| Suluk Pedhalangan - |
| Sulúk Padhalangan 03 |
| ᭘ |
Irika ta sang Gahtotkaca kinón mapagrkkasuta, têkap ira Krêsna Partha manêkêr muji akti nira, sang inujaran wawang masêmu garjjita hara marêk, wawacana bhagya yan hana pakon ri patik nêrpati. Sêkar íng nginggíl punikå nyariyósakên nalikå Sang Gatótkaca (íng padhalangan: Gathutkåcå) kadhawuhan déníng Prabu Krêsnå ndikakakên lumawan krodhanipún Sang Karnå utawi Sang Arkkasuta, inggíh Sang Suryaputra (wóntên íng madyaníng pêrang Bharatayudda íng dintên kapíng XIV).Ginanipún sêkar punika íng pagêlaran ringgít púrwå kanggé ”ådå ådå grêgêt saút” íng paꧢêt sångå. Katranganíng têmbúng têmbúngipún : 1. Irikå = íng wêkdal punikå, íng nalikå punikå (Indonesia : ketika itu, maka). 2. Sang Ghatotkaca = Ghata (kuwali) + utkaca (sirah, rambut íng sirah) = íngkang sirahipún awangún kadós kuwali. Ut = nginggíl, puncak. Kaca = rambút. 3. Kinon = kon + sêsêlan : in = dipún dhawuhi. 4. Mapagarkkasuta = mapaga (supadós nglawan) + Arkkasuta (putranipún Arkka. Baꧢårå Arkka punikå Baꧢårå Suryå. Dadós: Arkkasuta punikå kajêngipún putranipún Baꧢårå Suryå, inggíh punika Sang Karnå). 5. (Sang Hyang) Arkka = Adtya, Aruna, Surya (Déwaníng) srêngéngé. 6. Ira = panambang tumrap ”sirå” (pratåmå puruså utawi : orang ketiga), limrahipún dipún jarwakakên ”Panjênênganipún”. 7. Têkap = déníng (Indonesia : Oleh). 8. Têkap ira Ka = déníng panjênênganipún (Prabu) Krêsnå. 9. Muji = mangalêmbånå. 10. akti nira = kasêktèníng panjênênganipún, inggíh punikå kasêktèníng Ghatotkaca. 11. Sang inujaran (ujar + sêsêlan : in + panambang : an) = íngkang dipún dhawuhi (inggíh punikå Ghatotkaca). 12. Wawang = tumuntên, énggal énggal, sanalikå punikå ugi. 13. Masêmu = katingal radi, katingal kadós. 14. Garjjita = 1) suka rênå 2) kêndêl sangêt, tatag tanngón 3) Angkúh. 15. Hara = sênêng, gêmbirå. 16. Marêk = nyêlak, ngaꧤêp (Indonesia : mendekat, datang menghadap). 17. Mawacana = wicantên, matúr. 18. Bhagya = bêgja (Indonesia : berbahagia). 19. Yan = 1) Amargi, jalaran. 2) Yèn (manawi). 3) Mbókmanawi (Indonesia : kalau kalau). 4) Bilih (Indonesia : bahwa). 5) Íng basa Indonesia kalêbêt ”kata pementíng : lah”. 20. Patik = salugunipún atêgês : abdi, kawulå (Indonesia : budak, hamba). 21. Patik nrêpati = abdiníng ratu (budak raja), inggíh punikå : aku (ngoko) = Kråmå inggíl : kawulå, adalêm (abdi dalêm). Suraósipún : Íng nalikå punikå Sang Ghatotkaca kaꧤawuhan lumawan putranipún (Bathårå) Arkka (inggíh punikå ingkang apêparab Karnå) déníng panjênênganipún Prabu Krêsnå; Partha (Arjunå) lajêng mangalêmbånå dhatêng kasêktènipún (Ghatotkaca). Íngkang dipún dhawuhi (inggíh punikå Sang Ghatotkaca) sanalikå punikå ugi katingal móngkóg panggalihipún, (kanꧢi) gêmbirå marak (dhatêng Prabu Krêsnå) matúr (makatên) : ”Kawulå rumaós bêgjå, amargi wóntên dhawúh (padukå) dhatêng kawulå”. Sumber : Pustaka Wayang |
Irika ta sang Gahtotkaca kinón mapag


























