|
akkirå sabên pawóngan mêsthi nduwèni kênangan. Íng sajroníng uríp kênangan iku biså sapirang-pirang. Nangíng sajroníng kênangan kang sapirang-pirang mau mêsthi waé ånå salah sawijiníng kênangan kang bangêt nabêt íng ati. Ora biså dilali-lali. Sênajan kênangan mau wís kêlakón puluhan taún kêpungkúr, nalika isíh ênóm nganti tumêkané tuwå. Yå, jalaran íng sabên pawóngan nduwèni kênangan kang bangêt nabêt íng ati, mêsthi waé ora bédå karo Maryam, bojoku. Dhèwèké ugå naté crita bab Suparlan, kang naté dadi pacar wiwitané. Sumi, pacar wiwitanku, ugå wís bola-bali dakcritakaké marang Maryam. Antarané aku lan Maryam ngêrti critå mau babar pisan ora ånå råså åpå-åpå. Ora ånå cubriyå. Jalaran kabèh mau kêlakón sadurungé aku lan Maryam têtêpungan. Lan kabèh wís bisa nganggêp kênangan mau pinångkå "sêjarah masa lalu". Habís pêrkara. Ndilalah antarané tilas pacar wiwitanku karo tilas pacaré bojoku mau kók nganti saiki yå pådhå-pådhå durúng kêtêmu jodhoné. Yèn ngilingi pêrkårå iki atiku kålå-kålå kêråntå-råntå, mêsakaké. Lan, yèn kèlingan ati iki rasané kåyå diadhúk-adhúk, trênyúh. Yå kêbangêtan wóng tuwané Sumi jalaran ora nyarujuki sêsambungané karo aku. Nangíng yèn dakgagas, nalikå aku wís tuwå ngéné iki panêmuné bapaké Sumi yå ugå ora klèru. Kabèh wóng tuwå mêsthi waé duwé gêgadhang supåyå anaké bisa urip mulyå. Kamångkå nalikå aku pacaran karo Sumi múng dadi Panji Klanthúng. Anggónku pêdhót karo Sumi mbiyèn kagólóng rådå sumêndhal rasané. Såkå layang kang daktåmpå pungkasan. Nganti saiki aku wís duwé sungu loro, babar pisan ora naté kêtêmu. Yèn dakgagas aku ugå rådå isín. Jalaran kang mêngkono atêgês Sumi bisa mbadhé yèn aku iki satêmêné ora trêsnå kang nandhês, marang dhèwèké. Lan nalikå aku dipêdhót sêsambungan, yå múng lêlantaran layang mau waé. Iki ugå biså mratélakaké yèn aku rådå lårå ati, sêrík, åpå ora ngisin-isini. Saiki aku wis duwé sungu loro. Dakarani sungu jalaran nalikané aku nêmbúng Maryam pinångkå dadi bojoku satêmêné Ibuné Maryam ugå wis ora sarujúk. Aku isíh kadhokan status pinångkå Panji Klanthúng. Nalikå ing sawijiníng wêngi. Nalikå anak-anakku wís pådhå kêturón, Maryam bojoku kåndhå marang aku. Nangíng anggóné kåndhå sajak pêdhót-pêdhót ukarané. Mbók mênåwå ånå råså pêkéwúh. "Pak, aku arêp ómóng karo njênêngan." "Ómóng åpå tå?" "Sésúk aku arêp dódól ali-aliku." "Lho? Généa didól? Kanggo kabutuhan åpå? Yèn pancèn butúh rak bisa njupúk tabungan tå." "Kang bakal dakdól ali-aliku nalikané aku isíh lêgan." "Iyå. Kanggo åpå?" "Arêp kanggo ngado Mas Parlan." "Parlan tilas pacanganmu mbiyèn?" "Iyå. Dhèwèké arêp dadi ngantèn, aku diwènèhi undangan." Satêmêné aku rådå kagèt lan gumún krungu usulé bojoku. "Dakblakani Pak, nangíng åjå klèru panåmpå," kandhané bojoku sajak nåtå ukårå kang bakal diucapaké candhaké. "Satêmêné ali-ali iku mbiyèn kang nukókaké Mas Parlan. Lan karêpku arêp dakbalèkaké wóng yå ora naté dakênggo babar pisan. Lan mumpúng ånå pawadan lêlantaran ngadho ngantènané. Katimbang sajak råså kagubêl atiku, rumångså kêpotangan. Barangé gêlêm kók uwóngé êmóh." Nangíng nalikå dhèwèké ngudhal gagasan kang kåyå mangkono mau, blåkå waé aku kåyå uga diélingaké. Aku ugå naté nukókaké ali-ali marang Sumi. Nalikå iku aku ngêpasi lagi duwé dhuwít, éntúk bóróngan ngêcèt sêkolahan. "Kêpriyé Pak? Mathúk?" "Aku yå mathúk-mathúk waé, nangíng..." "Nangíng kêpriyé Pak?" "Yèn manút panêmuku, luwíh bêcik ali-ali iku kanggo ngadho waé, mêngko ditambahi åpå-åpå. Dadi ora múng kêsané sadêrma mbalèkaké. Kåyå-kåyå malah ora nyumbang babar pisan." Alhamdulillah yèn ngono. Kêbênêran hónór tulisan njênêngan yå lancar-lancar waé yå Pak?" Aku múng mèsêm. Sajak ånå ukårå ngrayu kang dirêrakit déníng bojoku. "Nangíng Pak, mêngko gèk malah têrsinggúng?" "Ora, ora." "Yå wís yèn ngono. Mêngko njênêngan rak yå kêrsa ngrawuhi tå, idhêp-idhêp ngancani aku. Yèn aku dhèwèkan rak yå lucu." "Yå gêlêm-gêlêm waé." Dinå Minggu ing pahargyan ngantèné Suparlan aku sakanak-bojoku nêkani. Anak-anakku sajak mbungahi yèn diajak lêlungan kaya mêngkono mau. Mbókmênåwå yèn kacåndrå aku såhå Maryam ugå sumringah pasuryané. Aku rumangsa syukur tilas pacaré bojoku nikah íng umúr kang wís luwíh patangpulúh taún. Ora atêgês yèn durúng nikah aku banjúr sumêlang yèn bakal ngganggu Maryam, nangíng yå jalaran mêsakaké waé. Kåyå lagi trauma nikah. Pahargyané ana íng Gêdúng Wanitå íng kuthaku. Gêdhúng kang kulinå diséwa kanggo ngantènané wóng sugíh-sugíh. Sajaké rådå gêdhèn-gêdhènan. Jaré Suparlan saiki dadi pêmbóróng bangunan profèsional íng Kuthå Jakarta. "Ya bêgjamu éntúk aku Bu," godaku marang Maryam. Maryam múng ngatónaké polatan sluntrut. Ora kawêtu suwarané. "Yèn éntúk Suparlan rak luwíh múlya." "Mbók åjå kåyå mêngkono yèn ngêndikan," wangsulané bojoku sajak nêsu tênanan. "Ora, aku múng guyón, nggodhå." "Nangíng kók ngono." "Yå ngapuranên waé." Iku mau gojèganku nalikå isíh ånå ndalan. Nalika aku mlangkah mlêbu lawang Gêdúng Wanitå panyawangku langsúng nggolèki calón ngantèn kakúng. Kåyå ngåpå kang jênêngé Suparlan iku. Nangíng nalikå dakprangguli saibå kagètku. Sajak lagi kåyå ånå blêdhèg ngampar. Aku mêruhi kang bakal dadi calón sisihané Suparlan. Iyå ora liyå, jêbúl Sumi, tilas pacarku mbiyèn. "Bu!" pangundangku marang sisihanku Maryam. Dhèwèké sajak kagèt marang pangundangku. "Ånå åpå Pak? Kók sajak kagèt?" "Bu!" pangundangku manèh. Aku ora bisa ngumpêtaké råså kagètku. "Jêbúl..." "Jêbúl åpå Pak?" bojoku bingúng. Calón sisihané Parlan iku Sumi." "Åpå bênêr Pak?" Mósók aku panglíng. Sênajan wís suwé ora kêtêmu. Aku lan Maryam sajak nêmóni bungah. Íng raméné suwasånå kang kåyå mêngkono, íng nrêcêlé tamu undangan, aku lan bojoku gapyuk rêrangkulan. Kåyå "di luar sadar" aku saklórón kåyå lali sakíng bungahé. "Lho kók biså?" pitakónku jroníng batín. Aku saklórón mrêpêgi calón ngantèn, calón ngantèn jalaran íng dinå Minggu iki lagi péstané, acara akad nikah lagi kalêksanan sésúk bênginé, iki jaréné manút adat íng kampungé Suparlan. Jalaran dina nikahé iku digolèkaké dinå kang bêcík. Aku saklórón kåyå tamu istiméwa. Aku banjúr gapyukan karo Suparlan. Bojoku, Maryam gapyukan karo Sumi. Kamångkå aku sadurungé babar pisan ora naté wêrúh Suparlan. Sêmono uga antarané bojoku Maryam karo Sumi tilas pacarku. Íng têngah-têngahé péstå mau, Sumi pamít marang tamu-tamuné, jaré arêp mênyang kamar mburi. Ngadhêpi tamu-tamu arêp budhalan bali, Sumi mrêpêgi aku sapêrlu mènèhaké kênang-kênangan mligi marang aku. Kothak cilík kawungkús èdi pèni iku banjúr daktampani. Têkan ing ngomah, sajak ora sråntå bojoku cêpêt-cêpêt mbukak kothak cilík pawèwèhé Sumi mau. Saibå kagèté bojoku lan aku, jêbúl isiné kothak kawungkús èdi pèni mau ali-ali. Nalikå dakwaspadakaké, ali-ali iku kåyå-kåyå kang mbiyèn anggónku nukokaké Sumi. Íng njêro kothak cilík mau ugå ånå layangé, njlèntrèhaké supåyå aku ora klèru panåmpå.
::Dening: Sunardi KS:: Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos http://www.solopos.co.id
|