| Suluk Pedhalangan - |
| Sulúk Padhalangan 01 |
| ᩂ |
Lêng lêng rmya nikang aangka kumêar mangrêngga rm níng puri, mangkin tanpa pasiríng halêp ikang umah ms lwir murúb ríng langit têkwan sarwwa manik tawíngnya sinawúng skt sêkar níng suji, unggwan Bhanumati yanmrêm alang mwang ntha Duryyodhana.Íng nginggíl punika dipún wastani sêkar (têmbang) Sarduwikriꧤita, têgêsipún dolanan sima. Isinipún : nyariyósakên candraníng kaéndahanipún kadhatón Hastina íng wanci dalu, pinuju padhang rêmbulan. Sêkar íng nginggíl punikå kanggé sulukan laras sléndro paꧢét nênêm agêng íng jêjêr kawitan. Íngkang saklangkúng maꧢúk lan mathis piyambak dipún suluki makatên punikå, manawi jêjêr kawitan nagari Hastinå, sêbab isinipún sêkar punikå nyåndrå kaéndahanipún kadhatón Hastinå. 1. Lêng lêng = anglam-lami (båså Indonesia : mengasyikkan, menyebabkan orang terpesona). 2. Ramya = éndah, nêngsêmakên, (basa Indonesia : indah menawan hati). 3. angka (kawaós : sasångkå) = rêmbulan 4. Kumêar (kawaós : kumênyar) = sumórót, sumunar. 5. Mangrênggå rm níng pur = ngrênggå kaéndahaníng puri (kaꧤatón, kaputrèn). 6. Mangkin tan pasiríng = såyå tanpå tanꧤíng, såyå ora ånå kang madhani (éndahé). 7. Halêp ikang umah ms = éndahé suyåså kêncånå. 8. Lwir murub ríng langit = pêpindhané (omah mas kang sumunar iku) kåyå murub íng langit. 9. Têkwan = sartå, lan manèh, åpå manèh. 10. Sarwwå maik = sêsotyå manékå warni, sawarniníng sêsotyå (Indonesia : segala macam manikam). 11. Tawíng = tèbèng, srawíng : alíng alíng (Indonesia : tirai, tabir). 12. Sinawúng = dipún salut, linapis. 13. Suji = 1) êri, sundúk 2) sulaman, réndå. 14. Skst sêkar níng suji = pêpindhanipún kadós rêróncèníng sêkar (kadós sêkar rinoncé). 15. Unggwan Bnumati = papan padununganipún Bhanumati (Íng padhalangan : Banuwati). 16. Yan mrêm alang mwang ntha Duryyodhana = manawi saré alêlangên (sih sinihan) kaliyan Prabu Duryyudhana. 17. Lang = éndah, kaéndahan, klangênan. 18. Alang = alêlangên (sih sinihan). Suraósipún : Éndah anglam lami (warninipún) rêmbulan íngkang sumunar ngrênggå mêmanisíng puri (kaꧤatón), (njalari) såyå tanpå timbang (bótên wóntên íngkang nyamèni) éndahipún suyåså kêncånå (griyå êmas) punika, (sórótipún sumunar) pêpinꧤanipún kadós murúb íng langit; punåpå malíh tèbèngipún linapis sêsotyå manékå warni íngkang pêpinꧤanipún kadós sêkar rinoncé, (íng ngriku) papan padununganipún (Dèwi) Bhanumati, manawi saré alêlangên kaliyan Prabu Duryyodhana. Sumber : Pustaka Wayang |
Lêng lêng r
























