aderengipun kita anggladhi utawi maraga hamedhar pangandikan / tanggap wacana, langkung rurniyin kedah mangertosi babagan werdinipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana punika punapa? Hamedhar pángandikan / tanggap wacana punika salah satunggaling pakaryan kangge amedharaken panguneg-uneging manah, gagasan, inforrnasi dhumateng piyantun kathah lan anggadhahi tujuan kangge mratelakaken pangertosan dhumateng piyantun kathah nanging saged ugi kangge milut. Dados ingkang baken salebetipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana inggih punika kados pundi panjenengan saged amilud dhumateng para pamyarsa kanthi pamedharing pangandikan panjenengan, tartamtu kemawon badhe andamel. kuciwaning manah menawi panjenengan hamedhar pangandikan kanthi angandhar - andhar, ngantos - ngantos busana kita teles dening gumbrobyosing riwe, nanging para pamyarsa (para tamu) punika babar pisan boten saged kapilut / katuju ing manah. Dados punjeripun kita hamedhar pangandikan punika, tiyang sanes supados miyarsakaken punapa ingkang kita wedharaken, kanthi pangajabing sedya sageda dados cathetan wonten ing penggalihipun. Punika hamedhar pangandikan ingkang sae.
Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi, Karakit dening : Purwadi