkek pakaryanipun sopir (caket kaliyan prakawis kasar), nanging tatakraminipun jangkep nedahaken alusing budi tuwin pekertinipun. Pak saha Mbakyu Jaya Panggung sanajan tiyang kajen, nanging watakipun kasar. Punika nedahaken bilih alus saha kasar punika bakenipun wonten ing tumindak tuwin tata basanipun. Tiyang salah purun ngakeni salahipun nedahaken lilih panggalihan wangkot, tuwin saya tebih sakin alusing manah. Imam Supardi ngendika ing buku Ajur-Ajer, “Ngakoni kaluputan kanthi tulus iklas iku ora ngasorake drajat kita balik malah njunjung anjining dhiri. Wong kang srawungan karo kita bareng ngerti marang kejujuran kita ing bab kaluputan kitha dhewe, banjur tuwuh rasa-pangrasa pangaji-ajine marang kita”. Rukun ing madyaning alam Jawi dados sarana dumugi ing kawonaten larasing masarakat (harmoni sosial). Lumantar tukun, srawung dados tentrem. Rukun dados larasing kajiwan ingkang nebihaken dredah.

Gegandhengan kaliyan punika, DM lampahan Basiyo Pak Dengkek ugi suka piwucal dhumateng kula panjenengan sami bilih gesang punika sampun ngantos gampil ngeculaken tembung ingkang sipatipun saged dodos mboten sae kawusananipun, kados ta ipat-ipat ingkang dipunlesanaken dening Pak Dengkek. Amargi, paugeranipun bebrayan agung ing ngalam donya punika pados kawilujengan. Pramila kedah njagi sawernipun tumindak, kadosta njagi pitembungan. Leluhur Jawi sampun nelakaken supados tetiyang sami ngantos-atos ngeculaken pitembungan, langkung-langkung sapata/ipat-ipat. Tembung-tembung punika estunipun “kumandhang” sakalangkung adi saha wingit. Nglesanaken tetembungan wigatos punika saderengipun kedah kaunjukaken langkung rumiyin dhumateng ngarsanipun Ingkang Maha Kawasa supados mboten dados sikaraning lampah saha tiyang sanes. Sanajan namung saklimah, tembung saged ndadosaken brahala menggahing ingkang ngucapaken utawi ngasanes. Liring gati, tumraping leluhur Jawi, tembung punika mboten netral lan tembung punika sakral.

5. Dudutan

Menawi dipunjingglengi, lakon DM Basiyo Pak Dengkek, pancen mboten namung pinanggih bab-bab ingkang lucu kanthi mlesetaken/mblenderaken tetembungan utawi malik kawontenan nyata dados mboten nyata, nanging ugi pinanggih konsep-konsep cara Jawi. Bakdi Soemanto (2002)[7] ngandharaken bilih DM Basiyo underanipun saking setunggal prakawis ingkang lajeng dipunmekaraken dodos pinten-pinten prakawis/ngambra-ambra/mboten kontrol. Sasampunipun ndadra utawa ngambra-ambra, lajeng wangsul malih ing underaning rembag ingkang pokok.

Adhedhasar nalaripun dhagelan, DM lampahan Basiyo Pak Dengkek dados sawijining ‘panyaruwe” alus dhumateng tiyang Jawi amrih ngrumaosi kekiranganipun, mboten dhiri (umuk), saha mboten remen murka, lan sapanunggalanipun. Banyolan DM saemper kaliyan local joke: lelucon dhumateng kanca piyambak lan dados peranganipun kabudayaning masarakat Jawi ingkang guyub.

Basa Jawi ing DM Basiyo Pak Dengkek mawi unggah-ungguh. Bab punika saya saya ngraketaken kaliyan swasana alam sesrawungan Jawi padintenan. Topik utawi tema DM condhong dhumateng tiyang-tiyang alit, inggih amargi Basiyo piyambak lair, ageng, lan puputipun ugi sesarengan kaliyan tiyang alit. Sanajan kaloka, Basiyo tansah prasaja gesangipun. Leres ngendikanipun W.J.S. Poerwadarminta (1964) bilih lelucon mboten namung damel guyu kemawon, nanging ugi wonten sambet-rapetipun kaliyan tujuwan ingkang langkung luhur ing madyaning gesang. DM Basiyo Pak Dengkek kejawi dados dhagelan, estunipun ugi ngrembag prakawis sosial aktual ing tengahing masarakat ing perkampungan, kadosta srawung, tepa salira, empan papan, lan angon rasa. Sedaya wau nedahaken bilih DM dados talanging piwucal lan tatakrami Jawi ingkang pawingkingipun saged mbagun budi pekerti luhur dhumateng brayat Jawi.

