43. Dhalang Cilik: Prelu digembleng ana Pamulangan Seni
|
Ana jagad pewayangan ana paraga sing duweni kawasa murba lan masesa wayang, yaiku Ki Dhalang. Pagelaran wayang dadi nyenengake, ngangeni, lan ndudut ati amarga kiprahe sang dhalang. Dhalang dadi paraga sing nyawiji karo wayang. Kajaba saka iku dhalang lan wayang ora bisa dipisahake karo sastra sing dadi paugeraning lakon, blencong, kelir, gedebog, gendhing, gamelan, niyaga, waranggana, lan liya-liyane. Ana ing pagelaran wayang, kabeh mau nyawiji ana sawijining ’taman sari budaya’ sing adi, edhi, lan endah. Lumantar pewayangan bisa nglairake pagelaran sing bisa ditonton, dirungokake, lan dirasakake. Pagelaran wayang bisa nuwuhake rasa seneng, gembira, ngguyokake, lan banjur bisa nglipur sapa wae sing lagi nandhang susah. Swasana ana pewayangan gumantung karo dhalange. Pepindhane, ’abang-birune’, becik utawa kuciwane jagad pewayangan gumantung kridhane Ki Dhalang. Manut cathetan sing ana, ana ewon dhalang ing tlatah Jawa Tengah sing sumebar ana telung puluh lima kabupaten lan kutha. Kajaba dhalang sepuh ana dhalang nom-noman sing ana ing saben tlatah. Malah ana sing bisa disebut isih bocah mula banjur diarani Si Dhalang Cilik. Ana ing tlatah Jawa Tengah kacathet ana puluhan dhalang cilik sing onja ana jagad pakeliran. Tinemune ora winates ana ing tlatah Surakarta nanging mrambah lan mrajak wiwit pesisir kulon mengetan, tekan tlatah Semarang, Pati, Rembang, lan liya-liyane. Dhalang cilik uga tinemu ana tlatah Pasundhan lan kutha Jakarta. Ana werna-werna wayang sing diwayangake dening Si Dhalang Cilik, yakuwi wayang purwa, wayang golek, utawa wayang rupa sato kewan. Ana pulo Bali tinemu dhalang cilik sing nggelar wayang Bali. Naliti ngrembakane dhalang cilik wektu iki ana unen-unen sing bisa dadi pancatan, yakuwi ’kacang mangsa ninggal lanjaran’. Tegese akeh dhalang cilik sing lair lan banjur kondhang amarga isih ’tus’ dhalang. Bakate wiwit katon sanadyan umure durung ngancik limang taun. Ana-ana wae ’polahe’ rikala keng ramane lagi ndhalang. Wiwit saka njupuk wayang, ngobahake wayang, nabuh gamelan, utawa gegojegan karo niyagane. Bebarengan karo lumakune jaman, dhalang cilik wektu iki ana sing onja, lan ’mumpuni’ mayang. Carita utawa lakon sing dipentasake jumbuh lan trep karo donyane bocah. Malah ana dhalang cilik sing laris ditanggap utawa kerep pentas bebarengan karo dhalang sing wis kondhang. Ngadhepi owah-owahan budaya sing nemah jagad pewayangan, dhalang cilik prelu digembleng ana pamulangan seni. Prelu ana sing mindeng kiprahe dhalang cilik. Para dhalang sing wis kawentar, utawa pakar wayang sing ana ing Institut Seni Indonesia, prelu urun rembug, mulang wuruk, mrenahake, lan nuntun para dhalang cilik anggone gl mayang. Muga- muga jagad pewayangan dadi luwih apik, adi lan endah, amarga anane dhalang cilik sing wiwit mrajak ing saben tlatah.
Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah |