Puspåwarnå - ᭙

22. Mbangún Pråjå Kanggê Nanggapi Ewah éwahan Jaman

Kêparêngnå kulå ing ngriki múrwakani andharan kanthi lêlandhêsan Téma ‘Kanthi Niyat Nandúr Tékat kang Kuwat, ngudi marang Sêjatiníng Bêcík Mbangún Santosané Jatidhiri Bångså'.
Wêwatón téma mênikå, wóntên têmbúng-têmbúng pinilíh (keywords), ingkang prêlu dipún priksani kanthi prêmati, inggíh mênikå:
1. Niyat lan tékad ngudi kabêcikan
2. Mbangún santosané Jatidhiri Bångså.
Naliti têmbúng-têmbúng kasêbat, wóntên kónsèp (concept) lan wós (èsènsi, content) ingkang prêlu dipún dhudhah tuwin dipún jingglêngi.
Ingkang sêpisan, niyat lan tékad ngudi kabêcikan.
Tiyang Jawi anggadhahi aksårå Jawi:
(hå, nå, cå, rå, kå, då, tå, så, wå, lå, på, dhå, jå, yå, nyå, må, gå, bå, thå, ngå) mêngku nilai-nilai (values), ingkang saé, éndah lan adi (luhúng, luhúr).
Aksårå ‘ngå-bå' kasêrat kawitan múrwakani sêratan salajêngipún.
Aksårå ‘ngå-bå' manawi kasêrat jangkêp, mracihnani wóntênipún niyat ‘ngajab bêcík', utawi ‘mangajapå bêcík'.
Falsafah, values, mênåpå déné isinipún, mêngku pangajab supadós sadåyå ayahan ingkang badhé katindakakên lêlandhêsan niyat ingkang saé (tuwín tékat ingkang kiyat).
Ingkang kaping kalíh, ‘ngudi' utawi mbudidaya mujúdkên samukawís ingkang dipún (ê)nêr.
Têmbúng sanèsipún, mbudidåyå supadós visi, lan gêgayuhan ingkang kajångkå sagêd kasêmbadan.
Pramilå wóntên pêpiridan ingkang nuntún dhatêng kasêmbadaníng sêdyå, sadåyå ayahan prayogi dipún: jångkå, (utawi) jinångkå, (lajêng) jinangkah, supadós jinangkúng déníng Allah Subhanahuwataala.
Mênika mracihnani bilíh ‘ngèlmu panjångkå' (pêrêncanaan) supadós dipún têngênakên.
Visi utawi gêgambaran kaanan ingkang saé (adi, éndah) prêlu dipún têtêpakên; kalajêngakên prêlunipún ‘misi' supadós sadåyå ingkang kajångkå sagêd kasêmbadan.
Budåyå Jawi nêngênakên babagan mênikå.
Pramilå, manawi badhé nindakakên ayahan (ingkang wigatós), ngawóntênakên ‘wilujêngan' supadós tumapaking damêl wiwít ‘purwå-madyå-wasånå' sagêd kasêmbadan kanthi saé, rahayu, niskålå.
Sadåyå ingkang katindakakên trêp kaliyan kaanan, mawas wêkdal tuwin panggènan, linambaran lampah ‘anggêlar pêmandêng tuwín pêmanthêng'.
Ingkang kapíng tigå, Pamaréntah tuwín bêbrayan ingkang wóntên pundi kémawón prêlu ‘saiyêg saékå pråyå' mbangún pråjå supadós murakabi tumrap masyarakat, bångså lan nagari, jumbúh lan trêp kaliyan Jatidhiri Bångså.
Sadåyå élêmèn pêmêrintahan (éksêkutif, légíslatif), lan bêbrayan ingkang arupi ‘institusi' mênåpå kémawón, upaminipún: paguyuban, pahêman, pêrhimpunan, pêrsatuan, ‘lêmbaga swadaya masyarakat', partai politik lan sanès-sanèsipún, prêlu mbudidåyå andayakakên (empowering, empowerment) potènsi ingkang wóntên kalêbêt (n)jawi rangkah, tataran provinsi, nagari tuwín brayan global.
Sadåyå potènsi prayogi dipúndayakakên tumuju kahanan ingkang majêng, adíl, makmúr, mandiri, lan kawêntar, lêlandhêsan jatidhiri bångså.
Ewah-éwahan Jaman lan krisis Múlti Dimènsi
Manungså ingkang kalairakên ing alam donya dumadós sakíng éwah-éwahan ingkang lumintu.
Kawiwitan sakíng éwah-éwahan (sang) 'kålå' wiwít dêtík, mênít, jam, dintên, pasaran, wulan, lan taún, salajêngipún, njangkah lan nêmbús rangkah (ruang, space) ingkang têbanipún wiyar sangêt.
Ewah-éwahan dumadós, lan nêmah lingkungan alam ingkang arupi: bumi, lèpèn, toyå, håwå, mångså, têtanêman, (flora), kéwan, rajakåyå, sato iwèn (fauna), pangupå jiwå, panggêsangan, papan, pakarangan, pêmukiman, pasabinan, lan sanès-sanèsipún.
Kajawi mênika, éwah-éwahan ugi nêmah lingkungan manungså ingkang arupi: jinis, cacah, pikiran, watak, basa, sastra, idiologi, politik, ékonomi, hukúm, pamaréntahan, lan sanès-sanèsipún.
Ewah-éwahan nêmah sistêm kabudayan ingkang têbanipún jêmbar sangêt.
Sadåyå tansah ébah-éwah mbótên wóntên ingkang mandhêg.
Ewah-éwahan budåyå ingkang dumadós, ambanyu mili, wóntên ingkang cêpêt, wóntên ingkang rêndhêt, wóntên ingkang ical, lan sanès-sanèsipún.
Kaanan ing donya mbótên wóntên ingkang langgêng, ingkang langgêng inggíh éwah-éwahan mênika.
Jaman samangké, lampahíng éwah-éwahan kapårå cêpêt, amargi kapêcút déníng tèknologi, informasi, modèrnisasi lan globalisasi.
Ewahíng kaanan wóntên ingkang dipún mangêrtosi lumantar ngèlmu panjångkå (prakiraan, prédiksi), anangíng ugi wóntên ingkang angèl dipún mangêrtósi.
Kalêbêt kawóntênan alam arupi musibah ingkang warni-warni, wóntênipún lindhu, tsunami, banjír bandhang, angín lésus, kóbóngan, flu manúk, lumpúh layúh, kirang gisi, DBD, pagêblúg, lan sanès-sanèsipún.
Sapérangan wóntên ingkang sagêd dipún mangêrtósi; namúng wóntên sapérangan ingkang mbótên sagêd dipún prédiksi, malah kapårå samar, amargi kasêngkêr, lan kawêngku déníng panguwaósipún Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawåså, Gusti Ingkang Múrba, lan Maséså jagad saisinipún.
Ewahíng kaanan ugi kadayan déníng pêmbangunan ingkang katindakakên.
Ayahan pêmbangunan ing éra ordê baru kasíl mbangún babagan fisik, inggíh mênika: mbangún gêdhóng, mal-mal, pasar-pasar modèrn, èstate-resort, hunian eksklusif, hotèl-hotèl ingkang inggíl, lan asri, griya sakit ingkang modèrn, lan sanès-sanèsipún.
Sadåyå ngatingalakên kawóntênan ingkang majêng, modèrn, tèknologi-nipún canggíh, sarwå computerized, lan sanès-sanèsipún.
Lambang-lambang kalairan ingkang kasêbat ultra modèrn, lan canggíh sampún mrambah lan mratah mbótên namúng ing kithå malah sampún dumugi tlatah padésan.
Namúng prêlu kawuningan bilíh pêmbangunan ingkang sampún lumampah wiwít ordê baru, kasurung faham ‘developmentalisme'.
Faham ‘developmentalisme secularis' langkúng agêng pêngaruhipún katimbang faham ‘developmentalisme humanis'.
Lampahipún faham ‘developmentalisme secularis' cêlak kaliyan faham kapitalisme lan individualisme, ingkang ndayani kaanan ingkang nêngênakên babagan kalairan.
Ayahan pêmbangunan ugi kadayan idiologi ‘fragmatisme' ingkang asipat ‘jangka pèndèk', kirang mandêng lan ngudi babagan ingkang asipat ‘jangka panjang'.
Pêmandêng lan pêmanthêng ingkang adhêdhasar faham idealisme kirang dipún ginakakên amargi nêngênakên bab-bab ingkang 'praktis pragmatis'.
Samangké, éwah-éwahan budaya ingkang kadayan déníng globalisasi, nuwúhakên ombyaking jaman (mainstream) ing babagan kalairan, karagan, lan kadonyan.
Babagan karagan ugi pênting namúng dayanipún' lajêng kirang ngudi babagan kajiwan lan alam kalanggêngan.
Budåyå ingkang nêngênakên kadonyan (materialisme) langkúng agêng dayanipún katimbang búdåyå kajiwan útawi lampah spiritual.
Globalisasi ingkang isinipún intêraksi budåyå måncå karånå majênging iptèk, mbótên sadåyå ngasilakên kaanan ingkang saé.
Sapérangan malah wóntên ingkang nuwuhakên dampak utawi imbas ingkang awón.
Kaanan ingkang mrihatósakên asring kabiwarakakên wóntên ing média cétak tuwín tayangan média èlèktronika.
Wóntên ing koran Météór, Pós Kota, Pós Soré, Pósmo, kriminal, lan sanès-sanèsipún, asríng kagambar kanthi vulgar.
Samantên ugi wóntên ing giyaran TV rubrik Busêr, Brutal, Kriminal, Kanal, Tikam, lan sanès-sanèsipún ngêtingalakên kawóntênan ingkang damêl mirís tuwin girisíng manah.
Asring katingalakên adêgan pornografi, pornoaksi, ngumbar syahwat, pêrsêlingkuhan, pêrkosaan, miras, narkoba, anak mêjahi ibunipún, bapak mêjahi anak, putu mêjahi êmbahipún, tumindak wêngís, pêlanggaran HAM, pêngadilan massa, térór bóm, lan sanès-sanèsipún.
Krisís kamanungsan (dehumanisasi), sampún lumampah lan mrambah wóntên ing têngahing bêbrayan.
Kaanan 'krisis kamanungsan' ingkang makatên, katambahan kaanan ékonomi ingkang karaós awrat.
Krisis monêtèr ingkang kawiwitan taún 1997, dumugi samangké kawóntênanipún dèrèng pulíh lan taksíh mrihatósakên, katitik sakíng wóntênipún: pêrtumbuhan ingkang stagnan, utang luar nêgêri, pêngangguran, pêmutusan hubungan kêrja (phk), kêmiskinan, KKN ingkang ‘ngrêmbaka', money laundring, skandal BLBI, wós impór, pênyêlundupan, ilegal logging, mlórótipún èkspór, alas ingkang risak, prêkawis freepot, panèn ingkang gagal utawi puso, lan sanès-sanèsipún.
Kawóntênan krisis ékonomi ingkang makatên katambahan kaanan ingkang mrihatósakên ing babagan sosial lan budåyå.
Salajêngipún, wóntên ing têngahíng bêbrayan, ingkang sinêbat ‘multi organization society", katambahan lampahipún faham démokrasi, kapårå nambahi rumit ayahan pamaréntahan lan pêmbangunan.
Faham démokrasi ngusúng babagan ingkang sapérangan karaósakên saé, namúng kanyatanipún bèntên kaliyan ingkang dipún gånthå.
Kêadilan lan kêmakmuran dèrèng sagêd dipúnwujúdakên.
Démokrasi ngusúng préskripsi, inggíh mênikå: pamaréntahan ‘dari rakyat, olèh rakyat, untúk rakyat', prêlunipún wakíl-wakíl ing lêmbaga pêrwakilan législatif), prêlunipún partai-partai, prêlunipún pamarintahan ingkang dipún awasi (cheks and balances), lan prêlunipún hukúm ingkang jêjêg (supremasi hukúm).
Démokrasi mbêtahakên kadiwasan, ngúrmati pamanggih ingkang bèntên, lan ngúrmati hukúm.
Ewå sêmantên cak-cakanipún cêngkah kaliyan prinsip-prinsip démokrasi (sêjati).
Tuladhanipún, manawi kawón ing pêmilihan umúm utawi pilkada kathah ingkang mbótên lêgåwå lajêng ngancam, démo agêng-agêngan, wóntên ingkang ngrisak utawi tumindak anarkis. Préskripsi (moral) wóntên ing paham démokrasi pinanggih bèntên kaliyan ingkang wóntên lapangan.
Kiprahipún pårå élite politik ingkang gèntlemen, rêsík, lan jujúr, karaósakên taksíh têbih sakíng kanyatan.
Wóntên ing jagad politik (praktis), wóntên kaanan: ngrêmbakanipún budåyå démo, ngancam, mêksa, pêngêrahan massa, lan sanès-sanèsipún.
Budåyå politik ingkang lumampah katingal kêbak kónflik, pêrang tanding, lan sanès-sanèsipún.
Tåtåkråmå lan sopan santún politik sampún mblêrêt. Kaanan politik asríng ébah, éwah lan mbótên stabil.
Wóntên ing pamêrintahan kathah pêraturan pêrundang-undangan ingkang sipatipún situasional.
Undang-undang ingkang dèrèng mêdal aturan pêlaksanaan-ipún badhé dipún 'yudicial review' utawi kadhêsêk badhé dipún rêvisi.
Pramila wóntên ing kabupatèn/kitha asríng nuwúhakên prêkawís.
Cak-cakanipún otonomi daérah kapårå kêbablasên.
Kathah pêpalang ingkang lajêng ngrêrêndhêt lampah, amargi kêdah nút tatacårå ingkang sinêbat 'démokratis'.
Démokrasi ingkang cêlak kaliyan faham libêralismê cak-cakanipún lajêng kêbablasên.
Démokrasi dipúntafsirakên sagêd 'bébas' tumindak punåpå kémawón, kalêbêt sagêd 'ngrisak' mênåpå kémawón.
Mbangún Pråjå Lêlandhêsan Jati Dhiri Bångså
Wêkdal samangké Indonesia taksih ngadhêpi krisis multi dimènsi. Campúr adukíng prêkawís ing bidang ékonomi, politik, hukúm, pamaréntahan, sosial, budåyå lan sanès-sanèsipún, katrajang ombak globalisasi ingkang dayanipún agêng sangêt.
Globalisasi ingkang malêbêt ing TV ngusúng budåyå måncå ingkang bèntên kaliyan budåyå Indonesia.
Ombak globalisasi sapérangan mbêta virus ingkang kadayan sakíng idiologi individualisme, kapitalismê, matêrialismê, lan hédonismê.
Kajawi mênika globalisasi ugi mbêtå sampah budåyå måncå ingkang sapérangan mbótên trêp kaliyan budåyå Bångså.
Globalisasi lan intêraksi budåyå asíng ingkang lumampah wóntên ingkang nabrak nilai-nilai (values) ingkang saé.
Nilai-nilai ingkang saé, lan taksíh dipún rungkêbi sagêt risak katêrak budåyå asing. Gêlaring globalisasi ingkang karaós ndhêsêg-ngrangsêg, sagêd ‘ngrubúhakên' Jatidhiri Bångså ingkang sampún kagêgêm, karêgêm, lan kadarbé dumugi samangké.
Krisis utawi tragèdi kamanungsan ingkang kêdadósan ing sapérangan tlatah, nggambarakên kawóntênan ingkang têbih kaliyan kaanan 'adil dan bêradab'. Kaanan ingkang arupi Kêmiskinan, Kêbodóhan, Kêtêrbêlakangan (K3) ugi dèrèng sagêt dipúnêntasakên.
Wóntênipún gêrakan saparatis ('Acèh', Papua) ingkang kêpéngín mêrdikå lan misah sakíng NKRI inggíh dèrèng sagêt dipún udhari.
Wawasan kabangsan karaósakên luntúr, kadayan, lan kadhêsêk kaliyan faham individualismê, libêralismê, kapitalismê, matêrialismê, lan hêdonismê.
