|
êrantaman adicårå kang bakal kalêksanaaké íng têmpukíng gawé wús katåtå dharik. Sawènèhíng ubarampé ora ånå kang kêliwatan. Samubarang kang bakal ngrêgêngaké swasånå ugå tan ånå kang kêcicír. Panggúng lan gêdêbóg pisang kanggo wayangan katón gagah íng sangarêpé pêndhåpå omah kang nyåtå gêdhé. Ora maido pancèn Kírno iku wóng sugíh mblêgêdhu íng déså kånå. Kajaté Kírno múng siji yaiku bakal mantu gêdhèn-gêdhèn, ngiras-ngirús nudúhaké marang wóng-wóng déså kånå yèn anaké, Kiman, yå payu rabi. Umumé pancèn kang duwé gawé síng wédók, nangíng iki sisan ngundhúh. Kêkarêpan iku kajurúng amargå såkå suwarané wóng-wóng déså kang naté ora ngénakaké atiné Kirno ngê-nani Kiman, yaiku Kiman ora payu rabi, diêmóhi wóng wédók amargå wêdi yèn didadèkaké bêkakak pêsugihané Kírno. Mula pantês yèn Kírno kêpingín gawé wirang wóng sak déså. Marni, calón sisihané Kiman wís ånå sêtêngah wulan mèlu Kírno. Kumpúl dadi siji sak omah. Mbúh karêpé Kírno utåwå Kiman piyé, síng mêsti wóng-wóng sadéså dadi ngêrti lan kênal bocah wadón calón mantuné Kírno kuwi. Bocahé pancèn ayu tênan, dêdêgé lêncír dhuwúr, kuníng túr rêsík. Èsêmé kang tansah cêmawís marang såpå waé nandhaaké yèn Marni sawijiníng kênyå kang ora angkúh. Têmpukíng gawé kari dina sésúk, mêngko bêngi upåcårå ijab kabúl sisan midódarèni. Kabèh wís siap, panjêr kanggo ubå rampé ora nguciwani, mulå ora kabótan kanggoné síng dhuwé disêl lan sound systêm yèn diunèkké dinå iki, åpå manèh wóng-wóng síng pådhå réwang wís akèh bangêt. Organ tunggal ugå katåtå pisan kanggo nyugåtå íng malêm midódarèni. Ki Sumardi ora gêlêm kèri. Dhalang kóndhang kang bakal ngudhar cêrita Alap-alapan Dèwi Sêmbådrå wís njêjêr wayang. Wís pókóké swasånå pancèn ngluwihi pasar malêm. Kírnó lunggúh íng sangisóré wít ringín sêpasang kang ngrêmbuyúng minangka dadi gapurå. Dhèwèkké katón marêm lan móngkóg. Sêdhélå-sêdhélå manthúk-manthúk ngiramani mêtuné kêlúk såkå udút kang ora mandhêg-mandhêg. Kadadak Kiman nyêdhaki nuli matúr rådå sora amargå kêbrêbêgan suwårå såkå salón kang gêmranggang. "Pak, ngêrtós Marni?" pitakóné Kiman. "Mau pamít arêp tuku púlsa," jawabé Kirnó. "Kók cêpêt mên êntèk.." "Jaréné mau yå isíh, múng kanggo pêrsiapan sésúk yèn ngóntak kêluwargané." "Marni lêrês, Pak. Lah yèn bésan ngantós têlat rak mbótên karuwan. Kêwirangan tênan awaké dhéwé." "Ora! Såpå síng arêp mirang-mirangaké? Ora bakal wani, wóng tånggå-tånggå síng sêrík atèn kaé wís kêwirangan margå aku sidå éwúh." Durúng tutúg angóné rêrasan, Kimpúl nyêla arêp nyilíh sêpédha mótór kanggo phótókópi. "Photokopi mêngko soré waé, iki pité lagi digåwå Marni," wangsulané Kirnó. "Wah ngêrtiyå barêng. Kalíh sintên wau, Pak?" "Mbúh, katoné yå karo cah nóm-nóman kéné..." Kimpúl énggal niggalaké Kirnó lan Kiman, ora sawêtara suwé Kirnó ugå ninggalaké papan kånå, déné Kiman isíh kèri, nunggu Marni karo nyawang kahanan njåbå. Nalikå rådå sawêtårå síng diêntèni ora njêdul, Kiman nêdyå énggal ngêbèl utawa SMS marang Marni. Ngabaraké ånå åpå tuku pulsa kók suwé têmên. Sawisé têkå kamar, Kiman bêbêg bingúng nggolèki HP-né, níng njúr mikír mbók mênåwå diisèkné sisan déníng Marni, wóng Marni sênêngé ngisi èlèctric. "Jané arêpå ngisi èlèktrik, rasah nggåwå HP yå iså...? Ah, Mbúh!" Kiman gêmrênêng dhéwé. Dhèwèké njúr nggolèki bapaké sapêrlu nyuwún ngampíl HP. Kirnó rådå clingukan nggolèki HP nalikå Kiman nêmbúng ngampíl. Kuduné ora kêlalèn wóng anggóné nyèlèhaké HP-né wís mêsthi. Ora naté pindhah, yèn ora nèng ndhuwúr lêmari dhipan, yå nang njêroné. "Adhuh, Man. Åjå-åjå Marni tumindak culikå.." cêlathuné Kírnó. "Ampún nambahi dhêg-dhêgan, Pak. Kulå nggíh kraós kirang sêkécå." "Katóné yå ora tå, Man. Wataké Marni sabên dinané ya bêcík ngånå," ngêndikané Kírnó kapunggêl têkané Kimpúl kang banjúr matúr, "Niki HP-né, Pak." "Oalah Púl...Púl! Yèn nggåwå HP ki mbók yå ngómóng! Gawa réné...gawa réné!" "Lho, njênêngan niku dós pundi? Wau ngêndikané titíp. Ajríh mênawi dhawah amargi njênêngan badhé minggah åndhå. "Oh, iyå. Wís gèk ndang dibèl si Marni," jawabé Kírnó njúr ora nggagas Kimpúl. Kiman gagé mêncèt tuts nuju marang HP-né Marni. Ora suwé HP diudhúnaké såkå kupingé. "Piyé Man?" pitakóné Kírnó. "Síng nampi Mbak Véronika, Pak," wangsulané Kiman guyón, kamångkå atiné såyå dhêg-dhêgan. Dhèwèké banjúr nyobå mêncèt nómêr HPné dhéwé, mbók mênåwå bênêr digåwå Marni. Kiman rådå lêga amarga ånå nadha panggíl. Bênêr, såkå liya pangónaan ånå jawabané Marni. Suwara mêtu énggal digêdhèkké karêpé bèn bapaké uga mirêng åpå síng diómóngké. "Nang ndi, ta Dhík. Tuku púlsa åpå tuku suwé?" ujaré Kiman. "Aku mampír góné Sari. Lha yå kåncå kênthêl kók, Mas..." wangsulané Marni. "Iki wís mèh Maghríb, kowé kudu dandan barang." "Iki mêngko mampír salón sisan." "Rak wís tak séwakné juru rias, tå?" "Gak marêm, Mas. Aku pilíh didandani Mbak Putri waé. Aku pilíh nganggo cadhar gaya mantèn Timúr Têngah. Saiki kan lagi modhèl, Mas." "Yå wís karêpmu. Iki kowé lungå karo såpå?" "Dhéwé." "Ngêndikané Bapak, mau boncèngan karo cah nóm kéné." "Rasah cêmburu Mas. Kaé mau múng tak kón nyêlah. Lha startêr pijêté mati ngånå, kók." "Nggíh tå Pak?" pitakóné Kiman marang bapaké kang lagi nggatèkaké kabèh obrolané Kiman lan Marni. "Sak ngêrtiku, mau boncèngan. Níng mbúh karo såpå." "Mbotên, Pak. Kålå wau lajêng mandhap malíh," jawabé Marni. "Cah kaé mau såpå?" Kírnó umbal pitakón. "Mbótên mangêrtós, nggíh laré nèm mriku. Pún nèk ngatên kula tak wangsúl mawón." "Lha ngånå rak luwíh cêtha," cêlatuné Kirnó. HP énggal katutup. Kírnó lan Kiman lêgå njúr mèsêm sêmu isín duwé panyåkråbåwå ålå marang calón bojo åpå déné mantuné. Jam 18.00 wís kliwat, Marni durúng katón. Jam 18.30 wís kêpungkúr, Marni durúng bali. Nganti jam 19.30 Marni uga ora ånå kabaré. Ndilalah wêktu kuwi pas ora ånå signal (sinyal). Kamångkå Pak Naíb diaturi tindak jam 20.00 têrús langsúng ijab. Pikirané Kirnó lan Kiman têkan ngêndi-êndi, durúng mênèh ånå kabar yèn Marni kuwi naté mblénjani rabi íng déså liyå kåyå kêdadéyan iki. Malah wís kapíng pindho. Kiman ora sråntå, dhèwèké arêp nusúl Marni dhéwé. Síng ngêrti omahé Sari ya múng dhèwèké. Nadyan dipênggak déníng pårå sêsêpúh lan juru rias, Kiman pangah têtêp nékad. Durúng nganti Kiman mungkúr, såkå kadóhan ånå mobíl mlêbu pêkarangan. Lawang mobíl mbukak sithík, kasusúl ånå pawóngan wadón kadandanan kaya putri Ratu Arab nganggo cadhar mudhún såkå mobíl iku. Nadyan praupané katutupan cadhar tipís, nangíng såpå waé mêsti ora maido yèn calón wadón pancèn ayu tumpúk undhúng. Pakulitan kang kuníng katón pas bangêt karo wêrnå lan modhèl pakéyané. Lakuné nggåwå prêbåwå kawibawan. Marni pancèn akèh pêthingané... Wóng-wóng kang pådhå nunggu rumångså lêgå, utamané Kirnó lan Kiman kang ora sråntå mburu calón bojoné énggal kasêmaptakaké íng kúrsi mantèn, nunggu Pak Naíb. Nangíng, calón têmantèn putri malah nggèrèt Kiman mlêbu pêndhåpå jujúg kamar. Mbúh åpå kang ditindakaké. Ora suwé, Kiman kang krênggósan mêtu såkå kamar jumujúg marang bapaké njúr kaglandhang warasan. Kêdadéyan satêrusé, Kírnó ndhrêdhêg nggêgêm HP mlêbu kamaré. Njúr ngundang Kimpúl. Sabanjuré Kimpúl mêtu såkå kamaré Kírnó sajak kêsusu, têrús mancal sêpédha mótór nggêblas íng pêtêngé wêngi iku tanpå ånå kang ngêrti bakal mênyang ngêndi. Sawisé rådå sawêtårå Kírnó mêtu manèh lan wís katón sarèh, dhèwèké ngabaraké yèn dinå iki durúng bisa nglêksanaaké ijab kabúl, amargå Pak Naíb nåmpå dhawúh dadakan såkå Pak Bupati. Íng njêro kamar, Kiman lêmês bêbasan tanpå balúng. Jêbúl síng dandan mantèn mau dudu Marni, nangíng Sari. Kênyå kang duwé dêdêg lan pakulitan kåyå calóné iku mrêtélakaké yèn dinå iki mau Marni lungå karo wóng lanang liya sawisé mampír mênyang nggóné dhèwèké. Sawisé Kiman nêliti kahanan wadhah dhuwít, jêbúl saliyané nggåwå mótór, HP cacah loro, Marni ugå nggåwå dhuwít puluhan yutå. Cêritané Sari, kasurúng såkå råså wêlas yèn kêluwargå Kírnó nampa wirang, mula dhèwèké énggal mênyang Salón Putri sapêrlu dandan kåyå síng wís dicêritakké Marni, ngupåyå piyé carané nutúp wirang. Kirnó bangêt anggoné ngalêmbånå Sari, déné duwé pikiran luhúr. Mulå dhèwèké nawani supåyå Sari gêlêm nggantèni Marni. Éman, Sari ora gêlêm yèn tênanan. Ésúk umun-umun, Sari mêtu såkå omah kang nêmbé waé nandhang wurúng mantu iku, jumujúg marang sawènèhíng papan kang ing kånå wís nunggu sawijiníng pawóngan, Marni lan pasangané. Sari lungå nggåwå pêsangón såkå Kírnó minångkå tåndhå matúr nuwún sênajan nganggo nyang-nyangan rêga. Ki Sumardi têtêp ndhalang kanthi lakón Alap-alapan Dèwi Sêmbådrå.
::Dening: Eko Wahyono:: Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos http://www.solopos.co.id |