Puspåwarnå - ᭙

21. Båså Jåwå prêlu nút ing Jaman Kêlakóné

Dinå sabtu tanggal 4 Fébruari 2004, Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Jawa SMP Kabupatèn Pónórógó nganakaké Sêminar Båså Jåwå.
Sêminar sêdinå síng milíh téma ‘Pêmbêlajaran Bahasa Jawa Têrkini dalam rangka mênyóngsóng Hari Bahasa Ibu Intêrnasional, ditêkani kurang luwíh 525 pêsêrta.
Mulå yå rêgêng lan ngêgrêng. Sawisé dibukak déníng Bupati Pónórógó, ånå pê-makalah cacah limå síng njlèntrèhaké anggitané.
- Sutadi, ngandaraké bab ‘Masa Dêpan Bahasa Jawa dan
Pêmbêlajarannya';
- Råmå Sudi njlèntrèhaké bab ‘ Sênêng Båså Jåwå nuhóni Kurikulum
Bêrbasís Kómpêtênsi';
- Suharmónó K ngandaraké ‘Leksikón Bahasa dan Budaya Jawa
Pónórógó sêbagai Asèt Lokal untúk Bêraktivitas Global';
- Sugeng Wiyadi bab ‘Matêri Sastrå Jåwå ing Pamulangan SD lan SMP.
- Sugeng Adipitóyó ngênani ‘Implêmèntasi KBK ing wulangan båså
Jawi: Pandhangan lan Cak-cakanipun'.
Sêminar wiwít ‘angêt' sawisé diélingaké anané kritik tumrap båså Jåwå taún 80-an, yåkuwi:
- 'båså Jåwå arêp mati',
- ‘båså Jåwå kunó',
- ‘båså Jåwå féodal',
- ‘båså Jåwå ndakik-ndakik',
- ‘åpå ganjarané biså båså Jåwå',
- ‘båså Jåwå ora kênå kanggo golèk dhuwít',
- ‘nasibé båså Jåwå båkål kåyå båså Kawi arêp ilang' lan liyå-liyané.
Båså Jåwå åpå arêp mati?.
Båså Jåwå ing Surinamê síng lumaku kurang luwíh 90 taún lan ora ‘dibina' déníng pamaréntah Surinamê waé isíh lêstari, apamanèh ana ing bumi Jåwå.
Malah kêpårå akèh (bangêt) síng prêcåyå mênåwå båså Jåwå ora bakal mati.
Båså Jåwå têtêp lêstari. Syaraté, kudu ånå program síng gumathók lan jinångkå, upamané limang taunan, sêpulúh taunan lan satêrusé.
Mulå kudu ånå jångkå, síng jinångkå supåyå jinangkúng déníng Gústi Kang Måhå Kawåså.
Bab jångkå pancèn pêntíng. Åpåmanèh sawisé UUD 1945 pasal 32 diamandêmèn, landhêsan hukúm kanggo nguri-uri lan nglêstarèkaké båså Jåwå dadi mantêp.
Wêwatón amandêmèn pasal 32 kasêbút, Nêgara lan Pamaréntah kudu ngúrmati lan nglêstarèkaké båså-båså ètnis (daérah), kayata Jåwå, Sunda, Madura, Bali, Banjar, Batak, Acèh, Bugís lan liyå-liyané.
Bêbarêngan karo ayahan nguri-uri båså ètnis, båså Indonesia ugå (pêrlu) dipêrsudi. Båså asíng kayåtå: Inggris, Jêpang, Mandarín lan liyå-liyané ugå pêrlu disinau kanggo ngadhêpi globalisasi.
Gêgandhèngan karo bab iki ånå unèn-unèn sing pêrlu dibundhêli, yåkuwi: 'ayahan lokal mikír global'.
Åjå múng kasêngsêm babagan (nilai) lokal nanging ugå prêlu mikír global.
Jamané têrús lumaku malah kêpårå cêpêt. Obah-owahíng jaman dipêcút karo tèknologi. Såyå suwé såyå canggíh.
Mula båså asíng ugå prêlu disinau lan dingêrtèni.
Uríp ånå têngahíng jaman síng maju kudu duwé pawitan utawa sangu síng cukup.
Anå ing sêminar iki, Råmå Sudi mêlíng lan mènèhi wulangan supåyå ngati-ngati.
Anå jaman síng lagi édan iki ora kudu mèlu ngédan. Båså Jåwå ora prêlu mèlu ngédan, 'ngèli níng ora kèli', 'ngíntír níng ora kénthír'.
Karo guyónan, Råmå Sudi wanti-wanti åjå pådhå kénthír ngadhêpi jaman édan.
Båså Jåwå prêlu 'nút ing jaman kêlakóné'.
Kêpriyé båså Jåwå síng kudu nút ing jaman kêlakóné?
Kêpriyé cak-cakané? Apå kudu ngê-'póp'?
Apå prêlu ånå gagrag utawa babaran anyar?
Kajåbå såkå iku Råmå Sudi ugå mènèhi pêpélíng: pênutúr båså Jåwå prêlu êmpan papan.
Panåtåcårå prêlu nggatékaké papan lan wêktu, nggatékaké mångså kålå.
Ora kudu ndakik-dakik lan prayogå nganggo unèn-unèn síng prasåjå. Unèn-unèn síng trêp karo kaanan.
