Cêrita Cêkak -  

25. Tatas

Wís wêngi, dalan-dalan sêpi.
Múng ånå siji loro kêndharaan síng liwat.
Langité mêndhúng, lan håwå wiwít kråså atisé, nandhakaké mênåwå sêdhélå manèh udan.
Nangíng Sasóngkó têrús waé jumangkah. Rainé tumungkúl, kåyå lagi ngétungi akèhíng jangkah síng wís dilakóni.
Pikirané ora ngalih såkå kahananing omah lan kulawargané síng ditinggalaké wiwít soré. Atiné sansåyå kuwúr lan pêtêng.
Åpå manèh yèn kèlingan polatané Aminah sisihané síng kêmbêng-kêmbêng êlúh nalikå ngucapaké têmbúng pungkasan sak durungé dhèwèké budhal mau.
"Mas, Bu Mangku wís ora gêlêm manèh mènèhi utangan bêras.
Alêsané rêrêgan ora ajêg, dadi ora wani potang, luwíh-luwíh awaké dhéwé yèn bayar yå akèh mlèsèté.
Susuné Tótók yå wís êntèk lo Mas, kari nggo bêngi iki."
Kåyå mitralyúr têmbungé bojoné sansåyå nindhihi rasané síng wís abót.
Ora ånå wangsulan síng dikandhakaké. Batiné anglês.
Umpåmå patút mono Sasóngkó kêpéngín nangís gulúng komíng.
Patang sasi kêpungkúr Sasóngkó kêpêkså mêtu såkå gawéyan síng lagi róng tahún diayahi.
Alêsané pêrampingan, pêrusahaan wís ora kuwat mblånjå amargå kahanan ékonomi síng morat marít.
Ånå wóng satusan síng di-PHK. Åpå síng biså ditindakaké?
Unjúk rasa? Protès grudugan têkan DPR?
Utåwå njalúk tulúng mênyang lêmbaga síng mbúh ra ngêrti síng biså ngêntasaké panandhangé?
Kêsuwèn! Sawêtårå anak bojoné sêlak luwé amargå ora dipakani kåyå mêstiné. Yå yèn kasíl, yèn ora?
Sasóngkó pilíh mênêng sênadyan ånå síng ngajak protès.
Pêsangón gaji têlúng sasi síng diwènèhaké pêrusahaan ditåmpå kanthi ikhlas, sênadyan batiné njêrít.
Dhuwit sêmono biså kanggo mangan têkan kapan?
Sasóngkó ugå banjúr golèk gawéyan têkan ngêndi êndi, paribasan udan lan panas ditrabas supåyå biså éntúk pamêtu.
Nangíng nyatané nganti cèlèngané êntèk mêksa durúng kasíl.
Kamångkå Sasóngkó wís nékat, dadi tukang nyapu ndalan ya wís gêlêm tå wís, watóné åjå ngêmís.
Amargå kandhaníng priyayi sêpúh, ngathung kuwi pakarti síng inå.
Mbúh yèn kêpèpèt.
Sandhangané saiki múng kari róng sêtèl, liyané wis didól diijólké bêras lan susuné anaké.
Pancèn uripé durúng têmåtå sakwisé nyambút gawé róng tahún.
Nyèlèngi yå durúng biså wóng omah yå isíh ngontrak.
Maklúm, dudu pêgawé síng duwé kalungguhan.
Têlúng sasi sak wisé cêkêl gawé, Sasóngkó wís njalúk rabi. Súk ngêntèni åpå, saiki ngêntèni åpå, jaréné.
Ngêntèni sugih yå sêlak ngakík.
Diélikaké wóng tuwané nékat, wóng nyatané Aminah wanitå pilihané sagúh uríp rêkåså barêng dhèwèké.
"Wís bèn Mas, pancèn kabèh kudu diwiwiti såkå ngisór.
Yèn awaké dhéwé gêmi, rak yå mêsti biså nyèlèngi," kandhané Aminah nalika sêmånå.
"Jaréné, lêlakón ndonyå iki kåyå rodhå, mubêng, kadhang kålå ånå ngisór kadhangkålå ånå ndhuwúr.
Såpå ngêrti, súk êmbèn awaké dhéwé biså sugíh," kandhané manèh.
Sansåyå mantêp atiné Sasóngkó, rumångså ora klèru anggóné milíh bojo. Wanitå pilihané dudu cèwèk matré kåyå sêsêbutan síng kêrêp dikandhakaké cah jaman saiki sabên ngêrti wóng wadón måtå dhuwitên. Nyatané uripé Sasóngkó ayêm-ayêm waé.
Sêtahún sak wisé rabi, Tótók lahír.
Kêbutuhan tambah, yå susu, yå pópók bayi, yå bubúr bayi.
Pancèn abót, nangíng uripé apík-apík waé kók.
Kabagyan lan kêtêntrêman ki jaréné dumunúng ånå atiné dhéwé-dhéwé. Pokoké yèn ati nrima, uripé têntrêm.
Nangíng saiki Sasóngkó ora bisa kåndhå ngono.
Arêp ayêm piyé wóng wêtêngé luwé.
Arêp nrima piyé wóng dioyak kabutuhan.
Njalúk wóng tuwå? Åjå nganti.
Bojoné wís dipênging, rêkåså dikåyå ngåpå åjå nganti banjúr nubrúk wóng tuwå.
Biyèn dipêngíng, nékat. Ngisin-isini!
"Sabar yå Am, sêdhéla manèh aku mêsthi énggal éntúk gawéyan," panglipuré Sasóngkó sabên bojoné sambat.
Mak brúk! Dumadakan Sasóngkó tibå, kêrungkêp.
Sênadyan rainé tumungkúl, nangíng mripaté ora wêrúh yèn ånå tlundhakan trotoar síng malangi ånå ngarêpé.
Kuduné råså mlumpat, níng piyé, wóng pikirané mlayu mrånå-mrånå.
Ora ånå síng wêrúh, wóng dalan wís sêpi.
Sasóngkó ndhéprók ånå pinggír dalan, ngêlús êlús dhêngkulé síng rådå babak kêtatap lingiríng trotoar.
Nalikå arêp tangi, Sasóngkó rada nolah-nolèh mbók mênåwå ånå síng wêrúh, rékané isín. Tujuné ora.
Nalikå nolèh nyang kiwå ndalan, jêbúl ånå warúng bakmi síng isíh bukak.
Gandaníng masakan mak brêbêt ngithík- ithík irungé.
Sasóngkó lagi kèlingan yèn wêtêngé luwé.
Mak clêgúg, Sasóngkó ngulu idu... Pikirané bali nyang ngomah manèh. Yèn dhèwèké waé luwé, åpå manèh bojoné, anaké...
"Susuné Tótók êntèk Mas," têmbungé bojoné mau kumandhang manèh ånå kupingé.
Sasóngkó krèkèl-krèkèl tangi, banjúr jumangkah ngadóh såkå papan kono.
Mripaté kêmbêng-kêmbêng êlúh, diampêt ora kasíl, nyatané atiné kåyå diirís irís tênan.
Lakuné glóyóran, mbúh kênangåpå, sikilé kråså lêmês, túr rådå kêdhingklangan amargå dhêngkulé lara sak wisé tibå.
Nalikå mak gluyur pas ngarêpé ånå cagak lístrík, tujuné ora nganti nabrak.
Cagak lístrík digujêngi kêncêng, ambêgané ditåtå.
Nalikå atiné rådå sumèlèh lan arêp wiwít lumaku, dumadakan mripaté wêrúh pit onthèl sêméndhé ånå témbók.
Apík, mêsti rêgané larang. Duwèké såpå?
Ora ånå wóng sak kliwå têngêníng papan kono.
Mêsti síng duwé lagi tuku rókók, utåwå jajan bakmi ånå warúng kono. Sêmbrånå, yèn ilang piyé?
Dumadakan sétan-sétan ngóróki kupingé.
Síng jênêngé iman lunga mbúh mênyang ngêndi, síng baku Sasóngkó nêmókaké dalan.
Mbúh sétan bêlang ngêndi Sasóngkó ora prêduli.
Pit énggal dicéngklak lan nggêblas. Ora mulíh, pit iki kudu dadi dhuwít luwíh dhisík.
Nyang ndi yå? Sasóngkó kèlingan Mas Slamêt tilas kancané nyambút gawé biyèn.
Slamêt bukak bèngkèl, yèn dhèwèké nubrúk ora kétang sêthithík mêsti biså. Lan manèh omahé yå ora adóh såkå kéné.
Nalikå mlêbu ngomah, Sasóngkó nyangkíng tas krêsêk isi wêrnå-wêrnå. Ånå susu, ånå gulå tèh, lan bêras sawêtara, ugå mi instan.
"Mas, tujuné ndang têkan ngomah, galo, wís grimís," kandhané Aminah karo nyandhak gawané bojoné.
Udan dêrês ora diråså wóng yå wís têkan ngomah.
Aminah praupané sumringah. Tanpå takón ngêndi asal usulé, mi instan banjúr dimasak. Thèmal-thèmêl olèhé mangan barêng bojoné. Atiné ayêm amargå sésúk Tótók isíh biså ngombé susu manèh.
Lagi jam sångå, Aminah nêmbé waé ngêntêpké liwêt nalikå Slamêt têkå mrono.
Sasóngkó isíh turu.
Nangíng íng mburiné Slamêt ånå pulisi cacah loro.
Aminah durúng duwé pikiran wêrnå-wêrnå nganti Slamêt critå yèn mau bêngi Sasóngkó nyólóng pit onthèl síng banjúr digadhèkaké mênyang dhèwèké.
Mèh waé Aminah ambrúk yèn mburiné ora ånå cagak síng nyånggå awaké.
"Nyól...lóng pit?" gêmêtêr suwarané Aminah.
"Iya Am, bêngi-bêngi nyang ngomahku, kandhané butúh dhuwít, tak wènèhi sèkêt wóng aku múng nyêkêl dhuwít sak mono, njúr pit-é dititipaké aku, jaréné ésúk iki arêp didól.
Aku lagi ngilang ilingi pité amarga sirku arêp tak tuku dhéwé nalikå ånå wóng mårå lan nitík yèn jaréné kuwi pité."
Saiki Aminah ambrúk, langité panyawangé pêtêng, donyané pêtêng. Pangarêp arêpé tatas.


::Dening: Widayat::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровой автомат 300 shieldsкастрюля стекляннаялобановский александр дети

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1636
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3856
  Bulan ini   :  Bulan ini :57791
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang