16. Punapa Dhemam Panggung Punika?
|
athah para piyantun ingkang saged ngendikakaken bab istilah dhemam panggung, nanging mboten mangertos maknanipun, punapa ta dhemam panggung punika? Demam panggung sakleresipun inggih punika gangguan / pepalang ingkang saged murungaken kita wonten ing salebeting medhar pangandikan wonten ing sangajenging para rawuh / hadirin. Manawi nalika kita amiwiti / ambuka medhar pangandikan sampun kenging dhemam panggung, mila mesthi kita boten badhe kasil, anggen kita medhar pangandikan, demam panggung inggih punika satunggaling kawontenan nalika kita jumeneng wonten ing satunggaling mimbar / sangajenging para piyantun kathah, dumadakan jantung punika raosipun dheg - dhegan / gemeter, gumrobyos riwe ngantos dleweran, rumaos wedi lan isin campur dados satunggal lan suku miwah asta kraos gemeter, panyawawanging netra datan kangge nyawang dhumateng para rawuh. Kita jumeneng wonten sangajenging piyantun kathah kados dene reca ingkang mboten anggadhahi nyawa, punika ingkang kasebat dhemam panggung, padatan kangge piyantun ingkang taksih wonten ing tataran gegladhen / tanggap wacana asring kaserang dhemam panggung, nanging menawi sampun kulina lan atul, ugi asring ngendikan wonten sangajenging piyantun kathah, mila pangraos demam panggung badhe sirna kanthi mboten kanyana - nyana. Piyantun ingkang asring kenging dhemam panggung punika amargi saking pinten - pinten bab: a. Kirangipun pengalaman wonten salebeting medhar pangandikan utawi kirangipun gladhen maraga wonten sangajenging para rawuh. b. Kirangipun siyaga wonten salebeting ngaturaken isining wedharan pangandikan. c. Kiranging pasrawungan kaliyan piyantun kathah. d. Kirang anggadhahi pawitan / kesagetan bab kawruh basa lan tembung - tembung, kirangipun pangertosan bab istilah basa, lan sanes - sanesipun. Piyantun ingkang kirang pengalaman wonten salebeting medhar pangandikan mila tartamtu badhe kaserang dhemam panggung. Piyambakipun babar pisan boten saged pangandikan. Punapa ingkang saderengipun sampun kasamektakaken nanging malah ical boten kengetan babar pisan. Tundhonipun kanthi sasaged - saged ngucapakan tembung - tembung ingkang boten aturan lan namung mubeng - mubeng kemawon, semanten ugi manawi piyantun ingkang kirang tata badhe medhar pangandikan, sanadyan panjenenganipun nggadhahi pengalaman nanging manawi boten siyaga, mila punapa ingkang badhe kaaturaken dados semrawut lan tanpa arah. Menawi kita sampun mangertosi bab pepalangipun medhar pangandikan wonten wujuding dhemam panggung, mila salajengipun kita kedah mangertosi ugi kados pundi cara ngawekani lan ngicalaken dhemam panggung kasebat. a. Sampun ngantos kekathahen ngebahaken badan (wiraga) ingkang sanget - sanget. Nanging ugi sampun ngantos matesi obahing badan lan prayogi kabudidaya murih boten katingal kaken, biasa-biasa kemawon. b. Kita kedah sampun ngantos nggatosaken dhumateng para rawuh lan semanten ugi mangesthi penggalih sawetahipun dhumateng pribadinipun piyambak, nanging gumolonging penggalihan kita dhumateng wedharing pangandikan ingkang badhe kaaturaken. c. Menawi angginakaken mimbar, mila prayoginipun anyepeng mimbar sakadaripun utawi menawi nyepeng mikropon mila asta kiwa anyepeng kabel mikropon, kangge ngirangi raos dhemam panggung. d. Kajagia sampun ngantos ototing jangga katingal kenceng (nggekeng), nanging kabudidayaa kangge sikap ingkang mirunggan, ngendhihaken urating jangga kita kanthi mardikaning manah. e. Para rawuh sampun ngantos kaanggep pinangka mengsah ingkang siyaga naliti kesalahan pangandikan ingkang kita aturaken, nanging kaanggepa pinangka satunggaling kanca ingkang sae lan yakin dhumateng diri pribadinipun piyambak bilih kita langkung lebda katandhingaken piyambakipun. Sasampunipun kita mangertosi kados pundi ngicali dhemam panggung mila prayoginipun menawi kita ugi anggadhahi pangertosan kados pundi nanggulangi supados mboten kaserang demam panggung, kados - kados rumaos siap, lan mboten badhe nggretholi, nanging sasampunipun jumeneng wonten ing sangajenging piyantun kathah dumadakan kaserang dhemam panggung. Bab ingkang kados mekaten punika mboten ateges dhemam panggung ugi badhe anyerang kita ugi, supados mboten kedadosan bab - bab ingkang mboten kita kajengaken mila prayoginipun dipun tanggulangi, caranipun nanggulangi / ngicali: 1. Kasamektakna langkung rumiyin urut - urutaning pangandikan ingkang badhe kita aturaken dhumateng para rawuh, utawi kanggenipun tataran ingkang nembe gladhen prayogi gegladhen langkung rumiyin ingkang sae. 2. Kapiliha materi ingkang jumbuh kaliyan adicara, langkung prayogi menawi panjenengan samektakaken kanthi mateng, kagladhi kanthi tumemen, kapadosna pangandikan ingkang saged nengsemaken dhumateng para rawuh.
Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi, Karakit dening : Purwadi |