Têmbúng-têmbúng Jawa síng digunakaké prêlu komunikatip lan dingêrtèni déníng kawula mudha.
Pårå juru panåtåcårå lan pamêdhar sabdå prêlu évaluasi.
Åjå ndakik-ndakik.
Mênåwå nggunakaké båså rinêngga yå síng trêp karo papan lan kaanan. Mênåwå nyåndrå yå åjå 'akèh cåndrå kurang rupå'.
Åjå malah ngandar-andar angêndhukúr nggladrah ora karu-karuwan.
Ånå pamrayogå manèh yåkuwi åjå : kakèhên, kêdhuwurên, kêgêdhèn, kêbablasên, lan liyå-liyané.
Ånå ing sêminar iki, ugå ånå usulan supåyå pêpiridan (idióm?) ing båså Jåwå ditliti manèh, åpå isíh cócók karo kaanan saiki.
Wawasan kêkinian prêlu dadi têtimbangan.
Akèh bangêt unèn-unèn utåwå pêpiridan síng prêlu ditliti lan diowahi. Upamané: 'ånå bêlo mèlu sêtón'.
Kawulå mudhå wís ora paham bab iki.
Amargå wêktu iki wís ora ånå manèh bêlo (anak jaran) ånå ing dinå Sêtu mèlu gladhèn.
Ånå manèh: idhêp-idhêp kélangan endhóg siji, åpå ya isíh cócók.
Apå yå mêntålå karo kulít dagingé dhéwé banjúr disêbrataké.
Tulådhå manèh: dadiå gódhóng êmóh nyuwèk dadiå banyu êmóh nyawúk.
Apå yå pantês lan trêp mêdhót silaturahmi síng cêngkah karo ajaran agama.
Ånå manèh yåkuwi sadumúk bathúk sênyari bumi di tóhi pati.
Gujêngan prinsip pancèn prêlu nangíng yå kudu trêp karo kaanan lan wêktu.
Ora kabèh kudu dikukuhi têrus nékad utåwå ngêndhat wani mati.
Ånå ing wêktu iki luwíh bêcík landhêsan hukúm, musyawarah, mupakat, nggunakaké wawasan síng jêmbar, kawaskithan, 'ånå rêmbúg dirêmbúg'.
Akèh bangêt pêpiridan síng prêlu ditliti (di-study) supåyå trêp lan cócók karo majuníng jaman. Jamané wís bédå lan maju.
Ånå manèh síng prêlu dadi landhêsan utåwå têtimbangan yåkuwi HAM. Hak síng asipat azasi tumrap manungsa síng prêlu dingêrteni, dipahami, diluhúraké lan diúrmati.
Majuning jaman pancèn ånå síng dadi kórban lan tumbal.
Obahíng jaman ånå `bayarané`. Kadhang kålå bayarané larang.
Ora kabèh murakabi nangíng ugå ånå akibaté.
Ånå síng tambah ånå síng kurang, malah ånå síng ilang.
Majuníng jaman duwèni dhampak síng ora kabèh apík malah ånå síng ndrawasi lan mbêbayani.
Obahíng jaman saya cêpêt åpå manèh ånå ing kuthå-kuthå métropolitan.
Pasar tradisional wís ilang dadi mal, dalan-dalan ånå sing owah dadi dalan tól.
Ånå ing bêbrayan akèh bangêt síng owah.
Ånå ing donyå pancèn ora ånå síng langgeng.
Síng lêstari utåwå sing langgêng yå owah-owahan kuwi.
Mulå båså Jåwå yå prêlu `owah` nút ing jaman kêlakóné.
Para pandhêmên, panggilút, lan sutrêsna båså Jåwå prêlu dadi 'ningrat'.
Pikirané kudu 'níng' amblês, bêblês malêbu manjêro, ngrumangsani, mawas dhiri, mulat sarira hangråså wani.
Kêjåbå såkå iku ugå prêlu nggatèkaké mobah mosikíng jagad 'rat'. Njingglêngi lan ngêrtèni owah-owahan síng ånå ing njåbå.
Pårå sutrêsnå båså Jåwå prêlu ngrêtèni obahing jaman lan ombyakíng jaman.
Pêpindhané: ngèli níng aja kèli, ngéntír níng aja nganti kéntír.
Kånå kéné lagi banjír åjå nganti kéntír.
Jamané lagi édan níng åjå mèlu ngédan.
Síng élíng lan waspådå.
Waspådå purbå waséså.
Lidíng rêmbug: båså Jåwå prêlu nút....nút....nút ing Jaman kêlakóné.


Déning : Ki Sutadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

казино admiral онлайн казино адмиралнабор кисточек для макияжа купить киевлобановский александр интервью

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

1097591
  Hari ini     :  Hari ini :153
  Kemarin     :  Kemarin :1942
  Minggu ini   :  Minggu ini :3544
  Bulan ini   :  Bulan ini :39138
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 9

Kontak Admin.

email-kidemang