Pranåtå Cårå - ᭙

05. Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Hiburan

amedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika kanthi tujuan mratelakaken informasi utawi hamilut pamyarsa dhumateng gagasan kita, nanging tujuwanipun asipat mirunggan upaminipun medhar pangandikan wonten salebeting tata upacara pahargyan prasaja mantu / ambal warsa lan sanes-sanesipun.
Hamedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika padatan badhe katingal wonten ing Panatacara (MC) ingkang angendhaleni lampahing tatacara ing pahargyan manten, ambal warsa, tatacara hiburan ing ambal warsa 17 Agustus lan sanesipun.
Dados ingkang asipat mirunggan utawi mboten resmi.


06. Hamedhar Pangandikan Ingkang Asipat
Amilut Dhumateng Para Pamyarsa
amedhar pangandikan punika benten kaliyan medhar pangandikan ingkang asipat atur pratelan (informasi) utawi ingkang asipat atur panglipur.
Medhar pangandikan ingkang asipat amilut tiyang sanes kanthi tujuan inggih punika supados pamyarsa saged kapilut panggalihipun amargi wedharing pangandikan kita.
Kangge amujudaken tujuan punika, kabetahaken cara hamedhar pangandikan ingkang sae, antawisipun nguwaosi ingkang badhe dipun andharaken, lan wasising pamicara kangge amilut para pamyarsa.
Kathah piyantun ingkang ngadeg wonten sangajenging microphone kanthi pangandikan ingkang sereng, nanging para pamyarsa mboten nggatosaken pangandikan kasebat malah - malah wonten saperangan sami ngantuk.
Bab punika nedahaken bilih pamedhar pangandikan kirang mampu amilut dhumateng para pamyarsa ingkang sampun lebda, bangkit hamemilut para pamyarsa kanthi raos ingkang saged hanuju prana lan kebak ing raos greget.
Wonten gambaran kados pundi para pamyarsa nalika haningali Zainudin MZ amedhar pangandikan, tartamtu panjenenganipun katut larut wonten ing raos greget.

Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

компромат Вадим Логофет чугунная сковорода с крышкойлобановский александр

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1643
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3863
  Bulan ini   :  Bulan ini :57798
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 63

Kontak Admin.

email-kidemang