Dumugi titi wanci samangké Ibu Pêrtiwi taksíh nandhang krisis multi dimènsi.
Taksih kathah prêkawis ingkang nggubêl lan dèrèng sagêd dipún udhari.
Kajawi mênika prahara alam arupi musibah ingkang manéka warni taksíh kadadósan ing sapérangan tlatah bumi Nuswantårå.
Gêgandhèngan kaliyan kaanan kasêbat, prêlu wóntênipún ayahan Mbangún Pråjå ingkang sinèrgis ing tataran pusat, provinsi, kabupatèn, kithå, kêcamatan, dumugi tataran kalurahan, lan RW/RT.
Salajêngipún, manawi dipún jingglêng kanthi prêmati, ayahan 'Mbangún Praja' wêkdal samangké karaósakên angèl lan rumít (complicated).
Prêkawís ingkang badhé dipún udhari sampún rumít, tuwín campúr adhúk.
Babagan politik campúr kaliyan babagan ékonomi, sosial, budåyå, hukúm, pamaréntahan, kêamanan, lan sanès-sanèsipún.
Kajawi mênika wóntên prêkawís ingkang kalêbêt wóntên ing tataran nasional utawi régional.
Kathah prêkawís ingkang mbótên sagêd dipún udhari kanthi cêpêt, amargi prêlu kajångkå gangsal taúnan, sadåså tahúnan, utawi sêlangkúng taúnan.
Dumugi wêkdal mênika sampún kathah pamanggíh pårå pakar ingkang prêlu dipún dadósakên réferènsi kagêm ngêntasakên krisís multi dimènsi.
Kajawi mênika wóntên wulangan ingkang prêlu kapêthík sakíng sêjarah jaman Ordê Lama lan Ordê Baru.
Pêngalaman sêjarah ing måncå nagari sapérangan ugi sagêd dipún dadósakên réfêrènsi.
Upaminipún kadós pundi pêmbangunan ing China, Jêpang, India lan Malaysia wóntên ing alam global.
Ayahan 'Mbangún Praja', scope tuwín têbanipún jêmbar sangêt, mbótên namúng mbangún babagan idiologi, politik, sosial, ékonomi, hukúm, lan sanès-sanèsipún. Konsèp (concept) lan èsènsi (content)
Mbangún Pråjå nggadhahi cakupan mbótên namúng babagan lair, pérangan batín, pérangan watak, utawi kajiwan ugi kacakúp.
Mbangún Pråjå nyakúp ayahan kanggé mujudakên kaanan ingkang saé, inggíh mênikå mbangún babagan watak, 'harkat, lan martabat'.
Mbangún Pråjå nyakúp ayahan supadós 'harkat lan martabatipún' institusi èksékutif, législatif, yudikatif, langkúng saé, rêsík, jujúr, pangandikanipún saé, tumindakipún saé, disiplin, ngugêmi aturan, mbótên KKN, lan sanès-sanèsipún.
Mbangún Pråjå ugi nyakúp ayahan supadós bêbadan, pahêman, paguyuban, LSM, partai, komitê, asosiasi, pêrhimpunan lan sanès-sanèsipún nggadhahi watak, harkat lan martabat ingkang saé.
Kónsèp tuwín substansi mbangún watak, harkat lan martabat sampún malêbêt wóntên ing kónsèp 'good governance lan good corporated governance'.
Taksíh sêsambêtan kaliyan ayahan Mbangún Pråjå, wóntên ing babagan administrasi, manajêmên lan kêpêmimpinan wóntên réfêrènsi ingkang prêlu dipún jingglêngi.
Sampún wêkdalipún pårå pêmimpín utawi élite politik langkúng nêngênakên babagan étika, moral, jujúr, adíl, lan profèsional.
Kajawi mênika élite politik prêlu anggadhahi watak ingkang sagêd ngrêmbakakên sêmangat nasionalismê lan patriotismê ingkang agêng.
Ngadhêpi éwah-éwahan jaman lan wóntênipún krisis multi dimènsi, wóntên pakar ingkang ngêndikakakên prêlunipún pêmimpín-pêmimpín ingkang anggadahi kompêtènsi manusiawi (la competence humaine), kompetènsi tèknis (la competence technique), tuwin kompetènsi memutuskan (la competence decisionelle).
Kómpêtènsi mujúdakên satunggaling bab ingkang pêntíng, lan wigatós (sangêt) kagêm sarånå ngêntasakên krisis multi dimènsi.
Wóntên ing tataran pundi kémawón, utawi komunitas pundi kémawón prêlu nêngênakên lan mapanakên sumbêr daya manusia (SDM) ingkang nggadhahi kómpêtènsi.
Kómpêtènsi sambêt lan rakêt kalian babagan ingkang sinêbat kêcêrdasan émosional lan spiritual (EQ, ESQ).
Sampún wêkdalipún nêngênakên, lan mapanakên pêmimpín ingkang anggadhahi intêgritas ingkang sagêd ngrêmbakakakên watak rukún tuwín ngiyatakên sêmangat Bhineka Tunggal Ika.
Sampún wêkdalipún nêngênakên ayahan ingkang sinêbat mbangún watak lan karaktêr bångså (nation and characters building).
Wawasan kabangsan prêlu dipún kiyatakên (malíh) linambaran tékad ingkang kiyat ngadhêpi éwah-éwahan jaman.
Ayahan pêmbangunan ingkang nêngênakên watak, budi pêkêrti, lan karaktêr bangsa, prêlu dipún dayakakên malíh.
Kajawi mbangún watak lan karaktêr Bangsa, ayahan pêmbangunan linambaran wawasan budåyå lan jatidhiri bångså prêlu dipún têngênakên.
Budaya måncånagari ingkang mbêtå virus budåyå lan ngusúng idiologi libêralismê, individualismê, kapitalismê, lan hêdonismê, prêlu dipún tanggapi kaliyan idiologi ingkang laír wóntên ing bumi Nuswantara.
Kanthi punikå, prêlu dipún dayakakên malíh sadåyå potènsi, falsafah, lan wulangan, ingkang jumbúh lan trêp kaliyan jatidhiri Bångså.
Pêngalaman sêjarah nêdahakên bilíh Bångså Indonesia sagêd nampi budåyå måncå. Budåyå lan tèknologi ingkang saé, modèrn, lan trêp kaliyan kaanan ing ngriki inggíh prêlu dipun ginakakên.
Namúng virus budåyå måncå ingkang awón lan mbótên trêp kaliyan kaanan, prêlu dipún sêlèksi.
Salajêngipún sapérangan budaya måncå ingkang ngrubúhakên jatidhiri Bångså kêdah dipún adhêpi, lan dipún 'pêrangi'.
Gêgandhèngan kaliyan prêkawis-prêkawis kasêbat, ayahan Mbangún Pråjå, ayahan pamaréntahan tuwín pêmbangunan ingkang lêlandhêsan jatidhiri Bångså prêlu dipúndayakakên malíh wóntên ing tataran provinsi, kabupatèn lan kithå.
Ayahan Mbangún Pråjå ing tataran Provinsi, kabupatèn/kithå, prêlu dipún tingkatakên kualitasipún.
Kualitas manajêmen pamaréntahan lan pêmbangunan prêlu dipún pandêng lan dipún wawas kanthi prêmati.
Ayahan pêmbangunan ingkang asipat intêgral ingkang nêngênakên pêndidikan lan kabudayaan, prêlu dipún jêmbarakên têbanipún.
Kajawi mênika, wawasan ingkang mandêng nilai-nilai utawi ndayakakên kêarifan lokal prayogi dipún njingglêngi lan dipúndayakakên.
Gêgandhèngan kaliyan babagan mênika wóntên bab-bab ingkang prêlu dipún taliti, dipúnpilah, tuwín dipúnpilíh, inggíh mênika:
Kaping Sêpisan,
Pancasila minangka jatidhiriníng Bångså prêlu dipún sinau malíh, dipún cêcêp, tuwín dipún amalakên wóntên ing bêbrayan.
Pancasila ingkang nggadhahi nilai-nilai ingkang saé, adi, lan luhúr, prêlu dipún wujúdakên wóntên ing têngahíng bêbrayan.
Nilai-nilai ingkang wóntên ing Pancasila prêlu dipún wujúdakên wóntên ing bêbrayan wiwít tataran pusat dumugi tataran daérah.
Réformasi ingkang kålå samantên 'apriori' lajêng njabut P4, prêlu dipun review malíh.
Manawi kålå samantên dipún anggêp 'indoktrinasi', lan sipatipún 'top down', ingkang kirang trêp, métodê-nipún, mêsthinipún babagan mênikå ingkang prêlu dipún sampurnakakên.
Mbótên malah njabút sadåyå nilai-nilai lan substansi ingkang wóntên ing Pancasila.
Kaping kalíh, ayahan
Mbangún Pråjå prayogi dipúnjêmbarakên têbanipún malêbêt ing ranah mbangún watak, harkat lan martabat. Jalúr pêndidikan lan kabudayan prêlu dipún dadósakên prioritas ayahan pêmbangunan.
Pêmbangunan watak (nation and charactêr building) prêlu dipún utamêkakên, supadós sêmangat kabangsan, nasionalismê lan patriotismê kagigah, lan sagêd ngrêmbaka wóntên ing pamulangan (formal, nonformal, lan informal).
Wulangan budi pakarti, tåtåkråmå, lan sopan santún, prêlu kacakúp lan kawóntênakên malíh.
Kapíng tigå,
ing babagan administrasi, manajêmên lan kêpêmimpinan prêlu nêngênakên lan mapanakên parågå utawi SDM ingkang nggadhahi kómpêtènsi manusiawi (la competence humaine), kómpêtènsi tèknis (la competence technique), lan kómpêtènsi mutúsakên (la competence decisionelle).
Kapíng sêkawan,
nilai-nilai ingkang wóntên ing budåyå, sastrå, lan 'Jagad Jåwå', prêlu dipún dhudhah, dipún taliti, dipún-intrêprétasi, dipún pilah, dipún pilih, salajêngipún dipún dayakakên wóntên ing manajêmên pamaréntahan lan pêmbangunan, wiwít tataran pêrêncanaan dumugi pêngawasan.
Kapíng gangsal,
warisan lan (h)arta kåyå kabudayan prêlu dipún jingglêng, lan dipúndayakakên kanggé kêmajêngan brayan ing pundi kémawón. Pótènsi warga (ètnis) Tiónghwa, Arab, lan ètnis sanès-sanèsipún prêlu langkúng dipún dayakakên malíh. Pêmandêng ingkang sipat 'multikulturalismê' prêlu dipún têngênakên
Kapíng ênêm,
wóntên pamanggíh wêwatón tradisi Jawi, inggíh mênika prêlunipún 'ruwatan' (ruhwat) supadós sagêd ngicali lan mbucal sukêrta ingkang taksíh kasandhang.
Ayahan 'Ruwatan' prêlu dipún jêmbarakên têbanipún.
Sintên kémawón ingkang (rumaós) taksíh wóntên rêrêgêd utawi dèrèng rêsík ati tuwín, pikiranipún, prêlu dipún 'ruwat' supadós sadaya sêsukêr sagêd dipúnrêsiki, utawi dipúnicali.
Mungkasi andaran kula, kathi lêlandhêsan ajaran agami, lan budåyå Jawi, mugi-mugi ayahan 'Mbangún Pråjå kanggé Nanggapi Ewah-éwahan jaman' sagêd jinångkå, jinangkah kanthi saé, miwah murakabi tumrap sadåyå brayan, mliginipún ing tlatah Jåwå Têngah.
Mugi Allah Subhanahuwataala ngijabahi sadaya panyuwún Panjênêngan mênåpå déné kulå. Amin.


Déning : Ki Sutadi
Pangarså Persatuan Pedalangan Indonesia (PEPADI) Jawa Tengah

 kds penutup
wangsul-manginggil

com mfxbroker рейтинг купить кисточки для макияжа киевникас ресторан отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105491
  Hari ini     :  Hari ini :1041
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3261
  Bulan ini   :  Bulan ini :57196
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 46

Kontak Admin.

email-kidemang