BIODHATA

 

Dhanu Priyo Prabowo, lair ing Kulon Progo, Yogyakarta, 15 Januari 1961.
Lulus Fakultas Sastra UNS Surakarta (1985), Jurusan Sastra Daerah.
Lulus S-2 Fakultas Sastra UGM Yogyakarta (2000), Jurusan Ilmu-Ilmu Humaniora. Makarya ing Balai Bahasa Yogyakata. Nyerat esai, pawartos, tuwin kritik sastra Jawa mawi basa Jawi lan Indonesia ing sauntawis hudyana.


Buku-buku penelitianipun pribadi punapa dene sesarengan:

1. Nilai-Nilai Budaya Susastra Jawa (1994), Pusat Bahasa;

2. Idiom tentang Nilai Budaya Sastra Jawa (1995), Pusat Bahasa;

3. Sastra Jawa Modern Periode 1920 (1995), Pusat Bahasa;

4. Kisah Perjalanan dalam Sastra Jawa (1996), Pusat Bahasa;

5. Sastra Jawa Modern Periode 1945—1965 (1997), Pusat Bahasa;

6. Guritan Tradisional dalam Sastra Jawa, Pusat Bahasa (2001); Ikhtisar Perkembangan Sastra Jawa Modern Periode Prakemerdekaan (2001), Gadjahmada Universitypres;

7. Ikhtisar Perkembangan Sastra Jawa Modern Periode Kemerdekaan (2001), Kalika;

8. Pengaruh Islam dalam Karya-karya R. Ng. Ranggawarsita (2003), Narasi; dan

9. Pandangan Hidup Kejawen Dalam Serat Pepali Ki Ageng Sela (2004), Narasi;

10. Glosarium Istilah Sastra Jawa (2007), Narasi;

11. Karya Sastra di dalam Majalah Pusara, Gama Media;

12. Penerbitan Novel-Novel Jawa Pasca-Pembentukan OPSJ, Elmatera;

13. Puisi Indonesia di Yogyakarta dalam Surat Kabar Periode 1981-2011, Elmatera;

14. Ensiklopedi Sastra Jawa (2010), Elmatera, lan sanes-sanesipun.

[1] Timbul Haryono. 2006. “Sejarah Seni Pertunjukkan dalam Perspektif Arkeologi”. Dalam Diskusi Sejarah Seni Pertunjukkan dan Pembangunan Bangsa. Balai Kajian dan Nilai Tradisional Yogyakarta.
[2] Joko Boedhiarto. 2000. “Utamakan Unggah-Ungguh dan Etika: Dagelan Mataram Cikal Bakal Lawak TV”. Ing Kedaulatan Rakyat, 23 Juli.
[3] W.J.S. Poerwadarminta. 1964. “Lelucon ing Alam Kasusastran”. Ing Jaja Baja, No. 25. 16 Februari.
[4] N.N. 1985. Serat Madurasa. Surabaya: Penerbit Yayasan Djojo Bojo.
[5] Umar Kayam. 1989. Transformasi Budaya Kita. Pidato Pengukuhan Jabatan Guru Besar pada Fakultas Sastra UGM.
[6] Iman Supardi. 1959. Ajur-Ajer. Surabaya: Badan Penerbit “Panjebar Semangat”.
[7] Bakdi Soemanto. 2002. “Tradisi, Lelucon, dan Sastra Lakon Gandrik: Menghantar Sinden Hingga Poyek”. Ing Heru Kesawa Murti, Palaran Lima Lakon Avant-Gandrik. Yogyakarta: Pustaka Gondho Suli.

ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 23 Nilai Nilai Luhur Dalam Ungkapan Jawa Sebagai Fondamen Kehidupan Masyarakat Berbudaya
  • 25 Kearifan Lokal Budaya Jawa sebagai Bahan Ajar Bahasa Indonesia bagi Penutur Asing (BIPA) >