Cêrita Cêkak -  

40. Nyidham

angin kêtigå midid. Ngaburaké lêbu-lêbu lan godhong-godhong aking. Soroté srêngéngé manggang. Sawah-sawah sing garing. Tanpå ånå panènan.
Sêdhêng êmprit-êmprit pådhå ngasag. Ora ånå gabah sak-las-lasa sing biså dithothol. Kuntul-kuntul trimå ngéyup ånå ngisor turi. Sêbab prêcil-prêcil lan wadêr pådhå ndhêlik ånå kêdhungan kalèn. Manuk êmprit siji mabur kêthip-kêthip. Sakwisé nothol wêdhi sing dikirå gabah.
Såkå èmpèrané, Pak RT nyawang bulak ing ngarêpé. Sakpêndêlêng mung sawah garing njêngking. Angin ngobat-abitaké cêndhélå. Natap-natap gêbyog pating jêdhèr. Pak RT ngêmataké olèhé lungguh awan-awan. Karang ora duwé garapan tênan, alias nganggur ngêthêkur. Paling pol golèk rambanan. Kanggo makani pêdhèté. Najan ajiné pêdhèt amblêg. Tukon limang yutå yèn didol pol-polé mung rong yutå. Paribasan tibå kêcêpit åndhå. Wis sawahé ora panèn. Ingon-ingon siji waé rugi. Ya wis bêgjané awak mami.
“Ora nglèngèk, Pak?” ujug-ujug sing wédok njêdhul. Pak RT mung nyawang satléraman. Banjur nyawang balik sing ngilak-ilak iku manèh. Kétok êndhog amun-amun ngêbaki pêndêlêng. Sing wédok mèlu lungguh maksrog!
“Pak, aku nyidham!” sambungé sing wédok. Pak RT mléngak
“Hé? Nyidham?” pitakoné Pak RT.
“Piyé tå, Pak, sliramu iku? Gênah pirang-pirang dinå aku ora doyan sêga ngono kok. Têmambuh åpå piyé?”
“Aku ora ngêrti tênan lho, Thik!”
“Kêbangêtên, Pak, awakmu iku. Sisihan nyidham kok ora ngêrti! Gèk sing sampéyan gagas iku åpå hé, Pak? Mbok wis ora usah ngêronké sawahé waé. Piyé-piyéå wong lagi ora panèn. Rak ora ndhèwèki tå, Pak? Pasrah karo sing gawé gabah waé. Sliramu iku biså gawé lêmuné pari. Nanging rak ora isa ndokoki isiné ta, Pak?”
Pak RT manthuk, kåyå lagi dituturi ustazah kaé. Sênajan Pak RT yå wis nglênggånå, yèn mångså rêndhêng sing nganti karo têngah taun ngêdhur iku ora mêsthi marakaké mbruwah.
Sêtaun kêpungkur ngingoni pêdhèt têlung sasi biså nyandhak turahan rong yutå. Sakiki, malah têbå paro waé ora. É, yå wis bali manèh pasrah karo sing ngatur rêjêki.
Kèlingan lapurané sing wédok Pak RT yå sênêng yå susah. Sênêngé dhèwèké énggal bakal nduwé momongan. Susahé gèk åpå sing arêp kanggo nyukupi kêpêrluané. Nanging Pak RT têtêp sênêng. Momongan mono bakal nyambung sêjarahé dhèwèké. Bukti yèn dhèwèké lanang tênan. Ora mung lanang-lanangan. Sing wédok ya wédok tênan. Ora mung wédok-wédokan. Olèhé nyênyuwun yå wis kêpårå sakwêtårå. Géné kabul, åpå iyå yèn digawé susah atiné.
“Pak, kok malah mênêng waé tå?” kandhané sing wédok manèh.
Pak RT njênggèlèk såkå angên-angêné sing diulur-lur.
“Lha njaluk piyé hé, Tik? Yå syukur Alhamdulillah yèn sliramu nyidham. Aku ya wis kêpéngin krungu tangisé bayi ånå gubugé awaké dhéwé iki. Ayo dimêmpêngi olèhé ngibadah mugå-mugå lêstari. Lan samångså-mångså têkan lairé si jêbèng ora ånå alangan åpå-åpå. Mbésuk yèn wis gêdhé dadiyå bocah sing utåmå. Pigunå tumrap wong tuwå, kulåwargå, nêgårå lan agåmå.”
“Malah sêsorah! Aku iki kêpéngin anu lho, Pak!”
“Kêpingin mangan kêcut-kêcutan åpå? Åpå ampo? Ya gênah bakal takgolèkaké tå, Tik. Ning isih panasé kåyå ngéné jaré. Mêngko yèn wis êdhum-êdhum kono takgolèkaké.”
Diwangsuli mangkono sing wédok maklêrot. Rainé kêmbêng-kêmbêng kringêt såkå njêro awak. Sênajan angin kêtiga nampêr-nampêr. Mbok mênåwå kêdêrêng såkå pêpingénané iku. Mulå arêp kåndhå blåkå sing wédok isih mêngå mingkêm. Banjur njalari kringêtên. Éwådéné gandhèng wis kêpårå suwé olèhé ngangên-angên awan iku diwanèk-wanèkaké kåndhå karo sing lanang.
“Aku kêpinginnn…”
“Kêpingin åpå, Tik? Mêngko dhisik tå. Åjå kêmrungsung. Wong aku durung luhuran. Gèk panasé isih kåyå ngéné. Sêpirå ta rêkasané wong golèk dhondhong utåwå cêmpaluk.”
“Dudu kuwi, Pak?”
“Lha åpå? Tukokna ampo mênyang pasar?”
“Dudu! Lêmah digorèng waé arêp kanggo åpå?”
“Lha åpå? Åpå nyidham gêlang? Ingon-ingoné iku didol? Tunå ya bèn anggêr nganggo gêlang? Ngono?”
“Pak, sliramu iku dadi kêtua RT kok ora mudhêng karêpé wong wédok. Nyidham sêpisan waé kok kayané ora arêp kokturuti.”
“Såpå sing ora arêp nuruti? Sliramu nyidham apa hé, Tik? Kåndhåå! Åpå niyat aku arêp sélak. Anggêré ora njaluk lintang lan rêmbulan.”
Sing wédok ambêgan landhung. Kåyå patrapé wong ambêgan, anggêr wis kêsêl caturan. Karêbèn nêmu cårå sing pas kanggo blåkå marang sing lanang. Dhèwèké nyawang sing lanang manèh. Ngêmu pênjaluk sing kuwat. Sajak éwå uga karo dhèwèké, sing ora tau duwé kawigatèn sing luwih. Kamångkå wis sêprånå-sêpréné olèhé omah-omah.
Jaman saiki, yèn mung biyåså-biyåså waé ora bakal kêlakon urip lumrah. Jamané jor-joran akal. Sing ukil bakal ngrêmil. Sing ora ukil bakal kêpokil. Ora prêlu prêduli batal karam. Paribasan tunggak jati mati. Tunggak jarak mrajak.
“Lha kowé kêpingin åpå, hé, Tik. Mbok åjå nganèh-anèhi tå!”
“Iki dudu karêpku dhéwé, Pak. Ning karêpé bakal bayèkmu iki!”
“Lha iyå, åpå?”
“Êêng… anu, Pak. Aku… aku nyidham sliramu dadi koruptor kakapan!”
Gèdhèg-gèdhèg Pak RT barêng karêpé sing wédok diblakakaké. Panoné kaya mubêng marang têmbung kèri iku. Ora suwé Pak RT ndhungkluk, ngêning-ningaké pikirané. Marang panguripané, lan panguripané wong ndésané sing lagi ora apik.
Rêkåså lan sêngsårå. Najan dhèwèké dadi RT ora diblånjå ugå. Kêjaba yèn dijaluk masrahaké têmantèn. Utåwå ånå bocah mbrêngik sêwêngi. Banjur dijaluki tulung kon nyuwuk. Karo digawani gulå pasir, tèh, lan rokok sakpak. Géné najan mangkono uripé yå lumrah. Ora kalah karo sing mantri guru.
“Tik, gèk mung banggané RT waé arêp korupsi åpå hé, aku? Kaya wong pintêr lan pangkat. Nyidham mbok sing lumrah waé tå, Tik. Mongsok nyidham kok aku kon korupsi! Åpå arêp korupsi tléthong kaé?”
Sêpisan manèh sing wédok nyawang sing lanang. Lungguhé dipèpètaké. Sajak alêman kaé. Nanging sêmu gêtêm-gêtêm.
“Sliramu iku jan ora mudhêng tênan åpå piyé tå, Pak. Korupsi waé kok bingung. Géné sliramu kêrêp nglumpukaké dånå pébébé-né wargå. Nggåwå dhuwit urunan swadaya. Nyêkêl dhuwit thêngêlan. Bantuwan såkå bupatiné sing sakyutå kaé rak wis dadi limang yutå, Pak. Ngono waé kok bingung. Sliramu uga kêrêp andum bêras Raskin. Biså ugå narik dånå yèn ånå wong golèk surat antêran golèk kêrtu kulawargå åpå déné KTP. Biså gawé proposal, mbangun åpå tå åpå. Mêngko gèk kokplêmbungaké anggarané. Wong iku kari akalé, Pak. Yèn akalé urip yå ånå-ånå waé dalané rêjêki. Waton sliramu ora mbêdhog ora maling. Yèn iku åjå, Pak. Maling iku ukumané abot. Yèn korupsi…”
“Wis wis wis! Sliramu kok wis pintêr ngompori wong lanang tå, Tik!?”
“Wis êmbuh nèk ora kokturuti. Bocahmu mbésuk yèn ngowèh mbuh ra wêruh. Êmongên dhéwé, aku arêp mênyang kuthå golèk gawéyan dhéwé. Buruh ngumbahi åpå mangsak-mangsak yå ora åpå-åpå. Jaragan kawit biyèn yå mung tukang ngumbahi lan mangsak waé kok. Watoné kalal!”
Pak RT tambah mumêt gagasané. Kétoké mênêng-mênêng Yatik, sisihané jêbul nyêngkêlit pêthèl. Têgêsé ora kinirå yèn duwé gagasan kåyå mangkono apik lan dhariké.
“Lha kok ngono sliramu, Tik!”
“Ora ngona ora ngono! Yèn kêpéngin ora ngono ya kudu ngono. Kêjåbå yèn sliramu kêpingin ngono!”
“Wadhuh, néror wong lanang.”
****
Nggagas olèhé nyidham sing wadon sêwêngi Pak RT prasasat ora biså ngliyêp. Pikirané diputêr nganti sêsêr. Yèn digagas tênan bênêr kandhané Yatik. Wong wis 20 taun dhèwèké dadi kêtua RT. Éwadéné dhèwèké durung biså nyanthèlaké séndhok lan piring paribasané. Gêdhèn-gêdhèn mobil sèkênan, omah waé mung kåyå kurungan pitik. Kamångkå bênêr ugå dhèwèké kêrêp nglumpukaké dhuwit pébébé. Upåmå ora disêtoraké mênyang BRI yå ora åpå-åpå. Yèn pinuju mbangun saluran banyu åpå bêton lurung dhuwit swadaya bisa dirékadåyå karêbèn turah. Yèn ånå wargå njaluk surat antêran gawanané amplop ora pêrlu dibalèkaké. Bêras raskin bisa disêlong patang krêsêg banjur didol mênyang bakul.
“Wèh, kok yå goblog tênan aku iki. Bênêr sliramu, Tik! Kalah aku!”
Éwasêmono Pak RT isih mangu-mangu. Atiné brontak marang panêmuné gagasan. Kèlingan dhèwèké dhèk isih sêkolah tau diwulang guruné karo wajib, sunat, haram, makruh lan mubah. Séjéné iku wong tumindak nisthå iku bakal nêmahi awaké dhéwé. Åpå manèh ngélingi wargané sing lagi padha rêkåså. Rêrêgan ingon-ingon sing sansåyå amblêg. Nanging gèk kêpiyé olèhé nyidham sing wadon. Åpå kêlakon tênan mbésuk bocahé nganti gêdhé ngowèh dlèwèran têrus. Banjur yèn sêkolah barang ndadak kudu dikalungi kacu?
Gagasané Pak RT dadi pêrang campuh dhéwé. Sakliyêpan mripaté Pak RT bisa mêrêm. Jroning mêrêm dhèwèké ngimpi.
Ing njêro pangimpèn dhèwèké nyawang wong-wong sing dhèk urip ånå alam donyå pådhå korupsi, wong-wong sing kêrêp ditayangaké ånå tivi karo mésam-mèsêm, lan dadi ménu pawarta sing dikarêmi déning warga RT-né. Sênajan pådhå diukum nanging wis kasèp sugih mblêgêdhu. Géné nyatané wong-wong iku uripé ånå akhirat kêpénak-kêpénak waé. Akèh sing ora nåmpå ukuman kang jumbuh karo tumindaké ing alam donya.
Byar! Mripaté Pak RT mêlèk. Ujug-ujug ambêgané dadi sêsêg. Amargå kakèhan ngrokok. Banjur lungguh thêngêr-thêngêr. Gagasané dadi ora karu-karuwan kaé.


::dening: Sutarmanto::
Edisi : 6/16/2011, Hal.IX
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровые автоматы garage скачать бесплатнокупилотзывы nikas

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1644
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3864
  Bulan ini   :  Bulan ini :57799
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 83

Kontak Admin.

email-kidemang