Pranåtå Cårå - ᭙

07. Sintenta Ingkang Miyarsakaken Wedharing Pangandikan Panjenengan

anthi hambudidaya mangertosi sintenta ingkang dados pamyarsa wedharing pangandikan kita, utawi kita medhar pangandikan wonten sangajenging sinten, inggih wigati sanget, kangge mangertosi sintenta para pamyarsa ingkang badhe dipun pilut, kasil lan mbotenipun wedharing pangandikan kita.
Upaminipun kita medhar pangandikan wonten sangajenging tiyang-tiyang padhusunan ingkang saben dinten makarya ing pasabinan, mila sampun kasamektakaken kaliyan medhar pangandikan wonten sangajenging para siswa lan mahasiswa.
Medhar pangandikan wonten sangajenging para pejabat kedah dipun bentenaken kaliyan medhar pangandikan wonten ing sangajenging para santri temtunipun boten badhe leres manawi kita medhar pangandikan wonten sangajenging para among tani, nanging angginakaken basa ingkang mentereng lan dipun selingi basa ilmiah.
Mila salajengipun punika wonten cara mligi ingkang tinamtu kangge medhar pangandikan wonten ing sangajenging para piyantun ingkang dumadi saking maneka warni kalenggahanipun. Lan tatacara medhar pangandikan ingkang kedah panjenengan gatosaken inggih punika:
A. Tatacara medhar pangandikan wonten. ing sangajenging tiyang desa
     bentil.
B. Tatacara medhar pangandikan wonten ing sangajenging para pejabat
     lan ingkang nggadhahi pangkat.
C. Tatacara medhar pangandikan wonten sangajenging para pemudha lan
     pelajar / siswa.
D. Tatacara medhar pangandikan wonten ing kalanganipun kaum Santri.
E. Tatacara medhar pangandikan wonten ing sangajenging para ibu-ibu.
F. Tatacara medhar pangandikan wonten ing sangajenging dumadi
    benten - benten agaminipun.
G. Lan sanes-sanesipun.


Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

компромат Вадим Логофет чугунный казанлобановский александр харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105511
  Hari ini     :  Hari ini :1239
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3459
  Bulan ini   :  Bulan ini :57394
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 58

Kontak Admin.

email-kidemang