17. Kados Pundi Amurwani Medhar Pangandikan
|
ados pundi ta, cara kita miwiti medhar pangandikan? Saking pundi? Lan kados pundi ? Pangertosan / pengalaman ingkang kita mangertosi, sabab kangge amilut penggalihipun para pamyarsa perlu kaginakaken kanthi cara - cara ingkang tinamtu salebeting ambuka medhar pangandikan. Padatan kangge ambuka pangandikan utawi murwani satunggiling pangandikan wonten ing sangajenging piyantun kathah katindakaken kanthi cara angajak monjukaken syukur utawi atur panuwun dhumateng Gusti inkang Maha Agung. Awit Gusti Allah taksih keparengparing kalodhangan sahengga sadayanipun saged makempal wonten ing papan kasebat, salajengipun rinonce kaliyan pangandikan ingkang asipat tetepangan / nepangaken pribadi kita, saged ugi kaselingan kanthi guyonan ingkang saged damel segering swasana sakeca tinampi dening para pamyarsa. Sokur - sokur bangkit adamel sengseming para pamyarsa. Lajeng saget kaaturaken gambaran bab garis ageng pangandikan ingkang badhe kita aturaken. Wonten tataran salajengipun, kita wiwit lumebed dhumateng wigatining pangandikan ingkang sayektosipun sinartan tuladha - tuladha, gambaran - gambaran lan alesan - alesan bab pamanggih kita. Ambuka medhar pangandikan pancen kedah katindakaken kanthi cara ingkang sak sae-saenipun, kados pundi kok saged makaten ? Sabab kawitan ingkang kedah kita budi daya inggih punika caranipun supados para rawuh kasengsem lan kepengin migatosaken pangandikan kita wonten salebeting medhar pangandikan. Awit saking punika, salajengipun badhe kawedharaken bab ingkang mawarni - warni cara - cara / teknik salebeting ambuka medhar pangandikan. a. Ambuka Medhar Pangandikan kanthi ngaturaken gambaran umum. Ambuka wedharing pangandikan saged ugi kanthi cara ngaturaken gambaran - gambaran umum, bab punika saged kita trapaken sasampunipun kita miwiti wiwit / ambuka wedharing pangandikan, cara punika pancen sampun kaprah kaetrepaken dening para piyantun. Ambuka pangandikan kanthi tehnik utawi cara punika sanget biasa kita kantun ngaturaken pambuka lan wigatining medhar pangandikan ingkang kedah kita aturaken. Upaminipun kita badhe ngaturaken pangandikan wonten tata adicara pahargyari penganten. Mila kita saged ngaturaken gegambaran umum babagan kados pundi kulawarga ingkang bahagia lan kados pundi kulawarga ingkang tansah mboten bahagia. Salajengipun kita andharaken bentenipun kulawarga bahagia lan kulawarga ingkang boten bahagia nembe kita ngancik wigatining medhar pangandikan kita. Isi wedharing pangandikan tartamtu kemawon kedah sakubenging, utawi ngonceki babagan tiyang bebrayan / rumah tangga. Kita ngaturaken cara - caranipun nempuh kulawarga bahagia lan nyingkiri kulawarga ingkang boten bahagia. Langkung prayoginipun kita ngaturaken tuladha -tuladha utawi crita - crita ingkang nengsemaken, lan tetep wonten sambung rapetipun kaliyan wedharaningkang kita aturaken. b. Ambuka Medhar Pangandikan kanthi cara guyonan. Wonten ugi cara kangge miwiti medhar pangandikan kanthi cara guyonan ingkang sampun nggadhahi pengalaman, nanging kanggenipun ingkang nembe wonten ing tataran gegladhen kedah kaetrepaken kanthi cara punika nalika ambuka medhar pangandikan. Sabab ambuka medhar pangandikan kanthi cara guyonan punika badhe langsung saget amilut dhumateng para rawuh. Tegesipuri inggih punika para rawub kasengsem dhumateng kita pinangka paraga pamedhar pangandikan. Manawi para rawuh ingkang sampun kasengsem tartamtu kemawon materi ingkang badhe kita aturaken kanthi gampil saged tinampi dening piyambakipun. Guyonan ingkang kaaturaken rikala kita hambuka pangandikan punika kedah ingkang wonten bobotipun lan sampun ngantos kasamekaken kaliyan guyonan pelawak. Nanging ingkang tetep tumuju dhumateng materi ingkang kedah kita aturaken. Pancen gampil ngetrepaken cara ingkang kados mekaten punika, nanging menawi kita terus anggladhi, mila kita badhe ugi saged maraga kados denten para abli pamedhar pangandikan sanesipun. Lan perlu ugi kita gatosaken bilih wonten sedhahan guyon babar pisan mboten ngirangi daya sengseming para rawuh, mila salaminipun kita medhar pangandikan, piyambakipun / para pamyarsa mboten badhe kasengsem dhumateng punapa ingkang kita aturaken. c. Ambuka guyonan kanthi cara ngaturaken gambaran / Ilustrasi. Ambuka wedharing pangandikan punika pancen mawarni - warni caranipun, wonten ugi ingkang remen ambuka materi medhar pangandikan kanthi cara ngaturaken gambaran - gambaran utawi ilustrasi, prayogi kanthi cara nyata punapa dene khayalan. Upaminipun kita badhe medhar pangandikan ingkang isinipun sakubenging bab kemajenganing para remaja karang taruna. Kita saged ambuka medhar pangandikan kanthi cara ngaturaken gambaran prayogi ingkang nyata utawi khayalan. Ingkang nyata kemawon upaminipun nyariosaken kemajenganing karang taruna ing desa sanes ingkang sanget majeng. Salajengipun enering pangandikan tumuju paring panyengkuyung supados para rawuh ugi tuwuh krenteging raos kepengin maju / majeng, menawi khayalan, mila kabudidayaa nyariosaken kawontenan karangtaruna ing desa A, ingkang tebih papanipun upaminipuning sabranging pulau ingkang majeng kawontenanipun lan sanes - sanesipun. d. Ambuka wedharing pangandikan kanthi cara nepangaken dhirinipun. Ambuka wedharing pangandikan wonten ingkang ngginakaken cara guyonan lan wonten ugi ingkang ngginakaken cara kanthi ngaturaken gambaran utawi ilustrasi, nanging wonten ugi medhar pangandikan ingkang binuka kanthi cara nepangaken pribadi. Upaminipun kita amurwani medhar pangandikan mila saged nepangaken pribadi kita lan sanes - sanesipun, upaminipun kita caritakaken status kita, pengalaman lan sanes - sanesipun. Carita pengalamaning gesang kita ingkang sesambetan kaliyan acara, nanging satunggal bab ingkang perlu kita enget inggih punika sampun ngantos ngalembana ingkang sanget - sanget dhumateng diri pribadi utawi andhaken rumaos saget (rumangsa bisa) ing dhiri kita piyambak / ngunggulaken. Sabab menawi kita rumaos saget lan nonjolaken dhiri kita piyambak mila para rawuh saget ambiji bilih kita kalebet tiyang ingkang sombong, satemah piyambakipun kirang kasengsem nggatosaken pangandikan kita. Makaten bab-bab ingkang perlu kita mangertosi saderengipun kita miwiti medhar pangandikan wonten sangajenging para rawuh, teori bab medhar pangandikan kedah kita mangertosi supados kita saged nindakaken maraga kanthi sae lan nengsemaken.
Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi, Karakit dening : Purwadi |