Pranåtå Cårå - ᭙

01. Mranatacara Lan Hamedhar Pangandikan Ingkang Sae

aderengipun kita maos tuladha-tuladha gladhen maraga minangka Panatacara (MC) lan hamedhar pangandikan, mangga ing perangan ngajeng punika kita hanggladhi mangka paraga Panatacara lan hamedhar pangandikan.
Kanthi adhedhasar pangertosan lan pengalaman ingkang kedah kita mangertosi utawi sak mboten - mbotenipun kita nggadhahi, sabab manawi anjagekaken tuladha hamedhar pangandikan kemawon, kirang ndadosaken pamareming manah ing tundhonipun.
Ngibaratipun menawi kita yasa wisma ingkang sae nanging pondhasi / dhasaring bangunan badhe ambruk, semanten ugi hamedhar pangandikan, menawi kita namung ngapalaken tuladha - tuladha tanpa hanggadhahi dhasar tundhonipun badhe amanggihaken kuciwaning manah.
Wonten sangajenging para tamu, lan para lenggah, tartamtu mboten nama kaladuk menawi wonten ing buku punika badhe kita beberaken sapala ngengingi kados pundi hamaraga minangka Panatacara lan hamedhar pangandikan.
Kula pitados, menawi kita saged nguwaosi cara - caranipun Panatacara lan hamedhar pangandikan, mila kanthi mekaten kita badhe kasil anggen kita hamedhar pangandikan ingkang sae, andamel sengseming akathah lan hamemiluta kanthi tetembungan ingkang manis mamanuhara
Kita enget Bung Karno? Panjenenganipun minangka Presiden utawi Proklamator, nanging ugi misuwur minangka salah satunggaling piyantun ingkang lebda hamedhar pangandikan ingkang kondhang kaloka.
Semanten ugi kita tepang sintenta Haji Zainnudin MZ mubaligh ingkang misuwur. Pinten-pinten dasa kaset rekaman anggenipun hamedhar pangandikan sampun sumebar laris wonten ing pekenan.
Sampun puluhan ewon ingkang sami kepranan malah manawi sang Mubaligh nedheng amedhar pangandikan.
Kados pundi kok saged makaten ? Mubaligh kita ingkang satunggal punika anggadhahi kawegigan hamedhar pangandikan ingkang sae.
Kita kepengin kados dene panjenenganipun ? Sampun kuwatos ing manah.
Sadayan piyantun saged. Lan kita pitados bilih kita ugi saged hanindakaken manawi kanthi dhasar ateteken kanthi tekun anggladhi lan amarsudi.


Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi


 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerкакая сковорода с керамическим покрытием лучшедепутат лобановский

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105514
  Hari ini     :  Hari ini :1273
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3493
  Bulan ini   :  Bulan ini :57428
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang