Cêrita Cêkak -  

27. Min Bronjong

Nalikå iku Parmin isíh cilík durúng ngêrti åpå-åpå.
Nangíng yèn saiki kirå-kirå wís lulús Taman Kanak-Kanak, kèpårå wús kèlas siji SD.
Sanadyan isíh cilík, Parmín wís kèlingan sabèn wayah akèh udan, jago klurúk gênti gêntèn sajak pamèr kabisan tantang-tantangan, simbóké wís ora ånå sandhingé, ora ngêlóni.
Ésúk iku sawisé kråså ånå sunar suryå sumunar mlêbu kamar, grégah Parmín ngêlèkaké måtå tangi ngulèt sawêtårå.
Banjur kêthêmak-kêthêmêk marani méja nyaút pohúng gódhóg síng cêmawís ånå piríng síng kêmbangan ijo-ijo.
Wús kråså warêg banjúr mênyang sawah pójók déså nusúl simbóké.
"Mbóóók..." pambêngóké Parmín.
Simbóké síng nêmbé tandúr karo kancané cacah limå ånå têngah-têngah sawah nolèh mêmburi bêbarêngan.
"Wís tangi, Lé," wangsulanê simboké Parmín karo isíh nggêgêm winíh pari síng durúng ditancêpkê.
"Bapak êndi, Mbók?"
"Kaé nggaru íng sawahé Lík Wirå kidúl kuwi," wangsulané simbóké karo isíh nggêjêjêr ngadêg.
"Aku nyusúl Bapak yå Mbók."
"Yå... åjå adóh-adóh, ånå galêngan waé. Ngombéné ånå gubúg kaé ..." wangsulané simbóké karo nêrusaké anggóné tandúr síng wús olèh sêparo pathók.
Rampúng kabèh, simbóké Parmín ndhisiki ninggalké sawah dikinthíl Parmín karo nyangkíng cèrèt síng wís ora isi wédang.
Simbóké nggéndhóng cêthíng síng ugå wís kóthóng, isiné gawan såkå ngomah wís gusís..
Têkan omah simbóké Parmín kagèt sêtêngah mati jalaran omahé kêbak wóng, tuwå ênóm, ånå ugå bocah cilík barakané Parmín anaké.
Mlêbu pêkarangan, simbókê Parmií dipêthukaké wóng lanang sêtêngah tuwa karo wóng wédok síng nêmbè ngandhút.
"Nyuwún ngapuntên, Bu. Kulå damêl kagèt panjênêngan."
"Nggíh ... inggíh ...wóntên nåpå?...Kadóspundi Pak...?" wangsulanè simbóké Parmín karo isíh ngèwèl sikilé.
Ngêrti omahé kêbak uwóng lan simbóké ómóng-ómóng karo wóng lanang síng durúng dingêrtèni Parmín katút kawêdèn.
Cêngkélak Parmín bali mlayu marani bapaké ånå sawah síng adóhé udåkårå sêtêngah kilo.
"Ånå åpå Lé?" pitakóné bapaké ora sabar.
Parmín durúng mangsuli isíh mênggèh-mênggèh karo tudang-tudíng, nudingi prênah omahé.
"Ånå åpå?" Bapaké mbalèni takón karo ngóyóg-óyóg awaké Parmín.
"Omah akèh uwóng Pak," kandhané Parmín karo nudíng omah.
"Wah cilåkå yèn síng têkå têntara Låndå ...wóngé putíh dhuwúr nggåwå bêdhíl åpå irêng cilík kåyå Bapak?" pitakóné Bapaké.
Parmín ora mangsuli, múng gèdhèg karo bikut ngusapi kringêt íng rainé.
Nalikå mêruhi omahé ora ånå kêdadéyan åpå-åpå kêjåbå katón sawènèhíng pawóngan síng dikênal íng plataran, atiné nyicíl ayêm.
Luwíh-luwíh nalika têkan pêkarangan omah wís dipêthúkaké bojoné karo wóng lanang sêtêngah tuwå mèsêm sumèh ngulúngaké tangan, têtêpungan.
"Pangapuntên, Pak. Kulå ndamêl kagèt ... kulå sagotrah niki kêplayu ngungsi. Kithå wiwít dalu sampún dirêbút têntara Låndå.
Pårå pêjuwang mundúr dhatêng dhusún ngracík rancangan kanggé nglawan kanthi gêrilya.
Amargi kahanan kithå mbêbayani tumrap ingkang mbótên purún ndhèrèk Låndå, kulå dipún prayogakakên kalíh pårå pêjuwang supadós nyingkír ngungsi.
Wilujêng kulå sagotrah sagêt dumugi ngriki dipún kancani kalíh têntara pêjuwang ingkang mémba-mémba amóng tani."
Mangkono kurang luwíh anggóné mènèhi katrangan pawóngan sêtêngah tuwå iku.
Mangêrtèni dhódhók sèlèhé kahanan sakålå polatané Bapaké Parmin byar padhang.
Simbóké Parmín tanggap, énggal nggódhóg wédang lan ngglêpung gaplèk kanggo nyugúh tamuné cacah wólu síng dipêsthèkaké kaluwèn.
Wóng cacah wólu mau Pak Budiónó sêkaliyan garwå síng nêmbé ngandhút tuwå, putrané têlu lanang loro wadón siji.
Déné síng loro manèh tanggané Pak Budiónó síng mèlu ngungsi jalaran wís ora duwé kulawarga.
Sanadyan wóng désa Bapaké Parmín sithík-sithík uga ngêrti mênawa nêgara lagi kêna prahara.
Landa kêpingín mbalèni nguwasani Ibu Pêrtiwi síng nuwúhaké bêbantên guguríng pahlawan kusumaníng bangsa.
Yèn têntara pêjuwang mèh sabên dina ana síng têkan désané nangíng njujúg kalurahan síng pancèn didadèkaké markas pêjuwang awít égúh pratikêlé Pak Lurah.
Mundhak dina kahanan ora tambah aman nangíng sansaya gawat.
Têntara pêjuwang síng nêmbé têka ora suwé ana kalurahan, nangíng têrús bablas mlêbu alas utawa nyingkír ana padhukuhan síng mêncíl kang manút pétúng sêngara dingêrtèni Landa.
Thiwúl síng wís matêng ditumplak ana bèri blêk bundêr kêmbangan abang, mêthuthuk kaya gunúng kêbúl-kêbúl amarga didang ana kukusan.
Gula jawa síng diirís cilík patíng tèmplèk ngubêngi gunúng thiwúl ngganda sumúb.
Ora lali parutan klapa síng wís dicampúr uyah sêthithík disandhíngaké. Piríng síng ora tau dinggo ditokaké supaya tamuné padha karênan atiné. Dhasar luwé, kathík tangkêp sarta pangrêngkuhé marang tamuné katón tulús grapyak sumanak, sêdhéla waé suguhané kari sêparo.
Nangíng atiné simbóké Parmín dadi nêlangsa nalika anaké wédók tamuné síng cilík dhéwé nangís ora gêlêm thiwúl, njalúk mangan sêga.
Kamangka dina kuwi ora duwé bêras babar blas.
Bapaké Parmín awèh sasmita bojoné karo nudingi omahé Lík Wira, tanggané, supaya nyilíh bêras saéntuké, yèn ora duwé golèk silihan liya.
"Mín, Parmín, kadingarèn isíh awan ngéné wís santai.
Êntèk pa karaké?"
Parmín kagèt. Swara síng diapali iku nggliwaraké pikirané síng nêmbé nglambrang puluhan tahún kêpungkúr nalika dhèwèké isíh cilík nyusúl simbóké lan bapaké yèn lagi nggarap sawah.
Ya íng pójók dalan iki dhèwèké ajêg dolanan nunggóni wóng tuwané.Bédané sawah-sawah íng pójók désa saiki wis malíh dadi pasar modhèrn, pasar swalayan.
"Mín,dijak ómóng kók malah njublêk kaya wóng bingúng."
"Ora. Aku ki nêmbé kêsêl bubar ngêtêraké karak íng warúng-warúng langganan.
Lha kók ana warúng wóng ramé ngrêmbúg jaré brónjóng ora kêna ngambah dalan kutha.
Jaréné ngganggu têtumpakan liya,"cêlathuné Parmín.
"Síng kandha sapa?"
"Ya kanca-kanca bakúl síng brónjóngé nangkríng ana sêpéda móntór. Mbók coba tulúng Kang, kowé síng nyambút gawé ana kêcamatan golèkna katrangan síng cêtha.
Yèn kabar kuwi tênan modar panganku. Golèk pangan nyêtóri karak nganggo brónjóng kaya aku ngéné iki bakal kapitunan yèn bab iki bênêr, aku iki nganti kondhang diundhang Mín Brónjóng, ya ra Kang?"
"Pêrcaya aku."
"Aku iku mau lagi thêngêr-thêngêr lèrèn nggagas kabar bab larangan brónjóng numpang sêpéda móntór.
Lho kók ora kêjarak aku kèlingan anaké Pak Budiónó síng jaman pêrang ngungsi kaé lo Kang. Élíng ra?
Anaké síng mbarêp lanang kabaré saiki dadi pêjabat pêntíng íng Jakarta. Síng nómêr loro dadi pêngusaha suksès, déné nómór têlu, wadón, síng ora doyan thiwúl nalika ngungsi kaé, saiki dadi garwané pênggêdhé."
Warna, anaké Lík Wira, tanggané Parmín, ora mangsuli, múng manthúk-manthúk.
"Kang, apa anaké Pak Budiónó ki kèlingan désa kéné ra ya?"
"Êmbúh. Mbók wís ra sah nggagas. Ana apa ta? Kón mbóróng karakmu ngono pa?"
"Ya ora. Apa doyan, ra doyan, wóng pêjabat sugíh."
"Wís, wís, aku pamít sík, arêp mampír nyang kalurahan ngêtêrné layang saka kabupatèn."
Parmín ora mangsuli múng manthúk.
Dhèwèké isíh lunggúh nyawang tilas sawah síng dadi papan dolanané jaman ciliké, banjúr gênti nyawang brónjóng lan sêpéda móntór kridhitan síng wís buthúk.


::Dening: A Soetarno::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerкупить кисти для макияжа из натурального ворсалобановский обыск

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9921648
  Hari ini     :  Hari ini :567
  Kemarin     :  Kemarin :1546
  Minggu ini   :  Minggu ini :1794
  Bulan ini   :  Bulan ini :21273
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang